Jumat, 13 Juni 2008

NGERTENI

Dening : Yoni Ahmad

Sumilire angin ning pinggir kene ngelingke aku nalika isih seneng-senenge ning pesisir
Isih tak rasake wedhi iki ana ning genggem tangan, saya tak remet saya ora bisa tak cekel mung akhire nyekel tanganku dhewe

Ngelingke aku marang apa sing bakal tak lakoni saiki ana ning kene
Yen tak peksakake bakale ora entuk apa-apa, mung ora ana asile
Aku dadi eling maneh biyen dalu-dalu nyuluh welut nalika panen walikan
Welut iki nek tak cekel kenceng-kenceng, welut iki malah ngoyak kaya-kaya arep nyokot
Nanging nek tak kendhoni sithik wae, welut iki langsung ucul
Ngelingke aku kudu luwih bisa ngerteni apa sing kudune tak ngerteni

Tidak ada komentar:

Posting Komentar