Emak …
Emak sing nyebabke anane aku
Emak sing ngrumat awakku
Kanthi welas lan asih
Kawit lair nganti gedhe sakmene
Aku diwarahi carane urip
Aku diwarahi nggolek ngelmu
Nalika aku nangis
Emakku sing ngenengake aku
Nalika aku ora bisa turu
Emakku ora tau lali crita
Emak …
Saben dina ngalor-ngidul
Numpang kranjang
Sepedha tuwa kang dadi kretane
Ning ngisore panasan srengenge
Emakku mloka-mlaku dhewe
Mrona-mrono angel golek dhuwit
Nek panas ya panasen
Apa maneh nek udan
Sedine emak iku nerakaku
Senenge emak iku surgaku
Intan kaya apa ora bisa ngganti
Emas larang ora nduwe arti
Ora bisa mbales rasa kang tulus suci
Asihe ora bisa dituku
Rasa ing athi ora bisa diijoli
Aku masrahake awakku
Aku nyerahake uripku
Tidak ada komentar:
Posting Komentar