Rabu, 28 April 2010

MERGA RADIO

Dening Yoni Ahmad
“Teeeettttt…………..!”
Suwara bel sekolah seru sanget, nggawe cumpleng kuping. Kuping rasane kaya dicubles-cubles dom dondom. Bel-bel sing dipasang saben pojokan kelas kuwi pancen  dadi pratanda penting ing sekolahan. Saben wayah mlebu sekolah, ngaso, lan pas mulih sekolah bel kuwi tansah ngebaki kuping. Nalika krungu suwara iku aku isih ana ing njaba gerbang pager sekolah. Rada adoh, aku lagi nata rante sepedahku sing lagi los. Rantene nyepit ing gir. Rante tak osak-asik nganggo tangan tengen nganti tangan iki ora antra gopak gemuk lan oli. Sinambi ndelengi bocah-bocah kang padha mlayu mlebu gerbang aku terus-terusan ngothak-athik sepedhahku.

“Jar, ayo ndang!” ajake kancaku sing nembe liwat.
“Ya, ndang mangkata sik! Aku tinggalen ae!” saurku.
Kemebul awu dadi bledug, klilibe ora dak rasa, klambi kebak aku ora tak pikir. Kringet ning awakku wis kaya prenthulan jagung, ngebaki awakku. Pancen SMP-ku iki ning pesisir, lumrah nek hawane panas. Srengene nggawe geseng awak iki. Wis meh rong tahun aku nyepedhah nek pas mangkat sekolah. Awak iki rupane nganti kaya angus. Aku nek ngingeti foto kertu OSIS-ku malah kudu ngguyu dhewe, cilik wonge, ireng geseng kaya turis saka somalia.
Saben aku mangkat sekolah nggawa sepedhah tuwa lelesane bapakku sing dienggo nalika cilikane. Sepedha sing tak olahi pidale diongkok sithik langsung los nyepit. Dadine mangkat sekolahe kudu esuk-esuk. Sing biasane aku mangkate bareng kanca-kanca setengah pitu tak esuki jam nem. Nanging gara-gara kuwi aku disengiti karo kanca-kancaku, ora kompak lah, ora kanca lah. Piye maneh, sanajan mangkate bareng, mesthi aku sing bakal keri ing mburi. Ibarate kancil dimusuhke karo keyong. Mangkat esuk bisa nggawe aku nyepedah rada ayem lan ora kesusu. Mung saben dina senin, rebo, karo setu aku rada awan amarga ngrewangi emakku ndhisik nggawani barang ning pasar. Nganggo klambi biru-putih aku mboncenke barang sak kerdus gedhe. Dasare wonge cilik, diingeti saka mburi kaya kerdus lan sepedhah mlaku dhewe. Rampung kuwi mbaleni maneh nggawa krupuk sak plastik gedhe, luwih gedhe tinimbang kerdhus mau nanging entheng. Janjane aku ya pengen sepedhah sing apik, pengen bisa mangkat gasik. Nanging kahananku sing kayak ngene aku ra bisa ngapa. Sing penting aku bisa sekolah.
Ora krasa anggonku ngothak-athik rante karo gir, tak cuthik ngango gagang wit lamtara rantene bisa ucul. Rante tak pasang, pidal tak olahi, langsung aku rikat mara ing parkiran bablas mlebu kelas. Kanyata ing njero kelas wis ana pak Jono, arep ndelik wis kadhung mbedungul sirahku. Kepeksa mlebu wae.
“Lho, kowe maneh Jarwo? Mrene...mrene...!” pratelane pak Jono.
“Inggih pak!” saurku.
“Saiki kowe mlayua ngubengi plataran ngarep sekolahan iki ping telu, rampung kuwi ngadega ning ngarep kelas limalas menit!
“Nggih pak, kula lepat lan kula sedya diukum!
“Wis ndang, ndang rampung ndang melu pelajaran!”
“Nggih pak!”
Pak Jono nganti apal karo jeneng lan raiku amarga aku kerep telat. Pak guru bahasa Indonesia sing nduwe jam esuk-esuk terus iku wis nganti bosen ngukum aku. Apa maneh nalika biyen aku mangkat bareng kanca-kanca, aku tekan sekolahan setengah wolu sangu kringet lan gemuk langes ing tanganku.
Aku mlayu ngubengi lapangan upacara sing amba kae dhewekan, kaya wong golek wangsit. Sepatuku iki nganti mangap-mangap ngelih pengen kelebon sega. Panas-panas mlayu ing plataran sing amba nggawe siraku nggliyer, mubeng-mubeng kaya jontro. Dadi kelingan ngendikanipun Pak Jono nalika ngemutke aku.
“Jar, jane kowe kuwi klebu bocah sing pinter. Bijimu apik-apik, tugas ya nggarap terus, ya alhamdulillah entuk sepuluh besar terus. Eman-eman nek kowe telat terus kepinteranmu kalah pamor karo anggonmu telat.” Pratelane Pak Jono
“Inggih pak!”
Menawa ae aku pinter gara-gara aku sabane ning perpus saben jam-jam ngaso, ora tau saba kantin kajaba nek pas dijak kanca lan nek pas olah raga. Sanguku sekolah sing limangatus rupiah kuwi mung oleh es lilin, permen jahe papat, karo gorengan. Biasa tak jajake telungatus sing rongatus tak simpen, aku pengen tuku radio. Radio bisa nggawe aku ngerti apa-apa sing durung tak ngerti. Kajaba maca ning perpus aku mung bisa maca nek pas sekolah. Aku pengen ngerti akeh, ndonya iki amba.
Rampung mlayu, ngadeg ngarep kelas, banjur aku linggih ing kursiku nomer telu saka mburi. Pancen formasine bocah wadon manggon ing ngarep nalika sakmana. Aku njupuk buku tipis langsung tak kibas-kibaske ning awakku, aku butuh angin.
Ora krasa suwara bel wis muni maneh,
Siap grak, berdoa mulai!” suwara ketua kelas nyiapke.
Wal asri innal insaana lafi khusrin. illal lazina aamanu wa aamilus saalihaati watwa sau bil haqqi watwa sau bis sabr.” Murid-murid ndonga bareng.
Gemrudug bocah-bocah padha metu saka kelas, mbedhal dhewe-dhewe. Ana sing padha njupuk sepedhahe, ana sing padha nyegat angkutan lan bis, ana sing dipethuk bapakke, uga ana sing tongkrong-tongkrong ning warung ngarep sekolahan ngenteni sore nembe balik ngomah. Bocah lanang-wadon kemruyuk kaya semut, akehe pol. Kelas-kelas ing sekolahku nganti “G”,  ana pitung kelas saben angkatan, lumayan akeh. Plataran sing mau tak enggo mlayu saikine dadi kayak gurun, kebak bledug lan awu.
Rampung jupuk sepedhah ning parkiran aku bali barenga kancaku, kanca sing kerep dolan ning perpus bareng. Sekolah mara omahku adohe rolas kilo. Wis adoh, panas, ning kiwa-tengen arang kadang omah desa. Anane mung omah bata, karo wong-wonge sing lagi padha nggawe bata. Ana sing ngedhug lempung karo rambut gabah, ana sing nyithak bata, ana sing ngangkati bata ing trek. Sedawane dalan akeh banget rambut-rambut gabah sing semeleh nggunung ana ing pinggir-pinggir dalan, nggawe plekik nek pas ana angin. Amarga kerep diliwati trek sing momot bata, dalane dadi ora antra bentuke, apa maneh nek bar udan. Jogangan-jogangan isi watu, ratan sing watune padha mrithili nggawe sepedhah iki kaya numpak kapal. Pitung kilo mengarep dalan wis mendhing alus. Nanging ning kiwa-tengen tetep isih sawah anane. Bocah-bocah sekolah padha nyepedah bareng-bareng. Kanca-kanca sing biasane sakrombongan wis padha adoh ning ngarep, aku ning mburi karo kancaku mau. Padha irenge, padha cilike, padha akure.
“To, aku pengen banget nduwe radio ik. Piye carane ya, aku ngumpuke dhuwit ora akeh-akeh ik.” Pitakonku ing Anto.
“Wah Jar, aku y gak ngerti ya! Aku dhewe gak nduwe radio! Saure Anto.
“Radio arep mbok enggo apa?” Anto nambahi takon.
“Ya akeh, aku pengen ngerti pengetahuan sing akeh, aku pengen informasi, aku ya pengen krungu lagune Stinky sambi leyeh leyeh. Aku butuh hiburan, mbunteli krupuk terus bosen nek mung thenguk-thenguk.”
“Ya nggoleh dhuwit!”
“Hemm...., kayake bisa iku. Tak pikire!”

“Glodhag-godhag........!”
Dumadakan sepedhahku nggloyor, rodhane atos. Kanyata sepedhahku kebanan, banne bocor amba kena watu sing lancip njur suwek amba.
“Wah repot ki, ban malah bocor. Ora sida tuku radio iki!” pratelaku
“Ya wis, sabar wae. Nek sabar mesthi ana dalane.” Aleme kancaku.
“Ah, y wis lah...., radio tak pikir engko. Sing penting sepedhahku sik, sing tak enggo sekolah lan lunga-lunga.
Sepedhah tak katrol karo kancaku. Aku mbonceng mburi kancaku, sepedahku tak cekel tangan tengan njur aku ngewangi kancaku ngolahi pidal sepedhahe saka mburi supaya ora kabotan. Setengah kilo akhire ana tukang tambal ban, aku lan kancaku nglerekke sepedhah ning kono.
“Wah iki kudu ganti ganti ban ki? Omonge tukang tambal ban.
“Wah pak, nek ditambak mawon boten saged pa? Takonku.
“Ora bisa, lha wong suwek ambane ngene!”
“Waduh, apes. Ya wis lah pak, ganti ban.”
“Pancen nasibmu Jar!” omonge kancaku.
“Iya ik, apppessss........”
Rampung nambal ban aku nerusake bali karo kancaku.
“Sabar Jar, nek jare bapakku wong sabar kuwi ditresnani Gusti Allah, mesthi diparingi dalan.” Aleme kancaku, Anto.
“Nek jare tanggane bapakku wong sabar kuwi subur. Hehehe...!” jawabku.
“Hayah, kowe ini pancen...! Nanging ya ana bener kayake.”
Jejagongan ora nyadhar wis arep tekan desaku. Desaku sing cilik, panas, angel banyu, nanging aku seneng bisa bisa lair ing desa iki. Ketiga karo rendheng kacekke mung sak jangkahan sikil. Kalen-laen ing pinggir sawah padha garing. Wong tani nek arep mbanyoni sawah ndadak kudu ndiselke banyu sawah kali ing pucuking desa, lumayan adoh. Kali sing biasane tak enggo adus karo kancaku nek umat ya asat banyune. Winginane wayah-wayah arep entek-entekan banyune aku karo kanca-kanca padha njenu iwak, ngubeg iwak entuk akeh. Saiki kaline mung kari sisa-sisa banyu karo tipak-tipak sikilku karo kanca-kancaku.
Ngerti kahanan sing kaya ngono iki, aku dadi nduwe pikiran adol banyu. Tekan ngomah aku ndang ngrampungake rutinitasku, ngrewangi emakku mbunteli krupuk. Emak sing nggoreng krupuk, aku lan simbah wadonku sing sing mbunteli. Jenenge krupuk goreng wedhi, ya krupuk bolong buntu, ya krupuk rantangan. Krupuk dibenteli telu-telu ning plastik. Krupuke pancen kothak-kothak gedhe, plastike kamot mung telu. Nalika kuwi bapakku lagi ning Jakarta, golek dhuwit dadi kuli bangunan. Dadi aku sig kudu ngrewangi emakku. Lamat-lamat aku krungu suwara radione simba lanangku. Campursari, lagune Manthou’s ngadhemke ati.
“Mak, aku pengen nduwe radio!” aturku.
“Ya piye ya, lagi gak ana dhuwit! Apa ngene wae, nek kowe sesuk entuk rengking tak tukokke?” Jawabe emakku.
“Wah, selak udan mak.”
“Kene, kae lho Likmu Parmi. Wingi njaluk tulung kon nggawa klapane ning desa sebelah, kon nyelepke ngko diopahi. Syukur mbok celengi bisa nggo tambah.” Simbahku ngendikan.
“Ooo...,ngaten?”
Rampung mbunteli krupuk, aku nyandah sepedhah karo glangse putih mara ning desa Kligung kulakan krupuk kanggo digoreng sesuk. Banjur sakrampunge iku jam telu sore aku nyandhak gligen wadhah banyu langsung wae njupuk banyu tak dol karo Likku wedok. Sepikul utawa rong gligen diopahi sewu. Jam papat aku mara ing griyane lik Parmi nyelepke klapa diopahi limangatus. Pirang-pirang dina tak liwati nanging dhuwit durung kumpul-kumpul. Ing ngarep plataranku ana kancaku liwat njur ngejak aku.
“Jar, kowe gelem melu aku ra?” pitakone.
“Ki, ngumpulke barang-barang amoh. Ning mburi-mburi omahe wong kae ake sing dibuwaki. Mendhing dijupuk, didol dadi dhuwit!”
“Wah, bisa iki.., bisa.”
Ngalor ngidul aku karo kancaku wong loro dadi tukang nggolek sampah, nggolek barang bekas. Atom-atoman sing wis pecah, gelas-gelas atom cilik wadah banyu, seng-seng lan barang sing katone bisa didaurulang tak jupuki. Ning mburi omah, garep omah, mburi ndadah, ing ngisor pring-pringan nganti ning kali tak parani.
Sawetara aku karo kancaku ndelengi ana ceret abang ning mburi omah. Nek kanggo kok diglethakke wae, nek amoh lha kok barange ya isih apik. Ora nggagas kuwi, aku karo kancaku asal njupuk. Kanyata ana isine, banyu tak iling ceret tak gawa. Ing pinggir omah dicegat wong.
“He.., he...., Ceretku arep mbok gawa ning ndi. Hayo, maling ya?” pitakone wong mau.
“Aku nemu ik mbak!” jawabku.
“Nemu..., nemu...! Nemu nek gundulmu klimis kuwi, gawa rene! Apa njaluk tak laporke polisi pa?”
“Ampun.., ampun.., ngapuntene mbak. Aku gak ngerti, barange gemlethak, tak kira ya ora kanggo!”
“Ya wis, gak apa-apa. Aja dibaleni!”
“Matur nuwun mbak.”
Syukur dina iki aku gak sida dilaporke polisi. Aku ora pengen nggawe kuciwa wong-wong omah nek aku nganti dikira maling. Pancen aku ora ngerti, dadi rumangsa ora salah. Sedina aku ngumpulake bekakas-bekakas ora kanggo entuk karo tengah glangse gedhe. Tak boncengke karo kancaku ing bakul rosok. Desane rada adoh tur dalane munggah medhun, ngentekake tenaga lan kringet. Mudhune nggelondor enak, munggahe nyurung merga kabotan ora kuwat ngolahi pidal. Ora sawetara suwe wis tekan panggonan.
“Iki wis ditimbang entuke limalas!” pratelane tukangane.
“Gak ah pak, biasane semene rolikurewu kok” saure kancaku.
“Gak isa ta, iki wis ditimbang ik!”
“Halah pak, tolong. Tak nggo mbayar sekolah!”
“Aah....., ya wis rong puluh ewu wae!”
“Ya wis pak, tur nuwun ya!”
“Iya, sekolah sing pinter!”
Dhuwit rong puluh didum paronan aku karo kancaku. Sepuluh ewu tak tambahi dhuwit simpenan saka ngangsu karo nyelep klapa akhire wis cukup. Dina setu sakwise mbantu emak nata barang dagangane aku mampir ning bakul radio. Aku ndang tuku, bali ngomah terus mangkat sekolah.
Akhire aku bisa nduwe radio, bisa ngrungokake ketoprak, berita, dangdutan, lan bisa krungu lagune Stinky. Pancen bener, nek wong sabar lan ana ngupaya mesthi ana dalane.

***

Rabu, 14 April 2010

Gapura Majapahit

Gapura ana ing desa Rondole kecamatan Margorejo kabupaten Pati iku saka Majapahit. Bangunan kuwi salah sawijine gapura kaputren Majapahit. Gapura kuwi bisa ana ing desa Rondole nduweni riwayat nganeh-anehi.
Riwayat iku wiwit nalika sunan Muria arep nggawe masjid Muria. Wali lan ulama nggagas, yen masjid iku sakprelu diwenehi gapura ing ngarep masjid. Sunan Muria nggagas yen ing Majapahit nduweni gapura akeh sing ora dienggo maneh lan isih ketok apik.


Nalika isih rerembugan ing pendapa, ana priya gantheng marani sunan Muria. Periya iku ngaku putrane sunan Muria, krungu yen periya iku putrane, sunan Muria kaget. Periya iku crita asal-usul lan riwayate. Periya iku nduweni jeneng Bambang Kebo Nyabrang. Nalika sunan Muria arep niliki santrine eng desa Ngerang, ing kali Bangsri banjir. Banjur sunan Muria nggoleki papan sing iso kanggo nyebrang. Nalika nggoleki, ana kebo wedhok nyedhaki sunan Muria. Amarga sunan Muria nduweni kasekten, kebo wedhok iku banjur ditumpaki kanggo nyebrang kali Bangsri sing isih Banjir. Ana ing sebrang kali, sunan Muria wis dienteni ki Ageng Amongrogo. Ulama iku banjur kangen-kangenan, wis suwe ora ketemu. Ana ing pesantren iku sunan Muria niliki santri-santrine sing padha ngaji ing kana. Sakwise bubar niliki santrine, banjur sunan Muria pamit balek ana ing Muria. Sakdurunge mlaku, sunan Muria kudu nguyoh. Nalika sunan Muria nguyoh, lan kebo wedhok weruh, banjur kebo iku ndilati banyu uyohe sunan Muria. Amarga saking sektine sunan Muria, kebo iku meteng lan sing ing njero wetenge kebo iku dudu anak kebo, nanging anak manungsa sing diwenehi jeneng Bambang Kebo Nyabrang.
Keprungu critane Bambangn Kebo Nyabrang iku sunan Muria isih ora percaya yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake. Kanggo mbukteake yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake, sunan Muria ngongkon njupuk gapura eng kaputren keraton Majapahit ngantii tekan masjid Muria, sakdurunge srengenge methongol. Yen Bambang Kebo Nyabrang iso nglakoni sing dikon sunan Muria, dheweke bakal diakoni anake sunan Muria.
Esuke Bambang Kebo Nyabrang lunga menyang Majapahit dhewekan, ora ana sing ngancani. Eng dalan dheweke ketemu karo begal sing nyegat ing dalan, begal iku njaluk bekal sing digawa Bambang Kebo Nyabrang. Amarga Bambang Kebo Nyabrang nduweni kasekten, begal iku ora wani lan mlayu. Sakwise mlaku adoh,Bambang Kebo Nyabrang tekan ana ing keraton Majapahit. Nang kana dheweke nggolek gapura sing arep digawa menyang masjid Muria. Ana ing atine Bambang Kebo Nyabrang krasa yen ora kuwat nggawa gapura iki, kabeh kasektene wis dimetoake kanggo njunjung gapura iku. Nalika gapura bisa kaangkat, ana pawongan sing njaga gapura iku. Pawongan iku takon karo Bambang Kebo Nyabrang : “ Heh...ameh mbok apaake gapura iku?”. Bambang Kebo Nyabrang mangsuli : “ Arep aku gawa ana ing Muria, ana apa? Lan kowe iki sapa?”. “ Aku iki sing njaga gapura iki, jenengku Mangklu Alus!! Kena apa kowe arep nggawa gapura iki?” takone Mangklu Alus. Bambang Kebo Nyabrang mangsuli maneh : “ Gapura iki arep aku gawa menyang Muria, amarga sunan Muria sing ngongkon aku. Apa kowe ora ngerti aku? Aku iki Bambang Kebo Nyabrang anake sunan Muria”. “Sakarepmu, pokoke kowe kudu ninggalake gapura iki yen ora kepengen aku pateni” wangsulane Mangklu alus. “ Apa kowe ora ngerti yen saiki keraton Majapahit iku neng ngisore kasultanan Demak lan wali kabeh?”. Amarga ora nuruti sing dikon Mangklu Alus, banjur dheweke adu kasekten. Mangklu alus kalah, banjur Bambang Kebo Nyabrang ngongkon Mangklu Alus nggawa gapura iki menyang Muria.
Neng liya panggon anake adipati Pati pesantenan sing nduweni jeneng raden Ronggo pengen ngepek bojo anake ki Ageng Ngerang sing jenenge Roro Mujiwat. Amarga raden Ronggo iku isih ponakane, Roro Mujiwat nduweni muslihat kanggo nolak. Nalika raden Ronggo menyang Ngerang, Roro Mujiwat nyambut kayak bibi karo ponakan. Banjur Roro Mujiwat ngutaraake kepingine mboyong gapura kaputren Majapahit tekan Ngerang. Saknalika iku raden Ronggo lunga menyang Majapahit kanggo mboyong gapura Majapahit.
Sakwise tekan Majapahit, radeen Ronggo kaget amarga gapura kaputren Majapahit wis ora ana. Raden Ronggo uga lunga ninggalake Majapahit menyang kulon. Raden Ronggo krungu yen gapura iku wis digawa uwong, raden Ronggo ngoyak nganti entuk. Neng dalan raden Ronggo ketemu Bambang Kebo Nyabrang karo Mangklu Alus sing nggawa gapura iku. Raden Ronggo njaluk gapura iku, nanging Bambang Kebo Nyabrang ora menehake. Amarga gapura iku ora diwenehake, banjur raden Ronggo adu kaskten karo Bambang Keebo Nyabrang. Nalika perang, kembang sing ana ing gapura iku ceblok, mila ana panggonan iku diwenehi jeneng “Sekarkurung” utawa sing nduweni makna “kembang kang ceblok”.
Perang diterusake maneh, nanging gapura isih digawa. Neng kulon Sekarkurung ana kedadean maneh, ganjal lawang gapura iku ucul, banjur daerah kuwi dijenengi “Jelawang” ( Ganjel Lawang ). Ing panggon liya desa perange mandheg. Amarga perange leren, desa iku diarani “Nduren” sing nduweni makna “Padu lan Leren”.
Nalika Bambang Kebo Nyabrang nerusake perang, sunan Muria ngendheake perang iku. Ana ing lereng bukit desa Gembong, sunan Muria weruh menawa srengenge wis methongol. Mila sunan Muria nduweni gagasan menawa gapura iku ora bisa digawa ana ing Muria. Amarga lereeng kanggo perang srengengene wis methongol,sunan Muria ngonong : “ Lha kae srengengene wus ceta wela-wela”. Lereng punika diarani “Trowelo” ( Ceta Wela-wela ). Sunan Muria ngandhel yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake, nanging raden Ronggo ora seneng amarga Bambang Kebo Nyabrang diakoni sunan Muria sing nggawa gapura iku. Sunan Muria ngomong karo raden Ronggo : “ Ronggo sapa sing sakbenere nggawa gapura Majapahit iku?”. Raden Ronggo mangsuli kang gawa gapura iku dheweke, nanging ing dalan dijaluk Bambang Kebo Nyabrang. Kanggo mbuktekna sing nggawa raden Ronggo, sunan Muria ngongkon raden Ronggo ngangkat gapura iku, nanging gapura iku ora bisa kaangkat, nganti mripate raden Ronggo mondol lan ilate melet nanging gapura iku ora bisa kaangkat. Desa iku diarani karo sunan Muria desa “Rondole” sing nduweni arti raden Ronggo ( Ron ), Mondol ( Dol ), lan Melet ( Le ). Gapura iku ditingali sunan Muria, amarga patoke gapura iku ora ana, sunan Muria ngongkon raden ronggo njupuk. Raden Ronggo nduweni kesempatan kanggo mbuktekna karo Roro Mujiwat yen dheweke wis bisa nggawa gapura iku. Raden Ronggo tumuju ana ing Ngerang kanggo ketemu karo Roro Mujiwat. Sakwise tumuju ana Ngerang raden Ronggo ketemu karo Roro Mujiwat lan ngutaraake yen wis bisa nggawa gapura kaputren Majapahit. Nanging Roro Mujiwat wis ngerti crita sing sakbenere, mila ditolak tresnane raden Ronggo kanggo ngepek bojo. Amaraga ora trima raden Ronggo oara bisa ngendheaken amarahe, banjur Roro Mujiwat digebug nganggo patok kang wis digawa raden Ronggo. Kedadean iku ana ing desa Gembong.

ELINGA NGGER !

“ LENGGER”

Ki Martoloyo kuwi wong kang agamane kuwat lan seneng karo seni. Ki Martoloyo uga seneng ngulandara kanggo dhakwah utawa nyebarake agama islam. Nganti ing sawijining dina Ki Martoloyo tekan ing desa sing ana ing tlatah Wonosobo. Ki Martoloyo uga nyebarake islam ing kana. Kanggo mincut kawigetene warga supaya gelem pada ngumpul, Ki Martoloyo mbarang dadi lengger. Kamangka lenggerkuwi dandanane kaya wong wedok sing biyasane njoged kayata gambyong utawa tayub kang anggon-anggonane jarik, kemben, sampur, lan nganggo gelung gedhe. Nanging kabeh kuwi mau dilakoni Ki Martoloyo kanthi manah kang ikhlas. Sabanjure Ki Martoloyo njoged kaya lumprahe wong mbarang.


Akeh sing nonton Ki Martoloyo kang lagi mbarang. Kabeh kang nonton pada seneng-seneng, malah akeh kang padha melu njoged bareng karo Ki Martoloyo. Sawise dirasa cukup anggone senenseneng lan wis akeh wong kang ngumpul, Ki Martoloyo banjur ngrampungi anggone njoged. Kabeh sandhangan kang dienggo kanggo mbarang diuculi. Ki Martoloyo banjur linggih ing tengah-tengahe wong-wong mau. Ki Martoloyo banjur mejangi para warga babagan agama islam.
Ki Martoloyo nganggo acara mbarang lan macak dadi wong wedok kuwi mau kabeh ana alasane. Ki Martoloyo ngerti, yen warga nganti ngerti yen dikumpulake amarga arep diceramahi utawa dikon ngrungokake dakwah, mesthi ora padha gelem lan ora bakalan ana sing teka, mula Ki Martoloyo nganggo cara mbarang supaya warga padha kepincut banjur padha ngumpul. Wis mesthi warga luwih seneng ndelok acara-acara kang sipate panglipur utawa kasenengan dunya, tinimbang ngaji ngangsu kawruh babagan agama utawa ngrungokake dhakwah.
Ki Martoloyo banget anggone prihatin nalika ngerti yen warga padha mentingaken kasenengan urip tinimbang akhirate. Mula sethithik mbaka sethithik Ki Martoloyo wiwit ngenalake islam marang para warga. Lengger dinggo terus kanggo mincut kawigatene para warga supaya gelem padha ngumpul.
Lengger kuwi sejatine sarana, saranane Ki Martoloyo kanggo mikut kawigatene warga supaya gelem ngrungokake dhakwah. Jeneng Lengger kuwi ana tegese. Amarga sejatine lengger uga wewelinge Ki Martoloyo marang para wargane. Ki Martoloyo ngerti yen wargane padha seneng suks-suka mula sadurunge dhakwah warga dijak suka-suka. Sawise marem anggone padha suka-suka Ki Martoloyo banjur ngendika “Elinge ngger yen urip iki ora mung kanggo seneng-seneng, nanging urip uga kudu kita gunakake kanggo ngibadah, amarga urip iki ora kanggo selawase. Tembe mburine kita bakalan dipundhut marang Gusti Kang Maha Kuwasa, mula padha ngibadaha kowe padha”. Jeneng Lengger kuwi dijupuk saka welinge Ki Martoloyo yaiku, Elinga ngger. Dadi Lengger banjur digunakake kanggo njenengi joged kang dinggo kanggo ngumpulake para warga kuwi mau.
Sawise Ki Martoloyo dipundhut marang Gusti Kang Maha Agung banjur disarekake ing Desa Giyanti, Kelurahan Kadipaten, Kecamatan Selomero, Kabupataen Wonosobo. Tedhak turune uga padha omah-omah ing kana lan nduweni kuwajiban kanggo nguri-uri kabudayan kang ana utawa kang dadi tinggalane Ki Martoloyo, kelebu lengger. Amarga Ki Martoloyo kuwi wongkang tresna banget karo seni lan tradisi, dadi selawase Ki Martoloyo dhakwah, ora amung agama kang disebarake, Ki Martoloyo uga nguri-uri seni lan kabudayan.
Miturut katrangan saka tedhak tunune Ki Martoloyo, kabeh turunane Ki Martoloyo yen wis dipundhut dening Gusti Kang Maha Kuwasa, kudu disarekake ing pasareyan keluwarga Martoloyo. Nanging turunane kang wadon disarekake ing pasareyan desa utawa pasareyan umum. Dadi kang disarekake ing pasareyan keluwarga kuwi kudu turunane langsung saka Ki Martoloyo. Dadi saumpama putri, putramantu, lan wong kang ora kecipratan getih saka Ki Martoloyo ora oleh disarekake ing pasareyan kuwi.
Lengger isih bisa kita temoni tekan saiki ing tlatah Wonosobo. Sanajan jaman sansaya maju nanging, lengger tetep “eksis” utawa ora ketilep dening kemajuwan jaman.

JAWA TRESNAKU

Dening : Yoni Ahmad

Jawa...
Wis tak goleki awakmu saben sakparak-parak
Kawit jaman majapahit nganti jaman sarwa pahit
Tak wolak-walik apa sing ana neng kiwa tengen
Ora bisa nemu kahanan awakmu,
saya kowe tak goleki sansaya awakmu ngilang
tenan lan estu aku pengen bisa cerak karo awakmu
nanging kenging menapa awakmu tega ninggal aku,
aku kang tansah nunggu tekamu,
kang kelara-lara niba tangi golek kahananmu


ora...
aku ora pengen kilangan awakmu,
aja...
aku njaluk kowe aja lunga
aku bakal ngelakoni apa wae supaya kowe ora ninggal aku
aku bakal dadi sing kaluwih apuk
supaya bisa ngrumati awakmu
supaya bisa njaga awakmu,
aku pengen kowe bisa balik kaya biyen
nalika jenemu kasebar ana ing jagad,
lan sesandingan kanthi tentrem raharja,
jawa, saestu aku tresna marang awakmu

SAPU

Dening Yoni Ahmad

Delengana kae sapu !
Sapu kae rusuh, lan kerep ketemu rerungsuhan
Awu, lemah, sawang, sampah, nganti lencung
Wis dadi dolanane sedina-dina
Apa dadine yen tanpa sapu?
Nanging apa ana pahargyan kanggo sapu?
Ora..


Ora bakal,
sejatine rasa kang tulus iku ora bakal njaluk apa-apa

PANJALUKE IBU

Dening : Yoni Ahmad

Le, anakku sing paling bagus
Aja nangis, aja..!
Dudu salahmu nek kowe saiki ora bisa mangan
Dudu salahmu nek kowe saiki ora bisa nyandang
Dudu salahmu nek kowe saiki ora kaya wong liya,
ibumu iki wis ngupaya,
supayane kowe dadi wong
ibumu iki wis kapontang-panting ngalor ngidul
niba tangi golek kahuripan kanggo kulawarga
nanging balung tuwa iki ya ana watese
jangkahe sikil iki mung cekak ukurane,


salahke wae ibumu iki Le !
salahke wae ibumu sing ora bisa
nguripi awakmu kaya dene wong liya
ora bisa menehi apa sing dadi panjalukmu,
salahke wae ibumu iki,
salahke !
nanging, aku mung njaluk siji saka kowe Le,
dadiya wong

AS... (U) TAGFIRULLAHALADZIM

Dening : Yoni Ahmad

Sawetara saiki aku wis ora bisa mikir
ora saguh aku ngonangi bab kaya iki
wong-wong wis ning ndonya wis padha kenthir
bok menawa aku uga aneng njerone
coba kok pikir !
apa yaa ana manungsa saiki sing ora edan dhuwit
pancen sing paling kuwasa ning ndonya iki dhuwit
nanging mbok yaa tansah mikir kahanane liyan...
sepet mripat iki ndelengi bab kaya iki
kuping iki gatel keprungu kabar,
tangise wong-wong kere ora kumanan pangan
pangedhe-pangedhe oyok-oyokan artha lan tahta
rasane ati iki pengen misuh
As......

tagfirullah, ora kuat tutuk iki ngomongke
nganti maling wae akeh banget jinis lan wujude
nek dikaji nganggo metodologi penelitian
semana uga tingkatane wong-wong kere
ora luwih sithik tinimbang wong-wong gedhe,
saiki mbalik mara jama perang
nek biyen perange kanggo krajan lan nagari,
saiki perange kanggo weteng
weteng sing akeh cacinge dawa-dawa
As...
Su,
edan tenan,
pancen kahanan nggawe manungsa padha edan
saya maju jamane ora sansaya enak uripe
malah sansaya dadi sarwa angel,
aku wus ora bisa mikir
ati iki kasringan krungu kabar-kabar panas
weteng iki wus kedarung luwe
uteg iki wiskeblanjur butheg
ati panas rasane pengen misuh,
As.....
tagfirullahaladzim,
duh Gusti paringana aku sabar

RAHWANA UCUL

Dening : Yoni Ahmad



Heee….
Rakyatku…, kaumku…
Sujuda! Nyembaha dhateng rajamu, pemimpinmu
Aku sing kuwasa ning kene
Aku sing nyekel urip matimu
Sira mbantah, sira nglawan, sira mbangkang
Bakal tak tundung mati saga jagad
Hayoo…
Nuruta aku, tentremke atiku
Paringana aku pangan, paringana aku dalan
Senengke atiku, senengke nepsuku
Paringana apa kabeh kang dadi dhuwekmu
Ben aku kang ngatur sekabehane,
Ha ha ha….
Aja padha gemuyu !
Mung aku sing entuk ngguyu
Nangisa! Ngrengeka! Sengsaraa!
Ben aku bisa ngguyu
Ha ha ha….

Pancen aku raja kang wicaksana
Kuwasaku ora winates
Sujuda! Nangisa! Nyembaha dhateng rajamu,
Ben aku bisa ngguyu
Ha ha ha….

AKU PENGEN MULIH

Dening : Yoni Ahmad

Apa yaa nek saumpama mripat iki merem wengi iki
Nggawa aku nglang-langi ngalam impi
Bakal ana sing nangekake aku ing esuk mangke
Wus suwe ora dak rungu ana suwara-suwara ngundang aku
Supaya age-age endang tumandang sholat subuh
Ngelingake yen saikine aku wis diwasa
Wis wayahe kudu bisa tangi dhewe


Nanging suwara kuwi isih keprungu jelas,
“Cung, ayo tangi! Wis wayahe nglakoni kewajibane
Ayo ndang njenggelek njupuk banyu wudlu,
Banjur sawuse kuwi nganjutke pakarnyan!”
Sanajan kahanan saiki ing kene ora kaya kuwi maneh
Amarga aku urip adoh saka omah lan kluwarga
Aku tansah krungu suwara-suwara mau sanajan mung alon
Suwara gemuyune adhik-adhikku cilik padha dedolanan
Kaya-kaya njewer kupingku nganti krasa panas
“Mas, nek bali maneh mangke aku nitip
Saperangan buku lan bulpen kanggo aku sinahu!”
Ah, rasane ati iki ora karuhan anane

Aku pengen krungu suwara nangekake aku subuh
Aku pengen krungu suwara gemuyu adhik-adhiku
Saikine krasa aku pengen nangis, aku kangen
Aku pengen bali
Aku pengen mulih

BANYU GENI

Dening : Yoni Ahmad

Suwaramu kaya dene laras sinenkuyung dening gamelan
Netramu ngalahi beninge banyu murni
Tumindakmu ora ngalahi tirta kahuripan
Ibarate banyu udan,

Awakmu nguripi saperangan tetanduran
Luwese awakmu nalika gambyong
Kaya gegodhongan ing ngarep taman
Kang nari kapiyak sumribite bayu
Kaya wangine melathi nalika mekar


Awakmu paring sengsem kaliyan liyan
Sanajan aku kaku kaya dene watu
Lindes saperangan sing diliwati
Namung bisa gawe cilaka
Pamanggihku atos ngungkuli waja
Ora tedhas digada, ora tedas dipilara

Atiku panas kaya geni trengginas
Mangan apa wae tanpa tilas,
Banyu lan geni ora bisa nyawiji