Minggu, 02 Januari 2011

Cerita rakyat saka brebes

SAKA SINDANG WANOH DADI JIPANG

Cerita iki kawiwitan saka lelakone Sutawijaya kang nembe mudun saka Gunung Kumbang ing tlatah Salem pinuju marang Karawang, merga wis bubar anggone mertapa. Sak suwene ana ing Karawang dheweke banjur mulih ngetan tinuju marang Banyumas. Ing Banyumas, Sutawijaya malah ganti jeneng dadi Angkawijaya.

Ora nyana ora nyangka yen ing Banyumas dheweke ketemu karo musuh bebuyutane. Adipati saka Jipang kang jenenge Arya Panangsang iku musuhe mau. Merga loro karone wis nduweni dendam kawit mbiyen, banjur loro karone uga nerusake pertarungane.
Ana ing paprangan kuwi Arya Panangsang nglakokake jaran kang nduweni warna kulit kelabu, banjur lawane yaiku Angkawijaya malah kawalikane, dheweke malah nglakokake jaran wedok. Merga kekurang waspadane Arya Panangsang, dheweke kena serangan saka Angkawijaya kang ngenani wetenge. Sanadyan wetenge mau wis kena saka tombake Angkawijaya nanging dheweke malah tetep nerusake anggone perang karo Angkawijaya. Merga Arya Panangsang kuwi wonge ora bakal kenal karo sing jenenge lara.
Sanadyan wetenge mau lagi lara merga kena tombake Angkawijaya kang wis wisuwur karna kelandepane kuwi, anggawe usus kang ana ing wetenge Arya panangsang iku metu lan bisa ketok mata banget. Nanging dheweke uga tetep terus anggone nerusake perange merga dheweke wis kadhung lara ati marang Angkawijaya. Supaya usus kang metu iku ora nganggu tingkah lan lakune, Arya panangsang banjur nglilitake ususe marang bangkean lan ing pucuke kerise dheweke.
Ana ing salah sijineng perkara, kang nggawe rada kuciwa, mergane perkara jaran kang dienggo dening Arya panangsang kanggo ngoyak Angkawijaya mau jaran lanang, lan jaran kang  dienggo dening Agkawijaya mau jaran wedok. Sanadyan jaran wedok mau terus ngoyaki jaran lanang, nanging  Arya panangsang  uga tetep ngadohi supaya bisa mlayu saka kejarane Angkawijaya.
Saksuwene pirang-pirang dina anggone Arya Panangsang munggah-mudhun gunung, nyebrang ana pirang-pirang kali uga mlebu-metu ana ing kebonan wis dilakokake kanggo lunga saka kejarane Angkawijaya. Banjur dheweke tekan ana ing salah sijine desa kang wis kalebu ing kawasan Bumiayu,. Sindangwanoh jenenge desa kuwi. Sak suwene Arya Panangsang tekan ana ing Sindangwanoh, dheweke banjur ngaso ing bukit kang kiwa lan tengene diapit dening kali. Tujuane dheweke mung kepengin mbalekake tenagane sing ilang merga bar mlayu saka kejarane Angkawijaya.
Sakwise dheweke mbalekake tenagane, dheweke banjur nerusake lakune, nanging dheweke malah lali karo keadaane awake kang lagi lara merga wetenge bar kasuduk dening Angkawijaya. Banjur merga kena goncangane jaran kang ditumpaki dheweke, usus kang dililitake marang pucuke keris mau tugel, merga kerise mau obah  kena goncange jarane kuwi. “aduh…” swarane Arya Panangsang nahan larane, banjur ora let suwe Arya panangsang sedo ana kono.
Kepriye karo Angkawijaya? Dheweke uga ora nduweni rasa putus asa anggone ngejar Arya Panangsang. Sakdawane dalan kang dilewati, dheweke uga karo ngematake tapak jaran kang ngecap ana sakdawane dalan mau. Mula ora kaget yen dheweke banjur ngerti yen Arya Panangsang pernah ngaso ana ing salah sijine bukit ing Sindangwanoh. Saka penduduk kana dheweke uga ngarti yen Arya Panangsang wis seda ana kana.
Nalika Brebes dipimpin dening kanjeng kyai utawa Surya Singosari Pranata Yuda, iku tau nganakake tilikan marang Sindangwanoh kang tujuane pengen nggawe dalan tembusan saka Sindangwanoh parak lurus ngulon marang Terlaya. Nanging para rakyate ngerasa kuciwa mergane sawahe kang ana ing jalur kuwi engkone ditutup kanggo keperluane gawe dalan. Banjur para wargane mau nggawe alesan yen tanah kana kuwi kerep kena longsor. Kanjeng kyai ora kalah pinter karo wargane, merga dheweke kerasa yen wis diapusi dening wargane. Banjur kanjeng kyai nyupatani “yen ngono dadia kaya sing wis dikarepi”. Sakwise kadadean mau, saben taune ing daerah kono mesthi kena longsor terus.
Bibar kadadian mau, banjur kanjeng kyai malah kapincut karo bukit cilik kang sak kiwa tengene kaapit dening kali. Ana kana kanjeng kyai oleh carita saka penduduke yen mbiyene ing kana pernah dienggo ngaso dening Arya panangsang/adipati jipang nalika dheweke lagi dioyak dening Angkawijaya. Sakwise ngerti crita kaya ngono, kanjeng kyai banjur ngganti jenenge Sindangwanoh dadi Jipang.

LEGENDA DESA BERAHAN

Miturut carita, menawa Desa Berahan kuwi nduweni legenda. Nalika ing zaman ndhisik ing tlatah Kecamatan Wedung iseh sepi wargane amarga isih rupa alas. Ing sawijining dina teka ana wong kang asma Kanjeng Raden Burhan, dheweke kuwi sawijining pemuka agama Islam. Nalika wis tekan ing tlatah Wedung, Kanjeng Raden Burhan mlaku terus nganti tekan Desa Berahan. Ing wektu kuwi Desa Berahan uga iseh rupa alas, mula Kanjeng Raden Burhan nduwe tekad arep mbabati tanduran ing Desa Berahan nganti enthek. Kanjeng Raden Burhan kersa mbabati amarga dheweke wis krasa krasan urip ing tlatah kana lan dheweke uga wis nduwe pepinginan arep urip utawa omah-omah ing kana.
Kanjeng Raden Burhan urip karo bojone ing Desa Berahan. Ndhisike Desa Berahan kuwi durung dhuwe jeneng, sakbubare tanduran wis padha dibabati karo Kanjeng Raden Burhan, dheweke terus ngendika yen tanduran kang ana kene kok akehe ngene yo, ambrah-ambrah ora karuan, mula desa kuwi diarani Berahan.
Ndhisike wong kang urip ing Desa Berahan namung Kanjeng Raden Burhan karo bojone, nanging saya suwe saya akeh amarga saka anake dhewe Kanjeng Raden Burhan karo para warga saka desa liya.
Amarga Desa Berahan gedhe, mula dipisah dadi loro yaiku kang sisih wetan diarani Berahan Wetan lan kang sisih kulon diarani Berahan Kulon. Berahan Kulon kang dadi panggonane Kanjeng Raden Burhan sakulawarga.
Bedhane Berahan Kulon karo Berahan Wetan ora namung panggonane, gedhene desa uga dadi bedane. Menawa Desa Berahan Kulon kuwi desane cilik, wargane sithik nanging bandha desane akeh. Menawa Berahan Wetan desane gedhe, wargane uga akeh, desane kapisah-pisah maneh dadi akeh dusun, lan bandha desane akeh. Kang dadi wates antarane Desa Berahan Kulon karo Desa Berahan Wetan yaiku kali.
Sakiki Kanjeng Raden Burhan kang dadi perintis Desa Berahan wis suwe seda. Kanggo ngormati jasane dheweke, Kanjeng Raden Burhan dimakamake ing mburine Mejid Jami` Al Burhan, yaiku masjid Desa Berahan Kulon. Nanging makame bojone Kanjeng Raden Burhan ing Desa Wedung ora sesandingan karo makame Kanjeng Raden Burhan.
Ndhisike makame Kanjeng Raden Burhan ora dirumati karo warga, nanging sakwise ana kadadeyan-kadadeyan kang dianggep aneh mula para warga gotong royong mbangun makame Kanjeng Raden Burhan.
Makam Kanjeng Raden Burhan nganti sakiki isih dirumati kanthi gemati mula isek apik. Menawa ana apa-apa kang rusak cepet-cepet didandani. Kanggo ngeling-eling jasane Kanjeng Raden Burhan nalika tanggal 1 Sura dianakake khoul.
Neng Desa Berahan Kulon kuwi ana Mejid Jami` Al Burhan kang sejatine kuwi gaweyane Kanjeng Raden Burhan. Mejide kuwi ndhisike bangunane kaya Masjid Agung Demak. Ing Masjid Agung Demak ana lawang bledege, ing Berahan Kulon masjide uga ana lawang bledege. Nanging sakiki mejide wis akeh kang diowah-owahi amarga wis tuwa.
Nalika Kanjeng Raden Burhan taksih gesang, dheweke nduwe kawibawan lan sekti mandraguna lan diajeni karo warga. Anggone nyebarake agama Islam nganti ngrembaka.
Ing carita yen putri Dewi Amiswati putrane Prabu Brawijaya, raja Majapahit kang pungkasan, kepingin sowan ing daleme kanjeng Raden Burhan amarga dheweke kepingin namba penyakit kulite. Dewi Amiswati gandhane amis, gudhigen mula dheweke kepingin namba supaya waras. Dewi Amiswati sakwise tekan ing Desa Berahan Kulon kepanggih kaliyan Kanjeng Raden Burhan kang kaya disaranake, dheweke banjur diutus Kanjeng Raden Burhan supaya adus ing Sendhang Kencana. Ing carita Sendhang Kencana kuwi panggonane adus bidadari saka kahyangan, lan Sendhang Kencana kuwi dalan kang tumuju kuburan ing Desa Berahan Wetan karo Dukuh Ketapang. Ing kuburan kuwi ana sumure kang ajaib, banyune bisa kanggo tamba warga liya-liyane, menawa ana bayi kang lair driji tangane utawa driji sikile kumpul, lan menawa ana bayi kang lair embon-embonane wis thukul rambut putih yaiku namung ana embon-embon.
Kebeneran ana bayi loro lair kang diajab mau ana. Mula banyu saka sumur mau bisa kanggo tamba warga kana lan liya-liyane. Amarga ana kadadeyan kaya mau, ndadekake dukane Pemerintahane Landa, amarga bisa nggawe cuwane dokter. Terus sumur mau diurug lan ditutup karo Landa nganti sakiki.
Dewi Amiswati saklebare adus ing Sendhang Kencana mau mbasuh pasuryane lan kulite dadi waras lan gandane malih dadi wangi, ora amis maneh. Kanggo mbales budine Kanjeng Raden Burhan, Dewi Amiswati ora gelem bali menyang Majapahit nanging ngabdi karo Kanjeng Raden Burhan lan gelem didadekake bojo. Saklebare Dewi Amiswati seda, dheweke dimakamake ing mburine mejid Berahan Wetan, Kanjeng Raden Burhan dimakamake ing mburine Mejid Jami` Al Burhan Berahan Kulon lan bojo kang tuwa dimakamake ing mburine Mejid Al Falah Wedung. Asal usul tembung Wedung kuwi amarga Kanjeng Raden Burhan mbabat alas ing kana, alate kang jenenge Wadhung ilang, lan ilange kuwi ing kali mburine Balai Rama Wedung. Nganti sakniki Wedung dadi jeneng Kecamatan.
Ndhisike carita wong-wong tuwa cedhak karo ilange Wadung ing kreteg, menawa ana wong kang liwat atawa nyebrang ngambet gandha banger, banjur ngidu teras kemawon tutuke wong mau perot.
Mula carita asal usul Desa Berahan Kulon mau ditulis ing buku gedhe nganti kertase mangkak lan tulisane nganggo tulisan arab gundul. Berahan saka tembung ambrah-ambrah ora karuan maksude akeh bandha desane, wong Jawa pakulinane ngucapake Berahan.
Ing Desa Berhan Kulon sisih kidul ana mejid tiban amarga ujug-ujug ana mejid lan menawa wis mlebu wektu sholat, bedhuge muni dhewe. Kadadeyan kaya mau ana terus naganti suwe. Amarga ing wektu kuwi kampung mejid kana ana seni budaya barongan utawa jaran kepang utawa jathilan lan wargane lali marang Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, kang dielingi namung jathilan. Lan anehe masjid tiban mau sirna utawa ilang lan bedhuge sakniki ana ing Mejid Terboyo Semarang lan ana tulisane Bedhug Berahan. Bebarengan karo ilange mejid tiban mau, malah ana tiban maneh yaiku Balai Rama ana ing sisih wetane lan madhepe adhep-adhepan karo mejid tiban mau. Balai Rama sakiki isih ana lan menawa wulan apit ana Sedekah Desa yaiku ringgit kanggo ngresiki desa. Papan kang dhisike ana mejid tibane sakniki dibangun Mushola Al Falah.      



SINTREN : Kisah Sulasih Lan Sulandana

            Katresnan tembung kang nandhakake rasa senenge marang liyan. Saka katresnan bisa gawe warna-warnane cerita. Saka critane kang nyenegake lan ana ga kang nrenyakake. Katresnan teka tanpa didga, ora ana kang bisa ngilangi rasa iki mau. Amerga kabeh ing dunya dadi saka tresna. Ora ana kang teka tanpa katresnan.

            Sultan Agung narendra ing Mataram. Ratu kang tansah adil, mila negarane tansa tentrem,makmur,gema ripah loh jinawi. Kaya mangkana nalika nagari Mataram kang lagi diadegi dene Sultan Agung. Kajaba saka pemimpinane uga saka para senopati kang tansa setya lan mumpuni. Salah sijine Ki Bahurekso.
            Ki Bahurekso, senopati kang anthuk lungguhan ana ing sadhawane pantai utara, awit saka kendal dumugi Pemalang. Senopati kang mumpuni, sakti, mandra guna. Saka rasa kasetyane, kabuktekake kanthi ngusir para landha utwa VOC kang njajah ing tanah jawa. Kajaba kuwi uga dheweke wong kang wani mbabad alas. Alas kang amba sakdawane dheweke liwat.
Alas kang amba mau, kajaba ake kewan kang mbebayani uga saka panunggune kang wujud saka makhuk liya. Pramila alas kang arep dibabat kuwi uga wingit kang wis misuwur ana ing kono. Wit-witan kang gede akeh tinemu ana ing alas kono. Nanging saka kasektene Ki Bahureksa bisa kasil mbabat alas amba mau. Kajaba mangkono uga saka para dhemit kang dadi ratune bangsane uga bisa katumpes dene Ki Bahureksa.
Ana sakwijining dina, Joko Bahu kang lagi nerusake lampahane katemu karo salah sijining kenya ayu kang lagi nglakoni tapa. Kenya mau ayu rupane. Saka panyawange dheweke dudu manungsa kang kaya adate. Amerga apa kang lagi katumindakake mertandani menawa kenya kuwi lagi nglakoni sala sijining lakune pandhita. Lan saka katemune kuwi, Joko Bahu bisa kapincut dene kenya kuwi.
            Ki Bahureksa kang misuwur tekan Pemalang asmane. Saka misuwure akeh wanita kang kapincut marang Ki Bahurekso. Dene saka akehe wanita kang teka, ki Bahurekso milih Rr. Rantamsari kang bakal ngisi dinane. Kacarita Rr.Rantamsari putri kang ayu rupane. Dene sejatine kenya ayu kuwi ya wanita kang lagi dadi pandhita. Kang katemu ana ing dalan nalika diutus Sultan Agung menyang Batavia. Ananging kajaba kautus ngusir Walanda, uga nggoleki wanita ayu kang tapa ana ing njerone wana kono. Ora liya kenya kang ditresnani.
            Joko Bahu kang wis kaobong geni asmara, ora bisa nglakokake tugase. Amarga saka kenya mau uga ora na rasa tresna marang Sultan Agung. Ananging jebul kenya ayu tanpa cacat iku tresna marang Joko Bahu. 
Saka katresnane bisa nyipta R. Sulandono. Satrya bagus, anak mas joko bahu kuwi nalika ngancik dewasa,seneng anggone lelungan, Nurut desa, mlebu wana. Waktu ning alas R.Sulandono tarung karo buto, banjur dimenangake R.Sulandono. Ananging tangane R.Sulandono cidra amerga kena sabetan kukune buta mau. Sakwijining dina,ing desa Kalisalah R.sulandono tinemu marang kenya ayu.Wanita kang kuning kulite,bangkekane mawon kemit lan dawa rambute kaya bidadari rupane. Tukul rasa tresna telenging ati R.Sulandono. Ya, pancen kenya kang ayu jaka endhi kang ora kesengsem.
            Sakwise tinepengan, jebul pada rasa kang tinemu saka kang mau. Kenya ayu kang asma Dewi Sulasih jebul kasmaran marang R.Sulandono. Nom-noman loro pada nandhang wuyung lan saka niyate, wong bakal urip bebarengan umekane kaki nini.
            Pramila, Dewi Sulasih di boyong menyang kadipaten. Ditemokake lan arep njaluk pangestu marang Romo biyung. Apa kasunyatane? kang rama Ki Bahurekso ora bisa nampa Dewi Sulasih, remuk atine wong loro. Nanging bekti marang wong tuwa kudu katindhakaken. R. Sulandono sido pisah karo Dewi Sulasih, lara rasaning ati.
            Nanging, saka babu seje. Kang ibu paring pangestu marang putrane R.Sulandono kautus tapa sulih. Kajaba saka iku uga diparingi Kacu kang bakal dadi lantaran kanggo bisa tinemu marang Dewi Sulasih. Dene Dewi Sulasih diutus dadi penari saben wayah resik-resik desa. Lan saka lantaran iku bocah loro bisa tinemu.
            Nalika tanggal limalas ngancik sasi purnama acara resik desa dianakake.Lan saka kana Dewi Sulasih nari kang bakal kalebon dene wadag alus dene kacune R sulandono diuncalake minangka obat kanggone.
            Saka carita Sulandono kang lagi kautus dene ibu tapa, nalika ngancik tanggal limalas deweke kapanggil dene sang ibu. Amarga sang ibu kajaba ayu parase, uga ndhuweni kasekten kang mumpuni. Saka kasektene, bisa ngundang rohe sapa kang dikarepake. Lan badan kasar kang ditinggal kanggo sakwetara wektu di isi karo bangsane lelembut.
Nalika titi wancine, Sulandono kang lagi tapa katimbalan ana sakjroning tapa. Rohe kang teka mau bakal ditemokake marang rohe Sulasih. Dene Sulasih kang diutus nari katimbalan uga rohe. Dene wadage utawa badan kasare kalebonan dene bangsane lelembut. Dadi sejatine kang nari ana badane Sulasih yaiku dudu Sulasih. Amerga Sualasih katemu karo Sulandono lan kang pada ketrajang asmara. Leloron pada kasmaran ananging ora ana ing alaming manungsa. Kadaden kaya mangkono kalakon nganti pirang-pirang taun.
Lelakon mau uga ana syarate kang ora enthuk katinggalake. Syarate yaiku Sulandono kang kaparingan kacu dene Sang Babu kudu kagawa. Amaerga kacu kuwi kanggo lantaran bisa bali maneh ana ing alam manungsa. Dadi saben tanggal limalas kacu kuwi ora tau lat ana ing tangane Sulandono nalika arep ketemu marang Sulasih.
Sakwijining dina, ana salah sijining bangsa jin kang ngganggu gawe dene Sulandono. Amarga saka tapane nggawe ribete bangsane jin kang mapan ana kono. Mila saka bangsa jin kang ana papan kono ngutus sapa kang bisa gawe mandege tapane Sulandono bakal dadi rajane bangsa jin. Kala Regi. Jin kang uga mumpuni.
Saben dina Dheweke ngematake Sulandono kang lagi tapa. Lelaku apa kang katindakake dene Sulandono, ngematake apa kang dadi wadine ngelmune Sulandono. Suwe anggone ngematake, lan jebul kasil. Kala Regi ngerti menawa Sulandono dhuwe gaman awujud kacu. Kacu kang bisa gawe metune roh lan narik jin kanggo nunggoni badane. Kala Regi kang wis mangerti menawa kacu kuwi kang dadi wadine mula golek cara kanggo gawe Sulandono lali nggawa kacu nalika arep katemu karo Sulasih.   
Tanggal Limalas padhang bulan, kaya adate Sulandono bakal ketemu karo Sulasih. Ananging ana sakjroning tapane Sulandono kaganggu dene Kala Regi kang kepengin nguculake kacu ana ing lengene. Kala Regi malih rupa dadi kupu. Kupu mau menclok ana ing sirahe Sulandono. Lan kupu kuwi matur menawa kepengen urip bebarengan lan langgeng karo Sulasih kudu nguculake kacu saka lengene. Sulandono kang pancen tresna marang Sulasih keprungu swara kuwi banjur goyah tapane. Dheweke wis kepengen bisa kumpul bareng tanpa ana kang misahake.
“He, Nger.... Sulandono.... katresnan kuwi suci, ora bisa kapisahake dene apa kang ana ing dunya. Mula menawa kepengen langgeng anggonmu katresnanmu lan ora ana kang nglarang mula uculana kacu kang gawe watesing wektu. Amerga Kacu kuwi kang misahake kowe leloron”, kandhane Kala Regi marang Sulandono kanggo nggoyahake tapane.
Sulandono kang pancen kepati anggone tresna mula alon-alon kacu kauculaken. Bungah atine Kala Regi weruh apa kang katindhakake Sulandono. Dene Sulandono nerusake anggone tapa amerga ya wis wayahe katemu karo Sulasih, kang kebak rasa kangen.
Wayahe wis teka. Wong loro ketemu kaya adate saben padhang wulan. Wong loro andum katresnan kebak rasa kangen. Dene papane dudu ana ing alaming manungsa. Jasad kang katinggalake mung gumletak ana ing lemah. Tanpa daya lan tanpa tenaga kang ana. Amerga roh kang ngisi badan kasar ana ing njaba lan ora bisa bali. Amerga Sulandono wis mblenjani janji tanpa ngganggo kacu nalika katemu marang Sulasih. Kasmaran ora bakal ilang rasa kuwi. Lan ora bakal mikir ana ing ngendi papan dununge. Kang ana mung rasa Kangen. Wong loro ora bisa bali maneh ana ing alam manungsa, padha langgeng ana ing alam kono.
Saka crita kuwi mula kang nari Sintren bakal kalebonan Ruhe Sulasih. Dene menawa kepengen bali mula kudu dibalang kabu.
Sulasih Sulandono
Biyen putih
Rak ngundang dewa
Dewane saking sukma
Widadari temuruna

Sintren iku salah sijine kesenian tradisional sing ana neng masyarakat sekitar pantura. Cerita Sulasih lan Sulandana kuwi sing ndasari anane sintren. Sintren kuwi tarian sing berbau mistis utawa magis. Kaya biasane, sintren dimainke karo wanita sing isih suci, direwangi karo pawange lan diiringi gendhing sarta penari pendamping lan bador (lawak). Penari bakal kalebon roh widodari sahingga penari bakal nari kanthi kahanan kesurupan.
Pementasan sinten diwiwiti karo prawan sing nari, klambine saanane, biasane klambi putih karo dikancani dayang loro. Banjur nyanyi-nyanyian ditembangke. Sawise kuwi, dalang naleni awake sintren nganggo tali karo maca mantra khusus. Banjur sintren kuwi semaput lan isih ditaleni. Sintren dileboke ing jero kurungan ayam sing ditutupi nganggo sinjang kanthi iringan mantra sang dalang lan tembang-tembang.
Banjur kurungan dibukak. Anehe, penari sintren kang mau ditaleni kuwi wis nganggo klambi penari sintren lengkap uga nganggo kacamata ireng. Kanthi semaput sintren terus nari, malah sintren bisa nari neng dhuwur kurungan ayam sing digawe saka pring. Sasuwene nari kuwi, sing nonton diolehke nari bareng karo sintren lan menehi duit saweran. Tarian iki rampung yen dalang nggawe gadis kuwi ora sadar sarta nglebokake maneh neng jero kurungan. Nalika dibukak, sing nari wis malih maneh nganggo klambi kaya maune lan awake isih ditaleni kaya wiwitane dileboke ing jero kurungan kae.
Crita sintren iki wis tau digawe novel. Ana penari sing arane Saraswati. Saraswati kuwi bocah prawan sing umure isih 12 taun, dheweke bocah lugu nanging pinter sekolahe lan nduweni tekad kuwat kanggo nglanjutake sekolah ing SMP. Ibune buruh nelayan, yen bapake tukang becak. Angele urip nggawe ibune sing nyinyir nduweni tekad kuwat njodohake Saraswati karo Kirman, anake juragan Wargo, majikane supaya bisa ngangkat uripe dadi luwih apik. Awite Saraswati nolak amarga dheweke isih pengen sekolah. Nanging amarga ibune meksa, Saraswati kepeksa gelem yen arep dijodohke karo Kirman.
Nanging sadurunge acara paningsetan, dumadakan juragan Wargo mbatalke niat njodohake anake. Saraswati krasa lega amarga yen ngono kuwi dheweke isih bisa nerusake sekolah.
Durung wae Saraswati lega, dumadakan Larasati wong sing isih golek penari sintren weruh yen Saraswati kayane bisa dadi penari sintren. Banjur Larasati wadul karo ibune Saraswati. Tanpa kandha dhisik karo bojo lan anake, ibune Saraswati gelem setuju lan langsung nrima duit panjer kanggo tandha dadi sarta nyerahake Saraswati dadi sintren. Saraswati lan bapake ora bisa nolak kekarepan ibune, apa maneh Saraswati diiming-imingi yen mbesuk bakal oleh duit akeh sing bisa kanggo nerusake sekolahe neng SMP.
Mula sawise nglakoni proses seleksi sing dilakokake karo Mbah Mo dalang sintren, Saraswati dinyatake lulus dadi penari sintren amarga saka akehe wong sing diuji, cuma Saraswati sing lulus saka ujian lan ora semaput utawa kesurupan nalika dilebokake neng jero kurungan ayam sing wis diwenehi mantra karo Mbah Mo.
Sawise Saraswati dadi sintren, dheweke sing maune lugu banjur dadi wong sing nduweni kharisma penari. Dheweke saiki wis ora katon bocah cilik maneh. Saraswati sing maune lugu lan sungkanan, saiki wis wani nglawan kanca-kancane sing ngeweng. Saraswati iya katon luwih dewasa, sakliyane kuwi aura sing ana neng awake mancarake keelokan lan kemolekane penari sintren sing nggawe wong lanang padha kesengsem lan pengen ngawini Saraswati.
Saraswati saiki dadi penari sintren sing kondhang, mula duite saiki akeh. Kekarepan nglanjutake sekolah neng SMP kelakon. Akeh wong lanang sing pengen padha nglamar. Nanging suksese kuwi kudu dibayar nganggo kedadean aneh sing ora ngenakake. Amarga Saraswati ayu banget, akeh wong lanang sing pengen dadi bojone, wong lanang sing isih bujang uga sing wis duwe bojo pengen padha nglamar Saraswati, kedadean iki sing gawe Saraswati dadi ora kepenak ing kampunge.
Saraswati akhire nrima pinangan saka wong lanang, nanging durung wae bojone ndemek, dumadakan bojone kuwi mati. Saraswati akhire dadi randha, nanging amarga isih akeh wong sing isih pengen ngawini Saraswati, dheweke akhire kawin maneh. Nanging kaya bojone sing pertama, bojone sing anyar uga mati sadurunge ndemek Saraswati. Kedadean iki terus wae ana. Tekan Saraswati kawin ping papat, nanging kabeh bojone padha mati ora wajar sadurunge ndemek Saraswati, dadi saiki Saraswati isih prawan.
Saraswati pancen penari sing sukses lan bisa nyenengake wong sing nonton. Nanging ana regane sing kudu dibayar, dheweke dianggep nggawa sial neng kampunge amarga angger ana wong lanang sing kawin karo Saraswati, wong lanang kuwi mesthi mati. Jare ana ing njero awake Saraswati ana roh gaib kang nglarang Saraswati krama amarga kuwatir yen Saraswati bakal mandheg dadi penari  sintren.