Selasa, 27 Mei 2008

KHILAF

Semarang, 15 Mei 2007


Aku isih during ngerti apa artine urip

Kanggo apa aku iki urip

Ngalor-ngidul

wis
tak lakoni

Ning ngendi wae

wis
tak goleki



Aku tetep ora bisa nemoni

Kerep aku rumangsa

Yen aku iki ora bener-bener urip

Tak rasa mung sesawangan iki naming impen

Nanging tangan iki tak rasakna bias mlaku

Obahe manut ing sakarepku

Bisa ngrasa apa sing kademek

Aku rumangsa isih bias mikir

apa aku pancen bias mikir

nanging kerep pamikirku iki

owah saka kekarepku

mlayu adoh ninggalke aku

nggawa tangan, sikil, lan awakku

sejatine aku ora bisa ucul karo sing jenenge khilaf

ning jero awakku iki ora mung ana aku

ana aku karo sisih pethenge uripku

ana maneh setan sing tansah nemplek ning gegerku

ana iblis kang omah-omah ing athiku

ana impen-impenku, kekarepanku

ana malaikat kang njagok ing pundakku

ana pangarepe kancaku, wong tuwaku, lan wong liya

aku iki ora aku sing sak benere

sejatine aku iki sapa?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar