Jumat, 13 Juni 2008

SANDAL

Dening : Yoni Ahmad


Aku ning ngisor
Terus-terusan ning ngisor
Aku panggone reregedan
Aku kerep diidak-idak
Namengi atose bumi
Aku ora digatekake
Sanadyan ngono
Aku dibutuhke
Lan terus dibutuhke
Nanging padha ora sadar
Nek pada mbutuhke aku


Paku, krikil, kricak, eri temuncep ning awakku
Rereged, peceren, lencung temempel awakku

Kabeh mau ora dak rasa
Kabeh mau lkhlas tak tampa
Ala becik tak trima
Kanti ati legawa
Aku ora bakal serik
Aku mung njaluk sithik
Nek aku pancen dibutuhke
Sanadyan aku iki ora penting
Nanging kabeh mbutuhke aku
Aku uga mung pengen diakoni
Aku iki dibutuhke

Tidak ada komentar:

Posting Komentar