Kamis, 03 Februari 2011

SI BOCAH BAJANG


            Menawa dhewe teka neng objek wisata Dataran Tinggi Dieng, dhewe bakal nemoni bocah-bocah kang duwe rambut gimbal. Wong-wong nang tlatah kono njenengi bocah-bocah kang duwe rambut gimbal kuwi kanti aran “bocah Bajang”.

            Pratandhane bocah bajang wis bisa dideleng wiwit bayi umur 40 dina. Biasane si bocah awake panas banget. Wong-wong neng Dieng pracaya menawa bocah-bocah bajang kuwi bocah kesayangane roh-roh ghaib kang nunggoni Dataran Tinggi Dieng kang dititipke Nyai Roro Kidul. Dadine menawa wis tekan wektune, bocah-bocah kuwi bakal disuwun dening Nyai Roro Kidul. Amarga kuwi, si bocah bajang mesthi diayomi kanthi premati banget. Apa wae kang disuwun bocah bajang mesthi dikabulake. Menawa ora, wong tuwane pracaya bakal nemu piweleh lan alangan kang gedhe. Amarga kuwi kanggo wong tuwa kang duwe bocah bajang, wektu bocahe umur 6 taun kudu nganakake ruwatan kanggo nyukur rambut gimbale minangka pratandha masa titipan bocah saka Sang Ratu wis dipungkasani utawa rampung wektu kuwi uga.
Mitos liyane nyebutake, jare si bocah bajang kang wis ana wiwit atusan taun biyen iki yakuwi titisane Kyai Kaladhete, manungsa kang pisanan mbukak Daerah Dieng. Kyai Kaladhete tau nggawe sumpah ora bakal siram lan nyukur rambute sakdurunge desa kang nembe wae dibukak kuwi durung makmur. Dadine menawa sakwise kuwi ana bocah putune kang duwe rambut gimbal, kuwi pratandha menawa desane bakal reja. Amarga kuwi dibutuhake ritual khusus kanggo nyukur rambut gimbale supaya ora ana kedadean ala ing tembe buri.
            Dene prosesi ruwatan kang dipimpin langsung dening tokoh spiritual kuwi ana aturan kang wis gumathok lan kudu dilakoni supaya tekan puncak acara bisa diadohke saka gangguane jin lan setan. Dene aturan kuwi yaiku wajib nglakoni lakon spiritual menyang pirang-pirang panggonan kaya Tuk Bimo Lukar, kanggo nyuwun ijin marang Sang Bahurekso, Pangeran Bimo,  banjur menyang puncak Gunung Kendil. Kanggo ngaturake caos dhahar (persembahan) marangt roh leluhur Kiai Kaladete lan Nyai Larascinde banjur kang pungkasan menyang Pertapaan Mandalasari Gua Semar kanggo nglakoni semedhi. Isuke, prosesi ritual nyukur rambut diwiwiti nganggo pagelaran seni tradisional tari topeng, kang disuguhake kanggo nyenengake  para penguasa jagat mistik dedemit. Bar kuwi, si bocah kang diruwat dimunggahake nang dhokar kanggo diarak menyang Telaga Warna, diiringi barisan kang nggawa sesajen lan barang-barang kang disuwun si bocah bajang. Menawa kabeh wis cumawis, nembe rambut gimbal dicukur marang tetua desa banjur cukuran rambute digawa menyang Nyi Roro Kidul kanti  cara dilarung. Jarene, menawa panyuwune si bocah ora dikabulake dening wong tuwane, rambute bakal gimbal maneh.



PATILASAN JARAN SEMBRANI


Mitos Saking Kedu

            Ana ing desa Ketangi, kecamatan Kaliangkrik, kabupaten Magelang. Ana ing kedhung desa ketangi kang biasane digunakake masyarakat, ana watu ing sapinggire kedhung mau masyarakat sakiwa tengene percaya petilasan jaran ing watu kuwi tapak jaran sembrani. Miturut crita sesepuh desa nyeritakake menawa ana jaran duwe suwiwi napakake sikile ning watu. Crita crita saka masyarakat menawa jaman biyen jaran sing bisa mabur kuwi lagi leren ngombe ana ing sapinggire kedhung, ananging kaget amarga ana pawongan kang ngonangi weruh jaran senbarani kuwi, saka kagete jaran sembrani mabur lunga lan salah siji sikile njejak watu nganti napak. Pancen bener bisa dibuktikake anane patilasan jaran sembrani mau kuwi, amarga ana tapak jaran ning watu jerone kira kira 2 cm.
            Masyarakat sakiwa tengene uga percaya menawa patilasan jaran sembrani kuwi mujarab. Biasane menawa ana sing duwe ana cilik durung bisa mlaku banjur di jak ning petilasan jaran sembrani, bocahe dikongkon ngidak idak watu petilasan tapak jaran sembrani. Nanging pancen mujarab bocahe ora let sedela bisa mlaku thimik thimik, kuwi bisa dibuktikake amarga ana ing kono masyarakat sakiwa tengene asring nggowo anak cilike yen durung bisa mlaku menyang patilasan jaran sembrani. Nanging kabeh kuwi mung kapercayan lan anane crita saka masyarakat.
            Tekan seprene jarene masyarakat ana ing kana jaran sembrani mau isih asring ngetok ning sekitar kedhung anggone napak ana ing watu kuwi. Amarga akeh sing weruh, biasane jaran sembranine ngetok wayah surup. Crita kaya ngono kuwi bisa dipercaya bisa ora.