Minggu, 05 September 2010

Ikhlas Pasa

 Dening Yoni Ahmad
Direwangi weteng ngelih
Direwangi ora mangan sak awan
Direwangi tangi gasik
Direwangi awak lemes sedina
Nanging…
Ora bisa ngempet nepsune
Ora bisa ngempet nesune
Ora bisa ora nggremeni liyan
Ora bisa ikhlas ngelakoni ibadah



Pasa iku dudu alesan ora mergawe
Pasa iku dudu alesan supaya turu wae
Pasa iku dudu ibadah kapeksan
Pasa iku dudu nggo pantes-pantesan
Nanging…


Kudu bisa ngresikake ati
Kudu bisa nyingkirake rerungsuh
Kudu kanthi niyat kang ikhlas
Kudu tetep ngelakoni ibadah liyan



Tiwas…
Direwangi weteng ngelih
Direwangi ora mangan sak awan
Direwangi tangi gasik
Direwangi awak lemes sedina
Nanging…
Ora ana hasile
Ora ana paedahe
Ora ana hikmahe
Ora ana gunane

Kamis, 02 September 2010

Kembang Wijaya Kusuma

Miturut crita jaman semono ana raja saka Jawa Timur yaiku Kerajaan Kediri sing aran Prabu Aji Pramosa. Dheweke duwe watak atos lan ora gelem ngalah karo sapa wae, apa maneh karo raja-raja saka kerajaan liya.

Wektu iku ing wilayah kerajaan ketekanan resi sing aran Resi Kano utawa Kyai Jamur. Resi kano iku wis misuwur kasektenane. Anane Resi Kano ing kono ndadekake Prabu Aji Pramosa kuwatir mbok menawa Resi Kano nduwe niyat ala karo dheweke lan kerajaane. Dheweke wis wanti-wanti karo para punggawa-punggawane supaya luwih ati-ati. Prabu Aji Pramosa kuwatir yen kerajaane bakal nandhang bebaya.


Jalaran saka iku Prabu Aji Pramosa nglumpukake para punggawa-punggawane dijak rembugan. Rembugane bab piye carane supaya bisa nyingkirake Resi Kano saka tlatah kono. Bareng rembugane wis rampung, Prabu Aji Pramosa rada tentrem atine. Akhire Prabu Aji Pramosa gawe keputusan yen Resi Kano bakal ditundhung saka Kerajaan Kediri. Pokoke Resi Kano ora entuk lunga saka kono sadurunge dipateni karo Prabu Aji Pramosa. Nanging Resi Kano minggat luwih dhisik saka Kerajaan Kediri sadurunge ditundhung karo Prabu Aji Pramosa..


Minggate Resi Kano saka wilayah Kerajaan Kediri malah ndadekake Prabu Aji Pramosa murka. Prabu Aji Pramosa durung bisa tentrem yen durung bisa nemokake Resi Kano. Prabu Aji Pramosa akhire lunga karo punggawa-punggawane nggoleki Resi Kano. Saupama mengko kecekel Resi Kano langsung dipateni.
Resi Kano minggat  menyang arah Pantai Selatan Pulau Jawa cedhake Cilacap. Ing kono Resi Kano semedi njaluk karo Gusti sing Murbeng Dumadi supaya dheweke diparingi slamet lan ora ana sing bisa nemokake dheweke ing kono. Nanging durung klakon apa sing dijaluk, Prabu Aji Pramosa lan para punggawa-punggawane wis bisa nemokake nggon delikane Resi Kano. Bareng wis di temokake nggone mau, banjur Resi Kano dipateni dening Prabu Aji Pramosa lan para punggawane.

Nalika Resi Kano wis dipateni, ana swara gludhug lan angine banter banget sing nggawe Prabu Aji Pramosa lan punggawa-punggawane merinding. Sawetara kahanan wis apik, ana naga raksasa sing kaya-kaya meh nguntal dheweke. Weruh kaya ngono Prabu Aji Pramosa malah ngunus jemparinge lan diarahke neng wetenge naga raksasa iku mau. Akhire naga mati lan kentir ombak Pantai Laut Selatan.

Bareng Prabu Aji Pramosa arep balik saka kono, dumadakan ana swara ngundang dheweke saka arah wetan. Swara iku mau jebul swarane sang putri, putri iku ngendikan karo Prabu Aji Pramosa :
“Prabu, panjenengan iku raja sing gagah prakosa tur wicaksana. Ngertenana prabu aku iki Dewi Wasowati. Anane aku neng kene amarga dikutuk karo Gusti sing Murbeng Dumadi. “Prabu Aji Pramosa, ngertenana yen panggonan iki bakale pisah karo pulau Jawa, pulau iki arep tak wenehi jeneng “nusa” sing artine pulau. Lan tak tambahi jeneng “kembangan” amarga cangkok kembang wijaya kusuma wis tak aturke panjenengan. Saengga ing wektu ngarep bakale panggonan iki dikenal kanthi jeneng “nusa kembangan”. Sing saiki dadi nusa kambangan. ”Jalaran saka jasamu aku bisa njelma maneh dadi manungsa biasa. Minangka aku bales jasamu, panjenengan tak aturi cangkok kembang wijaya kusuma iki. “Prabu Aji Pramosa, ngertenana yen panggonan iki bakale pisah karo pulau Jawa, pulau iki arep tak wenehi jeneng “nusa” sing artine pulau. Lan tak tambahi jeneng “kembangan” amarga cangkok kembang wijaya kusuma wis tak aturke panjenengan. Saengga ing wektu ngarep bakale panggonan iki dikenal kanthi jeneng “nusa kembangan”. Sing saiki dadi nusa kambangan.”

“Yen kowe duweni cangkok kembang wijaya kusuma kowe bakale bisa nurunake raja-raja sing bisa misuwur ing tanah jawa. Mula tampanana cangkok iki.”

    Krungu kaya ngono Prabu Aji Pramosa kanthi sumringah langsung nampani cangkok Kembang Wijaya Kusuma mau. Nanging Dewi Wasowati uga duwe pesen karo Prabu Aji Pramosa :
“Prabu Aji Pramosa, ngertenana yen panggonan iki bakale pisah karo pulau Jawa, pulau iki arep tak wenehi jeneng “nusa” sing artine pulau. Lan tak tambahi jeneng “kembangan” amarga cangkok kembang wijaya kusuma wis tak aturke panjenengan. Saengga ing wektu ngarep bakale panggonan iki dikenal kanthi jeneng “nusa kembangan”. Sing saiki dadi nusa kambangan.”

    Sawuse cangkok diwenehake marang Prabu Aji Pramosa, Dewi Wasowati ilang. Banjur sang prabu mbalik kanthi numpaki jukung. Cangkok mau diselehake neng sandhinge, nanging  bareng cangkoke ceblok,Prabu Aji Pramosa ora ngerti. Dheweke sadhar nalika wis teken pinggir, Prabu Aji Pramosa bingung ngoleki cangkoke iku. Prabu aji pramosa mung bisa nyalahake awake dhewe neng apa kok ora ati-ati anggone njaga cangkok mau. Akhire Prabu Aji Pramosa mbalik neng kerajaan Kediri karo punggawa-punggawane. Lan apa sing dialami dina iku mau dicritakake marang wong-wong kerajaan.

    Ora let suwe keprungu kabar yen ing dhuwur karang Pulau Nusa Kambangan thukul wit sing aneh,wite iku ora ana wohe. Prabu Aji Pramosa kepengen weruh jan-jane wit apa sing thukul ing dhuwur karang iku. Akhire Prabu Aji Pramosa lunga neng Pulau Nusa Kambangan. Bareng tekan kono dheweke kaget jebul wit sing dimaksud wong-wong iku cangkok kembang wijaya kusuma sing dhisik tau ditampa saka Dewi Wasowati. Nanging wit iku mau ora bisa dijupuk dening Prabu Aji Pramosa. Akhire Prabu Aji pramosa mung bisa balik karo rasa kuciwa.

    Miturut crita sing ana, nganti saiki Kembang Wijaya Kusuma dipercaya yen sapa wonge duwe cangkok kembang wijaya kusuma bakale nduweni keturunan sing mulya uripe. Nanging cangkok mau ora entuk dijupuk karo sembarang wong, kudune wong sing karep njupuk kudu semedi luwih dhisik.

JARE NENG PEKALONGAN ORA ANA KEBO LANANG

Dek biyen neng kampung nelayan desa Sigeseng ing Pekalongan, ana petapa kang sakti mandra guna. Jenenge Ki Sadipo, dheweke wis misuwur ahli nggawe prau. Ki Sadipo nduwe anak lanang jenenge Joko Danu kang padha-padha saktine. Wiwit cilik Joko Danu dilatih karo Ki Sadipo, kanthi padha saktine kaya bapake. Saknajan sakti Joko Danu diwejangi yen kesaktian mau ora kena dipamerake.


”Jaka, saiki kowe wis gedhe, kesaktianmu wis sampurna. Nanging kowe kudu eling kabeh mau ora perlu dipamerake uripa kaya wong lumrahe kaya masyarakat kene.”  Ki Sadipo menehi wejangan kanggo anake.

“Inggih bapa, kula mangertos. Sakmenika kula badhe urip limrah kados masyarakat mriki”

    Sakwijining dina, ki Sadipo oleh pesenan prau saka Raja Galuh. Raja kepingin banget nduwe prau gaweane Ki Sadipo. Krungu kabar mau Ki Sadipo bungah banget. Dheweke banjur ngumpulake murid-muride.

    “Murid-muridku, aku mau oleh pesenan prau saka Raja Galuh. Sesuk esuk-esuk bareng-bareng golek kayu ing alas kana.”

    “Inggih guru, ngenjing saderenge fajar kita sedanten menyang alas. Saniki kula kaliyan rencang-rencang badhe nyiapaken pirantinipun,”  kandane Basuki murid sing paling tuwa lan dipercaya dening Ki Sadipo
    “Ya wis kana, sesuk tak enteni ning prapatan desa.”

Esuk-esuk murid-muride wis ngenteni ning prapatan.

“Wah, wis teka kabeh ya? Ayo langsung mangkat wae saiki,” direwangi muride Ki Sadipo nggolek kayu neng alas. Sakwise tekan alas muride padha mencar golek kayu sing apik.
Sasuwene anggone golek ora ana kayu kang dikarepake. Banjur Ki Sadipo ngakon muride leren dhisik karo mangan sing mau digawa.     “Padha ngaso disik kene karo padha mangan, during padha sarapan ta mau?”

Banjur murid-muride padha kumpul ing ngisor wit pada lungguh neng suket.

“Lha Basuki neng ngendi kok ora ketok?”, pitakone Ki Sadipo marang muride.

“Ngapunten guru, kadosipun taksih madosi kayu wau liwat sisih wetan,” wangsulane muride.   

“Tak golekane disik, kowe kabeh ngenteni kene.”

Banjur Ki Sadipo lunga nggoleki muride, ing dalan dheweke nemu kayu kang apik lan gedhe banget. Wektu dheweke isih ndelokake kayu mau saka kadohan ana suwarane muride ngundang dheweke.

“Guru…!”, jebule Basuki.

“Aku nggoleki kowe mau, iki Bas aku wis nemu kayu kanggo gawe prau. Apik tenan ta?”
   
 “Nggih…, sae tenan!” wangsulane Basuki kang mlongo weruh wit kang gedhe banget ana ing ngarepe.

    “Heh…, malah nglamun, kana undangen kanca-kancamu langsung ditegor wae!” Prentahe gurune marang Basuki.

Basuki lunga marani kancane, banjur bebarengan tumuju ing wetan. Tekan kana langsung bareng-bareng nebang kayu. Sakwise ditebang karepe arep langsung digawa bali maring ndesa. Nanging saking gedhene, Ki Sadipo karo murid-muride ora kuwat nggotong kayu mau.

“Guru kajengipun abot sanget kadosipun mboten bakal kiyat menawi digotong tiyang wolu.”

“Iya, pie yen njaluk tulung marang warga wae, kowe padha jaga ana kene aku tak mulih dhisik.”
    Ki Sadipo banjur bali menyang desa neng alas mung ana murid-muride. Sakwise metu alas dheweke langsung ngumpulake warga.

    “Bapak-bapak, anggonku ngumpulake sampeyan neng kene aku arep njaluk tulung kanggo nggotong kayu saka alas. Kayune gedhe banget aku lan murid-muridku ora kuwat nggotong.”
   
 Sakwise para warga wis nyaguhi, Ki Sadipo lan rombongan bareng-bareng menyang alas arep gotongan.

    Tekan alas Ki Sadepo kaget lan kayune wis ora ana, salah sijine warga takon, “endi ki kayu kang arep digotong, apa durung ditebang?”  Ki sadepo bingung olehe mangsuli “Mau ana ning kene saiki ora ana.”

Weruh gurune kang lagi bingung banjur muride marani, “ngapunten guru, kala wau kajengipun sampun dipun betha kalih jaka danu piyambakan.”     Krungu kahanan mau Ki Sadepo murka. Dheweke krasa dientengake anake. Jaka Danu dianggep sengaja pamer kesaktian ing ngarepe murid-muride. Sakjane Ki Sadepo uga bisa nggotong kayu dhewe, nanging dheweke luwih milih njaluk tulung warga. Ki Sadepo mung ora kepengin pamer kasaktiyan neng ngarepe wong akeh. Ki Sadipo njaluk ngapura karo warga kang wis adoh-adoh teka neng alas nanging kayune malah wis ora ana. Ki Sadepo karo rombongan banjur bali ning kampung.
Neng tengah dalan dheweke pethukan karo Joko danu.

“Bapa, kayune sampun kula bekta wangsul,” kandhane Jaka Danu.

Banjur Ki Sadepo isih murka banjur mangsuli, “anaku kowe kuwat banget bisa nggawa kayu mau, pancen kowe perkasa kaya kebo.”

Dumadakan putrane malih dadi kebo. Weruh kahanan mau warga lan muride kaget banget, nanging ora bisa apa-apa mung ndelokake Jaka danu kang malih kaya siluman. Petapa mau banjur ngakon kebo Danu lungo menyang alas.

“Danu kowe lancang nyepeleake pamelinge bapakmu, saiki lunga saka papan kene. Uripa neng alas kono!”

Ngapunten Bapa, kula mboten….”

Durung rampung ngomong Ki Sadipo langsung nyela, “kowe wis lali marang pamelingku, aku ora bisa apa-apa. Saiki kowe kudu lunga saka kene!”

    Sakjane Joko Danu abot ninggalake bapake nanging dheweke tetep lungo kanggo nebus kesalahane. Dheweke gelo banget, yen mau dheweke ngomong disik mesthi ora bakal dadi koyo ngene. Joko Danu wis lali pamelinge bapake, saknajan dheweke sakti kudune ora perlu mamerake kesaktiane.

    Kuwi sebabe tekan saiki ora ana kebo lanang neng desa Sigeseng, yen ana mesti bakal dadi mangsane kebo Danu. Nanging kebo-kebo wedok ing dhaerah kono tetep bisa manak amarga ana kebo siluman yaiku kebo Danu. Anak kebo sing lanang ugo dipangan karo kebo siluman mau