Dening Yoni Ahmad
Semarang, 10 Desember 2006
Kanugrahan wewengkon inggil
Mbotena saged linampah
Nanging wekasan saking surya
Mahkota patih ing mustaka
Palenggahan sae kawontenan
Kudu linampahake
Ananging,
Wicara wae mboten mili
Ning kalbu tansah gumrodog
Ning dada panas rinaosa
Sapa sira saged nyonggah
Pangembanan pusaka
Ing ngatase para kawula
Jumeneng ing kuwasa
Ngilangake gara-gara
Njaga jagading ndonya
Sembrana bakal ora kuwat
Sapa salah bakal kuwalat
Mbeningake buthekke segara
Madhangake pethenge langit
Agawa rasane adem
Ndonya ayem tentrem
Ora ana sing jenenge perkara ala
Kawula urip ing kamulyan
Lemah kang garing dadi teles
Subur ing tetandur
Mbendung tlaga warna
Madhakake apa sing beda
Ngresiki apa sing dadi rerusuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar