Selasa, 27 Mei 2008
NDOBOL KABEH
Wong jaman saiki ngomongna kabecikan?
Gudal…
Janjane apik iku apa tho?
Ethok-ethok ngomongna kaapikan
Mung ora ngilo karo raine dhewe
Ngomongna raine wong
Mangka raine dhewe ora kerumat
Saiki sapa sing bener
Wong jaman saiki ngomongna kajujuran?
Ndobol…
Janjane jujur iku apa tho?
Ethok-ethok ngomong jujur
Mung ning mburine njupuk dwite rakyat
Mangan batang babi rong minggu
Macan wae ora doyan
Saiki sapa sing jujur
Wong jaman saiki ngomongna moral?
Nggambus…
Janjane moral iku apa tho?
Ethok-ethik ngomong moral
Mung morale awake dhewe bejat
Ndemeni anakke tanggane
Apa maneh simboke
Saiki sapa sing nduwe moral
Wong jaman saiki ngomongna kiamat ?
Nggapleki…
Janjane kiamat iku apa tho?
Ethok-ethik ngomongna kiamat
Mung awake dhewe ora gelem tobat
Mangka
wis
nyandak sekarat
Saiki sapa sing arep tobat ?
Semarang, 15 Mei 2007
By Yoni
June 01, 2007 in ungkapan jiwaku | Permali
GONJANG GANJING
Gencar-gencaring jagad raya
Kasapu dening bebrayan
Kang liwat ing ngatase sira
Bebendu lan rubeda sangka ing paran
Katetel ing satengahing swasangka
Ambyur ing pakaryan
Ingsun ingkang ngabdi ing nagari
Owahana sengkala ing mangsa
Sira ngatur ing bhakti
Sageda padha mangku ing bhumi
Aja agawe murka
Para kawula ing ngisor langit
Bhaktia ing dharma
Sumpah prasetyaning janji
Kalakon ing ngatase wewengkon
Sira ingkang mbalela
Bakal cilaka ing pati
Sira ora jaga ing lathi
Bakal lara ing ati
Sira ingkang dusta
Bakal kepati ing rasa
KHILAF
Aku isih during ngerti apa artine urip
Kanggo apa aku iki urip
Ngalor-ngidul
wis
tak lakoni
Ning ngendi wae
wis
tak goleki
Aku tetep ora bisa nemoni
Kerep aku rumangsa
Yen aku iki ora bener-bener urip
Tak rasa mung sesawangan iki naming impen
Nanging tangan iki tak rasakna bias mlaku
Obahe manut ing sakarepku
Bisa ngrasa apa sing kademek
Aku rumangsa isih bias mikir
apa aku pancen bias mikir
nanging kerep pamikirku iki
owah saka kekarepku
mlayu adoh ninggalke aku
nggawa tangan, sikil, lan awakku
sejatine aku ora bisa ucul karo sing jenenge khilaf
ning jero awakku iki ora mung ana aku
ana aku karo sisih pethenge uripku
ana maneh setan sing tansah nemplek ning gegerku
ana iblis kang omah-omah ing athiku
ana impen-impenku, kekarepanku
ana malaikat kang njagok ing pundakku
ana pangarepe kancaku, wong tuwaku, lan wong liya
aku iki ora aku sing sak benere
sejatine aku iki sapa?
MUNG MAMPIR
AKU ISIH NGENTENI
Dara putih…
Tulung kandakna slirane
Aku tansah ngenteni sumahuring ati
Sing tansah tak karepi
Sucine ora saguh tinampi
Pncene aku wae sing nistha
Dara putih…
Tulung kandakna slirane
Nisthaku ora pantes tinampi
Aku masrahake sekabehane rasa iki
Biyungmu kang paling nduweni
Sliramu uga ora maringi
Dara putih…
Tulung kandakna slirane
Slirane kang putih suci
Pancen ora oleh kaciprat tinta kanisthan
Rahwana ora bias nyandhing sinta
Bakal dadi gencaring ndonya
Dara putih…
Tulung kandakna slirane
Aku tresna,
ANA WATESE
Akhire…
Aku nbisa bali nyang ngomah
Omah kang dadi kratonku
Omah kang maringi suwargaku
Omah kang dadi uripku
Sumilire angin ing rambutku
Ngilingna aku isih manungsa urip
Kanugrahan ing dina iki
Kahuripan isih ana ning awakku
Kemucap syukuring dhateng ghusti
Kang maringi karaharjan nganti saiki
Aku…
Rumangsa dadi wong anyar
Kaya lagi lair kala wingi
Sinaosa perkawis kala wingi
Taksih gumantil ing tengahing ati
Karasan ing ati
Kaya lagi wingi aku dolan benthik
Karo kanca-kanca lawas
Kanca dolan,
Kanca gelut
Mung swarane gludhuk
Nangekake laku ing lamun
Kanyatan wis siap ngadepi
Awakku kang susah iki
Mung langit malih petheng
Nanging sang tirta ora age-age mudhun
Mung nyata mendhung mung liwat
Aku…
Percaya
Ning ngarepe petheng
Padhang wis tansah ngenteni
Aku…
Percaya
Kabeh perkara
Mesthi ana watese
URIP ING PRAJA
Tumekaning panggenan pasinaon
Penggalih aku bisa nggayuh citaku
Karemenan nyirami ragaku
Nalika ketampi wonten kene
Impenku dadi pangabdining tiyang
Makarya ing kadipaten
Masrahke uripku marang tumenggung
Kangge mitulung kulawarga
Nanging wonten mriki…
Pandhuwurku mbebrayani
Tangan sikile kang entheng
Ganpil kemawon mabur ing awak ira
Anteping kepelan wis wareg ing rasa
Bantere dupakan wus kebal dak rasa
Ati iki mung bisa keranta
Ning apa aku mlebu kandang babi
Ing mangka…
Panjalukku namung siji
Nulungi kula warga iki
Sepira gedhe kudu pangorbanku
NESUA
Sumpah janji kang suci
Wis kok ucap wingi
Awitane aku percaya kuwi
Aku malah dadi wedi
Kelinganaku marang omonganmu wingi
Bakal kok gawa nganti mati
Kanyatan ora kaya ngono
Wingi aku seneng
Seliramu gelem ngomong karo aku
Sanajan wayah iku kowe nesu
Paling ora aku bisa keprungu suwaramu
Nesua yen pancen bisa agawe seneng atimu
NESUA
Sumpah janji kang suci
Wis kok ucap wingi
Awitane aku percaya kuwi
Aku malah dadi wedi
Kelinganaku marang omonganmu wingi
Bakal kok gawa nganti mati
Kanyatan ora kaya ngono
Wingi aku seneng
Seliramu gelem ngomong karo aku
Sanajan wayah iku kowe nesu
Paling ora aku bisa keprungu suwaramu
Nesua yen pancen bisa agawe seneng atimu
AKU NJALUK NGAPURA
Aku wis nyoba njaluk ngapura
Aku sadar tumindhak wingi pancen salah
Aku kira kowe bisa ngerti
Aku mung guyonan
Aku uga ora nyangka
Aku ya ora ngira
Aku bisa gawe kowe lara
Aku wis nyoba njaluk ngapura
Aku ora tau kok sapa
Aku kaya wong kabuak
Aku pengen kowe bisa ngrasa
Aku ora tenan ing guyonan
Aku pengen nyenengke atimu
Aku saiki lara
Aku lara amarga laramu
Aku ora bisa golek tamba
Aku lara pengen njaluk tamba kowe
Aku mung bisa tamba kowe
Aku uga bisa nambani kowe
Aku saiki saya ngerti
Aku iki ukara bisa agawe lara
Aku wis nyoba njaluk ngapura
Aku mung pengen njaluk ngapura
Aku uga pengen dingapura,
DARA IKI LARA ATI
Sedina ngenteni tumekaning dara
Kanthi rasa kang kalunta-lunta
Pangarepku namung siji
Dara bisa bali menyang ndara
Kaya kahanan kala wingi
Nalika dara durung kanji
Lumampah bebarengan dalan siji
Ora ana barang panyiket
Kang milah tali suwarga
Dosa sing nate kagawa
Bisa muksa milah karo nyawa
Ngenteni barang kang ora katon
Lan ora bisa uwal
Sakdurunge lara iki sumempal
Percaya karo maha rasa
Sekabehane bakal bali
Kaya kahanan kala wingi.
AKU PENGEN URIP
Aku pengen mangan
Aku pengen ngombe
Aku pengen turu
Aku pengen urip,
Piye bisa mangan
Nek ora ana sing bisa dipangan
Piye bisa ngombe
Mangan wae ora
Piye bisa turu
Nek weteng iki lesu
Piye bisa urip
Nek ora ana sing dienggo urip,
Mangan wae ora bisa wareg
Ngombe wae
Serette durung mesti ilang
Turu wae
Ora bisa agawe seger
Urip wae
Ora mung mangan, ngombe
Uga turu
Akeh lelakon kang kudu dilakoni
Sing bisa nguripi
Apa sing mesti diuripake
Supaya bisa urip
Urip tenanan,
Amarga aku pengen urip
Aku urip…
KOK DADI NGENE
Dina iki aku seneng banget
Dina sing tak enten-enteni wis teka
Aku bisa kumpul karo kanca-kanca
Bebarengan nglakoni pasinaon
Nggolek ngelmu sinambi mbuak sumpek
Aku wis ora sabar pengen maju
Atiku sumringah sanget
Ning ngarepku ana kembang langit
Wangine aromane…
Lembut tatane…
Agawe aku tambah gumeter
Muter keblinger,
Nanging lepating pangucapku
Nangekake bathara kala
Saya suwe saya murka
Rasa kabeh mau ilang sirna
Aku mung bisa pasrah ing suwasana
Ati iki mung krasa gela
Kena apa bisa kadaden
Barang kang ora tak pengen
Apa pancen salah
Apa sing wis tak lakokna
ORA BAKAL NGERTI
Ning ndonya paling gampang
Nek ninggalke tugas
Mung bisane alesan
Ora ngerti apa sing diomongke
Jujur dibuak mbuh ning endi
Ucape ngelantur
Mbodoni kanggo nutupi
Bodonane kala wingi
Kadangkala…..
Omongan iki bisa mateni raga
Bisa ngrubuhna gedung dhuwur
Ngrontokna lintang ning langit
Omongan iki landep kaya peniti
Nyublese langsung tembus
Nganti ning jeroning ati
Wong saiki ora ngerti artine kajujuran
Lan ora pengen ngerti
Lan ora bakal bisa ngerti
JAWABMU
Aku ora bisa maca tumindhakmu
Saya raket marang awakku
Pangertenmu menawa tak salah arti
Rumangsamu biasa
Nanging…
Ing jero iki menawa beda
Aku ora ngerti jlentrehe
Rumangsaku aku ya biasa wae,
Nanging uripku iki ora bisa ucul
Saka ayang-ayang awakmu
Nalika mripat iki tak tutup
Mung ana esemu
Sing tansah gemuyu atiku
Sak pocapan lati iki
Mung ana jenengmu
Menawa ora bisa muni,
Aku ora bisa maca kekarepmu
Apa sing dadi panjalukmu
Ning ngarepku kowe kaya kepengen
Nanging sak obahe tanganku
Kowe nginggat saka polate tanganku,
Menawa wae pancen salah awakku
Aku sing kebangeten
Olehku rumangsa ing ngati
Apa aku salah ?
Mung awakmu sing nduwe jawabe,
TINAMPA
ILANGE PRAHARA
Sauter-utering jagad mring ndonya
Mung akeh prahara kang gawe rinusaking ngalam
Kumebyaring lintang wengi
Ilang katutup dening mendung
Padhanging surya kang suminar ing mega
Sumenep beninge banyu segara
Kabeh perkara metu saka jeroning rasa
Ora bisa ilang sinamber angin mung
Perkawis-perkawis ilang metu
Ninggalake kalamangsa.
AKU PENGEN MARI
Rasa iki bisa tinemu ing ngatase kalbu
Awak kang lungkrah bisa dadi sumringah
Sajroning uripku bisa lumaku
Mituruti apa kang dadi kekarepku
Kang kala wingi sumebar arak-arakan
Kacir ing tengahing margi
Kanthi ora bisa diliwati
Nanging resik ana ing saiki
Disirati banyu kang suci
Wiwit saiki aku pengen mari
Saka laraku kala wingi
Aku pengen mari…
ORA KAYA NGONO
Aku keprungu suwara takon panjaluk
Bocah cilik kang kepanggih ing dina iki
“Aku butuh artha, aku pengen mangan
pengen tuku sega, paringana artha”
Aku ora bisa mangsuli, mung barangku kari
Apa anane kawenehake
“Arthaku kari, mung ning sak iki
ana sithik karo sabungkus roti”
Aku pancen ora bisa maringi
Nek pancen aku lagi ana
Ya tak paringi,
Aja padha pikiran ala dhisik
Wong kae medit,
Wong kae ora nduwe rasa
Aku ya ora mikir jero
Wong barang iki titipan
Sawayah-wayah bakal lunga
Dililakna wae…
PRENGUS ORA ADUS
Bubar srengenge wis dibungkus
Dina petheng lagi bisa adus
Ambune wis kaya wedhus
Kringete mambu prengus
Sithik-sithik ana sing lebus,
Mung susahe turu ning kampus
Bubar menyang adus
Awakke wis padha alus
Dirasaake ya radha mulus
Kaya terus pengen ngelus
Saiki wis rumangsa bagus,
Mung nasibe adus ning kampus
Ora mikir kos kang mbongkar bungkus
Ora ndadak adol tuku bulus
Mung duwite kanggo urip ning kampus
Lumayan nek ana limangatus
Ngringana wong kang nate kemruntus,
Mung enake urip ing kampus
Saben dina wong mlebu-metu terus
Kaya nasibe terminal bus
Sepi ning ati wis ora diurus
Merga kanca kang ngelus
Dadi ana kancane adus,
Mung senenge manggon ing kampus.
SUSAH ING SAMBAT
Tangan karo sikil padha obah
Dengkul-dengkul padha tabrakan
Sikut siset sirah padha nyonyor
Mung oyok-oyokan barang sing ora mbutuhi
Menang ora ana sing disombongna
Kalah malah tambah kisinan
Awak lara boyok padha pegel
Sirah mumet mripat blereng
Encok rematik asam urat lan liyane
Lela dilakoni,
Sak benere apa sing digoleki
Mung iki wis dadi amanat
Susah seneng kudu disambat
Nggoleki kesenengan
Saka aduning ing tanding
MENGETI KAHURIPAN
Pengetan dina kalairan mung setaun pisan
Bakal dadi pucuk setaun wingi
Seneng susah kang wis diliwati
Saiki umure wis ganti
Sedaya tumindhak ugi kudu diowahi
Rasa pakarti kang wus diwasa
Diuripake ora nunggu suwe
Mung dina iki tak suwun,
Senengana atimu
Numindhaka apa kang dadi kekajenganmu
Aku iki mung manungsa ora akeh bisa
Nglampahi segara kanggo methuki kowe
Ora bisa maringi apa
Mung donga iki kanthi sih jeroning dada
Bisa kok gawa lunga
Kanggo sangu ngubengi donya
Muga ing dina iki,
Kabecikan bakal nyading awakmu
Pethukana apa kang dadi pepujanmu
Karemenan kang dadi rencangmu
Kaslametan bakal mayungi
Ngalingi saka panas lan udan ndonya
Mung dongaku iki
Bakal ngayang-ayangi ayang-ayangmu
Nganthi tekaning raja pati.
SAMPUN KAANGKAT
Semarang, 22 Maret 2007 |
Pangkat ing ngatase satunggaling amanat
Diangkat dening para pejabat
Bisaa cinekel martabat
Akeh tugas kang mesthi dolakoni
Muga bisa linampahan
Kanthi ati kang tulus
Ngemban tugas saka pandhuwur
Nguripake minat msyarakate
Sing rane-ramene aras-arasen
Wong–wong durung bisa mbukak mripate
Isik katutup dening sesawangan liya
Para wakil diemban amanat
Saged ngajak sesarengan
Lumampah ing dalan sing lurusAJA SOK KUWASA
Semarang, 24 Maret 2007 |
Sinamberan gludhuk ing ngangkasa
Mejahi apa kang diliwati
Ora ana kang bisa ngalangi
Landeping cemeti langit
Ora saguh ditampani
Panyuwune kudu dituruti
Sira nampik diparani raja pati
Agenge cahya kahuripan
Mung cekap kanggi pajangan
Mung penangkal sing ngatasi
Agenge rasa saka ati manungsa
Murugi donga kang ngiringi
Urip ora mung dhewekan
Dadi wong aja sok kuwasa
Adigang, adigung, adiguna
Mung manungsa kesamber gluduk
Ajur tanpa tilas
Ing dhuwur kae...
Ana sing luwih kuwasa
Sinamberan mau mung warhukke
Pikirana…
Kaya ngapa tangane
Nyekel ndonya katut sak isine
Ana sing luwih gedhe…
Aja sok kuwasa,CIDRANING ATI
Landeping prasangka ati
Ora dirasa bisa agawe lara
Nanging pancen ora ketara
Sapa sira nduwe rasa
Kudu digunakake kanthi ati
Aja nganti dadi manungsa ala
Pikirna pikirane wong liya
Rasa ati angel sirna
Kudu bisa njaga ati
Nek wis kadung lara
Bakalan dadi mala
Kang manggok ing sajeroning rasa
Rumangsaa nduwe ati
Ora mung ning jero dada
Nanging uga ing njaga
Sing ora bisa dikira
Cekel lan jaga ati
Ngapura nek pancen gawe lara
Kumpulana ing satunggaling ukara
Kabeh rasa bakal sirna
AJI TRESNAMU
Ati seneng ora ketulung
Bisa linggahan ing mriki
Jejeran karo sedherek ayu
Netrane tansah suminar
Nyumirati ati kang petheng
Duh wong manis…
Atiku wis kebacut tresna
Aku ora bisa nangkis
Aji tresna pangasihmu
Mung esemu
Bisa agawe lemesing awakku
Solahmu sing ngremenake
Gawe ati iki trenyuh
Ati iki mili nututi sukmamu
Sliramu sing tansah mlayu,
Aku wong lanang sing ringkih
Katut marang suwara saking ragamu
Bakal tak ubeg jagad ndonya
Bareng sliramu kang saguh ngancani
Ukara tresna wis ora bisa makili
Rasa sing ana ning jero iki
Mung kanggo sliramu
Duh cah ayu
Sing wis nyolong atiku
WIS TAK LELAKNA
Rasa sing kok wenehake
Ora kuwat tak tampa
Kutah ning dalan-dalan
Nanging enthuk pira wae aku trima
Menawa pancen cukup semene wae
Kangmasmu bener
Aku ora pantes kanggo sliramu
Aku manungsa nistha
Sliramu putri kang tak puja
Aku wis pasrah
Pepisahan karo sliramu
Bakal dadi tangis ning atiku
Senengmu bakal dadi senengku
Lungaa menyang kratonmu
Lalekna wong kang ala iki
Aku lela…
KANGGO SING RUMANGSA
Ana wong sing sok-sok kuwasa
Mrentah-mrentah kaya wong gedhe
Nesu-nesu sak karepe
Karo wong sing ora nduwe
Ngepek barang kaya-kaya dhuwekke dhewe
Mangka ngerti wae ora
Sok-sok ngatur liyane
Kabeh sing ning ngarep mripate
Perkara kudu bubar ora suwe
Thenguk-thenguk ing tengah awe
Ning ngarepe sing cilik sok kuwasa
Sok rekasa ning ngarepe sing gedhe
Mloya-mlayu mrona-mrene
Ora ngerti apa ubekke
Sing penting katon seje
Nek pas ora ana sok sulaya
Tumindhak miturut udele
Nistha-nistha nganti semene
Kapan padha sadare.
RASA KANG TULUS
Emak sing nyebabke anane aku
Emak sing ngrumat awakku
Kanthi welas lan asih
Kawit lair nganti gedhe sakmene
Aku diwarahi carane urip
Aku diwarahi nggolek ngelmu
Nalika aku nangis
Emakku sing ngenengake aku
Nalika aku ora bisa turu
Emakku ora tau lali crita
Emak …
Saben dina ngalor-ngidul
Numpang kranjang
Sepedha tuwa kang dadi kretane
Ning ngisore panasan srengenge
Emakku mloka-mlaku dhewe
Mrona-mrono angel golek dhuwit
Nek panas ya panasen
Apa maneh nek udan
Sedine emak iku nerakaku
Senenge emak iku surgaku
Intan kaya apa ora bisa ngganti
Emas larang ora nduwe arti
Ora bisa mbales rasa kang tulus suci
Asihe ora bisa dituku
Rasa ing athi ora bisa diijoli
Aku masrahake awakku
Aku nyerahake uripku
PADHANG-PETHENG
SAMPUN KAANGKAT
Pangkat ing ngatase satunggaling amanat
Diangkat dening para pejabat
Bisaa cinekel martabat
Akeh tugas kang mesthi dolakoni
Muga bisa linampahan
Kanthi ati kang tulus
Ngemban tugas saka pandhuwur
Nguripake minat msyarakate
Sing rane-ramene aras-arasen
Wong–wong durung bisa mbukak mripate
Isik katutup dening sesawangan liya
Para wakil diemban amanat
Saged ngajak sesarengan
Lumampah ing dalan sing lurus
SUSAH TIBA MBURI
Semarang, 13 Desember 2006
Aku wis ora ngerti
Apa sing kudu dak lakoni
Mlaku ngalor aku wedhi
Mlaku ngidul aku diseneni
Apa sing kudu dak karepi
Ana ing ngarepku saiki
Rata-ratan wis sepi
Ora ana maneh para tani
Sing lagi bungah nuntun sapi
Amargi susah adol pari
Kapan ndonya bakal mari
Aku ora bisa nulungi
Namung bisa ngandhani
Ayo wong-wong sing padha kari
Padha mlayu nututi
Nututi saka mburi
Ing panasing sepi
Katinggalan susahing manah
Sawetara namung garing sawah
Tetanduran padha mati
Banyu ora nate mili
Tuku-tinuku banyu
Adus namung banyu kali
Gawe pirang-pirang wulan,
Akhire…
PADHANG-PETHENG
Semarang, 15 Desember 2006
Linggih ning ara-ara
Ora ana tiyang sapa-sapa
Sedhela padhang
Sedhela petheng
Mblerengake netra
Awak krasa sayah
Ora bisa polah
Ning jero ati
Sing bakal nulungi
Ayo padha digolekki
Digrayangi dadane
Ning kana
Bakal ana tambane
JUJUGANA BARANG ANYAR
Gonjang-ganjing
Ngiwa-nengen
Barang-barang padha sinamberan
Angine mlebu metu
Sekala-kala leren
Methuki barang titipan
Mlakune tambah banter
Adoh ninggal rasa
Sing ora perli diemut
Ingetana mengarep
Ana barang kang anyar
Cekelana sabisamu
Kanthi ganeping jiwa
Iku sing bakal dadi bala
Nalika mandheg ing rasa
Ning ngarep ana cahyo
Nyumoroti mata
Sing bakale ngisi jerone dada.
DALANMU LURUSA MENGAREP !
Semarang, 12 Desember 2006
Mloka-mlaku ora dunungan
Pikiranku ora karuwan
Bingung ora nduwe tujuan
Kaya-kaya dirasuki setan
Kawit wingi sajadah digelar
Karepe pengen sholat ashar
Nanging ning athi wis
ora ana niat
Nanging awak iki ora kuwat
Awak iki angel diobah
Mbuh amargi sayah
Apa ora kuwat ing manah
Sing kulina polah
Sajadah wis
ngenteni
Tumindhak apik ayo dilakoni
Balik ing dalan wingi maneh
Aja nyasar ning ngendi-ngendi
Omahmu wis ning ngarep
Dhewekan ora ana serep
Dadiya anak pambarep
Sing nate sregep
Wong sing lunga bakale mulih
Langsung njujug banyu putih
Mbuh iku nggawa getih
Utawa rasa kang sedih
Baliya ing dalan sing bener
Aja nganti keblinger
Nemu panggonan kang suker
Ndang mlayua banter…
Galeri Fotoku

Ning Hima Jawa Unnes 2008















































































--------------------------------------------------------------------------
Ning Hima IndonesiaUnnes 2007

























----------------------------------------------------------------------------
Ning Panitia OKKA FBS 2007





















































































--------------------------------------------------------------------
Ning KKN



























Karo Cah BEM FBS 2008




































































----------------------------------------------------------------------------
Ning Pendowo Kos













------------------------------------------------------------------------
Aku lan kanca-kanca

















































