Sabtu, 12 November 2011

Pepunden-pepunden Wonten Kelurahan Saripan


Kecamatan Jepara, Kabupeten Jepara
 
Kirang langkung kalih kilometer (2 Km) sangking pendapa Kabupaten Jepara wonten kelurahan ingkang naminipun Saripan. Kelurahan Saripan punika taksih kalebet wonten kecamatan Jepara, Kabupaten Jepara. Nami Saripan punika amargi rumiyin wonten ulama saking keraton Surakarta, ingkang asmanipun Pangeran Arif. Pangeran Arif kaliyan rencangipun, Asmo Moliki ngumbara murih nyebaraken agami Islam wonten wilayah Jawi sisih ler. Nalika piyambakipun ngumbara, Pangeran Arif kepanggih kaliyan utusan saking Mataram ingkang asma Mbah Dirjan.
Saklebetipun ngumbara, Pangeran Arif, Mbah Moliki, lan Mbah Dirjan manggihi papan ingkang nengsemaken. Papan kala wau asri lan ugi wonten lepen ingkang toyanipun bening lan resik sanget. Ing papan wau wonten ingkang baureksa inggih punika sawer ingkang ageng sanget, sawer wau nggadhahi wiso ingkang mandhi. Saksanesipun sawer ugi wonten banas pati, uling lan sakbangsanipun. Warga sakcaketing papan kalawau sami boten nyaketi lepen menawi boten wonten kabetahan ingkang sanget.
Pangeran Arif sakrencangipun ngupaya supados ing lepen wau saged dipun ginakaken warga. Kanthi ngedalaken sedaya kasudiran ingkang dipun gadhahi, Pangeran Arif sakrencang ngraosaken sawer lan bangsa-bangsa sanesipun. Lajeng, lepen kalawau dipunparingi nami Wiso utawi Kali Wiso. Pangeran Arif sakrencang mesanggrah wonten papan punika ngantos sak sedanipun. Papan kalawau dipun paringi thethenger Saripan ingkang asalipun saking tembung Sarine Papan.
Kawontenan Pangeran Arif sakrencang wonten Kelurahan Saripan menika saged dipanggihi patilasanipun wujud pasareanipun  papunden-pepunden menika. Pasareanipun Mbah Moliki kirang langkung 2Km saking pendapa Kabupaten. Pasareanipun Pangeran Arif dipunwastani warga Pasarean Pangeran Sarip.
Ngantos sakmenika pasarean pepunden-pepunden kalawau taksih wonten, lan dipunreksa warga kanthi sae. Warga ingkang kagungan kersa, lan pitados murih saged lancar boten wonten alangan punapa-punapa langkung rumiyin nyekar wonten papan-papan punika.

Jumat, 11 November 2011

Pasaran Pahing dadi Pantangan Ing Desa Mejing



Pasaran Pahing, kanggone masarakat desa Mejing, kecamatan Candimulyo, kabupaten Magelang, kalebu pasaran kang dadi sirikan. Sing dikarepake sirikan ing kene yaiku ora kena nindakake pagaweyan kang bisa njalari cilaka, utawa njalari kedadeyan kang ora dikarepake. Kayata: ora kena ijab, ora kena kanggo mijeti wong, ora kena supitan, ora kena kanggo negor wit lan sapanunggalane. Pokokke pagaweyan kang mbebayani utawa duwe resiko gedhe, masarakat ora wani nindakake ing pasaran Pahing.
Miturut ceritane wong-wong tuwa, biyen pasaran Pahing kuwi minangka pasaran kang biasa digunakake  kanggo mateni wong. Prastawa iki kawiwitan ing jaman Walanda. Kreteg kang ana ing dhusun Kalibening-Mejing, minangka papan kang digunakake kanggo nyembelih wong-wong tahanan utawa wong kang luput marang pamarentahaning Walanda. Lan nalika G 30 S PKI, paten pinaten ing kreteg iku kadang isih ditindakake. Dadi kreteg iku saiki dadi angker.
Pasaran Pahing dianggep pasaran kang sangar kanggone masarakat Mejing. Ananging warga kang cetha ora kena nglanggar pasaran iku, warga kang asli klairan desa Mejing. Yen warga pendatang ora dadi ngapa. Senajan ora dadi ngapa, warga pendatang uga ora wani nglanggar pantangan mau.
Ana kedadeyan nyata kang dialami dening warga asli Mejing. Jenenge Ikhsan. Dheweke nalika ijab, nganggo pasaran kuwi, nadyan wis dipenging supaya ora ijab ing pasaran iku, meksa dheweke nglanggar. Ora sawetara suwe saka ijabe, udakara telung dina sawise ijab, bojone tiwas ketabrak motor.
Ana maneh Mbah Surti, nalika ing pasaran Pahing dheweke dikongkon mijeti tanggane kang ora percaya anane pantangan iku. Senajan Mbah Surti ora gelem mijeti, nanging dheweke dipeksa kudu gelem mijeti kanthi upah kang gedhe. Banjur kepeksa dheweke mijeti tanggane mau. Sabubare mijeti, awakke Mbah Surti malah dadi lara kabeh, pating krekes, banjur masuk angin nganti seminggu suwene.
Kedadeyan kaya kang wis disebut ing dhuwur mau, dadi peringatan keras tumrape masarakat Mejing. Isih ana maneh prastawa-prastawa kang nganeh-anehi ing pasaran Pahing, nalika masarakat kang ora percaya banjur nerak pantangan iku. Nganti saiki nadyan jaman wis malih rupa sakabehane, nanging pantangan mau tetep dadi urusan kang nggegirisi tumrape masarakat Mejing.