Rabu, 07 Desember 2011
Pitik tukung
Pitik tukung yaiku sawijining jenis pitik Jawa kang ora nduwe buntut. Pitik jenis iku dianggep keturunan sahingga ora bisa direka-reka diwenehi buntut kaya pithik umume, dongenge iku kaya ing ngisor iki.
Sunan Kalijaga,sawijining Sunan ing tanah Jawa sing wis misuwur saduluran karo Mpu Supa (tokoh legendharis sing pagaweyane tugang gawe keris sing ampuh. Sunan Kudus kang dadi tokoh ulama Islam. Dheweke asring dakwah ing tanah Jawa. BiasaneS Kalijaga sowan ing padhepokane Mpu Supa. Sunan Kalijaga kuwi sabendinane pasa sahingga ora ngrepotake Nyai Supa. Amarga saking kerepe Sunan Kalijaga sowan ing padhepokane Mpu Supa, Sunan nitipake ponakane supaya diwuruki sahingga dadi ahli keris kang mumpuni.
Ing sawijining dina, kaya biasane Sunan Kalijaga sowan ing omahe Mpu Supa lan disambut kanthi bungah. Sawetara wektu ndadekake pacelathon kang ngumbara maneka warna. Nalika tabuh awan, Sunan Kalijaga lan Mpu Supa jagongan.
"Ki Supa! Awake dhewe wis njagong nganthi kesel lan dina iki aku ora pasa. Aku kepengin mangan ing kene, kepengin ngrasakake iwak ing tambakmu. Kayane enak yen mangan iwak awan-awan ngene iki bareng ponakanku si Jebeng.”
"Adhuh, Kakang Kanjeng Sunan, kok ora ngomong dhisik yen saiki Kakang ngaso. Ngertia ngene dakjupukake iwake!” Wangsulane Mpu Supa. Sateruse kuwi Kanjeng Sunan Kalijaga mlebu langgar nindakake sholat Dhuhur.
"Sanalika Mpu Supa banjur njegur luru iwak kasenengane Kanjeng Sunan. Atine bungah banget yen bisa nuruti kepenginane sedulure sing wis misuwur ing tlatah Jawi dadi guru agama kang linuwih. Nanging bungahe mau luntur amarga sajrone jaring sing akeh iwake mau uga ana mayite si Jebeng. Ya Allah, apa dosane Si Jebeng nganti nasibe kaya ngene iki, sambate Mpu Supa sajrone kasusahane. Atine Mpu Supa krasa susah mbayangake yen Kanjeng Sunan nesu marang dheweke.
Pas tutuk omah, Mpu Supa nyritakake kadadeyan mau marang bojone sing lagi adang sega. "Nyai! Apa mungkin Si Jebeng kecemplung tambak kamangka dheweke ora bisa nglangi. Saiki, mayite Si Jebeng dakturokake ing kamarku. Eling lho, aja kandha-kandha marang Kanjeng Sunan. Nyai Supa kanthi susah nglakoni prentahe bojone iku. Sawise panganan mau wis disiapake, Mpu Supa minarakake Kanjeng Sunan. Sanalika Mpu Supa crita ngalor ngidul supaya Kanjeng Kunan kelalen niate kapethuk Si Jebeng. Nanging Sunan nakokake Si Jebeng sahingga Mpu Supa nyritakake perkara sabenere.
Wektu iku Sunan lagi mangan brutu sing dadi lawuh paling enak. Critane Kanjeng Sunan mandheg saka mangane banjur ngomong. "Ki Mpu kok ora crita sing sabenere wiwit mau karo aku, mbok menawa kuwi wis takdire Si Jebeng. Mula iku aku pesen karo anak putuku sing saumuran karo Jebeng supaya ora mangan brutu sing marai gela.
"Ngapunten Kakang Sunan, aku kepeksa tumindak kaya mangkene amarga hormatku marang Kanjeng Sunan supaya ora nguciwakake Panjengan. Nanging kuwi kabeh wis takdire sing Maha Kuwasa.Ya wis, kanthi ijin sing MahaK pitik mau dakuripke supaya dadi seksi kedadean mau sing nggawe sedhih awake dhewe. Banjur pitik sing dipangan mau ilang lan dumadakan metu pitik cilik sing ora duwe buntut. Kadadeyan mau ndadekake Mpu Supa gumun. Banjur Kanjeng Sunan ngomong, "Wis, Mpu! saiki kita reksa mayate si Jebeng supaya jembar alam kubure. Sabubare ngubur mayite Jebeng sing isih bocah iku, Sunan Kalijaga pamitan arep lunga menyang pondhoke.
Ki Supa lan bojone janji bakal ngamalake amanate Kanjeng Sunan satemene. Amanate yaiku supaya njaga anak-anak kang dadi peneruse.
Nganti saiki isih kelaku ing masyarakat Jawa sing ngrawehi bocah-bocah mangan brutu. Jarene yen dilanggar bakal ana kedadeyan sing nguciwakake utawa ndadekake wong sing mangan brutu dadi gela. Pitik tukung uga dianggep duwe tuwah lan didadekake sesaji tolak bala ing masyarakat Jawi.
Wanci semene uga akeh sing percaya yen mangan brutu iwak, utamane iwak pitik Jawa bisa ndadekake lalinan. Uga ana sing kandha sing nyebabake lalinan iku amarga panggonane brutu ana ing mburi cedhak buntut.
Sabtu, 12 November 2011
Pepunden-pepunden Wonten Kelurahan Saripan
Kirang langkung kalih kilometer (2 Km) sangking pendapa Kabupaten Jepara wonten kelurahan ingkang naminipun Saripan. Kelurahan Saripan punika taksih kalebet wonten kecamatan Jepara, Kabupaten Jepara. Nami Saripan punika amargi rumiyin wonten ulama saking keraton Surakarta, ingkang asmanipun Pangeran Arif. Pangeran Arif kaliyan rencangipun, Asmo Moliki ngumbara murih nyebaraken agami Islam wonten wilayah Jawi sisih ler. Nalika piyambakipun ngumbara, Pangeran Arif kepanggih kaliyan utusan saking Mataram ingkang asma Mbah Dirjan.
Saklebetipun ngumbara, Pangeran Arif, Mbah Moliki, lan Mbah Dirjan manggihi papan ingkang nengsemaken. Papan kala wau asri lan ugi wonten lepen ingkang toyanipun bening lan resik sanget. Ing papan wau wonten ingkang baureksa inggih punika sawer ingkang ageng sanget, sawer wau nggadhahi wiso ingkang mandhi. Saksanesipun sawer ugi wonten banas pati, uling lan sakbangsanipun. Warga sakcaketing papan kalawau sami boten nyaketi lepen menawi boten wonten kabetahan ingkang sanget.
Pangeran Arif sakrencangipun ngupaya supados ing lepen wau saged dipun ginakaken warga. Kanthi ngedalaken sedaya kasudiran ingkang dipun gadhahi, Pangeran Arif sakrencang ngraosaken sawer lan bangsa-bangsa sanesipun. Lajeng, lepen kalawau dipunparingi nami Wiso utawi Kali Wiso. Pangeran Arif sakrencang mesanggrah wonten papan punika ngantos sak sedanipun. Papan kalawau dipun paringi thethenger Saripan ingkang asalipun saking tembung Sarine Papan.
Kawontenan Pangeran Arif sakrencang wonten Kelurahan Saripan menika saged dipanggihi patilasanipun wujud pasareanipun papunden-pepunden menika. Pasareanipun Mbah Moliki kirang langkung 2Km saking pendapa Kabupaten. Pasareanipun Pangeran Arif dipunwastani warga Pasarean Pangeran Sarip.
Ngantos sakmenika pasarean pepunden-pepunden kalawau taksih wonten, lan dipunreksa warga kanthi sae. Warga ingkang kagungan kersa, lan pitados murih saged lancar boten wonten alangan punapa-punapa langkung rumiyin nyekar wonten papan-papan punika.
Jumat, 11 November 2011
Pasaran Pahing dadi Pantangan Ing Desa Mejing
Pasaran Pahing, kanggone masarakat desa Mejing, kecamatan Candimulyo, kabupaten Magelang, kalebu pasaran kang dadi sirikan. Sing dikarepake sirikan ing kene yaiku ora kena nindakake pagaweyan kang bisa njalari cilaka, utawa njalari kedadeyan kang ora dikarepake. Kayata: ora kena ijab, ora kena kanggo mijeti wong, ora kena supitan, ora kena kanggo negor wit lan sapanunggalane. Pokokke pagaweyan kang mbebayani utawa duwe resiko gedhe, masarakat ora wani nindakake ing pasaran Pahing.
Miturut ceritane wong-wong tuwa, biyen pasaran Pahing kuwi minangka pasaran kang biasa digunakake kanggo mateni wong. Prastawa iki kawiwitan ing jaman Walanda. Kreteg kang ana ing dhusun Kalibening-Mejing, minangka papan kang digunakake kanggo nyembelih wong-wong tahanan utawa wong kang luput marang pamarentahaning Walanda. Lan nalika G 30 S PKI, paten pinaten ing kreteg iku kadang isih ditindakake. Dadi kreteg iku saiki dadi angker.
Pasaran Pahing dianggep pasaran kang sangar kanggone masarakat Mejing. Ananging warga kang cetha ora kena nglanggar pasaran iku, warga kang asli klairan desa Mejing. Yen warga pendatang ora dadi ngapa. Senajan ora dadi ngapa, warga pendatang uga ora wani nglanggar pantangan mau.
Ana kedadeyan nyata kang dialami dening warga asli Mejing. Jenenge Ikhsan. Dheweke nalika ijab, nganggo pasaran kuwi, nadyan wis dipenging supaya ora ijab ing pasaran iku, meksa dheweke nglanggar. Ora sawetara suwe saka ijabe, udakara telung dina sawise ijab, bojone tiwas ketabrak motor.
Ana maneh Mbah Surti, nalika ing pasaran Pahing dheweke dikongkon mijeti tanggane kang ora percaya anane pantangan iku. Senajan Mbah Surti ora gelem mijeti, nanging dheweke dipeksa kudu gelem mijeti kanthi upah kang gedhe. Banjur kepeksa dheweke mijeti tanggane mau. Sabubare mijeti, awakke Mbah Surti malah dadi lara kabeh, pating krekes, banjur masuk angin nganti seminggu suwene.
Kedadeyan kaya kang wis disebut ing dhuwur mau, dadi peringatan keras tumrape masarakat Mejing. Isih ana maneh prastawa-prastawa kang nganeh-anehi ing pasaran Pahing, nalika masarakat kang ora percaya banjur nerak pantangan iku. Nganti saiki nadyan jaman wis malih rupa sakabehane, nanging pantangan mau tetep dadi urusan kang nggegirisi tumrape masarakat Mejing.
Minggu, 09 Oktober 2011
PANTAI MOROSARI DEMAK
Zaman Kerajaan Mataram diperintah dening Prabu Aji Pamoso yaiku Prabu kang wis sempurna ing uripe. Prabu kang nduweni sakabehane lan duwe bojo Ratu kang setya marang dheweke. Susah, lan seneng Sang Ratu lila dhampingi ana ing sisihe Prabu Aji Pamoso. Ora nyono Sang Ratu iku mau dipundhut dening sing nggawe urip amarga lara sing angel ditambani. Wektu semono ana sawijine panglima kang wis misuwur amarga kasaktene yaiku sing nduweni jenenge Resi Kano. Resi Kano iku panglima kang kasaktene ngluwihi Prabu Aji Pamoso, sang prabu iri marang Resi Kano. Resi Kano iku panglima saka negara liya sing lagi ngumbara ana ing tlatah Jawa ing sisih kulon Demak. Dheweke kuwatir saupama ana wong sing ngluwihi kasaktene lan dheweke kuwatir drajate mudhun ing pandhangane masyarakat kang lagi dipimpin.
Sang Prabu mikir lan nduweni siasat arep nyingkirake Resi Kano saka Mataram lan kepengin mateni dheweke. Saben dina Sang Prabu nggolek siasat kepriye carane bisa mateni Resi Kano saka desa kene. Wong kampung ora ana sing ngerti kepriye akal licikke sang Prabu. Sadurunge Resi Kano diusir, dheweke wis krungu dhisik yen arep diusir lan dipateni dening Sang Prabu. Ing wayah wengi Resi Kano lunga saka Kerajaan Mataram, pawarta lungane Resi Kano wis sumebar nganti tekan Prabu Aji Pamoso. Sang Prabu sansaya ngamuk, sahingga prabu ngerahake para pengawal kanggo nggoleki Resi Kano.
Para pengawal bingung sakarepe dhewe lan bola-bali takon marang Sang Prabu, “punapa leres Sang Prabu badhe mateni Panglima Resi Kano kang nduweni kasakten kang ngluwehi Sang Prabu? Punapa boten kelintu, Gusti.”
Sang Prabu ora mangsuli.
Resi Kano anggone mlaku wis tekan pantai kulon Pulo Jawa, cedhak Kutha Bonang Demak.
Resi Kano ndhelik ing sawijining tlatah, yaiku ing jero guwa kang ketutup dening wit-witan kang akeh. Resi Kano nggoleki guwa kang sepi, sing ora bisa dimangerteni dening manungsa. Guwa mau arep dinggo tapa.
Dheweke nyuwun marang Gusti Allah supaya njaga awakke saka Prabu Aji Pamoso lan pengawale. Nalika Resi Kano tapa, Sang Prabu ngunus Resi Kano saka buri, sauntara Resi Kano mati, anehe mayite Resi Kano wis ora ana lan ngilang saka pasawangan. Bebarengan karo ilange mayite Resi Kano Sang Prabu krungu swara banter lan angin ribut kang nggawe mrinding kulite Sang Prabu.
Prabu Aji Pamoso wedi lan ngucap lafal-lafal kang nuduhakake kasaktene. Sabubare swara iku ilang, ora dinyono ana ula naga raksasa, ula iku ngeses kaya arep mangan Prabu Aji Pamoso. Amarga kasaktene ula kuwi, pantai kang ana ing Bonang Demak swarane sansaya banter lan ombake sansaya gedhe. Letsedhela Sang Prabu Aji Pamoso ngetokake panah (cemparing) ing tangane. Cemparing iku diculake nganti kena sirahe ula naga raksasa kuwi. Bebarengan karo matine ula naga kuwi, saka sisih wetan metu putri kang ayu, banjur ngomong marang Sang Prabu.
”He... Raja, amarga jasa-jasamu aku bisa dadi manungsa maneh. Aku ngaturake matur suwun amarga ana kedadean iki, aku bisa metu saka pantai iki lan bisa dadi manungsa maneh.
Putri kang ayu mau jenenge Dewi Wasowati. Amarga jasa-jasane, Sang Putri menehi cangkokan kembang wijaya kusuma kang akeh sanget sari-sari marang Sang Prabu. Kembang wijaya kusuma yaiku kembang kang arang ditemokake ana ing kampung kono. Kembang iku pancen akeh banget sing nggoleki amarga bisa dinggo nambani lara apa wae kang angel ditambani dening manungsa. Nanging saking senenge, kembang mau lan sari-sari (madu)ne tiba ing tengah segara.
Let sedhela sari-sari kembang mau kecampur karo banyu ing pantai iku. Banyu kang wis kecampur karo sari-sari kembang wijaya kusuma iku warnane dadi biru. Pantai iku dijenengake Pantai Morosari sing dumunung ing Kutha Demak. Sapa wae sing teka ing pantai iku nalika sasi Syawal bakal weruh sari-sari saka pantai iku. Sapa wae sing bisa weruh sari-sari saka pantai iku banjur ngusapake ing sakojor awakke, lara apa wae bakal mari lan awakke dadi seger.
Sabtu, 24 September 2011
Teplok
Anyoroti gorengan isuk iki
katon si-mbah tansah temen anggone ngorek
mung sinanding mbale ing panguripane
rampung goreng langsung budal
nanging kok tasih peteng paningalanku
si-mbah tetep wae mlaku...
sanajan margi tasih sepi njejet
ora ana kebulan saka tunggangan sing asring gawe seseke dada
si-mbah....
padha nyang pundi panglipun lara mu?
mung sinanding bale sabenturumu
padha ing ngendi canggah-mu?
mung emban sing kok gemgem kenceng
si-mbah.... templok mu kang setya ing uripmu
http://sajak-sajakjingga.blogspot.com/2011/09/teplok.html

Rabu, 21 September 2011
NYI PANDANSARI
Ing jaman biyen ana sakpasang pangumbara saka Dieng. Wong loro mau tembe wae tapa ing Gua Sri Rahayu sing angker banget. Ora sembarang wong mlebu Gua metune esih urip. Nanging wong loro iki beda, malah metune nggawa jimat-jimat sing ampuh banget. Sing lanang entuk jimat teken, klambi antakusuma, lan tombak. Sing wedok entuk jimat lampu.
Pangembara mau lunga ngetutke miline banyu. Ing ndalan wong loro mau kerep ngaso sinambi mulangake ilmu-ilmu kang migunani, tuladhane cara mertani lan liya-liyane. Uga ora lali mulang ilmu silat. Pangumbara lanang ora tau gelem nudhuhake jenenge. Mula wong-wong sing kenal dadi krasa bingung. Amarga kerep nggawani jimat, mula wong lanang mau dijenengi Ki Kramat dening para padunung.
Saben mandheg, wong loro mau njenengi panggonan sing durung nduweni jeneng. Pas mandeg ing panggonan sing akeh alase, mula panggonan kuwi dijenengi Wanadadi (Wana tegese alas, dadi tegese dadi desa).
Sakwise njenengi, wong loro mau lunga maneh nganti tekan panggonan kanggo ngaso. Nalika ngliwati dalan sing akeh lemah lempunge sikile Nyi Pandansari kecepit lemah lempung kuwi. Mula desa kuwi dijenengi desa Kecepit.
Wong loro mau mlaku ngidul terus ngliwati desa Timbang lan desa Langgar. Sakwise manjat gunung mudhun jurang wong loro mau tekan gunung sing akeh wit-witane. Udakara gari sepuluh langkah maneh, ujug-ujug kaget amarga tekane ayam jago sing ngejak tarung. Ki Kramat lan ayam jago nduweni pusaka dhewe-dhewe. Pas Ki Kramat luput, ayam jago kuwi nyucuk gegere Ki Kramat nganti dheweke tiba nglekar. Banjur Ki Kramat menyat lan nganggo klambi antakusuma sing bisa nggawe dheweke mabur tanpa suwiwi. Pas Liring Galih luput, Ki Kramat nugel suwiwine Liring Galih nganggo teken. Mesakake Liring Galih, suwiwine tugel lan dheweke langsung tiba ing lemah. Liring Galih kelaran nganti njaluk ngapura.
Ing wektu lan panggonan sing padha, Nyi Pandansari uga tarung nglawan Nagaraja. Ing wiwitane dheweke kalah. Nanging sakwise dikei cara ngalahake Nagaraja dening Liring Galih, Nyi Pandansari kepengin males kalahe mau. Tarung sing kapindho iki luwih rame. Ngelingi durung ana sing luput, mula wong loro mau tarunge ati-ati. Pas Nagaraja luput, Nyi Pandansari nunclepke tombake ing buntute Nagaraja nganti tugel. Amarga kuwi Nagaraja diarani Naga Buntung. Sakwise Liring Galih lan Naga Buntung kalah, panggonan kuwi banjur dipasrahake marang Ki Kramat lan Nyi Pandansari. Kanggo sakwetara, Ki Kramat lan Nyi Pandansari manggon ing kono.
Ing sawijining dina wong loro kuwi pamitan marang Liring Galih lan Nagaraja amarga arep lunga mertapa. Wong loro kuwi weling supaya santri-santrine sing wis diwulang dijaga kanthi apik. Santrine Ki Kramat sing melu yaiku Ki Diposentono lan Ki Kramadiwirya. Santrine Nyi Pandansari sing melu yaiku Genduk Napsiyah dan Rara Juminten. Sakdurunge mangkat mertapa, wong loro kuwi adus dhisik ing sumur Sirah Benda.
Sakwise adus, wong loro kuwi mertapa. Ki Kramat tapa madhep kulon sakngisore wit benda. Lan Nyi Pandansari tapa madhep kidul sakngisore wit jati. Sakwise tapa patang taun, Ki Kramat entuk pusaka pedhang Kamkam. Lan Nyi Pandansari entuk pusaka pecut Wijayakunang. Banjur Ki Kramat mulih kampung lan Nyi Pandansari nerusake tapa sing jenenge tapa ngrame suwene sak taun. Tapa ngrame yaiku tapa sinambi mlaku-mlaku, ora mangan lan nginum, lan ing saben panggonan sing diampiri mulangake ilmu-ilmu sing migunani.
Nyi Pandansari mlaku ngulon ngetutke miline banyu kali anggone tapa ngrame. Santrine loro wedok mau uga melu ngetutke. Sakwise ngliwati gunung cilik ana swara kumrincing. Jebule ing gunung ana wong wedok tuwa sing nganggo klambi apik lan ing lengen lan sikile kebak gelang lan ali-ali saka emas. Mula yen mlaku gelang-gelang kuwi unine kumrincing. Amarga ana swara kaya ngana desa kuwi dijenengi desa Krenceng. Wong wedok tuwa kuwi nganti seda ora nduwe bojo, mula dijenengi prawan sunti.
Nyi Pandansari karo santri-santrine neruske olehe tapa ngrame, ing dalan sinambi mulangake ilmu-ilmu kang migunani. Sing luwih akeh diwulangake yaiku ilmu mertani. Padunung saben desa sing diampiri wong telu kuwi ngrasa seneng lan gumun amarga wong telu kuwi sopan, sabar, lan wibawa. Sakwise padunung wis pinter lan nyambut gawe kanthi apik, mula Nyi Pandansari lunga ing panggonan liya sing anyar. Nyi Pandansari tekan desa Lamuk lan tulung-tinulung karo Ki Didakewasa. Ing kana Nyi Pandansari mulang ilmu bab nandur kapuk lan cara mbuwang wiji kapuk, ngikal benang, lan nggawe bujur.
Sakwise tapa ing gunung Indrakila Nyi Pandansari nerusake mlaku nganti desa Bukateja. Dheweke dadi tukang masak ing warunge Nyi Serut. Masakane pancen enak mula ing saben dinane akeh wong mangan ing warung kuwi. Amarga sopan anggone ngladeni ndadekake dayoh sing teka pada seneng mangan ing kana. Rada suwe Nyi Pandansari nyambut gawe ing kana. Nyi Pandansari arang ngaso, pagaweyane saya akeh lan ditambahi maneh golek suluh. Amarga keselen, Nyi Pandansari mriyang. Sanadyan mriyang, Nyi Pandansari tetep nyambut gawe tanpa ngaso.
Nyi Serut nesu-nesu nalika weruh Nyi Pandansari turu ing ngarep pawon. Dheweke mung nglebokake sikile ing njero pawon. Nyi Pandansari pancen nduwe kasekten yaiuku sikile bisa kanggo suluh. Sakwise ngerti Nyi Pandansari lagi mriyang lan ngerti crita pangumbarane, Nyi Serut njaluk ngapura karo nangis. Nyi Serut gumun lan pengen mbales pitulungane Nyi Pandansari. Tapi Nyi Pandansari ora gelem yen dheweke diladeni kaya Ratu. Nyi Pandansari lila legawa lan nganggep sakkabehane iku ujian kanggo dheweke. Sakwise ngrasa cukup anggone tapa ngrame, Nyi Pandansari banjur pamitan karo Nyi Serut amarga arep mulih ing desa Pandansari. Pisahe wong loro iki nelangsani amarga wong loro kuwi tangisan minangka rasa paseduluran.
Ing dalan, Nyi Pandansari mampir ing omahe Ki Dudakewasa kanggo methuk santri-santrine. Nalika tekan omahe Ki Dudakewasa, Nyi Pandansari ngguyu amarga seneng pangumbarane lancar. Sakdurunge mulih, Nyi Pandansari lan santrine dikon adus ing sumur kembang.
Saben malem Jum’at Kliwon Ki Kramat nganakake silaturahmi sinambi musyawarah ngrembug perkara desa. Ing wengi kuwi, Ki Kramat nyritakake yen tapa ngrame sing dilakokake bojone wis rampung wektune. Ora suwe ujug-ujug ana wong teka banjur ngomong Nyi Pandansari lan santrine wis tekan wates desa Pandansari. Nyi Pandansari lan santrine dipethuk dening Ki Kramat lan warga ing Gapura desa Pandansari. Warga padha seneng amarga Nyi Pandansari wis mulih saka ngumbara. Sakwise ngaso Nyi Pandansari banjur adus jamas ing sumur sirah benda. Sakwise adus Nyi Pandansari ngucap syukur pangumbarane wis rampung lan mulih kanthi slamet. Nyi Pandansari lan Ki Kramat nemoni warga sing teka ing omahe. Kabeh warga seneng weruh Nyi Pandansari mulih kanthi slamet.
Kanggo ngeling Nyi Pandansari sing wis mulangake ilmu-ilmu kang migunani kanggo uripe warga, mula desa kuwi dijenengi desa Pandansari.

NYAI RATU KIDUL
Salah sijine cerita kang ana ing daerah Cilacap, yaiku cerita Nyi Ratu Kidul utawa Nyi Loro Kidul. Ratu kuwi dipercaya karo uwong Jawa minangka ratu kang nguwasani laut kidul. Dene asal ceritane, yaiku:
Jaman biyen ana krajan aran Krajan Padjadjaran. Ratune asama Prabu Mundingsari. Dheweke duwe kesenengan golek kewan ana ing alas. Ing sawijine dina, Prabu Mundingsari lan para punggawane, lunga menyang alas saperlu golek kewan buron. Nanging neng alas, dheweke kapisah saka para punggawane.
Nalika dheweke keturon merga keselen bubar nggoleki para punggawane, mak jleg!….ning sebelahe ana prawan ayu kang banget nyenengake. Prawan wau ngaku yen dheweke putu saka ratu kang nguwasani alas kono. Lan Prabu Mundingsari dijak sowan marang krajan Ratu alas wau.
Cekake cerita, pawongan loro wau tekan krajan Ratu alas. Prabu Mundingsari tekan krajan lan ditemoni karo ratu kang rupane elek, nanging tuture alus. “ah…hah…hah, Prabu Mundingsari mugi kowe seneng ana neng krajanku!...ngertia Prabu Mundingsari, sak benere putuku kuwi duwe rasa tresna marang panjenengan!” kaya ngono tuture ratu alas wau. Prabu Mundingsari ngrasa bingung,nanging meneng wae. Lajeng Prabu Mundingsari karo prawan wau dinikahke.
Sakwise suwe ana ing alas, sawijine dina Prabu Mundingsari grenengan karo garwane, “Nimas…Kangmas ana ing kene wis suwe. Lan sesuwene iki, kang mas durung tau sowan marang krajan Padjadjaran. Nimas…keparenga kang mas sowan marang Krajan Pajajaran kanggo mangerteni kahanan para rakyatku!” krungu Prabu Mundingsari ngendika kaya ngono, garwane ngrasa sedhih,”ya…kangmas. Kangmas angsal sowan marang Krajan Pajajaran. Nanging jenengan ampun supe kaliyan kula…!.” Lajeng Prabu Mundingsari mangkat menyang Krajan Pajajaran.
Sak wise malu ngliwati alas, Prabu Mundingsari tekan ing Krajan Pajajaran. Ana ing kono, dheweke disambut rame karo para rakyate merga dheweke wis suwe angone ninggalake Krajan Padjadjaran.
Nalika Prabu Mundingsari wis suwe ana ing Krajan Pajajaran, ing sawijine dina, dheweke krungu ana swara bayi nangis. Nalika digoleki, jebul swara wau asale saka kranjang. Dheweke nggendong bayi wau metu saka kranjang. Aneh! Dadakan Prabu Mundingsari kaya-kaya meruhi garwane sing ana ing alas. Lan krungu swarane garwane wau kaya-kaya pesen marang dheweke “kangmas…ngertia, bayi kuwi anake dhewe! Kangmas…kula nyuwun tulung marang jenengan. Tulung bayi kuwi openana ana ing tengahing manungsa!” mangkono pesene garawane marang dheweke. Krungu kang kaya ngono, Prabu Mundingsari bingung, “ana ing tengahing manungsa? Apa tegese Nimas…?”takone Prabu Mundingsari marang garwane. “kangmas…ngertia, sakbenere kula asale saka bangsa jim…!”jawabe garwane karo luh kang netes.
Bayi wau diopeni karo Prabu Mundingsari lan diarani Ratna Dewi Suwido. Nanging permaesuri ngrasa ora seneng marang anane Dewi Suwido ana ing Krajan Padjadjaran. luwih-luwih sakwise Dewi Suwido ngancik dewasa. Dheweke tambah katon nyenengake. Bab iki kabeh, ndadekake prameswari duweni niyat ala karo Dewi Suwido. Prameswari lajeng nganggo dalan kang ala kanggo nyingkirake Dewi Suwido saka krajan. Prameswari nemoni tukang tenung.
Ana ing wengi kang wis disiapake, tukang tenung wau mulai nyebar penyakit menyang kamare Dewi Suwido.
Wektu esuk wis sumebar. Dewi Suwido tangi saka amben lan ngarasa siraeh ngelu,lan pipine krasa gatel. Kaya apa kagete Dewi Suwido! Nalika dheweke ngaca, rupane wis malih medeni lan ora ayu maneh kaya sak durunge.ana ing kamar Dewi Suwido nangis ngguguk, nangisi nasibe kang kaya mangkono. “Duh Gusti…menapa salah kula? alangan menapa kang nemahi kula?”
Prabu Mundingsari kang krungu kabar kang kaya ngono, ngira yen Dewi Suwido kuwi kena penyakit lepra, lan kudu diusir saka Krajan Padjadjaran. Dewi Suwido kang krungu kabar kaya ngono saya lara arine.
Ana ing dina kang wis diatur, Dewi Suwodo karo kairing dening para punggawa kabuwang ing alas. Dewi Suwido dibuwang menyang alas. Para punggawa ora ana kang ngeterke Dewi Suwido nganti tekan alas, merga padha wedi yan bakal ketularan.
Ana ing alas Dewi Suwido nglakini tapa brata nganti sasen-sasen. Nyenyuwun marang Gusti supaya bisa kaya biyene maneh. Sawijine dina, Dewi Suwido krugu ana swara, “Anaku Dewi Suwido, yen kowe pengen kaya biyene maneh, mlakua menyang arah kidul! yen wis nemoni laut Kidul, nyawijia kowe ana ing laut Kidul lan aja kumpul, maneh karo bangsa manungsa!” mangkono unine swara gaib wau.
Lajeng Dewi Suwido nuruti swara wau. Dheweke mlaku menyang arah kidul lan njegur ana ing laut Kidul.nalika dheweke mentas saka laut Kidul, kaya apa bungahe Dewi Suwido! Saiki rupane wis malih kaya biyene maneh. Lan Dewi Suwido nuruti swara wau, yaiku ora kumpul maneh karo bagsa manungsa.
Uwong jawa percaya yen Dewi Suwido nganti saiki tesih urip lan nguwasani laut Kidul. Lajeng terkenal karo aran ratu laut kidul.
Menika asale cerita Nyi Loro Kidul saka daerah Cilacap.

Jumat, 05 Agustus 2011
NAYA GIMBAL LAN DUMADINE JENENG-JENENG DESA ING BLORA
Naya Gimbal, jeneng asline Naya Sentika. Dheweke mantan prajurite Pangeran diponegara. Sawise Pangeran Diponegara dicekel dening Walanda, dheweke lan bojone uga kanca-kancane kayata Sura Sentika ngungsi kanggo nyusun rencana perjuwangan nganggo carane dhewe. Banjur Naya Sentika manggon ing dhukuh Sumber Wangi lan netep nganti taun 1855.
Sawise manggon ing Sumber Wangi, Naya Sentika lan bojone banjur meguru ngelmu kasekten marang Ki Samboro. Ki Samboro yaiku pendheta ing padhepokan Guwa Nglengkir. Ing padhepokan kuwi dheweke nduweni kanca sing jenenge Beja. Marang Ki Samboro dheweke nyitakake apa kekarepane, yaiku nutukna perjuwangane Pangeran Diponegara.
Dening Ki Sambora dheweke diutus tapabrata ing gunung Genuk ing dhaerah Taunan. Miturut Ki Samboro tandha kanggo miwiti pembrontakan kuwi manut karo kahanane genuk ing Gunung Genuk. Menawa gunuk kuwi rubuh lan lambene madhep ngulon, mula pembrontakan diwiwiti saka kulon, mula lambene madhep ngidul, mula diwiwiti sala kidul.
Beja iri marang Naya Sentika merga dheweke ora pati digatekake dening Ki Samboro kaya dene Naya Sentika lan bojone. Sakliyane kuwi, dheweke uga nduweni rasa seneng karo Dyah Ayu Sumarti, bojone Naya Sentika. Mula Beja nduweni niyat ala marang Naya Sentika. Nalika Naya Sentika lagi tapa, Beja njarak ngrubuhake genuk kang ana ing Gunung Genuk banjur dheweke ndhelik ing lereng Gunung Genuk. Esuke Naya Sentika weruh yen genuk mau wis rubuh lan lambene madhep ngulon. Naya Sentika banjur ngunus gamane kang arane Kyai Sadak lan maju perang karo prajurite. Naya Sentika lan prajurite banjur sorak-sorak, mula panggonan kang dinggo sorak-sorak mau diwenei jeneng Gunung Surak. Nanging sadurunge budhal Naya Sentika lan prajurite dipenggak dening Ki Samboro merga rubuhe genuk mau ora merga rubuh dhewe nanging digawe dening manungsa. Sawise konangan yen sing ngrubuhake genuk mau Beja, Naya Sentika banjur nggoleki Beja nanging Beja langsung njaluk pangapura. Merga genuk wis kadhung rubuh, mula Naya Sentika tetep nerusake niyate miwiti pembrentokan. Pembrontakan kuwi diwiwiti saka kulon, yaiku dhaerah Rembang.
Dhaerah sing pisanan diserang dening Naya Sentika yaiku dhaeran Lasem merga ing dhaerah kuwi ana gudhang uyah. Gudhang diobong lan wedana lasem dicekel, digawa lunga, banjur pungkasane dipateni denging Naya Sentika. Panggonan kang dinggo mateni wedana Lasem banjur dijenakna Nggakyang dening Naya Sentika merga wedana Lasem mati ngadek kaya tunggak nalika kena gamane Naya Sentika. Dene panggonan kang kotosan getihe wedana Lasem diwenehi jeneng Desa Merah.
Sawise nyerang Lasem, rombongan Naya Sentika banjur ngalih ing dhukuh Bangsri wektu kuwi dhukuh Bangsri dipimpin dening lurah kang jenenge Ki Gedhe Toinah. Ora let suwe Naya Sentika manggon ing Bangsri akeh rakyate kang ngrewangi pembrontakane Naya Sentika. Naya Sentika banjur nyerang desa-desa kang dadi sekutune walanda. Sawise kuwi Naya Sentika banjur lunga ngalor ngetan saperlu nyusun kekuwatane prajurite. Dyah Ayu Sumarti ditinggal ing Bangsri saperlu nglatih prajurit wadon. Panggonane Naya Sentika lunga ngalor ngetan dijenakna Nglorok
Bupati Blora krungu kabar bilih ana pembrontakan ing Bangsri, dheweke banjur ngutus adhine, Pangeran Sumenep supaya nglawan Naya Sentika.nanging sawise teka ing Bangsri, Pangeran Sumenep malah seneng karo bojone Naya Sentika, Dyah Ayu Sumarti. Nanging Dyah Ayu Sumarti ora gelem marang Pangeran Sumenep. Dyah Ayu Sumarti banjur mlayu lan madul marang bojone. Nalika iku Naya Sentika wis duweni gelar Naya Gimbal merga dheweke ora gelem ngethok rambute sadurunge walanda lunga tanah Jawa.
Pangeran Sumenep nggudak-nggudak Dyah Ayu Sumarti banjur kedadean perang antarane prajurite naqya Gimbal lan prajurite Pangeran Sumenep. Ing peperangan kuwi prajurite Pangeran Sumenep kalah lan balik Blora. Ing peperangan kuwi uga nglairake jenenge desa-desa ing Blora, yaiku desa Turi (panggonan Naya Gimbal nambani prajurite sing catu nganggo gadhang turi sing isih nom utawa pupus), desa Sumampir (panggonan mayite prajurite Pangeran Sumenep kang semampir ing wit-witan), lan desa Tinggil (panggonan kang dinggo seneng-seneng prajurite Naya Gimbal merga menang perang musuh Pangeran Sumenep).
Raden Mas Tumenggung Cokronegoro krungu kabar bilih prajurite Pangeran Sumenep kalah dening Naya Gimbal. Dheweke banjur jaluk tulung marang Kumpeni walanda ing Semarang. Dene Naya Gimbal lan prajurite kang direwangi Ki Gede Toinah Pendeta Ki Samboro, Beja, lan Dyah Ayu Sumarti nerusna lakune ing dhukuh Sambeng. Nanging ana prajurite kang diutus menyang Gunung Genuk saperlu njupuk gaman utawa senjata kan eujute pedhang lan bendhe. Ing tengah dalan utusane ketemu karo wong-wong desa Taunan lan Mrayun. Wong-wong mau nyaranke supaya senjata saka gunung Genuk disimpen wae ing daleme Lurah Desa Mrayun. Saran iku ditampa dening utusane Naya Gimbal.
Sawise bantuawan saka Semarang teka banjur langsung nggudak Naya Gimbal lan prajurite ing dhukuh Sambeng. dening wong kono prajurite Kumpeni Walanda diduduhake panggonan kang dinggo ndelik Naya Gimbal lan prajurite. Kanthi aling-alingan arak-arakan nganten kang diiringi terbang lan jedhor, Kumpeni Walanda lan prajurite Bupati Blora nyerang Naya Gimbal lan prajurite. Rakyat dhukuh Sambeng akeh sing mati. Panggonan iki banjur diwenehi jeneng desa Besah dening Naya Gimbal. Lan wong-wong dhukuh Sambeng ora kena besanan karo wong-wong saka desa Besah. Ing peperangan iku Naya gimbal ngetokake kasektene nganti ora ana plurune Kumpeni Walanda kang bisa nembus awake.nanging pungkasane Naya Gimbal nyerah lan digawa Bupati Blora menyang Rembang. Dening Residen Rembang Naya Gimbal dilebokake tong, ditaleni, diskrup, dipaku, banjur diguwak ing laut.sawise kuwi Bupati Blora lan prajurite bali ing Blora.
MRENGANGAH GENI KRAMAN
“Surantani..! Mandheeg!” bengoke Panji Pulang Jiwa bareng Jarane wis meh nutut jarane Surantani. Bledug sing mabul-mabul terus mbuleng mblerengi mripate Panji Pulang Jiwa. Ewasemono Panji Pulang Jiwa wis pantang pasrah. Jaran terus diplayokne Surantani. Wekasan dalam ing ngarep liat pereng ndeder. Jarane Surantani ora bisa mlayu rikat. Awit gegrumbulan dalan ngdhang lakune jaran. Panji Pulang Jiwa sing kari nilas dalan lakune luwih rikat. Surantani sing nolah-noleh pendirangan, wit pucet, awit jarane Panji Pulang Jiwa wis cedhak banget. Panji Pulang Jiwa sing wedi Surantani mlumpat saka gigir jaran lan mlayu enggal tumandang. Pedhang diuncalake, whut! Pedhang sing mambu gethih garih mlesat,jrebh! Pedhang ngenani topenge jaran.jaran ningkat, mlumpat. Surantani kepental, ucul saka geger jaran. Dheweke tiba ing tengah gegrumbulan kebak eri bebondhotan. Awake sing kebak eri ora dirasakake. Dheweke enggal njenggirat arep mlayu, nanging Panji Pulang Jiwa wis ngadeg ing sacedhake.
Surantani wis sirih, ora wani ngadhepi Panji Pulang Jiwa. Dheweke nyoba mlayu ngendhani pangamuke Panji Pulang Jiwa sabisane. Nanging lagi wae dheweke uwal saka grumbul, nedya mlayu pedhange Panji Pulang Jiwa wis ndhisiki mleat saka tangane. Pedhang saiki genani gegera Surantani. Senajan Surantani njomblak molet nahan lara, nanging isih nyoba gumregah arep mlayu maneh. Dheweke eling welingi pamane, suramentaya. Dheweke kudu mlayu ngendhani pangamuke Panji Pulang Jiwa. Nanging Panji Pulang Jiwa ngoyak terus. Surantani sing wis kelaran lan getih terus dlewer saka geger, gawe dheweke saya suwe saya lemes. Pungkasane Surantani wis ora kuwat, awake diserat alon alon semendhe wit gedhe. Banjur tiba ngilmpreg.
“Modar kowe, Surantani” bengoke Panji Pulang Jiwa lega.
“Aku ri…la mati, panji. Ning ka… kawruhana, ing.. kadipaten ma….lang ana punggawa sing duwe ilat geni. Ngajak adipati.. supaya berontak…,” kandhane Surantani pedhot-pedhot.
“sapa kuwi?”
“Ja.. ya kerta lan patih..,”
“Aja nutuh wong sakepenake! Apa buktine?”
“Wiro.. geni wis kawetu… tembunge, na… lika sayembara biyen. Lan pra… baretna ora bakal kandha aku nebus kekalahanku, ye… ora….”
“Nimas Prabaretna!” bengoke Panji Pulang Jiwa bareng jenenge sisihane diunekake Surantani. Panji Pulang Jiwa banjur mlayu tumuju jarane. Dheweke cukat mlumpat menyang jaran sing lagi nyrengguti suket. Lsi disendhal jaran terus dipecut supaya mlayu luwih rikat.
“Nimas Prabaretnaaa! Aku aja koktinggal !” bengoke sadawane dalan. Senajan playune jaran ngedab-edabi, nanging ora pedhot mbengoki Prabaretna. Nalika ing tengah dalan ana sawijining prawan sing lageyane memper Prabaretna. Jaran dipekak mandheg.Panji Pulang Jiwa mudhun saka geger jaran.
“Nimas Prabaretna, nyanggapa silra mu kok ana kene, Nimas?” potakone kanthi alus.
Prawan kuwi enggal wae ndoprok, tempuh. “Nuwun sewu, raden kula pinuka sanse Gusti Putri Prabaretna,” kandhane prawan kuwi isih ndhingkluk.
“Ah, mosok? Coba tumengaa!” prentahe Panji Pulang Jiwa.
Prawan kuwi ndenggek.
“Lho!” Panji Pulang Jiwa kaget, banjur gagean mlayu tumuju jarane. Jaran banjur ditegar maneh. “Nimas Prabaretna, aku aja kotinggaaaaal!”
Nalika teka ing laang mlebu kutha papagan karo prajurit tmatarm sing lagi tata-tata ninggalake pakuwon. Panji Pulang Jiwa beli nesu. Getihe kaya muncrat menyang rai nyawang prajurit sing nggawa tumbak pating crongat.
“Bangsat! Kowe kabeh iki sing dadi jalarane!” Panji Pulang Jiwa mencolot mudhun ngrayah tumbak. Tanpa kekahan gunem, prajurit sing cedhak diamuk sakecandhake. Gawe prajurit kuwi pahda mlayu salan tunjang golek Slamet dhewe-dhewe. Suramentaya sing wis rumangsa tuwa menehi aba supaya prajurit mlayu ninggalake kutha.
“NImas Prabaretna!” bengoke, nalika nguningani kiwa tingene wis sepi ora ana prajurit sing isih lumawan, Panji Pulang Jiwa mlayu tumuju jarane sing lagi nrengguti suket. Dheweke mlumpat ing gigir jaran banjur mlayokke jarane maneh.
“Nimas Prabaretna, aja koktinggal ake aku, Nimass….!” Bengoke sadawane dalan ora leren-leren.
Warta ngenani tiwase Surantani dening Panji Pulang Jiwa wis warata saindenging tlaltah Mataram. Senajan suramentaya saandhahane durung bali menyang keraton. Sultan Anyakrakusuma sing wis midhanget warta kuwi sungkawa pengalihe. Eman dene Surantani sing pinercaya bisa nyirep mbalelane kadipaen Malang malah dadi bebanten ing paprangan. Mangka wis diampingi dening suramentaya lan disangoni tombak ngedab-edabi, kyai plered. Ing kesalahan kaya ngenen iki Sultan Anyakrakusuma kepengin enggal nganakake paseban para nayaka lan penggedhe keraton, nanging kanggo sawtara ngenteni tekane suramentaya sing isih ngirid sisane prajurit.
Seminggu candhake suramentaya lagi prapta ing matahram. Tekane katon loyo lan wirang gawane. Para prajurit sing tatu lan bisa bali, dipapanake panggonan kanggo dirawat dhisik. Bareng suramentaya wis sawetara dina ngaso diundang ing pasamuan ing paseban.senajan disrengeni utawa diundhamana, suramentaya ora suwala. Dheweke ora ngudhunake tembung sadurunge ditakono. Tinimbang ngomong dawa nanging sangsaya luput, luwih becik meneng wae, ngono pikirane suramentaya. Bareng wis didangu sultan anyakrakusuma, suramentalya lagi crita kabeh kedadeyan sing dingerteni ing kadipaten Malang.
“….kanjeng sultan, kula nyuwun agungipun pangapunten, awit kula wansul dhumateng Mataram ngantos telat. Kula nelasaken wekdal sakedhik kangge pados sisik melik kados pundi sagedipun kadipaten malagn mbalela,” pratelane suramentaya.
“Banjur kepriye asline, paman?” pandangune Sultan Anyakrakusuma.
“Kadipaten Malang sangsaya kisruh, kanjeng sultan. Awit tiwasipun putri Prabaretna damel ewah engetanipun Panji Pulang Jiwa. Piyambakipun tansah jelih-jelih ngundang itrinipun. Mesakaken kahannanipun…,” suramentaya ndhingkluk mripate kaca-kaca.
“lho, panjenengan kwi kepriye, ta mungsuh kok dimengsakake.”
“Awit piyambakipun mboten lepat, kanjeng sultan. Panji Pulang Jiwa kaliyan Prabaretna punika namung dados kurbanipun panekane punggawa kadipaten. Kekalihipun namung dados tumbal kangge ngawonake Mataram. Eman, dene Panji Pulang Jiwa mboten mangertos sedayanipun.namung Mataram ingkang dipun anggep lepat. Pramila piyambakipun ngamuk prajurit Mataram. Napa malih ngertos bilih ingkang mejahi Prabaretna punika Surantani. Panji Pulang Jiwa ingkang kondagn kasektenipun mboten badhe mundur lumawan Mataram. Manapa malih, bilih mangke Panji Pulang Jiwa ngerigaken wadya kedhiri, kula kinten Mataram sangsaya repot.”.
“Banjur krenah panenengan priya, paman?”
Suramentaya unjal ambegan landhung. Banjur nata trapsilane. “Sederengipun kula gadhah pemanggih, supdos paring pangsama bilih saenipun para nayaka dipun paringi kalodhangan kangge nelakaken pamanggihipun, kados pundi nelukaken kadipaten Malang.”
“Kepriye para punggawa ana sing arep usul sing becik?” panantinggi Sultan Anyakrakusuma.
“kula kanjeng sultan.”
‘Iya, kepriye panemumu Tamyaman?”
Bilih pemanggih kula saenipun, Mataram ngerigaken prajurit kaliyan nyuwun sabiyantu prajurit kadipaten sacelakipun, kadipaten Malang dipun gebug kemawon!”
“Miturutmu kepriye, paman Suramentaya?
“Pamanggih punika sae, kanjeng sultan. Namung kemawon ingkang naminipun perang punika ingkang dados kurban kawula alit ingkang tanpa dosa kalebet prajurit ingkang namung sendika dhawuh panginggilipun. Pramila bilih wonten margi sanese ingkang langkung sae kula langkung sarujuk. Amargi Kadipaten Malang sapuniak kekiatanipun diumung wonten Panji Pulang Jiwa. Bilih Panji Pulang Jiwa saget dipunpikut, o kadipaten Malang sampun mboten gadhah kekiatan….”
“Banjur kangge miktu Panji Pulang Jiwa kepriye, paman?”
“Bilih pemanggih kula kirang mranani mugi dipun pangaksami, kanjeng sultan,” Suramentaya nyembah.
“Panjenengan dhawuh, paman!”
“Panji Pulang Jiwa diten punika tansah kangen kaliyan sisihanipun ikang nami Prabaretna. Kangge mikut Panji Pulang Jiwa saenipun pados putri ingkang memper kaliyan Prabaretna. Ing mbenjang bilih putri punika sumdya, kapurih nyelaki Panji Pulang Jiwa nilaraken kadipaten Malang.”
“Menyang ngendi olehe nggoleki wanita sing mempere Prabaretna, paman?” pitakone Sultan Anyakrakusuma.
“Kula sampun gadhah wewenang ingkang cocok namung kantun kados pundi palihaipun, kanjeng sultan.”
“Sapa putri sing bakal panjenengan sraya, paman?”
“Putri punika mboten sanes inggih putri panjenengan ingkang asma Purbasari.”
“Lho!” Sultan Anakrakusuma njenggirat. Anteng. Banjur unjal ambegan landhung atine nanting pikirane sing dumadakan ewuh.
“Paman Suramentaya, sajak pancen sing kudu mbela negara kudune ora mung kawula, prajurit apadene punggawa kesultanan, nanging kulawarga kesultanan uga kudu mudhun ing palagan. Iya ta, yen pancen dadi sranane sirepe ontran-ontran ing negara iki panemune Paman Suramentaya daksarujuki.” Sanalika lega atine Suramentaya. Sakawit wedi didukani, jebul malah disengkuyung.
“Yen mengkono, saiki uga timbalana Putri Purbasari marak ing pasewakan iki. Bakal daktanting kekarepane kanggo melu njejegake negara.”
Salah sijine prajurit enggal menyat ninggal pasewakan. Ora gantalan suwe prajurit sing kautus wis bali dikanthi putri ayu sing jibles Prabaretna kairing abdi kesultanan Mlaku reruntungan tuuju pendhapa. Kanthi trapsila Putri Purbasari paring sembah sungkem marang ramane. Praupane sing sumunar endah gawe trenyuhe Sultan Anyakrakusuma.
“Nini prubasari, apa sliramu wis mangerteni nyangapa sliramu dakundang ing pasewakan iki? Utama pancen wis dikandhani prajurit tutusan? Pandangune sultan.
“Kula sampun mangertos sekedhi, kanjeng rama.”
“Banjur kepriye penemumu samungguhna sliramu kudu melu bela negara angudhari reruwet sing isih ngganjel mata iki? Ing pangangkah ora ana panganggep yen sing bela negara kuwi mung rakyat lan prajurit, dene kula warga kraton mung mangan enak turu kepenak lan nyandhak apik-apik. Kulawarga kraton kudune melu cawe-cawe…”
“Kula mangertos, kanjeng rama. Lajeng saderengipun kula sagah, kula kedah mangertos rumiyin jejibahan punapa ingkang kedah kula lampahi samangke. Awit, bilih kula kedah majeng wonten palagan tamtu kula dereng gadhah sangu ingkang murwat.”
“Ora, Nini. Sliramu ora maju ing palagan, nanging sliramu mung maju bakal apus krama marang temanten anyar sing kelangan sisihan.”
“Apus krama utawa lah ngapusi punika nalisir saking darmaning satriya, kula mboten sagah ngapusi tiyang sanes, kanjeng rama,” kandhane purbasari canthas.
Prabaretna katon wis ora sabar maneh. Atine kebranang kepengin ngidak-idak Surantani. Tembunge njaluk pangapura dhek biyen kaya kepengin dijabel maneh.
“Nakmas Prabaretna becike Nakmas Panji Pulang Jiwa disusul dhisik” pramayogane jayakerta. “becike utusan prajurit wae.”
“Boten, paman,” Praberatna wis nyepakake pedhange sing dislempitake ing geger. “Kula piyambak ingkang badhe ngasorake Surantani.”
“Lho,” Wirogeni ethok-ethok njomblak. “Kanjeng Adipati dhek mau utusan supaya sing ngadhepi Surantani Nakmas Panji dudu Nakmas Prabaretna. Yen mengko sing maju ing palang Nakmas Prabaretna aku sing didukani Kanjeng Adipati”
“Kula ingkang nggumanteni Kangmas Panji. Kula ingkang badhe lumawan Surantani.” Kandha mangkono, Praberatna wis mbrabat mlayu metu pendhapa ninggalake Patih Worogeni lan Jayakerta. Kekarone pandeng-pandengan, banjur padha mesem. Mesem rasa menang.
“Kepriye?” Wirogeni bisik- bisik, “Rak kasil, ta?”
Jayakerta mung manthuk.
“Saiki awake dhewe nyusul liwat dalan trabasan,” pangajake Wirogeni ngangkat bokonge saka klasa.
Jayakerta mung melu-melu wae. Sawise teka lantaran kekarone enggal nyengklak jarane, digelak mudhun gumuk liwat alas sing rungkut sinambi ngguyu cekakakan.
Srengenge sansaya surem. Cahyane sansaya kuning semu abang. Nalika kuwi Prabaretna mlayokake jaranne rikat banget. Mlesat kaya thathit. Playune jaran liwat pedesaan gawe wong-wong padha kaget, nanging bareng ngongak dalan sing diweruhi mung mlebu mabul-mabul ngebaki lurung. Atine Prabaretna tansah ngajap supaya srengenge aja ngangti mingslip dhisik sasrunge dheweke tumeka kutha kadipaten.
Nalika cedhak kutha kadipaten malang srengenge kari abang mbrambang. Candhikala ngreronce langit sing dipaesi megamega bebenjeng nganglang langit katiup angin. Bareng cedhak regol wates kutha, Prabaretna mekak kendahali. Jaran malku alon. Prabaretna mandheg bareng dalan lumebu kutha dipalang kayu wutuh. Sawetara prajurit ngaja palang kasebut.
“He! Wong edan, nyangapa dalanku melbu kutha kok alang-alangikaya ngene?”bengoke Prabaretna nesu.
Prajurit sing jaga enggal siaya nyekel tumbake. “Kawruhana bocah ayu, kutha malang wis daktutup. Sapa wae ora kena mlebu kutha, klebu kowe!”
“Lanjang lembemu, Prajurit Mataram!” Prabaretna sansaya nesu.
“Ora perlu nesu, cah ayu! Becike bali wae tinimbang kowe mengko cilaka!” Aku arep mulih menyang endi? Sumingkira aku ora duwe urusan karo kowe. Aku arep nugel gulune Surantani,” tembunge Prabaretna.
“Lancang gunemmu, cah wadon, langkahana dhisik mayitku yen kepingin tepung sesembahanku!” panantange prajurit kuwi.
“Sing lancar cangkemmu!” Pra¬baretna ndudut gendir jaran. Tharr! Tharr! Sanalika prajurit Mataram njerit kelaran, awit untune prothol lan cangkeme dhowak-dhowak mili getih.
“Ayo dibukak palang wit iki!” pren¬tah Prabaretna. “Utawa dakremuk sirahmu siji-siji!”
Wit sing kanggo pepalang ora di¬bukak, nanging prajurit papat malang nyerang Prabaretna nganggo tum¬bake. Prabaretna waspada. Kendhali disentak; jaran mlumba. Sikile nrajang dhadhane prajurit sing nyedhak. Bebarengan kuwi pecut ing tangane Prabaretna disabetake ngarah prajurit liyane. Mung sakepiasan wae prajurit¬-prajurit kuwi padha nglumpruk sinam¬bi sambat ngaru-ara.
Bareng prajurit tumpes, jaran dilumpatake palang. Durung adoh pla¬yune jaran mlebu kutha, dumadakan Prabaretna weruh tendha-tendha papane prajurit Mataram lagi ngaso. Obor-¬obor wis wiwit disumet kanggo mapag tekane wengi. Durung nganti nya¬wang njlimet, Prabaretna wis dipapag sawetara prajurit sing lumayu ngu-peng.
“Surantani, metua yen nyata kowe lanang!” bengoke Prabaretna emosi banget. “Aja mung prajuritmu sing kokongkon maju!” Prabaretna bengak¬-bengok sinambi negar jarane mlayu ngubengi tendha-tendha pakuwon.
Saka pakuwon sing gedhe sawi¬jining prajurit metu, ing mburine kasu¬sul wong sing wis rada tuwa. Dhe¬weke Surantani lan Suramentaya. Jaran disentak lise tumuju wong loro kuwi ngadeg ing ngarep pakuwon. Prabaretna mudhun saka singgit jaran. Mripate nyawang sengit marang wong loro kuwi.
“Kowe saiki dudu satria, Suran¬tani!” panudinge Prabaretna.
“Aku?” Surantani kaget.
“Bener! Kowe prajurit bodho mung mripatmu sing mlolo kaya kebo!”
“Kowe aja ngucap sakepenake lambemu, Prabaretna. Aku teka mrana amarga diutus Gusti Prabu Cakraningrat, dudu karepku dhewe,” Surantani mbela awake.
“Ora perlu mlesetake tembung, Surantani! Awit anggonmu kasoran melu sayembara perang tanding kowe banjur wadul marang pamanmu ing sandhingmu utawa kokandhakake yen Kadipaten Malang bakal berontak. Ngono ta?”
“Oh! Oh! Ampun kelintu penampi, Nakmas,” Suramentarya nyoba nengahi.
“Kula sakukuban dumugi mriki sampun boten wonten sesambetan kaliyan sayembara rebut Putri Prabaretna. Kula kaliyan Surantani namung badhe nyuwun tanggel jawab tembungipun Patih Worogeni kaliyan Adipati Rangga Roh Jiwa ingkat boten nyambut gawe marak dhumateng Mataram.”
“Panjenengan sampun kebujuk aturipun Surantani, paman, sedayanipun ngapusi!”
“Ora! Kowe isih eling, nalika aku kalah ing alun-alun kadipaten? Nalika aku tiba mengkureb banjur diidak dening Wirogeni bebarengan ngunus curiga banjur nedya aku. Ing wektu kuwi uga dheweke mbengok sora, yen Kadipaten Malang bakal madheg dhewe emoh prentah Mataram. Sayembara ngrebut kowe mung kanggo nglumpukake jago-jago sing sekti mandraguna sing bakale kanggo mbentengi kadipaten. Tembung kuwi dadi kasunyatan nalika para telik sandhi mlebu ing kadipataen kene,” Surantani ngetokake bukti.
“Goroh!” bengoke Prabaretna isih durung percaya. “Kabeh critamu mung koreka supaya para nayaka Mataram percaya karo kowe. Tembungmu sing goroh nuduhake yen kowe duwe kapribaden tansah duwe pangincim. Lan, kanggo pangincimmu kobarisake prajurit Mataram kanggo nggempur Kadipaten Malang. Kowe wong firih!”
Sakala emosine Surantani mumbul ing bun-bunan.
“Yen ngono dakayonani kasektenmu, Prabaretna!” wong wadon kaya kowe gampang kabujung tembunge Adipati Rangga Roh Jiwa. Kowe kudu disimakake luwih dhisik!”
“Asurunge tanganmu bisa nyenggol kulitku, nyawamu mingal luwih dhisik.” Prabaretna wis siaga ngadhepi mungsuh.
Surantani wis mbukak tangane. Sakala kuwi prajurit sing ngupeng Prabaretna arep melu nguyuk. Nanging Surantani menehi pratandha yen prajurit supaya mundur. Para prajurit sing siaga bali mundur. Surantani sing wis arep nyerang mlumpat luwih dhisik, bola-bali ngantem lan mancal, nanging tansah bisa diendhani. Saben-saben Prabaretna ganti ngrangsang bisa kena sasaran. Atine Surantani sing sasurunge wis miris lan ora yakin bisa ngasorake Prabaretna sansaya dadi kasunyatan. Anteman lan dugangan sing wis diisi ajine ditambakake marang Surantani bola-bali, gawe awake Surantani sansaya remuk. Sawise nampa dugangan premanan ngenani dhadha Surantani tiba mengkurep mutah getih.
Nyekseni Surantani kasoran, Suramentaya menehi aba-aba supaya prajurit ngroyok. Prabaretna kapeksa jungkir walik ngadhepi prajurit sing puluhan cacahe. Tumbak-tumbak pating crangap ngancap sakojur awake Prabaretna bareng ana salah sijining tumbak sing nyenggol, pangamuke Prabaretna wis ora kena dikendhalekake, nyekel salah sijine prajurit banjur dirayah tumbake. Tumbake sing wis ana tangane Prabaretna disabetake cepet banget. Landheyan tumbak kanggo tameng, dene pedhang sing diunus saka warangkane kanggo mbabet nyawang. Mung sawetara wae, prajurit kuwi padha ndhoprok sambat lara.
“Mandheg!” prentahe Suramentaya.
Sisane prajurit padha mandheg nyerang, alon-alon mundur, nanging mripate manther nyawang Prabaretna mbokmenawa isih diserbu maneh.
“Saiki aku mungsuhmu,” Suramentaya maju tanpa tumbak.
“Aja maneh kok mung sampeyan, Mbah Suramentaya, kabeh saanak putumu kon maju ora bakal mundur sapecak!”
“Aja umuk dhisik, cah ayu, saiki adhepana aku. Sawise bisa nglangkahi kunarpaku, lagi umukka!” Alon-alon Suramentaya nyedhaki Prabaretna.
Tumbak ing tangan eman dibuwang. Prabaretna cukat nyerang Suramentaya sing ora nyekel gegaman. Suramentaya percaya banget yen bakal bisa ngasorake wanita kaya Prabaretna. Prabaretna bola-bali ngancapake tumbake ngarah perangan awak sing sajak permana, nanging bola-bali mung nyawik angin. Awit Suramentaya kaya bisa maca bakal tekane mata tumbak. Prabaretna sing sajak wurung ngarahake tumbak, tumbak banjut diputer seser ing dhuwur sirah. Nalika ditancepake Suramentaya dudu mata tumbak nanging bonggole. Suramentaya kaget nyawang sing kanggo nyerang landheyane. Suramentaya ora ngerti akale Prabaretna sing banjur cukat malik tumbak nyegat papan pangendhane Suramentaya. Suramentaya isih bisa endha maneh, nanging bareng kandheyan sing munyer sirahe Suramentaya kena antemane garan tombak, durung nganti ngrasakake larane sirah, Suramentaya kaget, jrakh! Kanthi cukat pucuk tumbak nancep ing lengene Suramentaya. Sanalika tangan tengene kanggo nggegem lengen sing dhowak-dhowak mancur getih, sakala Suramentaya nyawang sirih marang Prabaretna. Awit Prabaretna katon nafsune gedhe arep mateni Suramentaya. Suramentaya mundur-mundur, nanging sikile kesrimpet tumbak sing pating ketholang dibuwang sing duwe. Suramentaya tiba kejengkang isih nggegem lengene.
Tumbak sakala diangkat dhuwur dening Prabaretna, mripate Prabaretna manther menyang kecer atine Suramentaya. Tumbak ditancepake Suramentaya sing wis pasrah.
“Paman Suramentaya!” bengoke Surantani sing wis krakal-krekal tangi.
Jrebb! “Huaaa……………….ah!”
Sing njerit kelaran dudu Suramentaya. Suramentaya dhewe kaget nyawang Prabaretna. Tumbak ing tangane Prabaretna alon-alon ucul. Tangane Prabaretna nyekel dhadhane sing kemucur getih. Sawijining tumbak wis nancep saka gegere Prabaretna tembus ing dhadha. Prabaretna sansaya lemes, awit kelangan getih. Bebarengan getihe netes ing lemah, Prabaretna tiba mengkurep ngrungkebi lemah wutah getihe.
“Kowe pancen prajurit licik Su……ran…….tani………. ning…….ora su……we……..ko……….we bakal ma………..ti,” tembung Prabaretna sing pedhot-pedhot bebarengan ambegane sing alon-alon.
Surantani sing mlayu nyedhaki Prabaretna katon getun. Nyawang ambegane Prabaretna sing sansaya angel dheweke ndhaprok nyedhaki. “Apuranen aku, Prabaretna. Temenan, apuranen aku. Apa pancen sliramu ora ngerti yen Kadipaten Malang arep berontak metal saka Mataram. Utawa sliramu wis mangan racun tembung pambujuk angkara. Sepisan meneh apuranen aku, tekaku ing Malang ora kepengin mungsuhan karo sliramu. Nanging nyangapa sliramu sing maju luwih dhisik……….”
“Uwis, uwis, Surantani, barang sing kogetuni ora bisa bakal bali. Saiki jabuten tumbak Kyai Pleret sing nancep ing anggone Prabaretna.” Prentahe Suramentaya.
Layone banjur ruktinen kanthi becik, samongko layon kakirim menyang pendhapa kadipaten. Surantani enggal tumandang.

Langganan:
Postingan (Atom)