Senin, 07 Maret 2011

Nyai Ageng Bagelen



            Maha Prabu sri Kandihawan utawa Prabu Sowelocolo kang kuwasa ana ing krajan Medangkawit utawa Medangkamulan duwe anak 5 yaiku: Raden Jaka Panuhun, Raden Jaka Sanggarba, Raden Jaka Karungkala, Raden Tunggulametung, lan Raden Petungtantara. Raden Jaka Panuhun kang pinter ing babagab tetanen, ngganti Prabu Sri Kandihawan dadi raja lan mindhah ibu kota krajaan ing Pagelen.
            Raden Jaka Panuhun duwe anak loro cacahe nanging cacat kabeh, kalorone cebol lan kerdhil, dhuwure mung sadhuwure tongkat bedhil. Weruh anake kang kaya mangkono kuwi, Raden Jaka Panuhun sedhih lan pungkasane dheweke tapa brata nyuwun marang Kang Kuwasa. Raden Jaka Panuhun oleh pituduh saka swara gaib  sing akon supaya dheweke nikah karo putrine ki Buyut Somolangu. Saka kuwi, Raden Jaka Panuhun duwe putra sing jenenge Raden Bagus Jaka Pramana.
            Sri Getayu adhine Raden Jaka Panuhun sing pinter ing babagan agama, marentah ing Pamegatan. Kasalehanne ing babagan agama agawe asring ninggalake negara kanggo tapa brata. Sri Getayu duwe putra sing jenenge Raden Kayumutu. Raden Bagus Jaka Pramana sawise dhiwasa ngganteni bapakne marentah ing Pagelen kanthi gelar Sri Panuhun II. Sri Panuhun II duwe putri sing jenenge Dyah Ayu Roro Wetan. Raden Kayumutu sawise dhiwasa uga ngganteni bapakne marentah ing Pamegatan. Raden Kayumutu duwe putra sing jenenge Raden Jaka Awu-Awu Langit.
            Dyah Ayu Roro Wetan salah sijine putri sing ayu kaya dene Dewi Kamaratih. Kabar kondhange putri sing ayu kuwi nganti tekan plosok-plosok negri, ora kejaba kabupaten Wingka kang diparentah dening Raden Tumenggung Wingka, salah sijine wong kang duwe watak atos, ati getas, kasar, lan brangas. Raden Tumenggung Wingka duwe ati marang Dyah Ayu Roro Wetan lan pengin nglamar dheweke supaya dadi bojone. Raden Tumenggung Wingka akon ki Wedana Braja supaya nglamarake anake Sri Panuhun II yaiku Dyah Ayu Roro Wetan. Sri Panuhun II nesu krungu pangakune ki Wedana Braja kang dadi kongkonane Raden Tumenggung Wingka amarga ora gelem ngadhep panduwure lan nglangkahi andhap asor.
            Raden Tumenggung Wingka ora trima marang panolake Sri Panuhun II. Dheweke duwe rencana arep nggempur krajan Pagelen. Rencanane enggal-enggal digawe. Sri Panuhun II ngrasa jengkel lan anyel marang polahe Raden Tumenggung Wingka. Kango ngilangake rasa jengkele, Sri Panuhun II lunga neng alas karo pangawale kanggo mbeburu satwa liar.
            Raden Tumenggung Wingka enggal-enggal nglakoni rencanane. Dheweke lan rombongane enggal-enggal nyerbu krajaan Pagelen. Ndilalah krajan sepi amarga para pengawal lagi ngeterake Sri Panuhun II mbeburu ana ing alas, Raden Tumenggung Wingka enggal bisa mlebu ana ing jero krajaan. Raden Tumenggung Wingka kasil nrobos mlebu lan nggoleki Dyah Ayu Roro Wetan. Permaisuri Sri Panuhun II kaget krungu reribut lan enggal-enggal nggoleki Dyah Ayu Roro Wetan sing lagi turu. Pawarta saka ibune durung rampung, lawang keputren wis didhobrak. Pamungsuhan karo Raden Tumenggung Wingka kadaean ana kono kanggo mbela awake dhewe. Kakuwatane Dyah Ayu Roro Wetan ora sabandhing karo Raden Tumengung Wingka, Dyah Ayu Roro Wetan semaput saengga niyate Raden Tumenggung Wingka katurutan kanggo nyulik Dyah Ayu Roro Wetan.
            Sri Panuhun II kang lagi mbeburu ngrasakake pirasat kang ora apik, mula enggal-enggal dheweke lan rombongane mulih ana ing krajan. Kasep kanggone Sri Panuhun II, krajaan Pagelen wis morat-marit. Sri Panuhun II enggal-enggal nggoleki permaisuri lan anake, nanging sing ditemokake mung permaisuri kang semaput. Sawise sadhar, permaisuri enggal-enggal nyritakake kadadean kang lagi wae dumadi. Sri Panuhun II nyerbu demi  kaurmatane Pagelen arepa tangane wis kakuras amarga lagi wae mbeburu ana ing alas.
            Raden Tumenggung Wingka ngerti yen mungsuh mesthi bakal teka kanggo mbales kalakuwane, mula dheweke siyap jaga sakabehe kanthi masang telik sandi ing kabeh panggonan krajaan. Sri Panuhun II tekan ana ing kabupaten Wingka lan enggal-enggal entuk serangan amarga dheweke wis siyap. Paperangan antarane Raden Tumenggung Wingka lan Sri Panuhun II kadadean ana kono, nanging kasektene Raden Tumengung Wingka pranyata ora bisa disepelekake. Raden Tumenggung Wingka menang. Sri Panuhun II kena ing gegamane Raden Tumenggung Wingka, awake gumletak tanpa daya. Raden Tumenggung Wingka ngira yen mungsuhe wis mati banjur mbuwang Sri Panuhun II lan prajurite ana ing kali Lerang. Pagelen enggal-enggal dikuwasani dening Raden Tumenggung Wingka.
            Raden Kayumutu lan Raden Jaka Awu-Awu Langit ngliwati kali Lerang kanggo lunga nyekar ing leluhur. Katon saka kadohan ana wong keli. Rombongan Raden Kayumutu enggal-enggal nylametake wong-wong kasebut kang salah sijine yaiku Sri Panuhun II. Sri Panuhun II digawa ana ing Pamegatan. Sawise sadhar, dheweke nyritakake kadadean paperangane karo Raden Tumenggung Wingka. Rumangsa dadi sedulure, Raden Kayumutu arep ngewangi Sri Panuhun II. Raden Kayumutu ngundang putrane Raden Jaka Awu-Awu Langit lan arep mbales kalakuwane Raden Tumenggung Wingka kanthi cara adu pitik jago. Raden Jaka Awu-Awu Langit nggawa “Awu Bendo”, sing sing cakar lan kukune landhep banget lan bisa mbekas ana ing watu.
            Raden Tumenggung Wingka ngrasa sedhih lan nggresula amarga Dyah Ayu Roro Wetan ora gelem dadi bojone. Raden Jaka Awu-Awu Langit teka ana ing krajan Wingka kanggo perlu adu pitik jago lan disambet kanthi apik dening Raden Tumenggung Wingka amarga dheweke seneng dolanan kaya kuwi sisan kanggo nglipur kasedhihane amarga saka panolake Dyah Ayu Roro Wetan. Raden Tumengung Wingka mungsuh Awu Bendo duweke Raden Jaka Awu-Awu Langit nganggo Galih Ireng. Kalodhangan kuwi digunakake kanthi tenanan. Nalika kabeh lena, tanpa mikir dawa maneh Raden Jaka Awu-Awu Langit nyundukake keris pusakane ana ing awake Raden Tumenggung Wingka lan sanalika kuwi Raden Tumenggung Wingka tiwas. Pangawale nyerah tanpa nglawan maneh weruh majikane wis mati.
            Raden Jaka Awu-Awu Langit kasil nggawa Dyah Ayu Roro Wetan kanthi slamet. Sri Panuhun II nyambut kamenangane Raden Jaka Awu-Awu Langit kanthi seneng. Pagen wis ana ing tangane lan Dyah Ayu Roro Wetan dinikahke karo Raden Jaka Awu-Awu Langit, Raden Jaka Awu-Awu Langit dadi gantine Sri Panuhun II kanthi gelar Adipati Cokropermono.
            Dyah Ayu Roro Wetan lan adipati Cokropermono duwe anak telu jenenge Roro Pitrang, Roro traker, lan sing ragil Bagus Gentho. Adipati Cokropermono seneng nenandur kaya nandur pari lan dhele sarta ngingu sapi, wedhus, lan iwak sepat, dene Dyah Ayu Roro Wetan seneng nenun nggawe bathik. Dyah Ayu Roro Wetan duwe payudara sing dawa banget saengga yen anake arep netek gari nyampirake ana ing buri. Ing sawijining wektu, Dyah Ayu Roro Wetan lagi sibuk ujug-ujug dheweke ngrasakake ana sing netek saka buri. Ngira yen iku anake Dyah Ayu Roro Wetan meneng wae. Ora let suwe Adipati Cokropermono ana ing kono lan enggal-enggal ngelikake Dyah Ayu Roro Wetan supaya ngendhegage gaweyane lan nengok ana buri. Dyah Ayu Roro Wetan nuthuk pedhet nganggo palang kanthi nesu.
            Adipati Cokropermono nakokake ana ing ngedi anak-anake. Nanging sing ana ing kono mung Bagus Gentho. Dyah Ayu Roro wetan kandha yen wiwit mau Roro Pitrang lan Roro Traker melu Adipati Cokropermono lunga., mung Bagus Gentho sing ana ing kono. Kalorone banjur nggoleki anake sing ilang, nganti ana abdi sing teka lan ngabari yen abdi mau weruh anake lagi dolanan lan mlebu ana ing lumbung.
             Dyah Ayu Roro Wetan lan Adipati Cokropermono enggal-engal akon para abdi kanggo ngosongake kabeh lumbung sing kebak pari. Ngrasa yen ora sabar weruh tumandange para abdi kang rada alon, Dyah Ayu Roro Wetan njupuk galah lan ngudhek isi lumbung kasebut kanthi ceceran, kuntal menyang endi-endi. Sawise entek, katon anak lorone mau teturon lemes ana ing pojok. Kalorone wis ora ana nyawane.
            Dyah Ayu Roro Wetan krasa jengkel lan anyel marang Adipati Cokropermono. Adipati Cokropermono dhwe ora trima yen disalahake, mbalekake kaluputane marang Dyah Ayu Roro Wetan, mula kalorone banjur padu. Adipati Cokropermono ngrasakake yen padu kaya kuwi ora ana enteke, mula dheweke pengin pisah lan arep mulih ana ing Pamegatan Awu-Awu Langit. Dyah Ayu Roro Wetan nyarujuki panjaluke bojone. Pungkasane kalorone pisah. Dyah Ayu Roro Wetan netep ana ing Pagelen, nerusake pamarentahan dadi putri panguwasa kanthi sebutan Nyai Adipati utawa Nyai Ageng Bagelen.
            Nyai Ageng Bagelen ngetokake supata kanggo anak putuneb, yaiku ora entuk lelungan nggolek rejeki ing dina Anggara Kresna (Selasa wage), ora entuk nandur pari pulut ketan ireng, ngingu sapi ireng, kabeh wanita Bagelen uga ora entuk ngango klambi Sendhang Gadhung Mlathi, tapih lurik warna ijo, lan kemben bango tulak.
            Nyai Ageng Bagelen marentah Pagelen nganti tuwa lan pungkasane seda. Sasedane Nyai Ageng Bagelen, Bagus gentho ngganteni ibune marentah Pagelen.


TRADISI “PASAR SENGGOL” ING KEBUMEN


            Pasar kang ora saben dhaerah bisa ditemokake yaiku Pasar Senggol. Anane mung neng dhaerah Kebumen. Papan dununge ing dhusun Selang. Yen pasar kaya biasane manggon ing salah sijining papan kang mligi kanggo dodol para bakul. Bakul iki padha ngandhakake regane barang amrih dienyang wong-wong kang pengin tuku barang mau. Beda karo ing pasar senggol, ing kono para bakul amung nggelar dagangane sinambi melu ngramekake kahanan ing kono ora merga golet bathi. Ing pasar umum uga ana “bango” papan kanggo nggelar barang dagangane. Yen ing pasar senggol bakul-bakul padha jejer-jejer ing pinggir dalan.
            Pasar senggol manggon ing saturuting dalan gedhe ing dhusun Selang. Dalan iku arane dalan Kutoarjo. Dalan kang kagolong salah sijining dalan kang rame kanggo lalu lintas kendaraan tumuju alun-alun Kebumen utawa pusat kota Kebumen. Nalika ana pasar senggol kahanan dalan mau dumadakan owah . Dalan kang maune amung kanggo jalur lalu lintas saiki owah dadi pasar kang tumpek breg, kaya-kaya wong sekabupaten Kebumen kumpul kabeh neng kono.
Dawane pasar kuwi kira-kira 500 meter kebak dening bakul-bakul kang nggelar barang dagangane. Mila ora gumun yen pasar senggol njalari dalan Kutoarjo dadi macet. Yen motor tesih bisa liwat nanging kudu alon-alon sembari sikile mudhun ing dalan, merga banget akehe wong-wong kang padha nggejubel ing dalan. Ananging mobil ora bisa ngliwati dalan iku, kudune milih dalan alternatif yaiku dalan Tamanwinangun.
Barang kang digelar para bakul klonthongan ing pasar senggol yaiku jajanan pasar, maneka warna panganan, sandhangan, dolanan, pernak-pernik kanggo wong wedon, kembangan lan tesih akeh maneh. Kahanan pasar senggol mung sedina, yaiku wiwit esuk nganti tekan bengi nembe rampung kira-kira jam rolas wengi. Kamangka mung sedhela nanging sing padha teka nganti ewonan wong ngumpul ing dalan Kutoarjo kuwi. Merga tradisi pasar senggol iki namung dipengeti setaun pisan, mila wong-wong Kebumen ngrasa dadi perkara kang kudu dilakoni yaiku kudu teka ngrameni pasar kuwi aja nganti klewatan.
Ora mung bocah enom kang madhati pasar iki, akeh bocah cilik, bapak-bapak lan ibu-ibu sing pengin nonton pasar sing mung dipengeti setaun pisan iki, wong kang wis udhur uga ora kalah saing nekani acara kang sejatine amung kanggo bocah enom. Mila ora gumun yen ora mung warga Kebumen kang ngrameni pasar kuwi, warga seka dhaerah Purworejo, Sokaraja lan Banyumas uga ora nglewatake kalodhangan golet jodho iki.
              Akehe wong kang padha teka ora niyat tuku barang tartamtu nanging amung mlaku-mlaku karo nyawang wong-wong liyane kang uga lagi mlaku-mlaku . Apa maneh bocah enom kang lagi masa puber, senenge mlaku mrana-mrene murih pengin didelokake dening wong-wong utawa pengin dadi pusat perhatian. Nanging ya uga ana sing tenanan teka merga tuku barang kang dipengini ora mung mlaku-mlaku.
            Ajang golet jodho, sebatan kanggo pasar senggol. Khususe para bujang kang kangelan golet jodho. Ora kalah saing, para prawan uga nyengkuyung acara kaya mangkene. Ana kapercayan kanggo sapa bae kang lagi golet bojo bakal ketemu karo jodhone utawa kanggo bocah enom kang lagi golet pacangan bakal ketemu karo sing diidham-idhamake. Nyatane ya akeh wong sing entuk jodho sakwise nonton pasar senggol iki. Nanging kabeh iki gumantung marang pribadhine dhewek-dhewek. Yen wonge sumeh, srawung marang wong liya, cepet akrab karo wong sing durung dikenal mesthi bakal cepet kaparingan jodho. Nanging yen wonge ora gelem ngejak kenalan, ora ngajeni marang wong liya mesthi bakal kangelan golet jodho.
            Kahanan kang rame ing pasar senggol ora disia-siakake dening para warga Selang kanggo ngenalake produk-produk panganan kang khas seka Selang. Ana jipang kacang kang legit banget rasane, merga akeh kacang lan gendhise. Bocah cilik biasane seneng jajanan kaya mangkono. Uga ana lumpia isi urang kang gurih, pas banget kanggo lawuh mangan. Ora kalah enak, ana pisang gaweyane warga Selang kang maknyleng lan gurih banget beda karo gaweyane dhaerah liyane. Ana maneh panganan kang wis kawentar saka dhaerah Kebumen yaiku lanthing, rupane kaya angka wolu, rasane maneka warna, ana rasa keju, pedes, bawang lan rasa jagung. Panganan liyane kang uga gaweyan asli warga Selang yaiku geplak jahe, unthir-unthir cacing, unthuk cacing, cistik kang digawe seka gandum lan tesih akeh maneh. Kabeh mau digawe dening warga Selang kanthi cara kang tradisional, tesih nganggo tangan utawa ngandhalake tenagane dhewe. Panganan kuwi digawe dening ibu-ibu rumah tangga ing omah-omah istilahe home industri.
            Pasar kang namung dipengeti ing sasi Maulud tanggal 25 iki ngepasi dina laire Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Pasar iki dipengeti kanggo sarana raos syukur warga Selang dening Gusti Kang Maha Kuwasa kanthi cara nganakake acara pasar senggol kang dienggo warga kanggo sarana golet jodho. Sejatine pasar senggol iki dudu jeneng pasar asli, nanging merga ing kono padha senggol-senggolan bokong, nuli diarani pasar senggol. Sejatine ya ora mung senggol-senggolan bokong, nanging uga padha senggol-senggolan tangan lan perangan awak liyane. Iku sing disenengi dening bocah enom, utamane bocah lanang sing senenge padha nggleweh bocah wedon, nanging sing digleweh ya padha geleme.
            Tradisi pasar senggol kudu dilestarekake murih ora klelep ing jaman kang sarwa canggih lan modern. Uga bisa dadi sarana kanggo promosi budaya lan pariwisata dhaerah Kebumen. Ora mung ngono, tradisi pasar senggol uga bisa dadi sarana kanggo ngraketake hubungan wong-wong kang maune ora padha kenal owah dadi kaya sedulur.