Jumat, 13 Juni 2008

PAMIMPIN IMPEN

Dening : Yoni Ahmad


Nalikane batara surya nyuminar
Nyumingkirke petenge wengi
Menehi winih-winih kahuripan
Madhangke dalan kangge linampahan


Pasopati temuncep ing ati
Pesti bisa kanggo mateni
Apa sing kemucap ing lati
Kudu bisa dilakoni

Laku-lumaku, tindhak-tumindhak durung mesthi linaku.
Laku-laku apa sing ditumindhakake

Semono uga pamimpin kang diimpen

Tidak ada komentar:

Posting Komentar