Senin, 06 Desember 2010

MALING KENTIRI


Salah sawijine carita kang kawentar kang ana ing Blora yaiku carita Maling Kentiri. Maling Kentiri iku maling kang senengane ngrewangi wong sing mlarat utawa ora duwe. Maling Kentiri iku uga kasebat Maling Aguna yaiku maling kang sekti mandraguna.
Caritane Maling Kentiri yaiku, kacarita ana anak lanang jenenge Kentiri, putrane Kyai Ageng Pancuran gandrung marang Dewi Sirep, putrane Mbok Randha Sugati saka desa Sapetik, Sulang, Rembang. Amarga iku Kyai Ageng Pancuran njaluk tulung marang sedulure, Jarunan, supaya nglamar Dewi Sirep kanggo Kentiri. Kang gandrung marang Dewi Sirep ora mung Kentiri ananging uga Jaka Selakan, putrane Kyai Ngusman saka Balun, Cepu, Blora. Jaka Selakan uga nglamar Dewi Sirep. Anggone Kentiri nglamar luwih dhisik tinimbang Jaka Selakan ananging sing ditampa Mbok Randha Sugati iku lamarane Jaka Selakan. Ngerti kaya mengkono Kentiri dadi ngamuk karo Jaka Selakan.
Ing sawijine dina, Kentiri nyegat Jaka Selakan ing kali Modang kang ana ing sisih wetane Cepu. Kekarone terus padha padu. Jaka Selakan kalah terus dipateni Kentiri. Panggonanae Jaka Selakan pejah terus kasebat kalimati. Sawise Jaka selakan kalah, Kentiri terus mara menyang omahe Mbok Randha Sugati supaya Dewi Sirep gelem nampa lamarane maneh. Dewi Sirep gelem didadekake bojo Kentiri yen dheweke nyagohi apa-apa wae sing dikarepake Dewi Sirep. Tanpa dipikir maneh Kentiri terus nyagohi panjaluke Dewi Sirep, yaiku adus ana ing Sendhangkara ing Tuban, duwe Bendhe Becak, Bendhe Singabarong lan Bendhe Kencana.
Barang kang dadi panjaluke Dewi Sirep iku sejatine ana kang nduweni. Kayata Bendhe Becak iku kang nduweni Mbok Randha Suli, Tuban. Mbok Randha Suli iku tani kang sregep, dheweke duwe anak lanang siji jenenge Jaka Becak. Ngerteni yen Mbok Randha duwe Bendhe Becak, Kentiri terus lunga menyang omahe Mbok Randha nyilih Bendhe Becak. Mbok Randha kandha yen dheweke ora duwe sing dikarepake Kentiri, sing diduweni mung anak lanang siji jenenge Jaka Becak. Kentiri ora pracaya, Kentiri terus padu karo Jaka Becak. Jaka Becak kalah terus pejah, ora let suwe Jaka Becak malih wujudipun dadi Bendhe Becak.
Barang liyane Bendhe Becak yaiku Bendhe Singabarong lan Bendhe Kencana, duweke Mbok Hira lan Bupati Semarang, Ranggayuda. Kang paling angel diduweni Kentiri yaiku Bendhe Kencana. Kentiri ngerti yen Bupati Semarang duwe Bendhe kuwi mula Kentiri terus lunga menyang Semarang nyolong Bendhe Kencana. Dina iku apese Kentiri, sadurunge bisa njupuk Bendhe Kencana dheweke diweruhi wong liya. Kentiri mlayu lan dioyak-oyak karo punggawa Bupati Semarang. Anggone Kentiri mlayu rada adoh, dheweke terus ndelik ana ing kutha Blora. Sawise kedadeyan iku Kentiri terus kasebat Maling Kentiri amarga tumindake ing sabendinaneing kutha Blora mung nyolong wae. Kentiri iku maling, ananging anggone maling iku kanggo wong desa. Maling Kentiri iku satriya kanggone wong desa amarga apa-apa kang kasil saka maling diwenehake marang wong sing ora duwe utawa kekirangan.
Rikala Kentiri dioyak nganti tekan Blora, dheweke akeh nglairake jeneng-jeneng desa kang ana ing Blora, yaiku wose panggonan sing tau ditekani karo Maling Kentiri. Tuladhane jenenge desa Jepon, yaiku kacarita kaya mangkene: Kentiri nerusake lakune karo andum pangan. Amarga berase wis entek lan kari cumpon (pas-pasan) Kentiri terus kandha “Mbesuk yen ana rejane jaman tak jenakna karan Desa Jepon amarga berase arep dakdum wis kari sithik, tegese wis cumpon.” Tuladha liyane yaiku jenenge desa Dhungkluwih, yaiku kacarita kaya mangkene: Kentiri nerusake lakune maneh terus leren ana ing pinggir kali, leren ngliwet, isih meksa weruh wong. Kentiri terus kandha “Pinggir kali iki ana kedhunge lan ana wite kluwih, besuk yen ana rejane jaman tak jenakna desa Dhungkluwih. Ukara mbesuk yen ana rejane jaman asring dienggo wong kanggo nglairake jeneng-jeneng panggonan utawa desa.      
Sawise Kentiri jeleh anggone nyolong, dheweke terus tobat lan lunga maguru marang Sunan Ngerang ing Semarang. Dheweke janji yen ora bakal maling maneh lan bakal nglakokake tumindak kang apik lan sregep anggone ngibadah. Maling Kentiri miturut kapercayan wong desa, Maling iku isa mlebu menyang omahe wong liwat cahya lampu kang metu saka bolongan ngomah kang digawe saka kayu utawa pring.

MLANGI


 Zaman dhisik ing dhesa Pejambon, akeh banget padunung sing asale saka negeri Cina. Rata-rata padunung asli saka Pejambonne dhewe malah padha nyambut gawe dadi kacunge wong-wong Cina kanggo nguripi  kaluwargane.
Sanajan wong Cina kuwi sugih-sugih, nanging yen soal bandha pelite ora umum. Kacung-kacunge wae mung dikei upah sing cukup kanggo mangan tok. Kahanan kaya ngene dadiake padunung-padunung asli Pejambon uripe ora mulya lan sarwa kurang. Nanging Padunung asli saka Pejambon kuwi uripe guyup, rukun lan seneng tulung-tinulung, bedha karo wong-wong Cina sing senenge urip dhewe-dhewe ora mikirake kahanane wong liya.
Dhesa Pejambon zaman semana kondhang banget, amarga akeh dipanggoni karo wong Cina sing sugih-sugih. Marga kuwi, ning Pejambon kerep banget ditekani karo wong ngemis sing asale saka ngendhi wae.
Ing salah sawijining dina, ana wong ngemis teka ning Pejambon, nanging wong ngemis sing siji iki beda karo wong ngemis liyane. Wong kuwi tuwa, kuru, rambute dhawa putih, dhuweni jenggot lan gawa teken. Panganggone sarwa putih lan suwek-suwek.
Tekane wong ngemis kuwi ora disenengi deneng padunung Pejambon, apa maneh karo wong-wong Cina. Ora diwenehi dhuwit utawa panganan, nanging pengemis kuwi malah dielek-elek dening padununge Pejambon. Sanajan enthok kelakuan kaya ngono, wong ngemis kuwi tetep mlaku ngubengi omah-omah ing Pejambon kanggo golek dhuwit, nanging upayane kuwi ora ana kasile babar blas. Wes setengah dhina wong ngemis kuwi ngubengi dhesa, nanging ora ana siji-sijiya wong sing ngekei sedekah.
Ana ing tengah dalan, wong ngemis ketemu karo salah sijining padunung asli saka dhesa Pejambon sing jenenge Jafar. Jafar kuwi wong sing ora dhuwe apa-apa, nanging amal ibadahe kuat banget lan seneng nulung wong liya. Sanajan uripe Jafar sarwa kurang, nanging weruh wong ngemis kuwi, Jafar Jafar banjur ngrogoh sak kanggo jupuk dhuwit. Banjur dhuwit ewon lembaran kuwi diwenehake marang wong ngemis.
Sakwise dhuwite diwenehake, banjur Jafar lunga. Iseh telung jangkah, wong ngemis mau ngundang jenenge dheweke. Jafar kaget banget amarga wong ngemis kuwi ngerti jenenge dheweke. Jafar takon asal-usule pengemis kuwi, nanging pitakone kuwi ora diwangsuli, pengemis kuwi malahan menehi pituduh marang Jafar. Pituduh kuwi isine yaiku yen telung dhina maneh ing dhesa Pejambon iki bakalan arep ana udan gedhe banget sing bisa ngakibatke banjir bandhang. Jafar uga diwenehi saran, yen mengko pas ana banjir dheweke dikon numpak lesung mlaku ing arah kidhul kanggo nyelametake awake. Ora mung kuwi, Jafar uga diwenehi ali-ali dening wong ngemis mau, Gunane ali-ali kuwi yaiku kanggo ngadhepi bebayan sing bakal diadhepi sesok yen pas kadadean banjir. Nanging pesene wong ngemis mau yaiku ali-ali kuwi yen arep ning kakus dikon nyopot. Durung nganthi Jafar nyauri, wong ngemis kuwi teka-teka ilang mboh neng endhi.
Ngerti dhesane arep kena musibah, jafar ngumumake marang marang wong kampung ngengingi bab banjir mau. Nanging ora ana wong siji-siji ya sing percaya karo omongane Jafar. Apa maneh Pejambon kuwi panggonane ing gunung, dadi ora mlebu akal yen Pejambon bakal kena banjir.
Rong dhina sabanjure teka. Kadadean banjir kuwi uga teka. Awit isuk udhan gedhe banget dibarengi karo suwara geledhek kang nyamber-nyamber. Akeh omah-omh lan wit-witan padha ambruk kena angin sing gedhe tenan. Wong-wong sing padha ora percaya karo omongane Jafar padha bingung golek pitulung, nanging merga banjire dhuwur tenan, wong-wong mau padha ora bisa nyelametake awake. Siji-sijine wong sing slamet yaiku Jafar. Ana ing tengah-tengahing banjir, Jafar numpaki lesung mlaku ing arah kidhul. Nanging lesunge teka-teka ditabrak karo baya putih. Krasa nyawane keancem, Jafar banjur gelut karo baya putih kuwi. Pas baya kuwi gentian arep nyerang, Jafar kelingan karo omongane wong ngemis dhisik ngengingi ali-ali. Ora kesuwen banjur ali-aline ditokake lan diadhepake marang baya kuwi. Saka ali-ali kuwi ngetokake cahya. Baya mau banjur ilang. Gandheng lesunge wes dirusak marang baya, Jafar banjur nglangi sakuate tenagane tumuju daratan sing ora patia adoh. Akhire Jafar tekan daratan kanthi selamet.
Ning daratan kono, jebul ora ana padununge. Suwe netep ning kono dhewean, akhire Jafar nikah karo wong jaba daerah. Nanging sanajan wes duwe anak barang Jafar lan kaluwargane tetep netep ning kampung kono. Gandheng kampung kuwi urong ana jenenge, mangka karo Jafar kampung kuwi dijenengake kampung “Mlangi”. Dijenegake Mlangi karo Jafar marga dhisik tumujune Jafar tekan kono kanthi cara nglangi kanggo nyelametake awake. Saiki Mlangi wes dadi kampung sing wes kebak padununge. Malahan saiki ing Mlangi ana kuburan sing jenenge kuburan larangan sing ora enthok dikunjungi karo wong-wong. Konon jarene kuburan kuwi yaiku kuburane Jafar.

RADEN MAONENG


            Manut critane rakyat pasarean kang misuwur. Pasarean iku dipercaya dening masyarakat kana minangka papan kramat. Pasarean kuwi yaiku pasareane Raden Maoneng. Saiki legenda pasarean Raden Maoneng kerep dipentasake ing kesenian kethoprak utawane pagelaran wayang golek.kana, dhek biyen kabupaten pemalang diparentah dening Kanjeng Adipati Raden Tumenggung Soeryonegoro. Raden Adipati nduwe patih kang asmane Patih Jongsari. Patih Jongsari kesengsem marang putrane adipati kang nduweni praupan ayu. Nanging sang patih ora wani ngandarake yen dheweke tresna marang Sang putri.
            Ing sawijining dina, ana Sang Pangeran kang asmane Raden Maoneng teka ing kabupaten Pemalang. Raden Maoneng kuwi putrane Adipati Madiun. Raden Maoneng diutus ramane supaya munggah kaji. Manut pangandikane ramane, Raden Maoneng didhawuhi supaya liwat ing pelabuhan pemalang sakdurunge nyebrang maring tanah suci. Sang Pangeran ditrima dening Adipati merga solah bawahe katon sopan. Amarga Raden Maoneng gagah tur ngganteng, Sang Putri tresna marang awake. Ora dinyana, jebule Raden Maoneng uga duwe rasa tresna marang Sang Putri.
            Ora let suwe, adipati uga ngerti kahanan antarane putrine karo Raden Maoneng. Banjur adipati aweh pangastuti marang wong loro mau. Pungkasane Raden maoneng dipek mantu dening adipati.
            Sawijining dina Raden maoneng matur ngenani tujuan utamane biyen yaiku munggah kaji. Amarga niyate Raden Maoneng niyat kang suci mangka  Adipati lan putrine oara kabotan yen ditinggal lunga. Malahan nyiapake kabeh samubarang sing dibutuhake dening Raden Maoneng.


            Patih Jongsari lan para sentana pemalang diutus ngeterke raden Maoneng tekan bandar ing pinggir kadipaten Pemalang.
            Jebul patih isih duwe dendam amarga Raden Maoneng bisa njupuk atine putrine adipati sing ditresnani awake. Patih nduweni niyat mateni Raden Maoneng.  Semana uga Raden Maoneng iya mbalik nyerang. Nanging amarga Patih Jongsari direwangi karo prajurite, Akhire Raden Maoneng kalah lan mati. Mayite diselehake ing ngisor wit tanjung lan ditutupi gegodhongan. Getihe sing metu mambune wangi. Saiki papan panggonan mau diarani desa Tanjungsari. Tanjung tegese wit tanjung, dene sari tegese getih.
            Adipati nduwe rasa ora kepenak sakwise ditinggal Raden Maoneng. Apa maneh, entuk laporan menawa Patih Jongsari wis wani ngrayu putrine. Putri adipati njaluk marang bapake supaya nusul Raden Maoneng. Bajur Adipati pemalang lunga saperlu arep nglakoni tapa lan nggrogo sukma. Sukmane adipati nggoleki Raden Maoneng. Kelawan kesaktiane, pungkasane sukmane Raden maoneng bisa ketemu. Sukmane Raden Maoneng nyritakake kabeh prastawa kang dilakoni saksuwene lunga saka omah. Klawan panjaluke adipati, sukmane Raden maoneng nyawiji ing ragane saengga dheweke urip maneh.
            Raden maoneng lan adipati mulih menyang kadipaten Pemalang. Sakwise Raden maoneng mulih, kabeh kejahatan sing dilakoni dening patih Jongsari kasingkap. Banjur adipati ngutus marang prajurit-prajurit supaya nyekel patih Jongsari. Patih Jongsari mlayu nyang arah kidul. Nanging prajurit wis nyebar ing kabeh penjuru. Pungkasane patih Jongsari dikepung karo prajurit utusane Adipati Pemalang. Saiki desa papan dicekele Patih Jongsari diarani desa kepungan( ora adoh saka dukuh Mangoneng).
            Patih Jongsari dihukum dening sang adipati merga sangkin gedhene kejahatan sing dilakoni. Sakwise prastawa mau, Raden Maoneng lan putrine adipati urip seneng, mulya lan raharja saklawase urip. Suk mbene Raden Maoneng bisa nganteni Adipati Soeryonegara marentah kadipaten Pemalang.

RATU KALINYAMAT


Habib Ahmad kang lair ing kota Hajren, Yaman taun 1255 H utawa taun 1836 M, iku sowan ing Indonesia yaiku ing kota Pekalongan. Dheweke nyawang kahanan kota Pekalongan kang isih mbutuhake dukungan Syari’at Islam, akhire dheweke netep manggon ing Pekalongan.
Habib Ahmad ing Pekalongan nindakake tugas dadi imam masjid Wakaf kang ana ing Jalan Surabaya Pekalongan. Saka ketekunan lan kepemimpinan Habib Ahmad, masjid iku dadi rame lan akeh jama’ahe, sahingga dheweke ngrenovasi masjid iku kanthi nyukupi kebutuhan masyarakat Pekalongan. Istimewane Habib Ahmad yaiku apal Al Quran 30 juz kanthi lancar lan apik.
Habib Ahmad iyo ndirikake Madrasah Salafiyah kang ana ing sebelahe masjid Wakaf mau. Saking pesate majune Madrasah Salafiyah mau, akeh alumni kang dadi ulama lan tokoh masyarakat. Madrasah Salafiyah iku saiki dadi perintis sekolah-sekolah Islam kang berkembang apik ing Pekalongan.
Ing sawijining dina, Habib Ahmad ketemu wanita kang durung ngerti Ihwal Habib. Wanita iku ora nganggo jilbab, Habib Ahmad langsung mbenthak marang wanita iku “ Tutup sirahmu !“. Wanita iku nyawang Habib Ahmad karo bingung. Wanita iku dipenthung nganggo tongkate nganthi tatu. Habib Ahmad mung kepengin nindakake tugas agama lan tujuane supaya wanita iku nutup aurate. Nanging wanita iku nglaporake tindakane Habib Ahmad marang polisi. Polisine langsung ngongkon stafe supaya nekakake Habib Ahmad, nanging Habib Ahmad pra bisa teka. Polisi iku heran lan njaluk dituduhake Habib Ahmad saka kadohan.
Sawijining Habib Ahmad mlaku arep bali saka masjid Jami’ lan wis cedhak jarake saka polisi, polisi iku ngadheg ngalangi ing tengah ndhalan lan saben Habib nyedhaki polisi kuwi mundur memburi, akhire dilewati Habib Ahmad. Polisi iku langsung bali neng kantore lan crita karo stafe yen sejatine dheweke arep nangkep Habib nanging pas nyedhaki Habib, dheweke weruh singo loro ing sisih kanan kirine Habib Ahmad. Saka iku kang gawe dheweke wedhi lan meh wae mlayu. Polisi iku ngongkon wanita kuwi ngadu ing “Regent” kang kebeneran kenal karo Habib Ahmad cedhak. Sawise ngerti apa kang kedadean, dheweke ngundhang dhokter kanggo ngobati tatune wanita iku lan menehi sepuluh Golden saka sak’e dheweke lan ditrima wanita iku kanthi atine bungah.
Tindakane Habib Ahmad sok-sok nganthi nganggo tangan. Sanajan koyo kuwi, masyarakat ora tau ngadohi lan sewalike malah trisno lan kagum karo niat apike. Tindakane Habib Ahmad dilakokake kanthi ikhlas tanpa pamrih karo nindakake perintah Allah.
Masyarakat Pekalongan ngerti lan kenal Habib Ahmad iku wong kang Zahid ( ora seneng marang tindakan kemewahan duniawi ). Sering nolak hadiah kang ora jelas sapa kang menehi hadiah iku.
Habib Ahmad mbuka pengajian umum ing masjid, sakliyane mimpin sholat jama’ah lima wektu, nindakake wirid lan dzikir, sholat-sholat sunah kang utama sholat sunah rowatib kang ngiringi sholat fardhu. Amalane dheweke yaiku maca siji juz Al Quran ing njero sholat tahajud ing tengah wengi lan siji juz dilakokake pas wektu sholat sunah dhuha, nindakake puasa sunah kang dianjurake agama
Ketekunan Habib Ahmad ing nindakake ibadah, keikhlasan lan kasih sayange karo wong akeh kang lemah sarta ketegasane ing nglakokake Amar Ma’ruf Nahi Munkar kang gawe Habib dadi idola masyarakat Pekalongan lan nyebar ing tengah wong akeh riwayat-riwayat kedadean luar biasa ( khowariqul Adah ) kang dikenal “ Karamah “.
Nyritakake karamah-karamah kuwi ing njero catetan iku gawe riwayat urip kang dirancang singkat iki. Riwayat iku dadi cerita rakyat kang akeh dituturake lisan saka wong akeh. Sebabe ing catetan iku ora perlu dituturake maneh. Cukup neng kene wae dituturake peristiwa-peristiwa luar biasa iku.
Habib Ahmad dikenal “ Habib Keramat “ ing tengah masyarakat Pekalongan. Kang akhir hayate Habib Ahmad ngalami patah tulang neng pangkal pupune, akibate saka tibo. Bab iku nyebabake dheweke dadi ora bisa mlaku. Awit kuwi Habib Ahmad ora nglakokake kegiatan ing njobo nanging ngalihake kegiatane ing omahe kaya sholat jama’ah lan pengajian. Penderitaane kuwi nganthi wafate ing malem ahad, 24 Rajab 1347 H utawa taun 1928 ing umur 92 taun. Dheweke dimakamke ing Pekuburan Sapuro Kotamadya Pekalongan.  Nanging peringatan Haul ( ulang taun ) wafate saben tanggal 14 Sya’ban kang ditekani ewunan umat Islam, nganthi Habib-Habib liyane, para ulama lan pejabat pemerintah. Nganthi akeh kang padha teka saka luar negeri kaya saka Singapura, Malaysia, lan Timur Tengah. Amarga keagungane lan kesolihane, saben dina makame Habib Ahmad dikunjungi para peziarah saka luar kota Pekalongan.
Jenazah Habib Ahmad disholatake ing masjid Jami’ Pekalongan lan ditekani umat Islam nganthi madeti kota Pekalongan. Meh kabeh penduduk kota Pekalongan uga luar kota nguntabkake jenazahe Habib Ahmad ing panggonan terakhir. Durung tau ing kota Pekalongan ana pengantar jenazah kaya wafate Habib Ahmad iki.
Bisa dikandhakake yen dina kuwi yaiku dina jumat kelabu kanggo umat Islam Pekalongan khususe puluan ewu umat Islam tumplek-blek madeti masjid Jami’ Kauman Pekalongan, alun-alun, saka ndhalan masjid nganthi panggonan makam Sapuro sesak umat Islam kang pengin nguntabkake jenazah kang Mulia iku kanthi pasukan keamanan lalu lintas. Ing upacara pemakaman iku ditekani para ulama lan Habib saka kota, kaya Jakarta, Semarang, Surabaya, lan Bogor.
Makame Habib Ahmad nganthi saiki isih ana wujude lan mesthi ora tau sepi pengunjung. Sakliyane iku, ing njero tengah kampung Sapuro ana Mushola kang dipercaya warga Sapuro yen mushola iku peninggalane Habib Ahmad. Ing mushola iku rame dipercaya mitos, saben malem jumat kliwon kang akeh pengunjunge. Mushola iku rame amarga pengunjung padha wudhu lan sholat ing mushola kono. Sakliyane wudhu lan sholat uga padh adus ing tengah wengi amarga dipercaya banyu ing mushola iku bisa njangkepi kekarepan wong kang padha mampir ing mushola kono. Nanging iku gumanthung kepercayaane atine dhewe.

Minggu, 05 Desember 2010

Kidung Langit

panyengkuyung
papadanging jagat
panyandraning angin
pawelehing ombak segara
padha ngidung sangkan-paraning dumadhi...

nyatuhu ing ngalaming lelembut
golek konco, kok ana sing rangabetki
njur anak putu arep di ajak ngendi!
lali karo seng kudune di bekteni,
apa ngabekti karo sing ngabekti?
nanging orang ngabekti karo sing kudu dibekteni.

kidung gumregah ing langit
padha gawe ramening jagat
gora gawe tentreme umat
kok rung padha gelem tobat

kidung mangku langit kang padang
biru sumringah di sawang
padang gawe gampang pakaryan
sawanganing kaya akeh kawelasan

oh, kidunging langit
gaweo becik
aja anggowo pangglegering ati