Jumat, 13 Juni 2008

SALAH APA BENER

Dening : Yoni Ahmad


Wong salah lan wong bener
Salah ora ngerti salahe nanging rumangsa salah
Kuwi salah
Salah ora ngerti salahe nanging rumangsa bener
Kuwi salah
Salah ngerti salahe nanging rumangsa salah
Kuwi bener
Salah ngerti salahe nanging rumangsa bener
Kuwi salah



Bener ora ngerti benere nanging rumangsa bener
Kuwi salah
Bener ora ngerti benere nanging rumangsa salah
Kuwi salah
Bener ngerti benere nanging rumangsa bener
Kuwi bener
Bener ngerti benere nanging rumangsa salah
Kuwi salah
Apa pancen wis bener?
Kanyata pancen angel nggolek sing bener…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar