Kamis, 11 Desember 2008

NGENTENI PANGUCAPMU

Dening Yoni Ahmad


Semarang, 10 April 2007

Sedina suwengi iki aku ora bisa turu

Kagawa rasa salahku sing wingi

Pikiranku ora bisa ilang saka iku

Nanging aku isih tetep ngenteni

Muga kowe bisa ngapura aku

Nanging saiki aku isih wedi

Wedi karo seliramu

Sing wis tak gawe lara ati

Sing nganti saiki isih nesu

Aku ora bisa njaga ing lathi

Aku iki pancen asu

Aku pantese dipateni

Kepruka nganggo kayu

Ben aku bisa mati

Timbang kowe ora gelem celathu

Omongmu aja mung ning ati

Aku ya pengen krungu

Tanda awakmu wis mari.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar