Selasa, 27 Mei 2008

NDOBOL KABEH

Semarang, 15 Mei 2007


Wong jaman saiki ngomongna kabecikan?

Gudal…

Janjane apik iku apa tho?

Ethok-ethok ngomongna kaapikan

Mung ora ngilo karo raine dhewe


Ngomongna raine wong

Mangka raine dhewe ora kerumat

Saiki sapa sing bener

Wong jaman saiki ngomongna kajujuran?

Ndobol…

Janjane jujur iku apa tho?

Ethok-ethok ngomong jujur

Mung ning mburine njupuk dwite rakyat

Mangan batang babi rong minggu

Macan wae ora doyan

Saiki sapa sing jujur

Wong jaman saiki ngomongna moral?

Nggambus…

Janjane moral iku apa tho?

Ethok-ethik ngomong moral

Mung morale awake dhewe bejat

Ndemeni anakke tanggane

Apa maneh simboke

Saiki sapa sing nduwe moral

Wong jaman saiki ngomongna kiamat ?

Nggapleki…

Janjane kiamat iku apa tho?

Ethok-ethik ngomongna kiamat

Mung awake dhewe ora gelem tobat

Mangka

wis
nyandak sekarat

Saiki sapa sing arep tobat ?

Semarang, 15 Mei 2007

By Yoni

June 01, 2007 in ungkapan jiwaku | Permali

Tidak ada komentar:

Posting Komentar