Sabtu, 24 September 2011

Teplok

Anyoroti gorengan isuk iki
katon si-mbah tansah temen anggone ngorek
mung sinanding mbale ing panguripane
rampung goreng langsung budal
nanging kok tasih peteng paningalanku

si-mbah tetep wae mlaku...
sanajan margi tasih sepi njejet
ora ana kebulan saka tunggangan sing asring gawe seseke dada

si-mbah....
padha nyang pundi panglipun lara mu?
mung sinanding bale sabenturumu
padha ing ngendi canggah-mu?
mung emban sing kok gemgem kenceng

si-mbah.... templok mu kang setya ing uripmu


http://sajak-sajakjingga.blogspot.com/2011/09/teplok.html

Rabu, 21 September 2011

NYI PANDANSARI

Ing jaman biyen ana sakpasang pangumbara saka Dieng. Wong loro mau tembe wae tapa ing Gua Sri Rahayu sing angker banget. Ora sembarang wong mlebu Gua metune esih urip. Nanging wong loro iki beda, malah metune nggawa jimat-jimat sing ampuh banget. Sing lanang entuk jimat teken, klambi antakusuma, lan tombak. Sing wedok entuk jimat lampu.
Pangembara mau lunga ngetutke miline banyu. Ing ndalan wong loro mau kerep ngaso sinambi mulangake ilmu-ilmu kang migunani, tuladhane cara mertani lan liya-liyane. Uga ora lali mulang ilmu silat. Pangumbara lanang ora tau gelem nudhuhake jenenge. Mula wong-wong sing kenal dadi krasa bingung. Amarga kerep nggawani jimat, mula wong lanang mau dijenengi Ki Kramat dening para padunung.
Saben mandheg, wong loro mau njenengi panggonan sing durung nduweni jeneng. Pas mandeg ing panggonan sing akeh alase, mula panggonan kuwi dijenengi Wanadadi (Wana tegese alas, dadi tegese dadi desa).
Sakwise njenengi, wong loro mau lunga maneh nganti tekan panggonan kanggo ngaso. Nalika ngliwati dalan sing akeh lemah lempunge sikile Nyi Pandansari kecepit lemah lempung kuwi. Mula desa kuwi dijenengi desa Kecepit.
Wong loro mau mlaku ngidul terus ngliwati desa Timbang lan desa Langgar. Sakwise manjat gunung mudhun jurang wong loro mau tekan gunung sing akeh wit-witane. Udakara gari sepuluh langkah maneh, ujug-ujug kaget amarga tekane ayam jago sing ngejak tarung. Ki Kramat lan ayam jago nduweni pusaka dhewe-dhewe. Pas Ki Kramat luput, ayam jago kuwi nyucuk gegere Ki Kramat nganti dheweke tiba nglekar. Banjur Ki Kramat menyat lan nganggo klambi antakusuma sing bisa nggawe dheweke mabur tanpa suwiwi. Pas Liring Galih luput, Ki Kramat nugel suwiwine Liring Galih nganggo teken. Mesakake Liring Galih, suwiwine tugel lan dheweke langsung tiba ing lemah. Liring Galih kelaran nganti njaluk ngapura.
Ing wektu lan panggonan sing padha, Nyi Pandansari uga tarung nglawan Nagaraja. Ing wiwitane dheweke kalah. Nanging sakwise dikei cara ngalahake Nagaraja dening Liring Galih, Nyi Pandansari kepengin males kalahe mau. Tarung sing kapindho iki luwih rame. Ngelingi durung ana sing luput, mula wong loro mau tarunge ati-ati. Pas Nagaraja luput, Nyi Pandansari nunclepke tombake ing buntute Nagaraja nganti tugel. Amarga kuwi Nagaraja diarani Naga Buntung. Sakwise Liring Galih lan Naga Buntung kalah, panggonan kuwi banjur dipasrahake marang Ki Kramat lan Nyi Pandansari. Kanggo sakwetara, Ki Kramat lan Nyi Pandansari manggon ing kono.
Ing sawijining dina wong loro kuwi pamitan marang Liring Galih lan Nagaraja amarga arep lunga mertapa. Wong loro kuwi weling supaya santri-santrine sing wis diwulang dijaga kanthi apik. Santrine Ki Kramat sing melu yaiku Ki Diposentono lan Ki Kramadiwirya. Santrine Nyi Pandansari sing melu yaiku Genduk Napsiyah dan Rara Juminten. Sakdurunge mangkat mertapa, wong loro kuwi adus dhisik ing sumur Sirah Benda.
Sakwise adus, wong loro kuwi mertapa. Ki Kramat tapa madhep kulon sakngisore wit benda. Lan Nyi Pandansari tapa madhep kidul sakngisore wit jati. Sakwise tapa patang taun, Ki Kramat entuk pusaka pedhang Kamkam. Lan Nyi Pandansari entuk pusaka pecut Wijayakunang. Banjur Ki Kramat mulih kampung lan Nyi Pandansari nerusake tapa sing jenenge tapa ngrame suwene sak taun. Tapa ngrame yaiku tapa sinambi mlaku-mlaku, ora mangan lan nginum, lan ing saben panggonan sing diampiri mulangake ilmu-ilmu sing migunani.
Nyi Pandansari mlaku ngulon ngetutke miline banyu kali anggone tapa ngrame. Santrine loro wedok mau uga melu ngetutke. Sakwise ngliwati gunung cilik ana swara kumrincing. Jebule ing gunung ana wong wedok tuwa sing nganggo klambi apik lan ing lengen lan sikile kebak gelang lan ali-ali saka emas. Mula yen mlaku gelang-gelang kuwi unine kumrincing. Amarga ana swara kaya ngana desa kuwi dijenengi desa Krenceng. Wong wedok tuwa kuwi nganti seda ora nduwe bojo, mula dijenengi prawan sunti.
Nyi Pandansari karo santri-santrine neruske olehe tapa ngrame, ing dalan sinambi mulangake ilmu-ilmu kang migunani. Sing luwih akeh diwulangake yaiku ilmu mertani. Padunung saben desa sing diampiri wong telu kuwi ngrasa seneng lan gumun amarga wong telu kuwi sopan, sabar, lan wibawa. Sakwise padunung wis pinter lan nyambut gawe kanthi apik, mula Nyi Pandansari lunga ing panggonan liya sing anyar. Nyi Pandansari tekan desa Lamuk lan tulung-tinulung karo Ki Didakewasa. Ing kana Nyi Pandansari mulang ilmu bab nandur kapuk lan cara mbuwang wiji kapuk, ngikal benang, lan nggawe bujur.
Sakwise tapa ing gunung Indrakila Nyi Pandansari nerusake mlaku nganti desa Bukateja. Dheweke dadi tukang masak ing warunge Nyi Serut. Masakane pancen enak mula ing saben dinane akeh wong mangan ing warung kuwi. Amarga sopan anggone ngladeni ndadekake dayoh sing teka pada seneng mangan ing kana. Rada suwe Nyi Pandansari nyambut gawe ing kana. Nyi Pandansari arang ngaso, pagaweyane saya akeh lan ditambahi maneh golek suluh. Amarga keselen, Nyi Pandansari mriyang. Sanadyan mriyang, Nyi Pandansari tetep nyambut gawe tanpa ngaso.
Nyi Serut nesu-nesu nalika weruh Nyi Pandansari turu ing ngarep pawon. Dheweke mung nglebokake sikile ing njero pawon. Nyi Pandansari pancen nduwe kasekten yaiuku sikile bisa kanggo suluh. Sakwise ngerti Nyi Pandansari lagi mriyang lan ngerti crita pangumbarane, Nyi Serut njaluk ngapura karo nangis. Nyi Serut gumun lan pengen mbales pitulungane Nyi Pandansari. Tapi Nyi Pandansari ora gelem yen dheweke diladeni kaya Ratu. Nyi Pandansari lila legawa lan nganggep sakkabehane iku ujian kanggo dheweke. Sakwise ngrasa cukup anggone tapa ngrame, Nyi Pandansari banjur pamitan karo Nyi Serut amarga arep mulih ing desa Pandansari. Pisahe wong loro iki nelangsani amarga wong loro kuwi tangisan minangka rasa paseduluran.
Ing dalan, Nyi Pandansari mampir ing omahe Ki Dudakewasa kanggo methuk santri-santrine. Nalika tekan omahe Ki Dudakewasa, Nyi Pandansari ngguyu amarga seneng pangumbarane lancar. Sakdurunge mulih, Nyi Pandansari lan santrine dikon adus ing sumur kembang.
Saben malem Jum’at Kliwon Ki Kramat nganakake silaturahmi sinambi musyawarah ngrembug perkara desa. Ing wengi kuwi, Ki Kramat nyritakake yen tapa ngrame sing dilakokake bojone wis rampung wektune. Ora suwe ujug-ujug ana wong teka banjur ngomong Nyi Pandansari lan santrine wis tekan wates desa Pandansari. Nyi Pandansari lan santrine dipethuk dening Ki Kramat lan warga ing Gapura desa Pandansari. Warga padha seneng amarga Nyi Pandansari wis mulih saka ngumbara. Sakwise ngaso Nyi Pandansari banjur adus jamas ing sumur sirah benda. Sakwise adus Nyi Pandansari ngucap syukur pangumbarane wis rampung lan mulih kanthi slamet. Nyi Pandansari lan Ki Kramat nemoni warga sing teka ing omahe. Kabeh warga seneng weruh Nyi Pandansari mulih kanthi slamet.
Kanggo ngeling Nyi Pandansari sing wis mulangake ilmu-ilmu kang migunani kanggo uripe warga, mula desa kuwi dijenengi desa Pandansari.



NYAI RATU KIDUL

Salah sijine cerita kang ana ing daerah Cilacap, yaiku cerita Nyi Ratu Kidul utawa Nyi Loro Kidul. Ratu kuwi dipercaya karo uwong Jawa minangka ratu kang nguwasani laut kidul. Dene asal ceritane, yaiku:
Jaman biyen ana krajan aran Krajan Padjadjaran. Ratune asama Prabu Mundingsari. Dheweke duwe kesenengan golek kewan ana ing alas. Ing sawijine dina, Prabu Mundingsari lan para punggawane, lunga menyang alas saperlu golek kewan buron. Nanging neng alas, dheweke kapisah saka para punggawane.
Nalika dheweke keturon merga keselen bubar nggoleki para punggawane, mak jleg!….ning sebelahe ana prawan ayu kang banget nyenengake. Prawan wau ngaku yen dheweke putu saka ratu kang nguwasani alas kono. Lan Prabu Mundingsari dijak sowan marang krajan Ratu alas wau.
Cekake cerita, pawongan loro wau tekan krajan Ratu alas. Prabu Mundingsari tekan krajan lan ditemoni karo ratu kang rupane elek, nanging tuture alus. “ah…hah…hah, Prabu Mundingsari mugi kowe seneng ana neng krajanku!...ngertia Prabu Mundingsari, sak benere putuku kuwi duwe rasa tresna marang panjenengan!” kaya ngono tuture ratu alas wau. Prabu Mundingsari ngrasa bingung,nanging meneng wae. Lajeng Prabu Mundingsari karo prawan wau dinikahke.
Sakwise suwe ana ing alas, sawijine dina Prabu Mundingsari grenengan karo garwane, “Nimas…Kangmas ana ing kene wis suwe. Lan sesuwene iki, kang mas durung tau sowan marang krajan Padjadjaran. Nimas…keparenga kang mas sowan marang Krajan Pajajaran kanggo mangerteni kahanan para rakyatku!” krungu Prabu Mundingsari ngendika kaya ngono, garwane ngrasa sedhih,”ya…kangmas. Kangmas angsal sowan marang Krajan Pajajaran. Nanging jenengan ampun supe kaliyan kula…!.” Lajeng Prabu Mundingsari mangkat menyang Krajan Pajajaran.
Sak wise malu ngliwati alas, Prabu Mundingsari tekan ing Krajan Pajajaran. Ana ing kono, dheweke disambut rame karo para rakyate merga dheweke wis suwe angone ninggalake Krajan Padjadjaran.
Nalika Prabu Mundingsari wis suwe ana ing Krajan Pajajaran, ing sawijine dina, dheweke krungu ana swara bayi nangis. Nalika digoleki, jebul swara wau asale saka kranjang. Dheweke nggendong bayi wau metu saka kranjang. Aneh! Dadakan Prabu Mundingsari kaya-kaya meruhi garwane sing ana ing alas. Lan krungu swarane garwane wau kaya-kaya pesen marang dheweke “kangmas…ngertia, bayi kuwi anake dhewe! Kangmas…kula nyuwun tulung marang jenengan. Tulung bayi kuwi openana ana ing tengahing manungsa!” mangkono pesene garawane marang dheweke. Krungu kang kaya ngono, Prabu Mundingsari bingung, “ana ing tengahing manungsa? Apa tegese Nimas…?”takone Prabu Mundingsari marang garwane. “kangmas…ngertia, sakbenere kula asale saka bangsa jim…!”jawabe garwane karo luh kang netes.
Bayi wau diopeni karo Prabu Mundingsari lan diarani Ratna Dewi Suwido. Nanging permaesuri ngrasa ora seneng marang anane Dewi Suwido ana ing Krajan Padjadjaran. luwih-luwih sakwise Dewi Suwido ngancik dewasa. Dheweke tambah katon nyenengake. Bab iki kabeh, ndadekake prameswari duweni niyat ala karo Dewi Suwido. Prameswari lajeng nganggo dalan kang ala kanggo nyingkirake Dewi Suwido saka krajan. Prameswari nemoni tukang tenung.
Ana ing wengi kang wis disiapake, tukang tenung wau mulai nyebar penyakit menyang kamare Dewi Suwido.
Wektu esuk wis sumebar. Dewi Suwido tangi saka amben lan ngarasa siraeh ngelu,lan pipine krasa gatel. Kaya apa kagete Dewi Suwido! Nalika dheweke ngaca, rupane wis malih medeni lan ora ayu maneh kaya sak durunge.ana ing kamar Dewi Suwido nangis ngguguk, nangisi nasibe kang kaya mangkono. “Duh Gusti…menapa salah kula? alangan menapa kang nemahi kula?”
Prabu Mundingsari kang krungu kabar kang kaya ngono, ngira yen Dewi Suwido  kuwi kena penyakit lepra, lan kudu diusir saka Krajan Padjadjaran. Dewi Suwido kang krungu kabar kaya ngono saya lara arine.
Ana ing dina kang wis diatur, Dewi Suwodo karo kairing dening para punggawa kabuwang ing alas. Dewi Suwido dibuwang menyang alas. Para punggawa ora ana kang ngeterke Dewi Suwido nganti tekan alas, merga padha wedi yan bakal ketularan.
Ana ing alas Dewi Suwido nglakini tapa brata nganti sasen-sasen. Nyenyuwun marang Gusti supaya bisa kaya biyene maneh. Sawijine dina, Dewi Suwido krugu ana swara, “Anaku Dewi Suwido, yen kowe pengen kaya biyene maneh, mlakua menyang arah kidul! yen wis nemoni laut Kidul, nyawijia kowe ana ing laut Kidul lan aja kumpul, maneh karo bangsa manungsa!” mangkono unine swara gaib wau.
Lajeng Dewi Suwido nuruti swara wau. Dheweke mlaku menyang arah kidul lan njegur ana ing laut Kidul.nalika dheweke mentas saka laut Kidul, kaya apa bungahe Dewi Suwido! Saiki rupane wis malih kaya biyene maneh. Lan Dewi Suwido nuruti swara wau, yaiku ora kumpul maneh karo bagsa manungsa.
Uwong jawa percaya yen Dewi Suwido nganti saiki tesih urip lan nguwasani laut Kidul. Lajeng terkenal karo aran ratu laut kidul.
Menika asale cerita Nyi Loro Kidul saka daerah Cilacap.