Rabu, 10 Desember 2008

Bathara Indra pangarsane widadara widadari



bathara-endra
Sanghyang Indra utawa Bathara Indra iku putrane Sanghyang Manikmaya lan Dewi Umayi kang nomer telu.
Indra ateges luhur utawa rasa kang nabet ing ati. Awit saka iku Bathara Indra dadi panguwasane kaendahan, yaiku kaendahan kang tumuju marang kabagyan.
Bathara Indra dumunung ing kayangan Rinjamaya lan duwe sisihan kang asmane Dewi Wiyati. Bathara Indra lan Dewi Wiyati peputra cacah pitu, yaiku Dewi Tara, Dewi Tari, Bathara Citrarata, Bathara Citragana, Bathara Jayantaka, Bathara Jayantara lan Bathara Harjunawangsa.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, saka Dewi Tara, kang dipasrahake marang Prabu Sugriwa lan banjur dijaluk dening Subali, Bathara Indra duwe putu awujud wanara kang arane Jaya Anggada.
Dene mula bukane Bathara Indra masrahake Dewi Tara marang Sugriwa kawiwitan nalika para raseksa kang sirahe arupa endhas kebo ngrabasa kayangan. Pangarsane para raseksa iku Prabu Maesasura, raja ing nagara Guwa Kiskendha.
Prabu Maesasura kaampingan pepatih kang uga adhine, Lembusura. Nalika ngrabasa kayangan, Prabu Maesasura numpak kewan raseksa aran Jatasura. Prabu Maesasura ketaman asmara marang Dewi Tara ananging pepenginane ora dipangestoni dening Bathara Indra. Wusanane Prabu Maesasura murina.

Nalika ngrabasa ing kayangan, wadyabalane Prabu Maesasura kasil ngrusak kabeh wangunan ing Repat Kepanasan. Nalika iku ora ana dewa kang wani ngadhepi Prabu Maesasura amarga Maesasura kabiyantu Lembusora pancen sekti mandraguna.
Para dewa banjur njaluk pitulungan marang Resi Subali, yaiku pandhita wanara kang dumunung ing Sonyapringga. Nalika ngadhepi Prabu Maesasura, Resi Subali diampingi adhine kang uga awujud wanara, yaiku Sugriwa. Wusanane, lumantar aji Pancasunya, Subali kasil merjaya Maesasura, Lembusora lan Jatasura.

Getih saka ragane Maesasura, Lembusora lan Jatasura nganti mili tekan ngendi-endi. Sugriwa kang meruhi iline getih kang lambah-lambah iku nduga yen kakange, Subali, kasil kaperjaya dening Maesasura. Guwa Kiskendha banjur ditutup nganggo watu gedhe kanggo njaga supaya getih kang lambah-lambah iku ora metu lan nuwuhake banjir getih ing papan liya.
Lan wusanane, Dewi Tara dipasrahake marang Sugriwa. Nalika Subali kasil metu saka guwa banjur murina banget marang Sugriwa. Ananging sabdane Bathara Indra tan kena wola-wali, Dewi Tara tetep kapasrahake marang Sugriwa kang uga ditetepake dadi panguwasa ing Guwa Kiskendha.

Sawijining dina Resi Subali kasil dirimuk atine dening Prabu Dasamuka supaya gelem ngrebut Dewi Tara saka Sugriwa. Pangrimuke Dasamuka ndadekake atine Subali panas maneh. Wusanane Subali kasil ngrebut Dewi Tara saka Sugriwa. Nalika iku Subali uga kasil ngrebut panguwasaning Guwa Kiskendha. Resi Subali lan Dewi Tara banjur nurunake putra kang jenenge Jaya Anggada.

Lan saka Dewi Tari kang palakrama kalawan Prabu Dasamuka, raja Alengka, Bathara Indra peputu Indrajit utawa Megananda. Kaindran duwe pepatih aran Bathara Prawa, kang sadurunge duwe aran Kulika, lan sawuse dadi pandhita jenenge ganti dadi Resi Kapila.

Bathara Indra mrentah para widadari, hapsara/hapsari. Bathara Indra yen katemben tiwikrama nuwuhake perbawa thathit. Bathara Indra tau dadi raja ing Arcapada, yaiku ing nagara Medhanggana lan jejuluk Maharaja Sakra.
Bathara Indra kerep diutus supaya paring bebana marang wong-wong kang nuduhake labuh-labet gedhe marang kadewatan. Ing lakon Ciptaning Mintaraga utawa Ciptaning, Bathara Indra diutus dening Sanghyang Manikmaya supaya nggodha lan ngreridhu Arjuna kang nembe mbangun tapa ing Indrakila.

Nalika iku Bathara Indra ngejak widadari Suralaya lan nyoba nggodha lan ngreridhu tapane Arjuna kanthi cara malih rupa dadi sisihane Arjuna. Dene Bathara Indra malih rupa dadi sawijining pandhita kang aran Resi Padya.
Ananging upaya iku ora kasil njugarake tapane Arjuna, saengga kabeh bali ing wujude sakawit. Ing kedadeyan iku, Arjuna antuk bebana saka kadewatan arupa sanjata Pasopati. Sanjata iku kudu digunakake kanggo mbesmi sakabehing tindak dur angkara ing Arcapada.

Watake Bathara Indra iku welas asih lan tresna banget marang samubrang kang sarwa endah. Bathara Indra disembah lan disuyuti dening para pangrasuk agama Indra. ::Ichwan Prasetyo::

Tidak ada komentar:

Posting Komentar