Jumat, 13 Juni 2008

7 - 9

Dening : Yoni Ahmad


Dina iki aku pamit bapak karo ibu
Temenanan lunga arep sinau
Dicekeli duwit kanggo sangu
Saikine wis mlebu
Mbayare satus ewu…
Ping seket telu


Masuk pelajaran ning lante telu
Telung rombongan dadi siji pada mlebu
Desek-desek adu padu
Upyek dhewe nganti sing mulang ora keprungu
Sing lagi mulang ngendikan dikira kemu
Sing mburi padha turu

Masuk jam pitu

Bali-bali jam sanga dalu

Oyok-oyokan gedhung adu padu ora sida mlebu
Pungkasan sijine metu
Akhire manggon ning ngisor lante telu
Maklum iku…
Mbangun gedhung ora mlaku-mlaku
Saiki wis rongewu wolu
Rongewu wolu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar