Jumat, 13 Juni 2008

SARANG WALET

Dening : Yoni Ahmad



Ning kene aku bisa nyawang ijo tetanduran
Langit kang jembar kanti warna-warnane
Menara-menara jejer-jejer abang putih
Ning kene bisa ndeleng ndonya
Indonesia, inggris, jawa, jepang, prancis, lan arab
Ning lante telu iki kerep dolan kanca-kanca
Sawang-sinawang suwasana
Bisa weruh srengenge ninggal siyang
Bisa weruh srengenge ninggal wengi
Panggonan dibangun telung lante
Paling ngisor ana tendha, karo wesi pating tlalang
Paling ndhuwur panggung terbuka
Sing tengah dienggo
Sarang wallet

Tidak ada komentar:

Posting Komentar