Sabtu, 14 Agustus 2010

Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa

Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandhawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake
yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandhawa lan
Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang
Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara
Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa.
Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.



Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata.
Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para
dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging
sapa? Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa
iku.

Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kangditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik? Sawise rembugan
sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya
melu tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa.

Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune
uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya
kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanakturune
besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata
bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang kudu njejegake kautaman.
Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu
tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener.
Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene
Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang
Retawu, prasasat meh saben dina.

Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru
lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara
Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi
pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja
mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa
nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.

Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung
darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan
Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika
tumurun ing ngarcapada, kekarone memba rupa dadi macan.
Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana ing alas.
Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa
Manumayasa lan Semar. Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing
linepasake, ngenani macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari.
Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen
kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.

Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi
Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati.
Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu Pandhawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para
raja Mandaraka.

Dene Semar, tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan
Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa. Nanging uga
ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi dudu anake Semar,
amarga dumadine saka dipuja

Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana

Ana ing crita-crita pedhalangan –kejaba ing lakon Babad Wanamarta– jenenge paraga
wayang siji iki arang-arang banget kepurungu, beda karo jeneng-jenenge para Pandhawa
lan Kurawa. Pancen dudu paraga lumrah, karuan iki sawijining tokoh manggalaning para
jim kang urip ing kraton kajiman ing alas gung liwang-liwung, Alas Mrentani utawa
Mertani alias Alas Wanamarta.

Lakon kasebut, sing kalebu lakon carangan, versine sajake ora mung trima siji loro.
Minangka conto, pambabade alas sing sateruse dadi negara Amarta utawa Batanakawarsa
utawa Indraprastha kuwi ana sing nyritakake yen sing mrentahake iku Pabu Duryudana,
ratu Astina. Pamrihe ora kok dimen Pandhawa bisa duwe nagara, nanging supaya
Pandhawa sirna dimangsa sato wana galak utawa jim setan peri prayangan. Jalaran Alas
Mrentani ngono kondhang gawat keliwat-liwat, wingit kepati-pati.

Crita liya, sing ndhawuhake mbabad alas wingit kuwi Sri Bagendha Matswapati, raja
Wiratha minangka tandha panarima marang lelabuhane Pandhawa mbengkas reruweting
praja. Nalika mbabad alas kuwi, Pandhawa uga dibantu dening wadyabala Wiratha.
Intine lakon Babad Wanamarta iku salah sijine ngene: alas werit sing nedya kababat
mau, kraton kajiman kebak brekasakan. Tetunggule jim cacah lima, sing jeneng-jenenge
biasane dicritake kadidene: sing pembayun jim Prabu Yudhisthira, panenggake jim Arya
Dhandhun Wacana, panengah jim Raden Dananjaya, uga sok ana sing nyebutakake jim
Kumbang ali-ali. Warujune jim Nangkula-Sadewa.

Nalika Alas Mrentani wiwit dibabad Bratasena, jim Dandhun Wacana duka yayah sinipi,
prentah marang kabeh andhahane supaya ngrangket Bratasena. Bratasena banjur
dijalasutra nganti ora bisa ngglawat. Isane mung kari sambat-sambat ngundang Permadi.
Nalika iku Permadi kang diutus ngupadi Sena, sawise sowan Begawan Abiyasa, winisik
murih marang pratapan Pringcendhani, ketemu pendhita ula gedhe Begawan Wilwuk.
Ana kono pinundhut mantu kadhaupake karo putrine sing sesilih Endang Jimabang, lan
pinaringan pusaka lenga jayengkaton, sing kasiate bisa kanggo meruhi kabeh alaming jim
setan peri prayangan.

Saka Pringcendhani, Premadi nerusake laku. Tekan Alas Mrentani krungu sesambate
ingkang raka. Merga wis nggadhuh Jayengkaton, Permadi uninga yen Sena lagi kerangket
ing jalasutra, banjur diuwalake saka bebandan, lan dicaosi lenga jayengkaton.
Sawise bisa weruh alaming lelembut, Bratasena genti nglabrag setan brekasakan sing
ngreridhu anggone babad alas. Kabeh jim setan kaprawasa, padha lumayu marang ratugustine.
Sabanjure jim Prabu Yudhisthira sasedulur masrahake kratone marang Pandhawa
sakadang. Jim Prabu Yudhisthira manunggal sajiwa marang pambareping Pandhawa. Jim
Dhandhun Wacana nunggal sajiwa karo Bratasena sing wiwit kuwi asmane uga banjur
nunggak semi karo jenenge manggalaning jim Alas Wanamarta iku. Jim Kumbang Ali-ali
manunggal karo Permadi, lan jim Nangkula-Sadewa manunggal karo si kembar
warujuning Pandhawa.

Wayang Arya Dhandhun Wacana iku, sing gagrag Jogja apadene Solo, wujude pancen
memper karo Werkudara. Bedane, ing gelunge Dhandhun ngagem pasren garudha
mungkur. Kampuhe biasane parang rusak, dudu poleng bang-bintulu, lan ora duwe kuku
Pancanaka.

Prabu Kalimantara

Uwong yen wis darbe samubarang tur rumangsa digdaya kerep-kerepe banjur takabur.
Semono uga Prabu Kalimantara, ratu saka nagara Nusantara utawa Cempaka Kawedhar
iki. Wujude buta, sekti mandraguna. Isih enom, gegayuhane ngrabi widadari lan
nguwasani tribawana.

Ana ing negarane sing gedhe lan jembar laladane, Prabu Kalimantara mbawahake
wadyabala raseksa kang seneng ulah kaprajuritan, prigel-prigel nggunakake sanjata lan
kedhotan. Para nayakane prasasat ora ana kang ora duwe kasekten.
Para agul-aguling praja mau, ing antaraning kaya ta Arya Sarotama, Ardadhedhali,
Tunggulnaga, lan Karawelang. Sang nata uga kagungan titihan garudha yaksa aran
Banarata, ndadekake Prabu Kalimantara saya diwedeni dening para ratu saindenging
ndonya.

Ringkesing crita lelakone Prabu Kalimantara iki, nuju sawijining dina sang prabu nglurug
perang menyang Suralaya ngirid bala yaksa sagelar-sapapan. Sang Prabu nedya nyuwun
widadari sajodho kang bakal dikarsakake minangka garwa prameswari.
Para wadya dorandara maune iya padha nyoba arep mbalekake bala raseksa kang
nggunggahi kahyangan iku. Nanging wadya dorandara tetela ora kongang nadhahi
yudane para manggala perang wadyabalane Prabu Kalimantara sing racak-racake padha
dhugdheng kuwi.

Wadya dorandara keseser perange, dhinawuhan padha mundur. Kori Selamatangkep ageage
ditutup. Para raseksa ngepung rapet Repatkepanasan. Bathara Guru lan Bathara
Narada banjur nganakake pirembugan, netepake manawa perlu golek jago kanggo
ngundurake para raseksa Prabu Kalimantara sawadya iku.
Untung dene wadya raseksa kang ngepung Repatkepanasan kuwi isih bisa disemayani.
Bathara Narada banjur golek sraya marang Wukir Retawu padhepokane Begawan
Manumayasa.

Sang begawan iku apeputra loro, yakuwi Bambang Sekutrem lan Bambang Sriyadi utawa
Bambang Sriyati. Kekarone marisi sipat lan budi luhure kang rama.
Hyang Narada, sarawuhe ing Pratapan Wukir Ratawu banjur ngendika marang Begawan
Manumayasa yen ngersakake mundhut putrane Begawan Manumayasa, ya Bambang
Sekutrem, kinarsakake minangka jago kanggo munah satru sekti Prabu Kalimantara
sawadya kang ngunggahi Suralaya. Sadurunge budhal, dewa maringi nugraha sanjata
panah aran Pasopati marang Bambang Sekutrem.

Sawise matur sendika, Sekutrem banjur methuki Prabu Kalimantara sawadyabalane kang
kandheg ana jaba amarga gapura lawang seketheng Selamatangkep ditutup dening
Bathara Cingkarabala lan Bathara Balaupata, dewa loro kang tugase njaga gapurane
kahyangan.

Bareng weruh ana satriya ijen tanpa rowang marepegi, Prabu Kalimantara cingak. “We
lha dalah! Kok iki para dewa mung ngajokake jago manungsa lumrah. Sing jenenge para
dewa dhewe, kang padha nduweni kadigdayan wae wis ora ana sing kuwawa nandhingi
yadaningsun, kok iki.…” mangkono batine Prabu Kalimantara.

Prabu Kalimantara banjur ndhawuhi titihane, garudhayaksa Banarata supaya nladhung
Sekutrem. Ananging Sekutrem wis siap. Jemparing Pasopati linepasake ngenani Garudha
Banarata lan Prabu Kalimantara pisan. Prabu Kalimantara nggereng sarosane, banjur
ambruk ndhepani bantala, nemahi pati bebarengan karo titihane.

Kaget semu gumun weruh ratu-gustine tiwas, para manggalayuda, Arya Sarotama lan
Ardadhedali sawadya ngroyok Sekutrem. Ananging sing dikroyok iku satriya srayaning
dewa sing banget prigel ulah sanjata. Wadya raseksa padha sirna gempang tan mangga
puliha.

Lan eloking lelakon, dene kuwandane Prabu Kalimantara banjur malih dadi senjata
pusaka Jamus Kalimasada. Kuwandane para manggala uga dadi gegaman kang tembene
dadi pusakane Pandhawa.

Aja Nggrantes, Aja Ngenes!

image PANGGUNG drama politik kita katon saya melodramatis. Sansaya gawe ngenes lan nggrantes. Sansaya ngelingake sapa wae manawa jroning politik tansah kebak kewengisan lan tragedi agung. Ateges, tansah ana dhalang sing nggelar lakon ngenes, apa pancen ngenes lan nggrantese iku saka wohing panggawene dhewe?

Rasa sedhih sing matumpa-tumpa lan abot sanggane, bisa marakake ngenes. Panjangka sing tansah cabar lan tangeh kelakone, bisa marakake nggrantes. Akumulasi ngenes lan nggrantes mung dadi tlundhakan tumuju cutheling pengarep-arep. Mangka uruping urip mung ana ing pengarep-arep!
Sekawit, mbokmenawa mung gela. Dene jalarane gela bisa maneka warna. Nanging intine ora kelakon sing dadi gegayuhane, mleset saka sing dadi pengarep-arepe. Kuwi kira-kira sing dadi cikal bakale ngenes.
Lelakone Danapati
Sekawit Danapati mung bisa nggrantes, amarga tresnane marang Dewi Sukesi dianggep mung kandheg ing pepigginan. Sebab, mokal bisane dheweke minangkani pamundhute putrine Prabu Sumali kuwi.
Yen mung ngalahake pamane Sukesi, aran Patih Jambumangli, kanggone Danapati sing uga kesinungan kasekten, mesti bakal dilakoni. Nanging yen kudu mbabar sejatine Sastra Jendra Hayuningrat, tumrap Danapati sengara kelakone.
Tumrape Danapati, aja maneh kok mbabar, krungu arane wae lagi kuwi. Mula senajan dikaya ngapa katresnane marang Dewi Sukesi, raja mudha iku mung kudu meper marang sekabehing pepinginan.
Nanging pranyata uga ora gampang anggone meper, jalaran palakrama karo De­wi Sukesi  tumrape Danapati ora mung pe­penginan, nanging wis manjelma dadi pra­setyaning ati. Dienthengke patine tinimbang ora bisa mengku wanita sing kanggone dheweke ayune ngungkuli widadari kuwi.
Jebul ramane, Begawan Wisrawa nyumurupi manawa putrane lagi nggrantes. Mula kanggo mberat panandhanging ati mau, sang Begawan arsa nyarirani pribadi, nglamar Dewi Sukesi kanggo putra kakunge sing banget ditresnani.
Mesthi wae Wisrawa uga wis nglenggana manawa ”ndhodhog kori nginang jambe suruh” iku bebasan ”golek banyu apikulan warih, golek geni adedamar”. Lire, bisa nglamar Sukesi yen nduwe sangu arupa kawruh Sastra Jendra Hayuningrat. Nanging anane sageh, mesthi kabeh mau wis kajiwa kasarira. Ora maido, jer Wisrawa mono jejere begawan sing wis buntas salwiring reh.
Sang Begawan banjur budhal, diuntabake dening pengarep-pengarepe Danapati. Pengarep-arep sing maone mung dadi panggrantes, bareng karo lakune Wisrawa pindhane bakal ”suwe mujet wohing ranti” kelakone. Kira-kira ngono batine Danapati.
Pancen akhire Wisrawa kelakon nglamar Sukesi. Wisrawa kuwawa njlentrehake werdine Sastra Jendra Hayuningrat, nanging Begawan sepuh mau jebul gagal jroing laku, laku Sastra Jendra.
Sukesi sing kudune dilamar kanggo putrane, malah dialap dhewe. Jroning sepi, nalikane mbabar ngelmu siningit mau, jebul sing ana amung lali. Wisrawa kudune diajap dadi putri mantu, nanging nyatane malah dirasuk dhewe.
Sapa nandur gundhuh, sapa nyilih mba­lekake! Ing anggane Dewi Sukesi, Wisrawa pranyata nandur winihing nepsu, bibiting angkara. Jroning saresmi klawan Sukesi, Wis­rawa temene amung ngrampas penga­rep-arepe putrane dhewe. Mula tundhone, dheweke kudu mbalekake kabeh mau. Wi­srawa kudu ngundhuh wohing panggawe.
Ora mung Danapati sing banjur nerusake panggrantese, nanging ing sisaning umur, Wisrawa kudu mungkasi uripe kanthi kebak rasa ngenes. Ngenes merga pokale dhewe.
Lelakone Drona
Mula, jroning kahanan sing kaya mangkono, apa sing banjur kudu ditindakake? Kelem karoban ing kesedhihan, tragedi, lan kengenesan? Utawa ”memasuh malaning bumi” kanthi gawe cabare lakon sing lagi dirantam dening dhalange kaanan? Sebab, pancen ora mokal, kaanan sing lumaku iki temene ana sing nyutradarani. Merga pancen ana wae dhalang sing pancen hobine nggelar lakon-lakon sing tragis, ngenes, lan gawe sing nonton saya nelangsa.
Upamane ora ana sing ndhalangi, ora bakal kelakon Drona mati ngenes kaya mang­kono ing palagan Kurusetra. Sebab, yen bab kasekten, pandhita Sokalima mujudake gurune wong perang, kedhunge kasekten. Dene yen bab kawaskithan, ora ana lo­ro ing jagading wayang kang bisa nuduhake dununge kayu gung susuhing agin lan tirta pawitra suci marang Bima, kejaba Drona.
Mula, ing medhan Kuru, sapa maneh sing bakal kuwawa ngadhepi Drona ya Kumbayana. Yen mung kanthi cara lawaran, mesti ora bakal ana sing bisa nandhingi. Drustajumena?
Drustajumena pancen wis pinilih kanggo nandhingi sang Pandhita. Nanging mesthi ora bakal nggandra sepiraa. Mula, Kresna minangka botohe Pandhawa banjur gawe rekadaya amrih ringkihe Drona. Drona kudu digawe nggrantes, Drona kudu digawe ngenes. Yen wis nggrantes, yen wis ngenes, lagi ditandangi.
Kresna nyumurupi manawa Drona banget tresnane marang putra siji-sijine: Aswatama. Kresna banjur utusan mateni gajah aran Hestitama. Marang barisaning Pandhawa, Kresna prentah supaya disebarake kabar manawa Aswatama mati.
Kabar-kabar mau keprungu tenan dening Drona. Salah sijining sanggit crita nyebutake, merga krungu kabar mau dadi kekes lan nggrantes atine senapatine Kurawa kuwi. Nanging sanggit cita liyane nyebutake, kekes, nggrantes, lan ngenese Drona merga Pandhawa, luwih-luwih Yudhistira, sing temene putra murid sing banget bektine marang dhewe jebul uga gelem goroh. Ngapusi gurune dhewe!
Jroning ati kekes, jroning ngenes, mesthi ilang otot bebayune Drona. Tumrap Drestajumena, ora pelu ngenteni luwih suwe, jroning swasana mangkono dheweke banjur nyampurnakake Drona. Pandhita Sokalima ngemasi.
Apa piwulang sing bisa dipethik saka crita loro mau? Ilange kawaspadan. Merga kurang waspada, gampang lal. Merga kurang waspada, gampang dipaeka denin liyane. Thukule nggrantes, thukle ngnes, temene uga aka awake dhewe.
Anane nggrantes, anane ngenes merga saka rumangsa wis entek pengarep-arep. Kudune tetep ana pengarep-arep supaya ora nganti nggrantes. Kudune isih ana kewanen kanggo tumandang mberat sakabehing kesedhihan supaya ora nganti ngenes. Kuwi prasyarat urube urip, supaya ora nganti mati ngenes. (35)

(Sucipto Hadi Purnomo, dosen Basa lan Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semarang/)

 http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/12/06/470/Aja-Nggrantes-Aja-Ngenes

Metu saka Uru-Ara Ngisep Sepining Hawa

image JRONING uru-ara, kang ana mung sarwa ora nggenah lan ngajak bubrah. Sing dening wong akeh dianggep bener, jebul malah keblinger. Sewu laler padha ngrubung tembelek, apa tetep wae dianggep bener?!

Jroning tradisi Hindhu, ana kang diarani nyepi. Ora mung dhewekan, nanging ditindakake bebarengan, dipengeti lan dipersudi dening kabeh umat. Jroning nyepi, ora ana sing padha metu saka ngomah. Sawetara metu saka uru-ara lan gebyaring kadonyan sing kebak swara.

Ing kalangan umat Katolik-Kristen, ana retreat. Ing agama Buddha ana uga sing diarani Buddha reclining. Kanthi pasa lan iktikaf, kaum muslim uga duwe sarana kanggo mundur saka ìuru-araî-ning donya sing kebak tukar padu, cengkah, lan apa-apa sing bisa agawe bubrah.

Kanthi Kalatidha karyane pujangga agung Ranggawarsita bisa dadi kaca benggala tumrap jaman sing kebak uru-ara, jaman sing “rurah pangrehing ukara”. Sebab apa? “Karana tanpa palupi!” Merga ora ana sing bisa ditulad, ora ana sing pantes diconto jalaran kabeh-kabeh wis mletho.

Wektu terus lumaku. Uru-ara ora mendha nanging malah saya ndadra, selot ndadi. Pangarep-arep saya ora ganep bebarengan karo janji lan prasetya sing ora digondheli maneh. Sing ana mung mburu karepe dhewe, mburu kepenake dhewe, lan mburu benere dhewe. Katon banget yen padha kongas kalawan kasudiranira.

Wedhatama uga melu nggambarake pokal-polah kaya mangkono iku. Laras karo serat anggitane KGPAA Mangkunagara IV iku, kabeh padha “ngugu karsane priyangga”. Kabeh “nora nganggo peparah lamun angling”, ngomong ora nganggo waton, nanging waton muni. Senajan mengkono, ora gelem yen diarani isih kaya bocah Taman Kanak-kanak, “lumuh ingaran balilu”, kapara “uger guru aleman”.

Nggugu Karepe Dhewe

Amarga mung nggugu karepe dhewe, mula bener sing dibujung ya mung benere dhewe utawa bener kanggo golongane dhewe. Anggere disengkuyung dening wong akeh, dianggep bener. Iki sing ora mung ndadekake padha keblinger, nanging uga banjur nglairake mentalitas “massa”, massa sing kelangan daya kritise nalika ngadhepi apa wae. Bisane mung anut grubyug sanadyan ora ngerti rembug, kaya belo melu seton.

Kanthi pratelan sing luwih plastis, “malah mangkin andadra, rubeda kang ngreribedi, beda-beda ardane wong sanagara.”Banjur, yen kabeh padha rebut ngarep lan nyuwara sabanter-bantere, satemah dadi uru-ara, apa sing luwih prayoga ditindakake amrih ora karoban ing pawarta lolawara?

Kaya sing diandharake ing ngarep, temene saben agama wis nuduhake dalan kanggo ngadhepi saben uru-ara lan kahanan sing dibeberake. Saben kapitayan wis nuduhake cara kanggo narik dhiri saka salah kaprah sing dadi keblinger kolektif iki.

Kanthi mapanake Kalatidha minangka pancadan, ya kahanan sing kaya mangkono iku kang banjur ndadekake sapa wae sing isih kedunungan jiwa “parameng kawi”, bakal “kawileting tyas malatkung”. Sebab keperiye olehe ora, yen “tidhem tandhaning dumadi, ardayengrat dening karoban rubeda”. Banjur kudu kepriye? “Sageda sabar santosa, mati sajroning ngaurip,” pratelane Kalatidha kaya-kaya asung pawangsulan.

Kanthi mangkono, diajab bisa “kalis ing reh aru-ara, murka angkara sumingkir, tarlen meleng malatsih, sanityasa tyas mamasuh, badharing sapudhendha, antuk mayar sawatawis.”

Masterpiece-e Ranggawarsita mau wis mratelakake, “wahyaning arda rubeda, ki pujangga amengeti”. Kepriye cak-cakane? Mesu cipta mati raga, mudhar warananing gaib.

Sakeplasan, tetembungan mau ora gampang disumurupi dening wong akeh. Nanging intine cetha: ngresiki batin saka pikiran-pikiran ala, lan meper sakehing karep kanthi “mateni” raga. Kanthi “mesu cipta”, rasa lan karsane mesthi dadi positif. Kathi mateni raga, bakal saya sentosa batine. Kanthi mateni raga, kanthi mati sajroning urip, mengkone bakal bisa nggayuh urip sajroning pati. Yen wis bisa mengkono, nadyan kudu ngadhepi ura-ara kaya ngapa wae mesthi ora bakal gampang kelune.

Kanthi mangkono uga, ora bakal angel anggone meruhi “sasmitaning sakalir”. Persis kaya sing  diandharake ing Kalatidha: “ruweding sarwa pakewuh, wiwaling kang warana, dadi badaling Hyang Widdhi, amedharken paribawaning bawana.”

Bebanda

Rekadaya nggayuh sepining hawa, satemah kuwawa ngadhepi uru-ara, dudu tanpa pepalang. Gedhene melik lan ora ngrumangsani marang jejere dhewe, mujudake pepalang sing gedhe. Tetembungan “melik barang kang melok” mujudake pepeling supaya wong ora kebanda dening pepinginane dhewe. Sebab, pepenginan iku sing tundhone bakal njurung marang tumindak apa wae. Mergane, melik nggendhong lali. Yen wis kedunungan melik, adhakane banjur lali marang sakabehing pepacuh lan pitutur.

Kontrol dhiri, temene uga bisa ditindakake kanthi “ngilo githoke dhewe”. Paradoks kesane. Sebab, ing tata lair, piye bisane wong ngilo marang githoke dhewe yen ora nganggo kaca pengilon rangkep. Angel, nanging ora ateges mokal. Iki uga perangan sing ora bisa ditinggalake jroning nyepi. Sacara internal, pancen kudu sentosa, lagi bisa ngambah njaba.

Gegayutan karo melik, Wedhatama asung pepeling, mligine sing (kudune) wis ngancik tataraning kadewasan: wis tuwa arep ngapa, muhung mahas ing ngasepi, supyantuk parmaning Suksma.

Tuwa pancen mung tibaning umur. Yen ora sinartan pangudi, sing ana mung “sepa sepi lir sepah samun”. Kosokbaline, yen nglungguhi marang sepuhe, mesthi sepuh kuwi dadi sepining hawa.

Pancen, nyepi ora kandheg ing tata lair wae. Yen biyen, supaya bisa nyentosakake budi, kudu kanthi ngambah laladan sepi utawa teteki, mlebu guwa sirung munggah gunung. Nanging saiki, kudu bisa nyepi jroning krameyan, bisa tapa ngrame.

Apa maneh prasyarate? Mangasah mingising budi, memasuh malaning bumi! Marang diri pribadine, kudu wani nglantipake cipta, rasa, lan karsanane. Kanthi mangkono ora ulap marang sakabehing kang dumadi, ora gampang keguh marang sawernane kahanan. Ora keli, nanging saora-orane ngeli.

Beberangen karo kuwi ora bakal wedi marang kahanan kang dumadi. Ora wedi ora ateges ngawur, ora ateges nekad, nanging wis linambaran sepining hawa, ora melik maneh marang kang melok jalaran wis mati sajroning ngaurip. (35)
—Sucipto Hadi Purnomo, dosen Basa lan Sastra Jawa Fakultas Basa lan Seni Universitas Negeri Semarang

http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2010/03/07/486/Metu-saka-Uru-Ara-Ngisep-Sepining-Hawa

Diuji Pintere, Ditaker Jujure

image UJIAN iku mung srana kanggo mapanake dhiri lan nggayuh tataran tinamtu. Dudu tujuan. Sebab, yen mung dadi tujuan, sakabehing rekadaya bakal ditempuh, anggere bisa dianggep pinter utawa prigel. Banjur, apa sing paling penting jroning pendadaran?



Ing jagad pakeliran, ana lakon Pendadaran Siswa Sokalima. Iki lakon sing nyritakake pendadaran tumrap para Kurawa lan Pandhawa, murid-muride Pandhita Drona ing Paguron Sokalima.

Tumrap murid-muride, malah tumrap sapa wae, Drona kondhang minangka gurune sok sing kepingin nggayuh jaya kawijayan guna kasantikan. Klebu guru ing bab menthang langkap utawa manah.

Beda karo guru-guru liyane, Drona kepetung guru spesialis ing bab murid. Muride mung para satriya, mung anak ratu. Kurawa anak ratu, Dhestarata. Pandhawa uga anak ratu, Pandhu, sing wis murud ing kasidan jati. Saliyane kuwi, ora bisa ditampa minangka putra siswane.

Wektu-wektu tinamtu, Drona nganakake pendadaran. Pendadaran kuwi kanggo nodhi, nganti tekan sepira temene ngelmu sing wis diparingake marang muride bisa kajiwa-kasarira, uga nganti tekan sepira keprigelane murid-muride anggone ngudi ngelmu.

Pendadaran mau, sing kaprah diarani Pendadaran Siswa Sokalima, ora mung narik kawigatene murid-murid lan kulawargane, nanging nganti tumeka para kawula salaladan Ngastina. Saben-saben dianakake pendadaran, ora sethithik sing padha teka lan nonton.

Njajagi Kekuwatan

Mesthi wae, tumrap murid-muride Drona, pendadaran mau mujudake ajang kanggo nuduhake marang sapa wae manawa anggone ngudi ngelmu ing Sokalima mau temen-temen. Kejaba iku, amarga Pandhawa lan Kurawa mujudake pihak loro sing padha memungsuhan, sisan gawe pendadaran bisa kanggo ngukur sepira kekuwatane lawan.

Saliyane kuwi, senajan ora kegolong satriya Pandhawa lan Kurawa, tetep wae ana sing kepingin melu nyecep ngalmu lan pendadaran ing Sokalima. Contone Palgunadi lan Basukarna.

Ing bab keprigelan, kurang apa Basukarna. Ing bab menthang gendhewa, kejaba Arjuna, sapa sing bisa nandhingi ketitisane Suryaputra. Nanging amarga dudu klebu Pandhawa, apa maneh Kurawa, ditampik pasuwitane minangka siswa ing Sokalima. Kepara tekane ing Pendadaran Siswa Sokalima rada diece dening Pandhawa, luwih-luwih Arjuna sing rumangsa meri merga ana wong sing bisa nandhingi kabisane.

Duryudana, meruhi keprigelane Basukarna, ngerti manawa mau mujudake dununge pengarep-arep kanggo nandhingi Arjuna, mengkone yen campuh Baratayuda. Didhaku, direngkuh Basukarna minangka kadang pribadi dening Duryudana. Kanthi mangkono, putrane Dewi Kunthi mau bisa lungguh padha endheke lan ngadeg padha dhuwure karo Pandhawa lan Kurawa.

Yen ditandhingake karo Karna, Palgunadi bisa diarani kurang ”mujur”. Ora bisa manjing siswa ing Sokalima, dheweke banjur yasa pepethan rupa Pandhita Drona. Esuk, awan, sore, prasasat ora eling wayah, Palgunadi tansah gladhen olah kridhaning perang, luwih-liwih njemparing, kanthi ditunggoni pepethan mau.

***

Pranyata sing ditindakake Palgunadi dudu tanpa asil. Keprigalene menthang langkap adoh sungsate yen ditandhinge para Pandhawa sing prasasat bisane mung tura-turu lan mblendhukake weteng amarga olehe padha mogel ilate. Ditandhingake karo Pandhawa wae, Palgunadi isih pilih tandhing, klebu karo Arjuna pisan.

Iku bola-bali sing marakake Arjuna meri lan gething keburu sengit. Ngerti kabisane Palgunadi, marang Drona, panengahe Pandhawa  mau banjur protes. Dheweke ora trima yen Palgunadi diweleg ngelmu manah nganti bisa ngluwihi dheweke.

Senajan Drona selak, Arjuna tetep ngangseg. Mula Drona uga ora bisa endha. Marang Palgunadi, Pandita Drona banjur mundhut supaya diulungake ali-ali sing wis nunggal raga karo ragane. Rumangsa minangka ìsiswaî sing tuhu bekti marang gurune, Palgunadi sendika wae. Ali-ali dicopot, bareng karo tugel drijine Palgunadi, pecat uga nyawane.

Temen Tinemu

”Sapa temen, bakal tinemu.” Yen diwerdeni gegeyutan karo ujian lan ngudi ngelmu, sok sapa sing temen-temen nggegulang marang kawruh, mesthi bakal sugih ngelmu. Sok sapa sregep anggone gladhen, mesthi bakal nduwe keprigelan. Sok sapa wani ngengurangi, ngringkihake laire, mesthi bakal sentosa batine.

Iki uga laras karo tetembungan kang ana ing tembang pocung: ngelmu iku kelakone kanthi laku. Tanpa laku, sengara bakal kelakon ngregem ngelmu. Lan maneh, lekase lawan kas. Tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara.

***

Beda karo Kurawa umume, Pandhawa relatif luwih sregep lan luwih kuwat laku prihatine. Wulang wuruke guru digatekake. Kabeh dhawuhe Drona disendikani.
Dene Kurawa, ora mung kurang nggatekake marang wuruke guru. Sing kudune wong nggayuh ngelmu iku tansah diuji ing bab kesabaran, luwih-luwih ing bab ”dhahar lan guling”.

Ujian pancen ngemu godha. Nalika tapa ing Gunung Indrakila, tekane widadari cacah patang puluh ora kanggo nguja Arjanu. Nanging tekane widadari ayu-ayu iku kanggo nggodha sang abagus supaya cabar wigar tapane. Jebul Arjuna tan mingkuh salwiring kewuh, ora gampang kegiwang dening lambe abang nalika lagi nggenturaker tapani. Kabeh mau dianggep minangka uji, dudu uja; minangka panodhi, dudu bebungah sing lagi teka. Mula pantes yen banjur keparengan kanugrahan arupa Pasopati saka kadewatan.

Ing Sokalima, bisa wae Arjuna ingaranan ora kasil kanthi wutuh. Sebab, ing kana, ngadhepi Basukarna lan luwih-luwih Palgunadi, dheweke pancen bisa nuduhake pintere lan prigele, nanging dudu jujure. Pancen, ujian ora mujudake tujuan. Ujian mung dadi srana lan cara kanggo tujuan sing luwih mulya. Jroning ujian, bisa wae bakal ditaker onjone kepinteran lan keprigelan. Nanging luwih saka iku, ora mung kandheg ing kepinteran lan keprigelan wae. Sebab yen mung kanggo mburu perkara loro mau, mesthine cara apa wae bisa ditempuh, dalan apa wae bakal diliwati.

Hakikate ujian pancen mujudake coba. Coba tumrap sing duji lan sing nguji, malah klebu sing ana ing omah. Mulane uga banjur melu prihatin, melu-melu ngengurangi.

Diuji kuwi ditodhi. Diuji kuwi dicoba, sepira kekuwatane, ditaker sepira kasantosane. Ya sentosa laire, ya sentosa batine. Lire prigel, pikere pinter, nanging jiwane uga tansah kesinungan kejujuran.(35)

 —Sucipto Hadi Purnomo, dosen Basa lan Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semarang(Unnes)
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2010/03/07/486/Metu-saka-Uru-Ara-Ngisep-Sepining-Hawa

Senin, 02 Agustus 2010

ALUN ISIH GUMULUNG

Dening: JRX.Hoery

Ajaa murid-muride sing ngajak ngono, dheweke wis emoh midak papan iku. Amarga ngarepake liburan kwartal, murid-muride nyuwun darmawisata. Kebeneran sing disuwun kok menyang teluk Barehan. Teluk segara kidul sing ombake gedhe-gedhe Ian mujudake dhaerah sing akeh nyimpen crita-crita misterius. Kayadene ing kene jare kratone Nyai Rara Kidul, ratuning para lelembut. Ana maneh, jare yen Bolan menyang pesisir segara kidul, ora oleh nganggo klambi sing rupane gadhung utawa ijo. Iku jare ngembari agemane Sang Ratu, satemah sing ngango mangkono bisa kalap, utawa kagulung alun dadi Ian tiwase. Isih akeh maneh crita bangsane ngono-ngono iku. Arep nulak panjaluke muride rumangsa ewuh.


“Ya wis ta Bu, wong jalukane bocah-bocah mrana, ya dituruti bae,” panjurunge Pak Heru, kanca guru.
“Karepku rak nyang guwa Kalak utawa guwa Tabuhan.”
“Lha sakwise, bocah-bocah senenge menyang segara ngono. Awake dhewe rak kari tutwuri handayani bae.”
“Ya wis lah, aku manut yen Njenengan wis jumurung.,,
Sidane budhal tenan menyang teluk Barehan karo kanca guru loco, nuruti panyuwune murid-muride. Tekan babagan, bocah-bocah terus ambyur nuruti karepe dhewe-dhewe. Bocah-bocah lanang padha cucul, terus njegur langen ana segara. Bocah-bocah wadon padha dolanan ana pinggir, saben ana ombak sing gedhe padha mlayu mundur karo gandhengan tangan Ian ora lali swarane pating jlerit Uga ana sing padha nguyak-uyak pompongan, kewan cilik-cilik sing wujude kaya kepithing, Hanging baut mlayu Ian banjur ndhelik mlebu lenge ing wedhi.

“Ora munggah menyang Sura Tirta Wiyana, Bu ?” pitakone Pak Heru.
“Panjenengan bae yen arep tindak mrana, aku sing nunggoni bocah-bocah,” jawabe Isti karo mapan lung¬guh ana sawijining prau kang pinuju ora kanggo Ian dijejer pirang-pirang ana pinggir. Nyawang polahe mu- rid-muride,
lanang wadon katon seneng. Ana sing nglumpukake kulit kuwuk, ana sing milihi watu alus-alus, ana sing nggolek watu karang sing wangune kaya kembang, Ian liya-liyane. Nyawang tengahe segara katon biru lerap-lerap. Prau-paru mancing Ian prau njaring katon pating krampul, kaya lintang wayah bengi ing langit biru. Pikirane dadi nglangut. Tekane mrene kayai ndhudhah barang sing wis kapendhem Ian ora ana gunane. Kedadeyan limang taun kapungkur bali cumithak ing pangangenne. Ing dina-dina libur, dheweke sering latihan renang ana pemandian “Sura Tirta Wiyana”. Yen bar latihan, banjur ngenggar-enggar ing patamanan sinambi nyawang Ian nikmati endahing panorama alam Ian segara teluk Barehan. Ya ing pagan iki dheweke ketemu karo Diyanto sing akhire uga ing panggonan iki kanthi sineksenan ombaking laut, dheweke pepisahan.
Telung taun dheweke ngipuk-ipuk katresnane. Wektu sing mesthine cukup mateng tumrap mudha¬mudhi kanggo njajagi Ian saling aweh pangerten. Apa ya amarga sawise Diyanto antuk pangerten, sing njalari dheweke banjur ninggalake Isti. Pangerten kahanane urip Ian panguripan antarane dheweke Ian Isti. Kamangka sasuwene iki kekarone padha nduweni keyakinan yen ing tembene bisa mbagun urip bebarengan.

Diyanto rumangsa minder gegandhengan karo Isti, sawise nyumurpi kahanan panguripane kulawargane Isti. Dhe¬weke ngrumangsane anake wong sekeng, senajan se¬kolahe bisa tumapak nganti SMA. Pangrasane ati, me¬sakake Isti yen uripe ing tembe nganti nyangga kepri¬hatinan. Ian kekurangan.
Saka pemikiran Ian tetimbangan mau, dheweke aweh keputusan luwih becik pepisahan, mumpung du-rung kasep. Naging tumrape Isti, keputusane Diyanto mau mujudake panyiksan, sawise ngrungokake alasane Diyanto, Amarga Isti dhewe nduweni keyakinan , yen sejatine urip bebrayan iku ora didhasari anake semat Ian pangkat, kaya falsapahe wong-wong tuwa saang¬
katan karo bapake Siti Nurbaya. Pancen bener, dheweke anake wong kecukupan, amarga bapake dadi Kepala sawijning Jawatan ing Kabupaten. Amarga tuntutan jiwane kang kepengin cedhak karo masyarakat, mula dheweke milih nerusake menyang SGA, senajan hotpake ora sarujuk. Dheweke kepengin langsung aweh sumbang sih marang bebrayan liwat donyaning pendidikan.

Pikirane Isti wis ora maelu marang polahe murid-muride. Dhadhane krasa seseg. Ya gene murid-muride ajak piknik was menyang Barehan? Ya gene pak I fern karo pak Herman kancane bisa nyetujoni panyuwune bocah-bocah? Pikirane Isti bali marang kedadeyan nalika ana rencana bocah-bocah njaluk piknik. Banjur bali gumawang sapatemon kang pungkasan karo Diyanto, limang taun kapungkur, nalika dheweke nlusuri pesisir teluk Barehan kang endah.

Malem tanggal siji Sura, ing kene ana adicara Grebeg Sura, sing dianakake saben taun. Grebeg Sura iki Naka wit tradhisine kadang misaya mina, atur sesaji ma-rang Nyai Rara Kidul, sing wis paring panguripan ma-rang para kadang nelayan, sajrone setaun makarya ora ana sambekala. Nanging suave-suave masyarakat uga melu mahargya, sing wekasane dadi adicara sing rame ditekani para pedunung ing Pacitan, tuwa Ian enom.
Kajaba sesaji slametan uga tontonan ing teluk Barehan wayangan sewengi nutug, ndhangdhutan Ian liya-liyane. Sewengi iku pancen meriah, ana sing niyate mlaku ing teluk Barehan wiwit poncot kulon nganti lekan muarane kali Grindulu.
Isti nggandhuli tangane Diyanto, bebarengan nlusuri wedhi-wedhi putih teluk Barehan. Kesel mlaku- mlaku banjur leren, lungguh ing prau, Akehe geni apt unggun kang murub ing wengi iku, kasawang saka kado¬han kaya kemamang.
“Isti, . .” rembuge Diyanto meh ora keprungu kalah karo swarane musik apadene jumlegure banyu. se¬gara.
“Apa ?”
“Sampeyan ngerti panguripane nelayan
“Ya gene ?”
“Ach….” Diyanto unjal anbegan. Banjur nyawang adoh menyang kimplah-kimplahe banyu segara sing cat katon cat ora pating kerlip kena soroting lampu Ian urube geni. Banjur sumambunge,” Urip sing mung nja¬gakake gumulunging alun.”
“Maksudmu. priye Mas Anto ?”
“Apa Sampeyan isih kenceng kayo keyakinanmu, bab urip Ian panguripan kang bakal mboktepusi ?”
“Mas Anto sajake isih tidha-tidha ya.”
“Aku mung mesakake Sampeyan.”
“Aneh. Pancen ndonya iki kebak kontradiksi. Kaya penyair-penyair sing ngowahi warna langit biru dadi jingga, kayadene pelukis-pelukis sing wis wiwit nggambar garis-garis filsapat.”
“Kabeh wis dakpetung dhik Isti.”
“Banjur?”
“Aku, ngerti sucining atimu Ya marga saka lubering jiwamu aku ora kuwawa kandha. Aku kepeksa nga¬pusi atiku dhewe. Sejadne ing atiku uga gumulung ombak, pindha gumulunging alun ing tengah segara kae sing ora bakal mandheg ing sadawaning mangsa.”

Lamunane Isti buyar, bareng nyumurupi murid-muride gemrudug marani prau. kang lagi bae mentas menyang babagan, sawise digotong wong pirang-pirang. Dheweke nyawang murid-muride sing wis ngrubung prau mau. Isti menyat saka lungguhe, banjur marani murid-muride, kuwatir yen ngrusuhi wong-wong kang padha mergawe.

Para misaya kang nembe mentas mau, padha bikut anggone ngresiki Ian nata alat-alate, ora maelu polahe bocah-bocah sing padha dhesel-dheselan ndeleng isine prau. Kajaba alat-alat, ing njero prau ana sawatara iwak oleh-olehane mancing setengah ding. Isti wis ana tengah-tengahe muride karo ngelikake amrih bocah-bocah ora ngganggu. Isti nyawang awak prau sing lagi ibut. Dumadakan salah sijining awak prau ndengengek lan nyawang arahing bocah-bocah kang padha nonton. Panyawange tempuk karo panyawange Isti, kang ndadekake petering ati kekarone. Sawatara wong loro mung padha pandeng-pandengan, kebak rasa kang angel digambarake.
“Isti !” prasapane karo mudhun saka prau.
“Mas Anto,” Isti ngulungake tangane ajak salaman. Wong loro sesalaman kenceng banget, kekarone kaya emoh nguculake. Murid-muride Isti padha nyawang gurune kang lagi sesalaman karo salah sijine awak prau, sajak gumun.
“Bocah-bocahmu ?”
“Heh,” Banjur padha meneng. Bocah-bocah njaluk idin arep menyang taman rekreasi, ndhuwur plabuhan. Diyanto mapan lungguh ana lambene prau, Ian Isti tetep ngadeg ing sandhinge.
“Olehe iwak endi bae, Mas ?”
“Sampeyan wis nguningane mesthine, yen nelayan-nelayan tradhisional kalah karo nelayan-nelayan sing alate modern. Apamaneh bareng nelayan manca diidine operasi ing wilayah kita, dheweke malah wring miebu ing laladane nelayan-nelayan tradhisional, sing sabenere Bab mangkene iki dilarang. Ya kanyatan ngene iki sing dhek semana dakkandhakake.”
“Kanyatan ? maneh-maneh kanyatan.”
“Bener. Kanvatan urip lan panguripanku, sing adoh lan cengkah karo jangkahmu.”
“Iku dude kanyatan Mas Yanto, hanging panyiksan. Kaya ngendikamu biyen, kanggo mbuktekake yen apa sing panjenengan ugemi pinangka kanyatan, yaiku kanyatan kang ngapusi atimu dhewe lan panyiksan marang atiku.”

Dadi jumbuhe karo kahanan karo saiki Driji-driji tangan tengenku isih polos, Mas. Lha Panjenengan?”
“Ombak segara Pacitan isih gumulung ing sadawaning mangsa. Iku urip Ian panguripanku Ian uga atiku.”
Wong loro sesalaman maneh kenceng, kepara tangan kiwa kekarone nambahi kencenge anggone padha sesalaman. Banjur mripat papat sing man katon sumunar Bening, katon kaca-kaca. Malah saka tlapukane Isti katon mili banyu Bening ngliwati pipine kang mangar-mangar.
Iki mengko diasta kanggo, oleh-oleh ndalem ya.” I hyanto ngangkat iwak kelong siji sing gedhene sakempol diulungake Isti.
” Matur nuwun, Mas.”

Wong loro padha jumangkah, ninggalake prau, ninggalake wedhi-wedhi putih ing teluk Barehan. Sikile jumangkah ajeg, karo padha meneng-menengan, ngumbar gagasane dhewe-dhewe, ngetungi jangkahe, ngetungi dina-dina kang Bakal tumapak.
Tekan pelataran penjagaan wong loro padha perpisahan. Ombak isih terns jumlegur Ian alun isih gumulung.

MEKAR SARI, No. 13 Th. Ka XIX Tanggal I September 1975

JERIT BUBAR MAHGRIB

Dening: J.F.X.Hoery

Sidane sing diarep-arep teka tenan sawise mahgrib. Mulihe iki sengaja ora nggawa perlengkapan apa¬apa, kajaba glathi kang tansah sumlempit ing bangkekane Ajaa ketemu bakul tanggane sing kandha yen dhe¬weke diarep-arep supaya bali amarga Emboke lara nemen ngono, dheweke ora ngarah gelem bali. Ya liwat bakul sing ngandhani iku, dheweke banjur meling yen bengi iku bakal mudhun, sawise nyerahake tugas-tugase Ian aweh pituduh marang wakil Ian mitra-mitrane.


“Jare lara nemen Mbok, kathik katon seger bae?” pitakone sawise mlebu ngomah ‘Ian nyumurupi yen Mboke ora apa-apa.
“Iya. Cucul-cucul Ian ganti dhisik, Har.”
Sing dikandhani ora mangsuli. Klambi drill ijo sing wis luntur ijone, diuculi terus dicantholake ing saka. Dheweke terus menyang sumur, adus. Bubar adus
mung ngango clana. Ian sepatu. Ora lali glathine kang tansah sumlempit. Klambine isih cumanthel ing saka.

“Embokmu kangen banget, Har,” kandhane Bapake sawise padha lungguh ngadhep meja tengah omah mburi.
“Ngono kok jare Simbok lara nemen, ta Pak. Kamangka kahanan tambah gawat ngene. Tenaga Ian pikiranku dibutuhake dening perjuangan kanggo mempertahanake kamardikan sing wis kits kumandhangake,” wangsulane Hardiyanto.

Lha yen ora takakal ngono, kowe tangeh lamun gelem mudhun. Karodene kowe ngerti yen kahanan sangsaya gawat ngono, apa isih arep tetep blusukan terus-terusan turut ngalas?”
“Kersane Bapak?”
“Perjuanganmu bebasane timun mungsuh duren, Har. Apa landheping pring wuluh sing mung kairing bedhil-bedhil karaten iku kuwawa nandhingi pasukan Landa sing gegamane sarwa lengkap Ian modern? Iku dudu tandhinge, Har.”
“Pak, kanggone para pejuang ora bakal miris ngadhepi nungsuh senajan nggawa gegaman kang lengkap. Semangat Ian tekad perjuangane putra-putra bangsa, bakal luwih ampuh katimbang mriyem-mriyem, mitra liyur sarta sawernane gegamane Landa.”
“Muspra, Har … muspra! Landa bakal unggul jurite ing payudan iki.”

Hariyanto meneng krungu omongane bapake sing mangkono iku. Atine gagap-gagap, ya gene bapake saiki duwe panemu sing kaya ngono. Kamangka nalika dheweke pan-tit nggabung kanca-kancane mbentuk Laskar Tentara Pelajar ndhisik ora mangkono. Panjurung Ian pandonga sing ditampa. Semono uga nalika dheweke tilik mulih telung sasi kepungkur. Nanging saiki, ya gene bapake duwe panemu kaya mangkono? Pikirane dadi judheg. Wong loro isih padha meneng-menengan.
“Wis rampung kae Iho! Nyang mburi mangan dhisik!” Kandhane mboke njedhul saka lawang pawon. Hardiyanto karo bapake ngadeg, terus memburi ngadhep meja mangan. Dhasare budhal man durung klebon apa-apa, dikon mangan terus; bae mlaku.
“Kok mbeleh pitik barang ta mbok?”
“Pancen nyawisi awakmu, sawise ndhek emben dikandhani yen kowe bengi iki arep teka. Bola-bali anggonku melingake, supaya kowe tilik mulih.”
“Ngono kok kandhane jare sampeyan lara.”
“Yen ra ngono kowe mesthi emoh bali. Iku awak¬mu nganti kaya ngono, wis ora mbok openi, betheke ang¬gonmu katrem mburu kidang sing durung genah pagan grumbule.”
“Mburu kidang sing durung genah papan grumbule?” “Wis ah, mangan dhisik! Mengko omong-omonge,” pamunggale Bapake.
“Lha iya, simbok iki 1ho wong jamane kaya ngene kok ya masak-masak kaya ngene!” Kandhane karo nyi¬dhuk sega.
“Iku rak kanugrahan ta Har! Waregana, aku ndak¬nggawe kopi-”

Sing dikandhani terus mangan. Nanging pikirane te¬rus ngrambyang, meruhi kahanane wong tuwane singAdoh banget bedane panguripane karo nalika dheweke I bali telung sasi kepungkur. Saiki jamane saya angel, 1, va manan saya gawat Ian ekonomi saya Beret. Nanging sajake wong tuwane bisa urip kanthi ayem, tentrem lan kepenak. Kamangka mrana-mrana rakyat padha sesambat angele golek pangan. Kok wong tuwane bisa mangan sarana torah-torah paribasane, miturut kahanan sing diadhepi iku. Banjur apa karepe mboke, kan¬dha yen kabeh iku jare kanugrahan? Senajan lagi nengahi mangan enak, nanging rasane ora enak. Dhe¬weke eling perjuangane, eling tugase mempertahanake kamardikan Ian daerahe. Uga eling marang kanca-kan¬cane sing ditinggal ing nggunung daerah gerilya, sing mesthine bengi iki nindakake prentahe supaya nyusup menyang daerah pertahanane mungsuh. Dheweke ke¬seretan, bola-bali keselak. Kepeksa anggone mangan dirampungi.

“Wis Har, tinggal bae,” kandhane bapake. Wong loro banjur bali maneh menyang omah. Hardiyanto karo isih, weruh cawisan ing meja.
“Iku lho Har, wedange!” kandhane mboke.
“Mbok, … Pak …! Iki … Iki susu Ian roti saka ngendi? Jajan-jajan semen iki saka ngendi?” pitakone I lardiyanto karo isih ngadeg ing ngarep meja, sedhela nyawang isen-isen meja terus nyawang bapake Ian mboke genti-genten.
“Mau rak wis dikandhakake mbokmu ta Har, yen kabeh iku kanugrahan, mulane kowe takkon mulih.”
“Kanugrahan? Kanugrahan saka ngendi pak?” I lardiyanto katon wiwit ora sabar.
“Sabar Har, Sabar. Mau aku rak wis kandha ta, yen sejatine perjuanganmu iku pindhane timun mungsuh duren.”
“Dadi bapak Ian simbok saiki wis kena pangglembu¬ke mungsuh?”

“Pikiren Har, aku wong tuwamu. Sawise dakra¬sakake seprana-seprene, banjur apa sing diarep-arep saka asile kamardikan? Coba pikiren, uripe dhewe wi¬wit jaman Jepang nganti ngancik jamane kamardikan urip kancingkrangan terus-terusan bae. Balik saiki, sawise Landa bali tekan kene maneh! Embokmu wis ora nate blanja. Susu, gala, bergs, kopi, Ian liyane wis meh telung sari mlaku iki, terus dikirimi saka tuan van Hendrik.”
“Bapak!” pambengoke Hardiyanto kayo nggebrak meja, krungu kandhane bapake. Atine tambah getem¬getem maneh, bareng krungu jeneng van Hendrik sing ora liya Komandan Markas Landa ing kuthane. Saiki dheweke ngerti yen wong tuwane wis kena pangglem¬buke Landa, Ian dheweke dikon malih iki ora liya mesthi akale mungsuh.

“Mulane Har, kowe becik bali bae.” Mboke nram¬bul kandhane, terus bacute.
“Tuan Hendrik arep menehi kalungguhan yen ko¬we gelem nyelehake senjatamu. Kaya Daroji kancamu kae, saiki kepenak melu serdadu Landa. Lan sing kerep mrene diutus tuan Hendrik ngeterake barang-barang iku ya dheweke. Mula amrih slamete awake dhewe Ian amrih kepenake turuten.”
“Bangsat! Kurang ajar! Dadi Daroji sing dadi
pengkianat. Yen ngono dheweke sing mbocorake ma-rang Landa, nganti penyerbuane kanca-kanca gagal, Ian Ahire dheweke dianggep Hang dhisik? Saiki dheweke dadi gedibale Landa, Ian ya dheweke sing bisa ngracuni wong tuwaku?” Kanepsone Hardiyanto ora bisa diben¬d ung.
“Wis ta Har, turuten panjalukku!”
“Pak, jiwa ragaku wis dak tegakake kanggo turn-baling kamardikan.”

Dumadakan krungu swara sepatu pating kethe¬prok. Wong telu padha meneng Ian pandeng-pandeng¬an. Swara sepatu keprungu saga cedhak Ian sajak akeh. I Iardiyanto sadar yen ing sajroning bebaya. Trengginas dheweke nyaut klambine kang cumanthel ing saka, mencolot memberi terus nggeblas meta lawang pawon, nasak petenging wengi. Sing ditinggal mlayu ora bisa apa-apa, mung pating dlongop.
Ora suave pating jedhul serdadu Landa wis mle¬bu njero omah nggawa cucuk lake Daroji.
“Endi anakmu Hardiyanto? Wis teka kaya janjimu dhek wingi?” pitakone pimpinan serdadu sing arep nyergap Hardiyanto marang bapake Hardiyanto sarana tembung sing kagok.
“Eh ,…0 …0 … Durung to …teka Tuan.” jawabe bapake Hardiyanto glogap-glagep gupuh. Sing wadon ngewel saka wedine, cangkeme kaya disumpeli ora bisa kanggo omongan.
“Durung teka? Ah bohong. Iki cawisane saga?” “Bever Tuan, dheweke durung teka. Iki, …iki kanggo nyawisi dheweke yen mengko teka.”
“Kowe ngapusi ya!” pambengoke pimpinan serda¬du Landa iku, kayo ngarahake pucuke sangkur marang bapake Hardiyanto.

“Daroji, Ian liyane cobs golekana anjing Republik Hardiyanto, menawa isih ndhelik ana njero kene!” Da¬roji Ian serdadu andahane wiwit tumandang ngubres ing njero omah iku. Nanging sing digoleki ora ketemu.
“Lawang pawon sing mburi menga, Tuan. Lan ing meja bubar ana wong mangan, piringe durung di¬kukuti. Nanging Hardiyanto ora ana.” kandhane salah sijine serdadu Landa totok.
“Ha … ha … ha… kowe ngapusi ya!”
“Ora Tuan. Sing bar mangan aku dhewe Ian bojo¬ku man saka sumur durung ditutup.”
“Bohong! Kokdelikake ana ngendi anjing republik iku?”
“Be Durung nganti tutug omongane bapake Hardiyanto, dumadakan, Pyar!… Sakabehing isen¬isening meja ambyar disampluk popor.
“Kowe… kowe anjing ngapusi aku ya? Hd sing mbok jaluk?” Ptak, … brag!… Bapake Hardiyanto di¬tarik terns ditampani sabetan popor, hiba gumebrug natap lawang Wm ora obah. Sing wadon njerit nubruk sing lanang. serdadu Landa wis ora maelu panjerite wong wadon sing blulungan jerit-jerit iku. Padha boyar meta Ian ora suave keprungu swara pating jedor saka penjebluge senjatane Landa sing ngawut-awut peluru ing desa kono. Swara jerit bubar maghrib binarung pan¬jebluging senjatane Landa.

PANJEBAR SEMANGAT, No. 33 Tanggal 16 Agustus 1975

JAKA POLENG

Ana wong enom bagus tur gagah, jenenge laksito. Laksito kerjane dadi tukang ngopeni jarane Bupati Brebes. Kanjeng bupati seneng karo asil kerjane Laksito kang sregep lan resik anggone gegawean.
Nalika iku kaya biyasane, Laksito arep lunga menyang sawah, arep golek suket kanggo pakane genta, jarane kanjeng Bupati. Sadurunge mangkat ngarit Laksito pamit karo Bi Ojah, bature kanjeng Bupati sing lagi masak neng dapur.

Nggawa arit karo karung, Laksito mlaku nlusuri galengan sawah goleksulet-suket sing rungkut lan ijo. Tekan lapangan dheweke mbabadi suket-suket sing ijo sing ana neng ngarepe. Sapisan-pisan, laksito nguasapi kringete ning bathuke ngganggo tangane sing katon reged. Laksito terus mbabadi suket, sawise oleh sakarung kebek, Laksito kaya biyasane leren leyeh-leyehneng ngisor wit gedhe kang cedhak saka anggone dheweke ngarit. Diglegek banyu kendi sing digawa saka omah. Keringete gembrobyos saawak kojur. Laksito leyeh-leyeh teturon kipas-kipas nganggo godong sing tiba saka wit.



Nalika Laksito arep merem, dheweke weruh ana ula poleng sing duwe mahkota emas ing endhase. Laksito dadi penasaran mula dheweke ngetutake lakune ula saka mburine. Laksito mlakune alon banget supaya ora keweruhan ula mau. Ula mau akhire mandeg neng pasuketan kang rungkut, Laksito banjur mandeg, mripate mentheleng ndelengake salah tingkahe ula poleng sing lagi nlungsungi. Let pirang menit, ula mau banjur disaki neng clanane.

Laksito nerusake pegaweane maneh, rong karung kudu kebak. Sawise kebak rong karung, Laksito leren maneh sadhela.

Laksito tekan ngomah, banjur menyang pawon njaluk pangan marang Bi Ojah. Laksito bengak-bengok nanging ora ana wong kang weruh wujude sanajan suwarane sing kaprungu kuping. Laksito bingung, kenapa wong-wong padha ara bisa weruh wujude. Dheweke banjur kelingan marang kulit ula sing disaki. Kulit ula ditokake, sanalika Bi Ojah bisa weruh wujude Laksito. Cerita iku banjur kaprungu dening kanjeng Bupati.
Laksito didhawuhi ngadep kanjeng Bupati kanggo nyritakake kadadian kang kaprungu saka Bi Ojah. Mula Laksito ksnthi runtut anggone nyritakake babagan mau kang di alami. Kanjeng Bupati mirengake, banjur duwe panemu kanggo nyimpenake kulit ula sing ditemonake dening Laksito. Laksito tetep ora gelem sanadjan dirih-rih dening kanjeng Bupati, rumangsa sing nemu kulit ula dai dheweke uga sing kudu nduweni lan nyimpen.

Sanalika banjur ana rerebutan antarane Laksito lan Kanjeng Bupati, mula kulit ula poleng dilebokake thuthuk laksito lan ora sengaja keleg. Laksito owah wujude dadi ula poleng. Kanjeng Bupati rumangsa salah mula piyambakipun banjur di utus kon njaga rakyate yaiku rakyat Brebes. Lantaran laksito isih jejaka lan awujud ula poleng dadi wit kuwi dijenengi JAKA POLENG.

Sekar Dhandhang gula Tinggalanipun para leluhur Yasa dalem kanjeng sunan Kalijaga

 Kiriman saking : mul.yanto6@yahoo.com

Sekar Dhandhang gula Tinggalanipun para leluhur Yasa dalem kanjeng sunan Kalijaga mugi saget dados tambahing seserepan

1. Ana kidung rumekso ing wengi
Teguh ayu luputa ing lara
Luputa bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah penggawe ala
Gunane wong luput
Geni tinemahan tirto
Maling adoh datan ana ngarah ing mami
Guna duduk pan sirno

- Kawedaraken suraosipun makaten,

Wonten puji ingkang kanggenipun manawi ing wanci dalu.
Inggih punika: mugi-mugi pinaringan teguh, rahayu, linepatna ing sesakit, tuwin linepatno sakathahing bilahi.
Puji makaten punika, katindakna ing saben wanci dalu.
- Anggadhahi daya : Jim setan, paneluhan sedaya mboten wonten ingkang angrencana.
Tiyang ingkang sumedya mendamel piawon tuwin ingkang anggunani sacara dhesti utawi japa mantra, sedaya mboten saget tumomo.
Tiyang ingkang sengit dados tresno, bangsanipun pandung sami nebih mboten wonten ingkang sumedyo ngarah dateng kita, tuwin tuju duduk sami cabar.
Menggah ingkang katembangaken ana kidung rumeksa ing wengi punika miturut wewatoning ngelmi namung kangge sanepa.
Dene sejatosipun inggih punika SANG SABDA KUN (sang guru jati) panjenenganipun wau inggih ingkang rumeksa ing dalu.
Tegesipun : SANG GURU JATI wau manawi wanci dalu andum sandang tedha tuwin ingkang mundhi papesthen sadaya lelampahaning manungsa, sarta ingkang anggadhahi daya panguaos ingkang semanten agengipun.
Pramila cundhukipun kalian tiyang ingkang sampun anggadhahi ngelmi.
Menawi ing wanci dalu punika namung perlu anjejeraken cumadhong dhawuh kados pundhi ingkang badhe kita lampahi saben dintenipun. Kenging damel ancer-ancer tekad.
Dados ing wancinipun siang punika kantun tumindak ngupaya boga punapa ingkang sampun dados tanggel jawabipun, kanti awas tuwin enget wau.
Manawi pangestinipun wau saget gambuh kalian GURU JATI, kita inggih kadunungan daya panguaos kados inggih ingkang kapretalaken ing nginggil.


2. Sakehing lara pan samya bali
Sakehing ama pan samya miruna
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tiba ing wesi
Sakehing wisa tawa
Sata galak tutut
Kayu aeng lemah sangar songing landhak
Guwaning wong lemah miring
Myang pakiponing merak

- Kawedaraken suraosipun makaten,
Tuwin saking dayanipun kidung wau, sakathahing penyakit ingkang badhe dhateng lajeng sami wangsul.
Sak kathahing ama ingkang andadosaken karibetan ing lelampahan sami sumingkir tebih. Sedaya wau namung anggadhahi raos welas lan asih.
Saupami wonten ingkang badhe sumedya anamani dedamel, inggih sampun ndilalah mesti lepatipun, saupami kengingo inggih mboten kraos punapa-punapa.
Pepindhanipun kados dene kapuk dumawah wonten tosan. Saupami kenging wisa saget tawar. Saupami kepethuk sato kewan ingkang galak inggih nboten purun mangsa, kewang wau dados tutut.
Punapa dene manawi ngambah ing wit-witan ingkang angker, tuwin siti ingkang sangar inggih lajeng dados cabar.

- Samanten agengipun daya panguosipun kidung sak lampah-lampah kita tansah jinangkung ingkang wilujeng ing kawilujengan sarta kaleresan.
Wondene inkang katembungaken songing landhak, guwaning wong lemah miring myang pakiponing merak, punika namung pralambang, miturut wewaton ngelmi.

- Tegesipun anedhahaken wiwitanipun dumadosanipun manungsa, lantaran saking kakung tuwin wanita (bapa tuwin biyung)
Katranganipun : Bapa anggenipun anitisaken wiji dhateng biyung korud dening kama wonten salebeting mani, madi, wadi tuwin maningkem. Ingriku punika anggenipun sang Hyang Maha Suci amardeng titah. Nanging wiji wau taksih dumunung ing nukat Gaib awujud cahya wening.

3. Pagupakaning warak sakalir
Yen winaca ing segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sari rahayu
Ingideran kang widodari
Rineksa malaekat
Sakathahing rasul
Pan dadi sariro tunggal
Ati Adam utegku bagenda Esis
Pangucapku ya Musa

Kawedaraken suraosipun makaten.
Pagupakaning warak sakalir
Inkang makaten punika namung pralambang, katranganipun :
Wijining manungsa wau sagetipun dados wujut asalipun saking daya warni-warni kadosto
- Titipanipun bapa biyung
- Tuwin anasir ALLAH wolung prakawis inggih punika : ingkang sekawan prakawis dados prakawis anasiring badan kang alus. 1. Surya, 2 Candra, 3 Kartika, 4 Swasana. Dene ingkang sekawan Prakawis dados anasiring badan kuwadhagan, 1 Geni, 2 Angin, 3 Banyu, 4 Bumi.

Yen winaca ing segara asat
Ingkang makaten punika namung paribasan, katranganipun :
Sedaya anasir wau namung kapendhet sarinipun, saking daya panguaosipun SANG SABDO KUN, utawi namung kasabdaaken kemawon sampun saget dados.

Temahan rahayu kabeh
Katranganipun : Satunggal-satunggaling anasir wau, dumadosipun dados praboting manungsa kalayan sampurna.

Apan sari rahayu
Katranganipun : Lajeng saget wujud janggerenganing sariro

Ingideran kang widodari
Katranganipun : Sasampuning wujud Janggerenging sariro, lajeng kapanjingan 5 prakawis inggih punika, 1. NUR, 2 RAHSA, 3 ROH, 4 NAPSU, 5 BUDI.

Rineksa malaekat
Tegesipun : manungsa punika ugi rineksa ing malaekat
Katranganipun : Malaekat ingkang rumeksa salebeting badan punika miturut wewaton ngelmi cacahipun wonte 4 , dene lenggahipun wonten.
1. Jabarail lenggahiun wonte ing kulit
2. Mikail lenggahiun wonte ing balung
3. Isrofil lenggahipun wonten ing otot
4. Ngijroil lenggahipun wonten ing daging

Sakathahing rasul
Tegesipun : Tuwin rineksa sakathahing utusanipun Gusti Allah.
Dene ingkang ingaken utusan punika, katranganipun RASUL, menggah raos ingkang dumunung ing manungsa, punika peranganipun wonten 3 golongan.

1. RAOS SEJATI, dumunung satelenging manah kawastanan : Rahsaning Sukma. Inggih punika ingkang dados pangretosan tumpraping GAIB.
2. RAOS KADIM , Dumunung ing MANAH, dados raos pangraos, inggih punika ingkang saget ambedaaken LERES tuwin LEPAT.
3. RAOS NJAWI : Dumunung wonten PANCA DRIYO. Inggih punika pucuking driji saget anedhaakena barang kasar tuwin alus. TUTUK saget ngraosaken legi gurih GRONO saget angraosaken wangi tuwin bacin, NETRO saget angraosaken padhang tuwin peteng, KARNO saget angraosaken suwanten sora tuwin lirih

Pan dadi sariro tunggal
Tegesipun : sadoyo wau dumunung dados satunggal wonten ing badaning manungsa.
Wondene ingkang katembungaken : ATI ADAM UTEGKU BAGENDHO ESIS punika kateranganipun anerangaken gelaran mumukaning prabot kita.

Ati Adam utegku bagenda Esis
Kadosta : ATI ADAM Tegesipun : Ati punika asilipun saking titipanipun biyung. Saget dados ratuning badan , manawi kurang satiti saget dumawah sangsara lelampahanipun.
Dene ati punika peranganipun wonten 3 prakawis, inggih punika:
1. ATI SANUBARI . Pakartinipun kangge angrimati kawruh pancadriya utawi kangge angraos-raosaken
2. ATI SIRI. Pakartinipun anuwuhaken karep ingkang dereng kawedal krentek utai niat.
3. ATI MAKNAWI. Pakartinipun anuwuhaken raosing pangertosan dhateng GAIB (karsa ingkang wiwitan).Ingkang makaten wau dipun sanepaaken NABI ADAM inggih dados manungsa ingkang wiwitan.

Wondene UTEGKU BAGENDHO ESIS tegesipun : uteg punika asalipun saking titipanipun biyung kenging kangge mikir-mikir utawi imbang-imbang sedaya lelampahan ingkang badhe kita lampahi sageta katetepan iman eling.
Dados makaten punika dipun sanepaaken BAGENDHO ESIS inggih katetepaken iman eling, saget dados panutanipun para nabi.

Pangucapku ya Musa
Tegesipun : Pangandika asalipun saking jantung, ewodene manawi saget sampurna, inggih dumugi ing insan kamil (dumununging pagesangan ingkang leres) ingkang makaten punika dipun sanepaaken NABI MUSA, inggih tansah mundhi dhawuh pangandikaning ALLAH, lajeng saget dados panutanipun tiyang golongan bani Israel saking tanah mesir dateng tanah kenangan.
Namung saking dayaning pangandikanipun kemawon, lajeng saget dipun pitados ing tetiyang kathah.

4. Napasku nabi Ngisa linuwih
Nabi Yakub pamiarso ningwang
Yusuf ing rupaku mangke
Nabi Dhawud swaraku
Jeng Soleman kasekten mami
Nabi Ibrahim nyawa
Idris ing rambutku
Bagendho Li kulit ingwang
Getih daging Abubakar Ngumar Singgih
Balung bagendho Ngusman.

Kawedharaken suraosipun makaten:
Napasku nabi Ngisa linuwih
Tegesipun : napas menika dados tetangsuling badan , asalipun saking anasir angina mahanani 4 perkawis inggih punika :
1. NAPAS 2. ANPAS 3. TAN NAPAS 4. NUPUS
Menawi kita saget anggumelengaken lampahing napas ingkang saking lebet utawi njawi, saestunipun saget anuwuhaken kanyataning karsa ingkang linagkung.
Ingkang makaten wau kaupameaken kados dene NABI NGISA inggih dados tetangsuling agami.

Nabi Yakub pamiarso ningwang
Tegesipun : Nabi Yakup punika satunggaling nabi ingkang tetep pangabektinipun dating Gusti Alla sarta tansah remen niling-nilingaken sasmita dhawuhing pangeran. Amila dipun sanepaaken pamiarsa kita, ing sasaget-saget kita ugi kepareng aniling-nilingaken dhateng piwulang ingkang sae utawi samitaning pangeran.

Yusuf ing rupaku mangke
Tegesipun : Nabi Yusup punika lelampahanipun wiwit alit nandang papa sangsara jalaran kenging panganiaya, namung sangsaranipun wau namung dados sarananing kaleresan. Inggih punika lajeng saget jumeneng adipati wonten negari Mesir.
Pramila dipun sanepaaken rupi kita, amargi rupi punika, dados warananing warna. Dene warna punika dados warananing GAIB.
Dados rupi kita kita punika sadaya dados warananing gaib ingkang linangkung utawi titipaning Allah

Nabi Dhawud swaraku
Tegesipun : Nabi Dhawud punika wiwit alit namung dados juru pangen mendha.
Katarik saking kamursidanipun tuwin swaranipun sae, lajeng saget jumeneng Nabi utawi ugi jumeneng nata. Pramila dipun sanepaaken swara kita, amargi swara kita punika inggih dados kanyataning gaib.

Jeng Soleman kasekten mami
Tegesipun : Kanjeng Nabi Soleman punika inggih jumeneng nabi inggih jumeneng nata. Kagungan kasekten ingkang linangkung inggih punika : Dipun luluti para nata ing sakiwa tengenipun, sarta para wadya balanipun sadaya sami setya tuhu sumungkem ing gusti. Namung katarik saking pangaribawanipun sarta kawicaksananipun pramila dipun sanepaaken kasekten kita. Amargi kita menika sejatosipun inggih gadhah kasekten kadosdene kanjeng Nabi Soleman wau
Inggih punika bilih kita saget gambuh kalian GAIB.

Nabi Ibrahim nyawa
Tegesipun : Nabi Ibrahim punika satunggaling nabi ingkang santosa kapitadosanipun dumateng gusti Allah . salampah-lampahipun namung mituhu dhateng dhawuh pangandikaning Allah . Pramila dipun sanepaaken nyawa kita. Amargi nyawa wahananing SUKSMA dene SUKSMA punika dados kanyataningsun, dados inggih kedah gegandengan loroning atunggal supados saget gesang ingkang kaleresan.

Idris ing rambutku
Katranganipun : namung anedahaken bilih rambut punika asalipun saking titipanipun Bapa.

Bagendho Li kulit ingwang
Katranganipun : namung anedahaken bilih kulit punika asalipun saking titipanipun Bapa.

Getih daging Abubakar Ngumar Singgih
Katranganipun : namung anedahaken bilih getih tuwin daging punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.

Balung bagendho Ngusman.
Katranganipun : namung anedahaken bilih balung punika asalipun saking titipanipun Bapa.

5. Sungsumingsun Patimah linuwih
Kang minangka rahayuning angga
Ayub minangka ususe
Nabi nuh ing jejantung
Nabi yunus ing otot mami
Netraku ya Mukammad
Panduluku rasul
Pinayungan Adam sarak
Sampun pepak sakathahing para nabi
Dadyo sariro tunggal

Kawedarakensuraosipun makaten :
Sungsumingsun Patimah linuwih
Katranganipun : namung anedahaken bilih sungsum punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.

Kang minangka rahayuning angga
Tegesipun : sungsum punika ingkang andadosaken kesegeraning badan

Ayub minangka ususe
Katranganipun : namung anedahaken bilih usus punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.

Nabi nuh ing jejantung
Tegesipun : Nabi Nuh punika dados plawanganing Allah nalika andhawuhaken jagad badhe dipun kelem. Pramila dipun sanepaaken jantung amargi jantung punika ugi dados plawanganing dhawuhipun sang Guru Jati utawi anedhahaken bilih asalipun saking titipanipun biyung.

Nabi yunus ing otot mami
Katranganipun : namung anedahaken bilih otot punika asalipun saking titipanipun BAPA.

Netraku ya Mukammad
Tegesipun : Namung anedhahaken bilih salebeting netro ingkang pethak punika wonten gaibipun awujud CAHYA.
Kawastanan : NUR MUKAMMAD, inggih punika ingkang minangka awasing paningal.

Panduluku rasul
Tegesipun : naming anedhahaken bilih raos punika lenggahipun wonten ing netra ingkang cemeng. Katitik saking emating raos lajeng kiyer-kiyer.
Katranganipun : Rasul punika utusan. Menggahing ngelmi ingkang ingaken utusan punika raos.

Pinayungan Adam sarak
Tegesipun : Jabang bayi punika bilih badhe lair anampeni prajanjian dening Allah.utawi kinucungan ing wewaler.
Katranganipun : Benjing tumindakipun wonten ing alam donya manawi purun angestoaken dhawuhipun Gusti Allah inggih badhe manggih wilujeng sak lami-laminipun. Nangin manawi namung miturut pambujuking sadherek sekawan gangsal pancer inggih badhe nandhang papa sangsara sak lami-laminipun.

Sampun pepak sakathahing para nabi
Dadyo sariro tunggal
Tegesipun : Sedaya ingkang dipun gelaraken ing nginggil wau, sampun jangkep praboting manungsa, ngalempak dados satunggal, awujud jenggerenging Jabang bayi.

6. Wiji-sawiji mulane dadi
Apan pencar saisine jagad
Kasamadan dening date
Kang maca kang angrungu
Kang anurut miwah nyimpeni
Dadi ayuning badan
Kinarya sesembur
Yen winacakna neng toya
Kinarya dus rara tuwa angles rabi
Wong edan nuli waras

Kawedaraken suraosipun makaten ;
Wiji-sawiji mulane dadi
Tegesipun : Manungsa punika asalipun saking wiji satunggal, inggih punika gesang ingkang jumeneng pribadi.

Apan pencar saisine jagad
Tegesipun : Lajeng saget pencar (tumangkar) dados pinten-pinten ewu angebaki jagad. Punika asalipun naming peranganing satunggal.

Kasamadan dening date
Tegesipun : Gesanging titah punika sedaya kasamadan dening dating pangeran.

Kang maca kang angrungu
Kang anurut miwah nyimpeni
Dadi ayuning badan
Tegesipun : tiyang ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang nyerat tuwin ingkang ngrimati serat kidungan punika, sedaya sami angsal sawab wilujeng sak lampah-lampahipun.
Katranganipun : sedaya wau bakunipun kita kedah pitados ingkang saestu, bebasanipun sapatemon-tinemenan, amargi ing atasipun gusti Allah manawi sumedya mitulungi dhateng kawulanipun punika sanadyan mawi sarana wujud punapa kemawon, saestunipun inggih anggadhahi daya utawi sebab.
Nanging manawi tiyang ingkang pitados kados makaten punika, namanipun tiyang ingkang ngelminipun saweg setengah.Dene menawi tumprap tiyang ingkang sampun pana dateng gaib, kapitadosanipun punika boten kandeg namung wonten ing warono, nanging perlu macung piyambak, sageta sapatemon.

Kinarya sesembur
Yen winacakna neng toya
Kinarya dus rara tuwa angles rabi
Wong edan nuli waras
Tegesipun : serat kidungan wau, manawi kawategaken ing toya, lajeng kasemburaken idunipun, toya wau anggadhahi sawab manawi kaangge siram ing prawan ingkang sampun kasep, lajeng tumunten saget angsal jodho. Manawi kangge siram tiyang ingkang sakit ewah, nggih tumunten saras.
Katranganipun : tumprapipun tiyang ngelmi ingkang katembungaken kidung puika sanepanipun SANG GURU JATI.
Amila daya wau inggih kapendhetaken saking panguaosing sang guru jati.
Dados langkung perlu punika sageda gambuh kaliyan sang GURU JATI supados saged ngampil panguaosipun.

7. Lamun ana wong kadhendho kaki
Wong kabonda lan kabotan utang
Yogya wacanen den age
Ing wanci tengah dalu ping selawe
Wacanen ririh
Luar ingkang kabanda
Kang kadendha wurung
Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma
Kang utang puniku singgih
Kang agring dadi waras

Kawedharaken suraosipun makaten :
Lamun ana wong kadhendho kaki
Tegesipun : paring pangertosan dhateng tiyang anem, mbok menawi wonten tiyang ingkang kadhendho ing nagari.
Kateranganipun : tiyang ingkang ukum dhendha .

Wong kabonda lan kabotan utang
Tegesipun : sarta tiyang ingkang kabonda prakawis pulisi, tuwin tiyang ingkang kekathahen sambutan nanging ngrekaos panyauripun.

Yogya wacanen den age
Tegesipun : tiyang ingkang kataman wau tumuntena maos serat kidungan wau
Katranganipun : ingkang kawaos naming pujian ingkang angka 1, nanging manawi tiyang ngelmi langkung perlu Sang Guru Jati.

Ing wanci tengah dalu ping selawe
Wacanen ririh
Tegesipun : anggenipun maos wau ing wanci tengah dalu kalayan ririh-ririh kemawon, rambah kaping selawe.
Katranganipun : manawi lampahipun tiyang mangesti Sang Guru Jati menika mboten perlu mawi sarana ucap-ucapan, nanging sampun kacekap wonten ing niyate mawon.
Sarana angulataken lebet wedaling napas ingkang ngantos angler utawi kasupen.

Luar ingkang kabanda
Tegesipun : Manawi katrimah ing pamujinipun tiyang ingkang kabanda wau saget luar.
Katranganipun : saget dipun luar wau inggih saking saran reko daya , nanging reka daya punika wau sampun kaparingan berkah ing Allah. Dados inggih saget antrenyuhaken penggalihanipun nagari.

Kang kadendha wurung
Tegesipun : sata upami tiyang ingkang kadhendha inggih saget wurung.

Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma
Kang utang puniku singgih
Tegesipun : Tuwin upami tiyang ingkang kekathahen sambutan wau, inggih lajeng dipun sauri dening Allah.
Katranganipun : Gutsti Allah anggening nyauri sambutaning tiyang punika saestunipun inggih mawi warono ing tiyang sanes ingkang gadhah arta katrenyuhaken manahipun lajeng amelasi lajeng paring arta dhateng ingkang nyambut wau, lajeng kenging kangge nyauri.

Kang agring dadi waras
Katranganipun : upami tiyang ingkang ketaman sakit, inggih lajeng dados saras.
Katranganipun : sagetipun saras wau saestunipun inggih mawi sarono jampi nanging jampinipun sampun angsal berkah.

8. Sapa reke bisa anglakoni
Amutiha lawan anawa a
Patangpuluh dina wae
Lan tangi wektu subuh
Lan den sabar sukuri ing widhi
Insya Allah tinekan sakarsanireku
Tumrap sanak rayatira
Awit saking sawab pangiketing ngelmi
Duk aneng kali jaga.

Kawedharaken suraosipun makaten : milanipun sinten ingkang saget anglampahi dhateng wigatosing ngelmi, keparenga methak kawan dasa dinten, menawi kirang sedinten sedalu lajeng ngeblenga. Salebeting nglampahi wau, manawi wungu sare kaangkaho wanci jam 4.30 enjing.
Ing saben dintenipun kadamel ajeg. Punapa malih sak tindak-tanduk kita, katingalo ingkang narimo kanti sabar penggalih, naming sumarah ing sak keparengipun.
Sarana tumindak ingkang makaten punika, manawi temen-temen inggih saget tinarimah dening Allah, saget kadumugen punapa ing pangestinipun sarta kenging kagem mitulungi dhateng karibetaning sanak sederek, putra wayah tuwin sane-sanesipun. Ingkang makaten wau katarik saking sawabing ngelmi ingkang sampun dipun lampahi sarta sampun dipun anggit kanjeng Sunan nalika wonten dhusun KALIJAGA. Menggah ngelmi ingkang saget wiyar tebanipun kenging kaagem mitulungi ing karibetan warni-warni wau.
Dene golonganing ngelmi ingkang kados makaten punika, sagetipun manjing anggadhahi daya kedah anglampahi SISIRIH.

9. Lamun arsa tulus nandur pari
Puasa a sawengi sadina
Iderana galengane
Wacanen kidung iki
Kabeh ama pan samya wedi
Yen sira lunga aprang
Wateken ing sekul
Antuk a tigang pulukan
Mungsuhira sirep datan nedya wani
Rahayu ing payudan

Kawedharaken suraosipun makaten :
Lamun arsa tulus nandur pari
Tegesipun : wondene manawi badhe nenanem pantun sagetipun lestari wilujeng mboten katrajang ama.

Puasa a sawengi sadina
Tegesipun : Nglampahana siam sadinten sadalu boten dhahar punapa-punapa.

Iderana galengane
Tegesipun : ing saderengipun pantun katanem sasampunipun sadinten mboten dhahar, dalunipun lajeng ngiderana galengan sabin.
Katranganipun : raosing penggalih ingkang meleng panyuwunipun.

Wacanen kidung iki
Tegesipun : kanthi amujia, dene pamujinipun , mirsanana sekar no. 1

Kabeh ama pan samya wedi
Tegesipun : kadadosan sak kathahing ama lajeng mboten purun angrisak taneman pantun.

Yen sira lunga aprang
Tegesipun : saupami kita badhe mengsah perang.

Wateken ing sekul
Antuka tigang pulukan

Tegesipun : puji wau kawatekna ing sekul kadamela tigang pulukan lajeng kadhahar

Mungsuhira sirep datan nedya wani
Tegesipun : anggadhahi sawab mengsah kita wau lajeng rumaos giris sami sirep mboten wanton / mboten wonten ingkang sumedya anglawan

Rahayu ing payudan
Tegesipun : boten saestu peperangan ing wasana wilujeng sedaya.

10. Ana kidung rekeki aryati
Sapa weruh reke araningwang
Duk ingsun ana ing ngare
Miwah duk aneng gunung
Kisamurta lan ki Samarti
Ngalih aran ping tiga
Arta daya tengsun
Araningsun duk jejaka
Ki artati mengko araningsun
Ngalih sapa wruh araningwang

Kawedaraken suraosipun makaten :
Ana kidung rekeki aryati
Tegesipun : wonten kidung punika sejatosipun inggih ki ARTATI
Katranganipun : ingkang dipun wastani kidung punika sang sabda, inggih karsa ingkang linangkung utawi dhawuh pangandikaning Pangeran.

Sapa weruh reke araningwang
Duk ingsun ana ing ngare
Tegesipun : sinten ingkang mangertos nama kita, (kidung) nalika kita taksih jumeneng ing ngare
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ngare punika miturut wewaton ing ngelmi wonten ing BETAL MUKARAM.

Miwah duk aneng gunung
Tegesipun : tuwin nalika taksih jumeneng wonten ing redi.
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken redi menika miturut wewatoning ngelmi BETAL MAKMUR.

Kisamurta lan ki Samarti
Tegesipun : inggih punika sampun awujud kempalipun ki Samarta, kaliyan ki Samarti
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ki Samarta punika ingsun. Dene ki Samarti punika TRI MURTI. Kadadosan saking sarining tirta Kamandanu, sarining Surya, tuwin sarining Candra. Kempal dados satunggal mahanani CAHYA kawastanan ROH ILAPI, inggih punika wujuding ANASIR SEJATI. Warananipun ingsun.

Ngalih aran ping tiga
Tegesipun : Saben pindah panggenan santun nama, ngantos rambah kaping tiga.
Katranganipun: inggih punika jumenenganipun wonten TRILOKA
Tegesipun : panggenan tetiga ingkan manunggal, kadosta : wonten ing BETAL MAKMUR anggadhahi praban piyambak, wonten ing BETAL MUKARAM santun paraban,tuwin wonten ing BETAL MUKADAS ugi santun paraban malih.
BETAL MAKMUR jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana antaraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsun, dat kang nglimputi ing kahanan jati.
BETAL MUKARAM jumeneng ana ing dhadha ning adam. Kang ana sajroning dhadha iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem , yaiku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati

BETAL MUKADAS jumeneng ana ing kemaluaning adam. Kang ana sajroning kemaluan iku pringsilan, kang ana ing antaraning pringsilan iku nutpah, yaiku mani, sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajatining sipatIngsun.

Arta daya tengsun
Tegesipun : wonten ing Bental Mukaram parabanipun ARTA ingkang dipun sanepaaken arta punika pangretosaning kawicaksanan.
Daya tengsun tegesipun jumenengipun wonten ing BETAL MUKADAS dipun parabi daya ingkang dipun sanepaaken daya punika ingsun ingkang kuwasa utawi WISESA. Dene kanyatanipun anggadhahi daya kuwasa damel gesanging manungsa.

Araningsun duk jejaka
Tegesipun : paraban kita (kidung) nalika taksih jaka
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken Jaka punika , nalika wiji taksih dumunung ing bapa, dereng katetesaken ing biyung.

Ki artati mengko araningsunngalih
Tegesipun : inggih punika KI ARTATI (karsa ingkang linangkung) nanging sareng sampun katitisaken, lajeng santun asma/paraban

Sapa wruh araningwang
Tegesipun :sinten ingkang mangertos sejatosing nami kita (kidung) wau.
Katranganipun : inking dipun parapi Arta Daya, Artati, punika wujudipun namung satunggal mboten sanes : inggih namung ingsun.
Pepindhanipun kados dene sesebutan sang NATA, inggih punika ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing sitinggil”SANG PRABU” punika ratu ingkang saweg jumeneng ing pandhapi “SRI NARENDRA” punika ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing kedhaton.
Sesebutan tiga wau inggih ingkang dipun sebut inggih namung satunggal utawi anggadhahi teges ANERANGAKEN KUWAJIBANIPUN.

11. Sapa weruh kembang tepus kaki
Sasat weruh rek ke artadaya
Tunggal pancer ing uripe
Sapa wruh ing panuju
Sasat sugih pagere wesi
Rineksa wong sak jagad
Kang angidung iku
Lamun dipun apalna
Kidung iku den tutug sedasa wengi
Adoh panggawe ala.

Kawedharakensuraosipun makaten :
Sapa weruh kembang tepus kaki
Tegesipun: sinten ingkang saget mangertos dhateng tepa sariro.
Katranganipun : tumindak ingkang kanti ukuran raosing kamanungsan.

Sasat weruh rek ke artadaya
Tegesipun : prasasat saget sapatemon kaliyan sang guru jati piyambak.
Katranganipun : tumindak ingkang mawi tepo sariro punika asalipun saking daya pakartining sang guru Jati (ingsun)

Tunggal pancer ing uripe
Tegesipun: manungsa sak jagad punika panceripun namung satunggal, inggih punika ingsun kang nglimputi kahanan jati.
Katranganipun : raosing manungsa punika sageta rik-tinarik satunggal kaliyan satunggalipun dados sami.

Sapa wruh ing panuju
Tegesipun : sinten ingkang saget nuju kareping sanes.
Katranganipun : upami tiyang ungkang nami A katamuan tiyang nama B pun B wau anggenipun mara tamu namung lugu katarik saking sayahipun tuwin kalaib (kaluwen), amargi mentas saking kekesahan, ewodene mboten purun nembung punapa-punapa.ingkang gadhah griya pun A mangertas dhateng pasemoning tamunipun, lajeng gita-gita anggenipun anyugata wedang, panganan tuwin sekul.
Pun B inggih lajeng ngrahapi lajeng katingal binger, rumaos nikmat sanget anggenipun dhahar, dados pasugatan wau katrimah sanget. B lajeng pamitan wangsul.Menggah pakartinipu A anggenipun anyugata mboten sarana ditembungi, sarta mboten amengku pamrih. Punika ingkang dipun wastani nuju kareping sanes, tuwin tumindak sanes-sanesipun ingkang sairib makaten wau.

Sasat sugih pagere wesi
Ingkang makaten punika namung paribasan .
Dene katranganipun : tiyang ingkang sampun lebet luangipun, inggih punika tiyang ingkang tumindakipun kerep anyaeni dhateng ing sanes ingkang mboten amengku pamrih (tumindak kautaman) sak lampah-lampahipun mesti tansah jinangkung ing kaleresan. Dados penggalihipun tansah teteg kemawon.

Rineksa wong sak jagad
Kang angidung iku
Tegesipun : tiyang ingkang pangangen-angenipun wiji sae, sarta karsa tumindak kautaman punika uwohing pandamel sae wau, ing sakenggen-enggen tansah dipun tresnani ing sanes.

Lamun dipun apalna
Tegesipun : manawi dipun apalaken
Katranganipun : ingkang dipun apalaken punika pujian ingkang kawrat ing sekar amgka 1

Kidung iku den tutug sedasa wengi
Tegesipun ing saben dalu angapalaken pujian wau

Adoh panggawe ala.
Tegesipun : tebih saking /dhateng pandamel awon
Katranganipun : saklampah-lampahipun saget sumingkir saking pandamel awon.

12. Lawan rineksa dening hyang widi
Sasedyane tineka dening hyang
Kinedhep mring janwo akeh
Kang maca kang angrungu
Kang anurat miwah nyimpeni
Yen ora bisa maca
Simpenana iki
Temah ayu kang sariro
Yen linakon dinulur sasedyoneki
Lan rineksa dene hyang

Kawedaraken suraosipun makaten : Punapa malih sak lamapah-lampahipuntansanh jinangkung dening pangeran. Sarta saget dumugen punapa sedyanipun, tuwin linulutan ing sasami. Tumprap ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang nyerat tuwin ingkang ngrimati serat kidungan wau.
Anggadhahi sawab, saget amilujengaken badanipun, wondene menawi mboten saget maos, inggih karimata kemawon inggih sampun anggadhahi sawab wilujeng.
Langkung-langkung bilih kersa anglampahi TARAK BROTO. Sawabipun saget sempulur anggening ngupajiwa, sarta tansah jinangkung dening pangeran.

13. Kang sinedya tinekan hyang Widi
Kang kinarsan dumadakan kena
Tursinihan pangerane
Najan tan weruh iku
Lamun nedya muja semedi
Sasaji ing sagara
Dadya ngumbareku
Dumadi sariro tunggal
Tunggal jati swara awor ing artati
Aran sekar jempina

Kawedharaken suraosipun makaten :
Kang sinedya tinekan hyang Widi
Tegesipun : puapa ingkang dipun gayuh saget kadumugen.
Katranganipun : Ingkang dipun wastani penggayuh punika betahan ingkang kanggenipun ing kala mangsa.

Kang kinarsan dumadakan kena
Tegesipun : inggih sampun dilalah kersanipun ing saben dinten kerep kalegan.

Tursinihan pangerane
Tegesipun : Punapa malih ugi jinangkung ing pangeranipun.
Katranganipun : ingkang dipun wastani penggayuh punika kabetahan ingkang kanggenipun ing kala mangsa .
Tumindak ingkang tansah kaleresan punika tegesipun saking berkahing pangeran.

Najan tan weruh iku
Katranganipun : tiyang punika sanajan dereng mangertos gelaring ngelmi ( asal wijining manungsa)

Lamun nedya muja semedi
Tegesipun : lamun niyat nindaaken muja semedi.
Katranganipun : seserepanipun wau namung mligi seserepan tumindak muja semedi.

Sasaji ing sagara
Ingkang mekaten punika naming pasemon, dene katranganipun, jumenengipun hyang Pramana wonten ing betal makmur. Saget amikani alam Panca Maya.

Dadya ngumbareku
Katranganipun : ingkang dipun wastani ngumbara punika lenggahing hyang pramana wonten ing Bental Mukaram.
Ing wusana lajeng jumeneng ing Betal Makmur. Kadosanipun oncat saking palenggahan.

Dumadi sariro tunggal
Katranganipun : melenging pramana kajumbuhaken kaliyan weninging karsa, gumeleng dados satunggal. Saget mahanani kabikaing raos lajeng katingalipun sang GURU JATI .

Tunggal jati swara awor ing artati
Katranganipun : Sang Guru Jati wau inggih punika sang sabda sarta inggih karsa ingkang linangkung.

Aran sekar jempina
Katranganipun : anedhahaken bilih sang guru jati punika kenging kawastanan sesekaring jampi ingkang mesti saget anyarasaken.

14. Semahira ingaran senjari
Melu urip lawan melu pejah
Tan pisah ing saparane
Pari purna satuhu
Anirmala waluya jati
Kena ing kene kana
Ing wasananipun
Ajejuluk adi suksma
Cahya ening jumeneng ing artati
Anom tan kena tuwa

Kawedharaken suraosipun makaten :
Semahira ingaran senjari
Tegesipun : ingkang minangka kancuhanipun dipun wastani rahsa.. inggih punika rahsaning suksma.

Melu urip lawan melu pejah
Tegesipun : rahsa punika inggih kangge nalika gesang utawi ugi kangge benjing nalika pejah.
Katranganipun : nalika gesang rahsa punika dados angertosan ingkang gaib-gaib.
Wondene benjing manawi pejah, rahsa punika dados katetepanipun kayektosan. Dumunung ing rasa jati.

Tan pisah ing saparane
Tegesipun : dados dhateng ing pundi kemawon rahsa wau ugi tumut boten pisah.

Pari purna satuhu
Tegesipun : gesang ingkang tanpa sangsaya.
Katranganipun : tiyang ingkang tumindakipun kanthi landhesan raosing kamanungsan, punapa ngakunipun saget wilujeng.

Anirmala waluya jati
Tegesipun : ing wusana saget suci utawi saras lair batosipun.

Kena ing kene kana
Tegesipun : kapitadosan ingkang makaten wau kenging kangge gesang donya tuwin ing akir.

Ing wasananipun
Ajejuluk adi suksma
Tegesipun : dene kedadosanipun boten sanes inggih namung jumenengipun pribadi (sejatining ingsun)

Cahya ening jumeneng ing artati
Tegesipun : ing alam ngriki ugi wonten cahyo wening kang katingal.

Anom tan kena tuwa
Tegesipun : boten anem tuwin boten saget sepuh, namung langgeng kawontenanipun.

15. Panunggale kawula lan gusti
Nila ening arane duk gesang
Duk mati nila arane
Lan suksma ngumbareku
Ing asmara mung raga yekti
During darbe paparab
Duk rarene iku
Awayah bisa dedolanan
Aran sang hyang jati Iya sang artati
Yeku sang arta daya

Kawedaraken suraosipun makaten :
Panunggale kawula lan gusti
Tegesipun : inggih mekaten menika ingkang dipun wastani ngempale kawula-gusti.

Nila ening arane duk gesang
Tegesipun : wekdal gesang wonten ing ndonya, tumprap kabikaing raos kaweningan punika mesthi saking pitulunganing cahya.

Duk mati nila arane
Tegesipun : nanging manawi wonten ing jamane pejah mboten perlu dipun pitulungi dening cahya

Lan suksma ngumbareku
Katranganipun :ingkang katembungaken suksma ngumbara punika konosipun ingsun, inggih punika wujudipun satunggal saget angebaki jagad, ing pundi dunung kita ing griku wonten.

Ing asmara mung raga yekti
Tegesipun : sejatosipun tumprap kaalusan, inggih punika ingkang mengkoni raga.
Katranganipun : ingsun punika ingkang dados guruning raga, tuwin pangeraning raga.

During darbe paparab
Duk rarene iku
Tegesipun, ingsun wau nalika wijining manungsa dereng katitisaken, ugi dereng anggadhahi paraban, amargi taksih nunggil kaliyan GUSTI ALLAH, dados ingkang wonten namung gesang pribadi

Awayah bisa dedolanan
Tegesipun : manawi sampun dumugi ing titi mangsanipun , ingsung wau katinggal dados lantaraning wiji. Bapa saweg anggadhahi karsa nitisaken wiji dhateng biyung.

Aran sang hyang jati Iya sang artati
Yeku sang arta daya
Tegesipun : saksampunipun wiji wau dumados ing guwa garbaning biyung ingsun wau kenging dipun wastani SANG YHANG JATI , sang ARTATI, arta tuwin daya, inggih punika wuninga karsa; daya.

16. Dadya wisa mangkya amartani
Lamun marta atemahan wisa
Marma arta daya rane
Duk lagya aneng gunung
Ngalih aran asmara jati
Wayah tumeking tuwa emut ibunipun
Nyi Pancari lunga ngetan
Ki Artati nurut gigiring Merapi
Anulya mring sundara

Kawedharaken suraosipun makaten :
Dadya wisa mangkya amartani
Lamun marta atemahan wisa
Mara arta daya rane
Tegesipun : milanipun asma karya utawi daya , punika tumprapipun gesang ing akir dados wisa.
Katranganipun : tujuawing tiyang pejah punika menawi mangerandhateng wujudipun ingsun, naminipun kesasar (dados wisa)

mangkya amartani
tegesipu : tumprapipun gesang ing donya manawi mangeran dhateng daya punika gesangipun dados utami (dados marta). Kosok wangsulipun ingkang utami dados kesasar. Ingkang makaten punika sageto nata tumindakipun, sampun ngantos salah penampi utawi kerem.

Duk lagya aneng gunung
Ngalih aran asmara jati
Wayah tumeking tuwa emut ibunipun
Tegesipun : Nalika wijining jabang bayi saweg dumados ing Betal Makmur asmanipun santun sang Hyang Jati, amargi bapa dereng anitisaken dhateng biyung.

Nyi Pancari lunga ngetan
Katranganipun : rahsanipun lajeng jumeneng wonten ing BETAL MAKADAS inggih punika campuhing kakung tuwin wanita (bapa tuwin biyung) wijinipun lajeng dumunung ing maningkem.

Ki Artati nurut gigiring Merapi
Ingkang dipun sanepaaken gigiring merapi punika ula-ula.
Katranganipun : redi Merapi punika redi latu miturut hakekating ngelmi latu punika erah.Dene lampahing erah ingkang punika medal ing ula-ula.
Pramila saksampunipun wiji tumitis ing biyung wonten saklebeting mani , madi, maningkem, rahsa ingsun lajeng lumampah minggah nurut ula-ula.

Anulya mring sundara
Ingkang dipun sanepaaken sundara punika guwa garbaning biyung (wadah bebayi) dunungipun wonten ing tengah-tengah antawisipun Betal Mukadas kaliyan Betal Makmur. Mila wiji wau lajeng wadhag bayi.

17. Ana pandhita akarya wangsit
Mindha kumbang ngajab ing tawang
Susuh angina ngendi nggone
Lawan galihing kangkung
Wekasane langit jaladri
Isine wuluh wung wang
Lan gigire panglu
Tapaking kuntul anglayang
Manuk miber uluke ngungkuli langit
Kusuma jrah ing tawang.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana pandhita akarya wangsit
Mindha kumbang ngajab ing tawang
Ingkang makaten punika SU ALAN tegesipun cipta utawi budi.

Susuh angina ngendi nggone
Pitakenan punika katranganipun jantung


Lawan galihing kangkung
Katranganipun Suksma

Wekasane langit jaladri
Katranganipun : soroting cahya sumrambah ing njawi tuwin ing lebeting sipat kita, dene wekasane jaladri katranganipun segara jinem (panca maya)

Isine wuluh wung wang
Katranganipun Angen-angen

Lan gigire panglu
Katranganipun : dat ing pundi-pundi wonten

Tapaking kuntul anglayang
Katranganipun angen-angen

Manuk miber uluke ngungkuli langit
Katranganipun angen-angen

Kusuma jrah ing tawang.
Katranganipun angen-angen

18. Ngambil banyu apikulan warih
Kodhok ngemuli lenge
Miwah kang banyu den kum
Myang dahana murub kabesmi
Bumi pinetak ingkang
Wawono katiyub
Tanggal pisan kapurnaman
Yen anenun sentek pisan anigasi
Kuda ngrap ing pandengan

Kawedharaken suraosipun makaten :
Ngambil banyu apikulan warih
Katranganipun : raos inggih punika tiyang ingkang marsudi dhateng kaleresan kedah sampun pawitan sageta wening penggalihe.

Kodhok ngemuli lenge
Katranganipun nyawa; inggih punika gesange raga saestunipun saking nyawa

Miwah kang banyu den kum
Katranganipun : katentreman inggih punika tiyang ingkang anggayuh dhateng katentreman kedah angempali guru-guru ingkang sampun sampurna ngelminipun.

Myang dahana murub kabesmi
Katranganipun : kanepson inggih punika tiyang ingkang saget duka lajeng dipun aduli supados saya sanget.

Bumi pinetak ingkang
Katranganipun : jisim kapendhem ing siti inggih punika dumadose anasir bumi mahanani raga

Wawono katiyub
Katranganipun : lebet wedaling napas punika katarik dening swasana

Tanggal pisan kapurnaman
Katranganipun : roh ilapi inggih punika kaweninganing manah punika manawi angsal pitulunganing roh ilapi. Lajeng sami sanalika, saget gadhah pangertosan ingkang linangkung.

Yen anenun sentek pisan anigasi
Katranganipun : wenganing raos inggih punika suraosing raos ingkang wening punika saget ameca ingkang mesthi cocog tumrap badhe kedadosanipun.

Kuda ngrap ing pandengan
Katranganipun : angen-angen

19. Ana kayu apurwa sawiji
Wit buwana epang keblat papat
Agodhong mego rumembe
Aprada paku kuwung
Kembang lintang salaga langit
Semi andaru kilat
Woh surya lan tengsu
Asirat bun lawan udan
Apapucak angkasa bungkah pratiwi
Oyote bayu bajra

Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana kayu apurwa sawiji
Katranganipun : kayu sajaratul yakin

Wit buwana epang keblat papat
Katranganipun : jumenegipun suksma kaliyan raga, kanthi prabotipun sekawan inggih punika : kandha, warna, ambu, rasa

Agodhong mego rumembe
Katranganipun : dumununging napsu wonten ing badan sakojur

Aprada paku kuwung
Katranganipun : hyang Pramono

Kembang lintang salaga langit
Katranganipun : cahya ingkang alit-alit

Semi andaru kilat
Katranganipun : panunggilanipun cahya

Woh surya lan tengsu
Katranganipun : cahya ingkang ageng
(roh ilapi tuwin lintang johar)

Asirat bun lawan udan
Katranganipun : toya gesang, saget anggesangi raosing panca driya

Apapucak angkasa bungkah pratiwi
Katranganipun : kempaling jiwa tuwin raga saestunipun daya dinaya.

Oyote bayu bajra
Katranganipun : napas punika dados tetangsuling raga.

20. Wiwitane duk anemu candi
Gegedhongan miwah mawarangkan
Sih ing hyang kabesmi kabeh
Tan ana jalma kang wruh
Yen weruh apurwane dadi
Candi sagara wetan
Ing ngobar karuhun
Kayangane sang tunggal
Sapareke kang jumeneng mung artati
Katon tengahing tawang

Kawedharaken suraosipun makaten :
Wiwitane duk anemu candi
Ingkang dipun sanepaaken candhi punika sipat.
Katranganipun : anedhahaken purwaning dumadosipun manungsa punika wiwitanipun saweg awujud cahya wening kawastanan NUKAD GAIB;
Tegesipun : wiji ingkang taksih samar

Gegedhongan miwah mawarangkan
Tegesipun : kadadosaning sipat punika asalipun saking golong-golongan, inggih punika : sipating kaalusan saking anasir sejati, dene sipating kuwadhagan saking anasir.

Sih ing hyang kabesmi kabeh
Katranganipun : sedaya anasir wau sareng kataman soroting cahya nukad gaib, lajeng sami katarik urun daya mahanani sipat

Tan ana jalma kang wruh
Tegesipun : kedadosan ingkang makaten wau mboten wonten manungsa ingkang sumerep

Yen weruh apurwane dadi
Katranganipun : namung wonten seserepan dhateng purwaning dumados, punika dudununganipun namung pangertosan

Candi sagara wetan
Ingkang dipun upameaken makaten wau katranganipun surya

Ing ngobar karuhun
Kayangane sang tunggal
Katranganipun : wiwitanipun wonten sipat inggih punika : anasir sejati wau kataman soroting cahyo nukad gaib, lajeng mahanani sipating kaalusan awujud cahya, kawastanan roh ilapi.


Sapareke kang jumeneng mung artati
Tegesipun :sinten ingkang jumeneng ing cahya wau, sejatosipun mboten sanes inggih namung ingsun

Katon tengahing tawang:
Tegesipun : saget katingal sarana netra kaalusan dumunung satengahing tawang.

21. Gunung agung segara serandil
Langit ingkang amengku buwana
Kawruhana ing ngartine
Gunung segara umung
Guntur sirna amangku bumi
Duk kang langit buwana
Dadya weruh iki
Mudya madyaning ngawiyat
Mangasrama ing gunung agung sabumi
Sandhi-candhi sagara

Kawedaraken suraosipun makaten :
Gunung agung segara serandil
Ingkang makaten punika namung bebasan.
Katranganipun : andahaken pamarsudi dhateng kawruh ingkang linangkung ingkang mboten kenging dipun saranani ngakal tuwin nalar, nanging kedah kagandengan kaliyan wahyu. Punika pancen ngrekaos sarta langkung ngrungil.

Langit ingkang amengku buwana
Katranganipun : dununging kawruh kawicaksanan punika saget amengkoni sawarnaning kaperluan.

Kawruhana ing ngartine
Tegesipun : sadaya wau mangertos saking tegesipun.

Gunung segara umung
Katranganipun : ubaling pancadriya ingkang tansah angambra-ambra.

Guntur sirna amangku bumi
Katranganipun : nyirep ubaling pancadriya sampun ngantos tuwuh gagasan sakedhik kemawon.

Duk kang langit buwana
Katranganipun : sadaya wau kakukut dados satunggal, jagad agung ginulung ing jagad alit.

Dadya weruh iki
Mudya madyaning ngawiyat
Tegesipun : manawi mangertos dhateng ing nginggil wau nggih ugi ngertos dhateng lampahing mangesthi (muja semedi) wonten ing satelenging cipta. Lajeng saget anuwuhaken kanusing kaalusanipun.

Mangasrama ing gunung agung sabumi
Katranganipun : Anedhahaken lenggahipun muja semedi punika kedah anjumenengaken wonten ing BENTAL MAKMUR.

Sandhi-candhi sagara
Katranganipun : lajeng saget amikani kawontenaning alam : pancabaya ingkang isi wewujudanipun prabot kita ingkang dados bebegalan.

22. Gunung luhure kagiri-giri
Segara agung datan pasama
Pan sampun kawruhan reke
Arta daya puneku
Datan kena cinakreng budi
Nanging kang sampun prapta
Ing kuasanipun
Angadeg tengahing jagad wetan kulon lor kidul
Mandhap myang nginggil
Kapurba wasesa.

Kawedharaken katranganipun :
Gunung luhure kagiri-giri
Segara agung datan pasama
Pan sampun kawruhan reke
Katranganipun : Sarehning sapunika sampun mangertosi tegesipun babasan : redi ingkang inggilipun anggegirisi, sarta seganten ingkang wiyar tanpa watesan.

Arta daya puneku
Datan kena cinakreng budi
Tegesipun : ingkang makaten wau anedhahaken panguaosipun sang arta daya (guru jati) boten kenging pinurba ing manungsa.
Katranganipun : Dumadosing lelampahaning manungsa punika sadaya, kapurba dening sang guru jati. Dados paguaosipun sang guru jati wau mboten wonten ingkang nandingi agengipun .

Nanging kang sampun prapta
Tegesipun : nanging manawi tumprap tiyang ingkang sampun aged dumugi ing ngayunanipun guru jati wau, (sapatemon)

Ing kuasanipun
Tegesipun : anggadhahi daya pangertosan ingkang linangkung.

Angadeg tengahing jagad
Katranganipun : tekatipun mboten ela-elu, sarta mboten gugon tuhon : nanging sampun gadhah katetepaning kawruh ingkang tumuju ing kaleresan.

Wetan kulon lor kidul
Mandhap myang nginggil
Kapurba wasesa.
Katranganipun : dados tumindaking tiyang wau, anggening badhe lumampah ngetan, ngaler, ngilen, ngidul , mandhap tuwin manginggil, naming nuruti sakkarsanipun piyambak. Nanging karsanipun wau sampun dados paugeran ingkang leres, inggih punika wewaton dhawuhing sang guru jati.

23. Bumi gunung segara myang kali
Sagung ingkang sesining bawana
Kasor ing arta dayane
Sagara sat kang gunung
Guntur sirna guwa samya ning
Singa wruh arta daya
Dadya teguh timbul
Lan dadi paliyas ing prang
Yen lelungan kang kapapag widi asih
Sato galak suminggah.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Bumi gunung segara myang kali
Sagung ingkang sesining bawana
Tegesipun : menggah daya pigunanipun ; bumi, redi, seganten, lepen tuwin sedaya isen-isening bawana.

Kasor ing arta dayane
Tegesipun :Sedaya wau pangupaosipun kawon kalian SANG GURU JATI.
Katranganipun : sedaya para titah wau wontenipun saget anggadhahi daya katarik saking kaprabawan daya pangupaosing pun Sang Guru Jati.

Sagara sat kang gunung
Ingkang makaten punika bebasan
Katranganipun : Sirnaning panca maya

Guntur sirna guwa samya ning
Katranganipun : kedah gegandhengan saget anyirep sekathahing suwanten sarana nutupi babahan hawa sanga punika sedaya ugi saking daya panguasosipun Sang Guru Jati.

Singa wruh arta daya
Tegesipun : pramila sinten ingkang saged sapatemon sang Guru Jati

Dadya teguh timbul
Tegesipun : saget wiyono tanpa japa mantra

Lan dadi paliyas ing prang
Tegesipun : tuwin ugi saget dados sarono panulaking supados mboten wonten paprangan .

Yen lelungan kang kapapag widi asih
Tegesipun : manawi ngleresi kekesahan sinten ingkang kepethuk sami rumaos ering utawi welas.

Sato galak suminggah.
Tegesipun : upami ingkang kepethuk wau sato galak inggih lajeng sumingkir tiyambak. Jim peri perayangan padha wedi

24. Mendhak asih sakehing drubiksa
Rumeksa siyang dalune
Singa anempuh lumpuh
Tan tumama ing awak mami
Kang nedya tan raharja
Kabeh pan lebur
Sakehing nedya ala
Larut sirna kang nedya becik basuki
Kang sinedya waluya.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Upami kepethuk jim peri perayangan inggih rumaos ajrih piyambak punapa malih sakathahing dubriksa, sami mendhak piyambak utawi rumaos welas, dados malah reumeksa sak rinten dalunipun, temahipun lumpuh piyambak, mboten saget tumama ing badan kita. Ingkang ngarah amrih pejah kita sadaya sampun dipun lebur dening pangeran. Sak kathahing tiyang ingkang semedya mandamel awon,sedaya ugi kasirnaaken.Namung ingkang sumedya sae saget lestari, amargi ketarik saking adheping penggalih namung dhateng kawilujengan.

25. Siang dalu rumeksa ing widhi
Dinulur saking karseng hyang sukam
Kaidhep ing janma akeh
Aran wikuning wiku
Wikan liring muja semedi
Dadi sasedyanira
Mangunah linuhung
Peparap hyang Tega Lana
Kang kasempen yen tuwajuh
Jroning ngati
Kalis ing panca baya

Kawedaraken suraosipun makaten :
Siang dalu rumeksa ing widhi
Tegesipun : salampah-lampahipun siyang tuwin dalu tansanh jinangkung dening pangeran.
Katranganipun : Tansah dhumawah ing kaleresan

Dinulur saking karseng hyang sukam
Tegesipun : pagesanganipun saget sempulur saking berkahing pangeran.

Kaidhep ing janma akeh
Tegesipun : linulutan ing janmo akeh (sesame)

Aran wikuning wiku
Tegesipun : Ingkang kadunungan daya kados makaten punika kinging kawastanan guruning para guru.

Wikan liring muja semedi
Tegesipun : Amargi saget mangertos tuwin saget nindakaken trapipun muja semedi
Katranganipun : Sampun saget gambuh tuwin wicksana saestu.

Dadi sasedyanira
Tegesipun : punapa ingkang sakersanipun saget kadadosan
Katranganipun : Karsanipun tiyang ingkang sampun anggadhahi ngelmi punika mboten badhe nguja hawa kamurka- murkanipun. Nanging sampun saget anglenggahaken ingkang dados pramesthiyanipun.

Mangunah linuhung
Tegesipun : tuwin saget andhatengaken mangunah ingkang utami inggih punika anggening tetulung dhateng sesami mboten amengku pamrih ing wusana ingkang dipun tulungi sarehning sampun legan penggalihipun lajeng nyaosi bebingah saking kersaning piyambak.

Peparap hyang Tega Lana
Tegesipun : Tiyang wau kenging sinebat hyang Tega Lana.
Katranganipun : sepisan, tiyang wau dedasaring penggalih tegan utawi iklas dhateng kadonyanipun.
Kaping kalih , penggalihipun jujur tuwin tulus , mila ngantos paraban hyang Tega Lana.

Kang kasempen yen tuwajuh
Jroning ngati
Tegesipun : Tiyang ingkang Aggadhahi ngelmi ingkang makaten wau manawi tekadipun saget tumemen ingsalaminipun.

Kalis ing panca baya
Tegesipun : Saget pinaringan linepataken ing pakewet.

26. Yen kinarya atunggu wong sakit
Ejim setan datan wani ngambah
Rineksa malaekate
Nabi wali angepung
Sakeh lara padha sumingkir
Ingkang sedya mitenah
Marang awakingsun
Rinusak dening pangeran
Eblis la’nak sato mara mara mati
Tumpes tapis sadaya.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Yen kinarya atunggu wong sakit
Tegesipun : menawi kangge anenggani tiyang sakit.
Katranganipun : tiyang ingkang gadhah ngelmi wau salebetipun anenggani tiyang sakit kanthi amatrapaken semedi

Ejim setan datan wani ngambah
Tegesipun : Anggadhahi daya ejim setan lajeng boten purun ngambah ing griku.

Rineksa malaekate
Tegesipun : Amargi dipun reksa dening malaekatipun

Nabi wali angepung
Tegesipun : Nabi Wali punika minangka sanepaning prabot kita piyambak, dados sedaya prabot kita sami sayuk rumaket rumeksa.

Sakeh lara padha sumingkir
Tegesipun : Sesakitipun wau lajeng sami sumingkir sadaya.
Katranganipun : Katarik tiyang ingkang saget gambuh dhateng Gaib wau, ing wusana saget gampil angsal jampinipun.

Ingkang sedya mitenah
Marang awakingsun
Tegesipun : Ingkang sumedya mitenah dhateng badanipun ingkang sakit wau .

Rinusak dening pangeran
Tegesipun : Lajeng dipun lebur dening pangeran

Eblis la’nak sato mara mara mati
Tumpes tapis sadaya.
Ingkang makaten punika namung paribasan.
Katranganipun : saking agenging dayanipun Gaib saget keneringan sagunging titah wusana saget teguh tuwin rahayu.

27. Ana kidung angidung ing wengi
Bebaratan duk ampreh winaca
Sang hyang Guru pangadeke
Lumaku sang Hyang Ayu
Alembehan asmara ening
Ngadek pangawak teja
Kang angidung iku
Yen kinarya angawula
Myang lelungan gusti gething dadi asih
Sato setan sumimpang


Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana kidung angidung ing wengi
Tegesipun : Wonten puji ingkang katindaken ing wanci dalu

Bebaratan duk ampreh winaca
Tegesipun : Tumindak salat daim
Katranganipun : Netra merem liyep-liyep adheping penggalih mungel : HU-ALLAH
Kanthi katurutaken lampahing napas ingkang malebet, tuwin medal saking grono ingkang ajeg.

Sang hyang Guru pangadeke
Lumaku sang Hyang Ayu
Katranganipun : Gagasaning angen-angen sampun ngantos ngambyang-ambyang
Alembehan asmara ening
Katranganipun : Melenging cipta sarana eneng ening

Ngadek pangawak teja
Tegesipun : Patraping sariro jumeneng jejeg kados dene teja

Kang angidung iku
Tegesipun : ingkang nglampahi muji wau

Yen kinarya angawula
Tegesipun : Sasampunipun tumindak makaten wau ing saben dalu manawi kangge ngabdi

Myang lelungan gusti gething dadi asih
Sato setan sumimpang
Tegesipun : menawi kesah utawi ngabdi bendoro gething dados asih utawi manawi kapethuk sato tuwin setan sedaya wau sami sumingkir tiyambak

28. Sakathahing upas tawa sami
Lara raga waluya nirmala
Tulak tanggul kang manggawe
Duduk samya kawangsul
Akawuryan sagunging sikir
Ngadam makmum sadaya
Datan paja ngrungu
Pangucap lawan pangrasa
Myang tumingal kang sedya
Tumekeng napi
Pangreksaning malekat

Kawedharaken suraosipun makaten :
Sakathahing upas tawa sami
Tegesipun sadaya upas upasan ingkang angengenani ing sariro sami tawar

Lara raga waluya nirmala
Tegesipun sesakiting sariro tumunten saras kados ing wingi uni malih.

Tulak tanggul kang manggawe
Tegesipun : amargi sampun dipun tulak utawi sampun mawi pager mila sesakitipun lajeng wangsul dhateng asalipun ingkang mendamel.
Katranganipun : Tiyang ingkang gadhah ngelmi punika kenging kawastanan sariranipun sampun dipun pageri. Mila sinten ingkang sumedya ngawoni lajeng wangsul wonten ing margi.

Duduk samya kawangsul
Tegesipun : upami dipun tuju duduk dening sanes ugi mboten saget dumugi nanging malah wangsul dateng ingkang ndamel.

Akawuryan sagunging sikir
Tegesipun : upami wonten tiyang ingkang nanduaken ngelmunipun sikir (sulap) lajeng mboten saget dados (cabar) amargi kawon daya.

Ngadam makmum sadaya
Datan paja ngrungu
Pangucap lawan pangrasa
Myang tumingal kang sedya
Tumekeng napi
Tegesipun : sedaya tiyang ingkang ngangge ngelmi ngadam makdum, kadosta donga, puji, raos pangraos, tuwin ingkang ngempalaken ciptanipun, sedaya wau lajeng mboten paja-paja mangertos (ciptanipun mboten dados)

Pangreksaning malekat
Tegesipun : daya ingkng ageng wau inggih punika wujuding pangreksanipun malaekat (pagering badan)

29. Jabarail ingkang animbangi
Milanira katetepan iman
Pan dadya kendel atine
Ngijrail punika
Kang rumeksa ing ati suci
Israfil dadi damar
Madhangi jro kalbu
Mikail kanga sung sandang
Lawan pangan tinekan ingkang kinapti
Sabar lawan narimo

Kawedharaken suraosipun makaten :
Jabarail ingkang animbangi
Tegesipun : kejawi kaparingan daya saking panguaosanipun sang guru Jati malaikat Jabarail ugi animbangi paring daya.

Milanira katetepan iman
Tegesipun : milanira tiyang wau saget kadunungan iman
Katranganipun : Penggalihipun tansah enget dhateng kaweningan.


Pan dadya kendel atine
Tegsipun : ing wusana tekadipun lajeng dados santosa

Ngijrail punika
Kang rumeksa ing ati suci
Tegesipun : Sucining penggalihipun wau katarik dipun reksa dening ngijroil.

Israfil dadi damar
Madhangi jro kalbu
Tegesipun :Isrofil ingkang dados damaripun amadhangi salebeting penggalih.

Mikail kanga sung sandang
Lawan pangan tinekan ingkang kinapti
Tegesipun : tuwin mikail ingkang paring sandhang tedha sarta saget andhatengaken punapa ing karsanipun

Sabar lawan narimo
Tegesipun : Nanging dedadosing penggalih kedah narimahan sarta sabar.

30.Yahu datyeng pamujining wengi
Bale alas sesakaning mulya
Kiran saka tengen nggone
Wana kerun kang tunggu
Saka kiwa gadane wesi
Nulak panggawe ala
Satru lawan mungsuh
Pangeretenga julriyal
Ander-ander kulhu balik linuwih
Ambalik lara raga

Kawedharaken suraosipun makaten :
Yahu datyeng pamujining wengi
Tegesipun : Ya, punika Muhammad, HU,: punika urip,Datyeng Punika Allah
Dados sarananipun manawi dalu kanti amuji : YA, HU, ALLAH.
Katranganipun : salat daim. Nanging manawi tumprap ing Kalijagan, mawi dipun tambahi Ya.

Bale alas sesakaning mulya
Tegesipun : Anggening muji shalat Daim wau, kanthi angawasaken pucuking grana, sarta anggumelengaken lebet wedaling napas, inggih punika tujuan ingkang mulya.

Kiran saka tengen nggone
Tegesipun : Malaekat Kirun, manggen ing bolongan grana ingkang sisih tengen.

Wana kerun kang tunggu
Saka kiwa gadane wesi
Tegesipun : dene Wana Kirun ingkang rumeksa ing bolongan grana sisih kiwa.
Kanthi amundhi gada tosan katranganipu : godo tosan punika ing sejatosipun namung awujud daya.

Nulak panggawe ala
Tegesipun : Panguaosing wana kirun wau, anulak pandamel ingkang sumedya ngawoni.

Satru lawan mungsuh
Tegesipun : punapa malih satru tuwin mungsuh

Pangeretenga julriyal
Ingkang makaten menika sanepo.
Katranganipun : Lampahing Sholat Daim wau, mawi gandhengan lampahing nupus, inggih punika angin ingkang anjok ing netra.

Ander-ander kulhu balik linuwih
Katranganipun : Ingkang dipun sanepaaken ander-ander punika Githok. Dados malebeting angin ing grana manawi sampun dumugi ing tenggok lajeng kaputera manginggil anjogipun dhateng ing netra wau.
Makaten wau wongsal-wangsul, inggih punika puji ingkang linangkung.

Ambalik lara raga
Tegesipun : saget amangsulaken sesakiting badan.

31. Dudur molo teng ayatul kursi
Lungguh ing surat ngam-ngam
Pangleburan lara kabeh
Usuk-usuk ing luhur
Ingkang aran wesi ngalarik
Nenggih nabi Muhammad
Kang wekasan iku
Atunggu ratri lan siang
Kenedhepan ingtumuwuh padha asih
Tundhuk mendhak marang wang

Kawedharaken suraosipun makten
Dudur molo teng ayatul kursi
Ingkang makaten punika sanepan
Katranganipun : Anedhahaken palenggahan ing ngaras kursi utawi Bental Makmur. Dados perlu kajumenengaken ing griki.

Lungguh ing surat ngam-ngam
Katranganipun : Ingkang anggadhahi panguaos ageng wau lenggahipun wonten salebeting jantung.

Pangleburan lara kabeh
Tegesipun : dayanipun saget dados panulaking sadaya sakit.

Usuk-usuk ing luhur
Katranganipun : Rencana ingkang dumunung ing nginggil ingging menika ubaling panca driya.

Ingkang aran wesi ngalarik
Katranganipun : menika dipun wastani sak golongan dumunung ing angen-angen.

Nenggih nabi Muhammad
Katranganipun : miturut hakekating ngelmi : CAHYA

Kang wekasan iku
Tegesipun : Cahya wau ingkang saget amungkasi sakathahing rencana

Atunggu ratri lan siang
Tegesipun : kauwajibanipun reumeksa ing siang dalu.

Kenedhepan ingtumuwuh padha asih
Tegesipun : Anggadhahi daya dipun luluti sagunging tumuwuh padha welas asih

Tundhuk mendhak marang wang
Tegesipun : sami ruamaos ering utawi ajrih dhateng kita.

32. Satru mungsuh mundur padha wedi
Sami dhanganeng betal mukadas
Tulak balik pangreksane
Pan nabi patang puluh
Paring wahyu mring awak mami
Apan nabi wekasan
Sabda nabi Dawud
Apetak Bagendha ambyah
Kenaweden belis laknat lawan ejim
Tan ana wani perak.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Satru mungsuh mundur padha wedi
Tegesipun : inggih punika satru tuwin mengsah sami mundur rumaos ajrih

Sami dhanganeng betal mukadas
Tegesipun : Punapa malih manawi kita anjumenengaken wonten ing bental mikadas.

Tulak balik pangreksane
Tegesipun : Ugi rumeksa anulak dhateng satru tuwin mengsah wau sami wangsul piyambak

Pan nabi patang puluh
Katranganipun : Ingkang katembungaken nabi punika sanepanipun prabot kita piyambak inggih punika anasir 4 prakawis

Paring wahyu mring awak mami
Katranganipun : sami urun daya mahanani wujuding sariro saprabotipun.

Apan nabi wekasan
Tegesipun : Nambi Muhammad
Katranganipun : Cahyo ingkang rumuhun piyambak punika dados kekandhanganing wijinipun manungsa.

Sabda nabi Dawud
Tegesipun : Sabda ingkang luhur punika dipun sanepaaken Nabi Dawud
Katranganipun : Sabda KUN

Apetak Bagendha ambyah
Katranganipun : Anedhahaken agenging panguaosipun sang sabda kun saget angrampungi ing dame inggih punika saget amardeng titah namung sarana sabda kemawon

Kinaweden belis laknat lawan ejim
Katranganipun : Pakaryanipun sang sabda wau mesti dadosipun

Tan ana wani perak.
Tegesipun : Sedaya wau mboten wonten ingkang wani celak.
Katranganipun : Kawon daya prabowo.

33. Pepayone godhong dhukut langit
Tali barat kumendhung ing tawang
Tinundha tan katon mangke
Arajek gunung sewu
Jala sutra ing luhur mami
Kabeh padha rumeksa
Angadhangi mungsuh
Anulak panggawe ala
Lara roga sumingkir kalangkung tebih
Luput kang wisa guna.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Pepayone godhong dhukut langit
Tegesipun : Ingkang makaten punika ibarate ngelmi anedhahaken dumadosing anasir sejati.
Inggih punika : SURYA, CANDRA, TUWIN, KARTIKA.

Tali barat kumendhung ing tawang
Katranganipun : Swasana

Tinundha tan katon mangke
Tegesipun : Anasir wau namung kapendhet sarinipun kemawon, dados boten katingal wujudipun lugunipun, nangin sampun santun warni wujud cahya.

Arajek gunung sewu
Tegesipun : Anedhahaken santosaning kedadosan (santosaning piyandel)

Jala sutra ing luhur mami Kabeh padha rumeksa
Tegesipun : Sadaya wau sami rumeksa ing kawilujengan

Angadhangi mungsuh
Tegesipun : ingkang nulak manawi wonten mengsah andhatengi.

Anulak panggawe ala
Tegesipun : utawi anulak ingkang sumedya mendamel awon

Lara roga sumingkir kalangkung tebih
Tegesipun : tumpraping sesakit ingkang tumuju dhateng sariro sami sumingkir tebih

luput kang wisa guna
Tegesipun : Sanajan dipun gunani ing japa mantra tuwin kenging wisa, inggih mboten saget tumama.

34. Gunung sewu dadya pager mami
Katon murub kang samya tumingal
Sakeh lara sirna kabeh
Luputing tuju teluh
Taragyana tenung jalengki
Bubar ambyar suminggah
Sri sadana lulut
Punika sih rahmatullah
Rahmat jati jumeneng wali jasmani
Iya sang jati mulya.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Santosaning piyandel kala wau kaupamaaken kados dene gadhah pager gunung sewu. Sinten ingkang mirsani dhateng kita katingal murub. Sakathahing sesakit sirna sadaya, sarta linepataken saking ing tuju, teluh, taragyana, tenung, jalengki (bangsaning brekasakan)
Sami minger andhelik ing panggenanipun piyambak-piyambak.
Namung Sri Sadana (lampahing sandhang tedha) ingkang sih lulut menggah ingkang mekaten punika tegesipun : namung sih rahmatullah inggih rahmat jati.
Punika ingkang sejatosipun ingkang jumeneng Pangeraning Raga inggih peparab SANG JATI MULYA.

35. Ingaranan Rara Subaningsih
Katumingal samya sih sedaya
Kedhep sapari polahe
Ken lara sirna larut
Tan tumama ing awak mami
Kang sangar dadi tawar
Kang gething sih lulut
Saking dhawuh sipat rahman
Iya rahmad rahayu rineksa neki
Sarana kangge methak

Kawedharaken suraosipun makaten :
Inggih punika dipun wastani Rara Subangsih (samading Pangeran) sinten ingkang mirsani sami asih sadaya.Satindak-tandukipun dipun remeni ingakathah.
Kathah sakit sami sirna larut, boten saget tumama ing badan kita.
Siti ingkang sangar dados tawar, sinten ingkang gething dados tresna.
Sedaya wau katarik saking daya sabda pangandikaning ingkang sipat Rahman (langgeng).
Inggih sipat Rohmad ingkang rumeksa dhateng karahayon.
Sinten ingkang kepengin kadunungan daya ingkang makaten wau, sarananipun anglampahi methak.

36. Yen lumampah kang mulat awing wring
Singa barong kang padha rumeksa
Gajah meta neng wurine
Macan gembong ing ngayun
Naga raja ing kanan kering
Singa mulat jrih tresna
Jim setan lawan manusa
Padha kedhep teluh lawan hantu bumi
Ajrih lumayu ngindhar.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Manawi angleresi lumampah ingkang mirsa rumaos giris
Bebasanipun singa barong sami rumeksa, gajah ingkang saweg ngamuk ingkang rumeksa ing wingking, sima gembong ing ngajeng
Rajane sawer ingkang wonten ing kiwa tengen.
Dados sinten ingkang mirsa dhateng kita rumaos ajrih kaliyan tresna.
Jim setan, sesamining tiyang sedaya sami kedhep,paneluhan tuwin hantu bumi sami lumajeng sipat kuping.

37. Yen sumimpen tawa barang kalir
Upas bruwang racun banjur sirna
Temak kalis sabarang reh
Jemparing towok putung
Pan angleyang tumibeng siti
Miwah saliring braja
Tan tumama mring sun
Cendhak cupet dawa tuna
Miwah sambaing setan tenung padha bali
Kedhep wedi maring wang

Kawedaraken suraosipun makaten :
Tumprap ingkang anggadhahi ngelmi wau, sanadyan mboten kaesthi, ugi sampun anggadhahi daya tawa sakaliring upas, racun trawang sedaya sami sirna wisanipun. Ing wusana saget kalis dhateng samukawis sipat damel.
Upami dipun jemparing, dipun towok, sami putung lajeng sami angleyang dhawah ing siti. Tuwin sakkathahing dedamel boten tumama dhateng badhan kita .
Ingkang dedamelipun celak cupet, ingkang panjang mboten dumugi, tuwin tumprap setan, tenung sami wangsul piyambak.
Sami rumaos ajrih asih dhateng kita.

38. Ana peksi mangku bumi langit
Manuk iku indah warnanira
Sagoro erob wastane
Uripe manuk iku
Amimbuhi ing jagad iki
Warnanipun sekawan
Sikile wawolu
Kulite iku sarengat
Getihipun tarekat ingkang sejati
Ototipun hakekat

Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana peksi mangku bumi langit
Ingkang ngaten menika sualaning ngelmi,
Katranganipun : Ingsun : inggih punika panguaosipun amurba bumi tuwin langit.

Manuk iku indah warnanira
Katranganipun : Wujuding cahya nukat Gaib (wiji ingkang samar)

Sagoro erob wastane
Katranganipun : Dumunung ing jagad sunya ruri

Uripe manuk iku, Amimbuhi ing jagad iki
Katranganipun : Ingsun wau gesangipun saged murakabi ing jagad sak isinipun sadaya

Warnanipun sekawan
Katranganipun Anasir 4 prakawis ingkang minangka embanan.

Sikile wawolu
Katranganipun : Roh ilapi punika, Anggadhahi sorot 8 prekawis ingih punika:
Cahya :1. cemeng,2. abrit, 3. Jene, 4. pethak, 5. ijem. 6. ijem nem, 7. jambon, 8. wungu.

Kulite iku sarengat
Katranganipun : Anedhahaken praboting ngelmi kedah mawi sarengat (tumindak raga)

Getihipun tarekat ingkang sejati
Katranganipun : praboting ngelmi kedah mawi tarekat (lampahinh manah)

Ototipun hakekat
Katranganipun : praboting ngelmi kedah mawi tarekat (lampahinh jiwa)

39. Dagingipun makripat sejati
Cucukipun sejatining sadad
Eledan tokid wastane
Ana dene kang manuk
Pupusuhe supiyah nenggih
Amperune amarah
Mutmainah jantung
Luamah wadhuke ika
Manuk iku anyawa papat winilis
Nenggih manuk punika

Kawedharaken suraosipun makaten :
Dagingipun makripat sejati
Katranganipun : Praboting ngelmi kedah mawi makripat (lampahing raos)

Cucukipun sejatining sadad
Katranganipun : Kapitadosanipun panggalih angesthi kempaling kawula-gusti

Eledan tokid wastane
Katranganipun : Dedasaring tekatipun mawi tokid

Ana dene kang manuk
Pupusuhe supiyah nenggih
Katranganipun : Wondene praboting manungsa ; hawa nepsu.
1. panggenanipun ing limpa.
Amperune amarah
Katranganipun :
2. Amarah : pamanggenipun ing rempelo

Mutmainah jantung
Katranganipun :
3. Mutmainah : pamanggenipun ing ginjel

Luamah wadhuke ika
Katranganipun :
4. Aluamah : Pamanggenipun ing wadhuk

Manuk iku anyawa papat winilis
Nenggih manuk punika
Katranganipun :
Manungsa punika anggadhahi roh 4 perkawis inggih punika :
1. Roh Jasmani
2. Roh Nurani
3. Roh Nabati
4. Roh Hewani

40. Uninipun Jabarail singgih
Socanipun punika kumala
Anetra wulan srengege
Napas Nurani iku
Grananipun tursina nenggih
Angaup soring aras
Karma kalihipun
Ing gunung arpat punika
Uluwiyah ingloh kalam wastaneki
Ing gunng manik maya.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Uninipun Jabarail singgih
Katranganipun : Manungsa punika pangandikanipun ingkang rumeksa Jabarail

Socanipun punika kumala
Katranganipun : Manikipun manik kumala inggih punika jumenengipun sang guru jati.

Anetra wulan srengege
Katranganipun : Ingkang jumeneng wonten ing netra punika cahya Nur Muhammad.

Napas Nurani iku
Katranganipun : Roh nurani punika pamanggenipun ing napas.

Grananipun tursina nenggih
Tegesipun : Grana punika ibaratipun gunung Tursina

Angaup soring aras
Tegesipun : Dumunung sangandhaping pangarasan

Karma kalihipun
Ing gunung arpat punika
Katranganipun : Karna kalih punika ibaratipun redi Arpat.

Uluwiyah ingloh kalam wastaneki
Ing gunng manik maya.
Katranganipun : Uluwiyah punika papan wiyar ingkang padhang, ingkang jumeneng kawastanan ingsun.

41. Ana kidung akadang premadi
Among tuwuh ing kawasanira
Nganakaken sakciptane
Kakang kawah punika
Kang rumeksa ing wak mami
Anekaaken sedya
Ing kawasanipun
Adhi ari-ari
Kang mayungi ing laku kawasaneki
Anekaaken pangarah
Kawedharaken suraosipun makaten:
Wonten puji tumprap dhateng sedherek kita piyambak.
Menggah kuawajibanipun amomong dhateng gesang kita. Inggih punika ingkang saget angawontenipun sacipta kita
Kadosta : Kakang kawah punika ingkang rumeksa ing badan kita.
Anggadhahi panguaos saget andhatengaken ing karsanipun.
Adhi ari-ari punika kuaosipun angayomi ing salampah-lampah kita, saget andhatengaken ing panggayuh kita.

42. Punang getih ing raina
Ngrerewangi Allah kang kuwasa
Andadeaken kersane
Puser kawasanipun
Nguyu-uyu sabawa mami
Nuruti ing panedha
Kawasani reku
Jangkep kadangingsun papat
Kalimane pancer wus dadi sawiji
Tunggal sawujuding wang

Kawedharaken suraosipun makaten :
Dene tumprap erah, atas kuasanipun Gusti Allah, ing sarinten dalunipun angrerencangi andadosaken punapa ingkang sakersanipun.
Tumprap puser kuasanipun nguyun-uyun ing sak solah bawa kita, inggih punika anuruti ing panyuwun kita.
Sampun jangkep panguasanipun sedherek kita sekawan. Jangkepipun gangsal dumunung ing pancer sampun dados satunggal kempal kaliyan wujud kita.



43. Yeku kadangingsun kang umijil
Saking marga ina sareng samya
Sadina awor enggone
Sakawan kadangingsun
Ingkang ora umijil saking
Marga ina punika
Kumpule lan ingsun
Dadya makdum sarpin sira
Wewayangan ing dad samya dadya kanthi
Saparan datan pisah

Kawedharaken suraosipun makaten :
Sederek kita ingkang sekawan, inggih punika : ingkang lair sareng sedinten saking ing marga ina (Baga)
Wondene ingkang mboten medal ing marga ina piyambakipun dados makdum sarpin. Jumenengipun dados wewayangan kita, sedaya wau saget dados rencang, dhateng pundi purug kita mboten pisah.

44. Yen angidung poma den memetri
Memule sega golong lima
Takir ponthang wewadhahe
Ulam-ulamanipun
Ulam Tasik rawa lan kali
Ping pat iwak bengawan
Mawa gantal ku
Rong supit binungkus samya
Apan dadi nyawungkus arta sadhuwit
Sawungkuse punika

Tmpangnya neng ponthangnya
Dadya limang wungkus semi ponthang lima
Simung sekar cempakane
Loro saponthangipun
Kembang boreh dupa way lali
Memetri ujub ira
Donganira Mahmud
Poma dipun lakonana
Saben dina nuju kelairan neki
Agung sawabe ika.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Sinten ingkang nindaaken pujian angesti dhateng sedherekipun piyambak wau, manawi ngleresi dinten tingalanipun, mugi damel kawilujengan, memetri utawi amemule sekul golong gangsal jodho dipun wadhahi takir ponthang dados gangsal takir. Dene ulam-ulamipun, ulam loh ingkang wedalan : Tasik, lepen,tuwin bengawan. Sarta mawi sekar gantal kalih supit dipun wungkusi dados gangsal.
Ing sawungkusipun dipun sukani arta sabribil, lajeng katumpangaken ing takir pontang wau. Tuwin malih dipun sukani sekar cempaka.
Mugi sami dipun lampahono ageng sawabipun.

45. Balik lamun nora den lakoni
Kadangira pan padha ngrencana
Temah ura sak ciptane
Sasedyanira wurung
Lawan luput sak ngarah neki
Akarepira wigar
Gagar datan antuk
Saking kurang temenira
Madhep laku iku den awas den eling
Tamat ingkang kidungan


Kawedharaken suraosipun makaten
Kosok wangsulipun manawi mboten dipun lampahi wilujengan wau, sedherek gangsal lajeng angrencana.
Amargi mboten dipun sumerapi inggih punika saget kedadosan pikiranipun lajeng ura mboten kanten-kantenan. Ing wusana punapa ingkang dipun gayuh lepat, tuwin punapa kersanipun wigar, mboten saget dumugen.
Menggah kedadosan ingkang makaten wau namung saking kirang temenipun dating piwulang. Mila ngagesang wajib madhep manteb dhateng lampah, nanging kedah kanthi lampah awas tuwin enget.
Dugi samanten sampun tamat ingkang kawastanan
SERAT - KIDUNGAN

Kasambetan pujian mboten mawi wired

KIDUNG KAWEDAR



SAKING AKSARA JAWI KASALIN/
KABABAR AKSARA
LATIN


KIDUNGAN PUNIKA SERAT KINA PRALAMBANG
NGELMI ISLAM INGKANG SEJATI, TUWIN
MINONGKO WEWARAH TUWIN PAMUJINING
KAWULO DHATENG GUSTI, IKETANIPUN
KANJENG SUNAN KALIJAGA
WALIYULLAH NUSA JAWI
KASAMBETAN IKETANIPUN
KYAI RONGGO SUTRASNO



PUJONGGO AGENG KERATON DALEM SURAKARTA
HADININGRAT


KAWEDARAKEN DENING : R. WIRYA PANITRA
KUSUMA DININGRAT, SURAKARTA

Penerbit : TAN KOEN SWI
KEDIRI 1912