Ing Deso Jumo dhisik durung akeh warga sing manggon neng kono. Omah-omah iseh adoh-adoh antarane omah siji lan sijine. Desa Jumo sing rata-rata wargane agama islam, nanging jaman dhisik neng kono durung ana masjid. Jarene masjid kuwi biyen digawe dening Wali, nalika ana Wali sing lagi nggawe masjid mau ana salah sijine warga sing ngonangi. Banjur Wali mau langsung ninggalake masjid sing durung dadi kuwi. Mula masjid mau nalika jaman biyen durung sempurna.
Masjid Adipati Sindurejo wis atusan taun umure. Jeneng Adipati Sindurejo, yaiku dijupuk saka jenenge wong. Jeneng asline Patih Adipati Sindurejo, dheweke Patih saka Kraton Mangkunegaran (Kartasura). Critane diwiwiti nalika Adipati Sindurejo bisa tekan ana ing Desa Jumo. Nalika dheweke isih ing Kraton dheweke oleh tugas yaiku dheweke diasingake ing Jumo. Nanging sebenere Adipati Sindurejo duwe kekarepan kapengin urip dhewe, yaiku urip dhewekan adoh saka Kraton, mula kuwi dheweke nrima kahanan mau.
Adipati Sindurejo urip ing Desa Jumo kanthi tentrem, mbaur dadi siji karo masyarakat kono. Adipati Sindurejo ora suwe urip ing Desa Jumo. Dheweke akhire tinggal donya, ana ing sajeroning pengasingan mau. Adipati Sindurejo nganti ninggal ora ana sing niliki. Nanging sawise dheweke tinggal, ana pawarta tekan Keraton Mangkunegaran.
Adipati Sindurejo dimakamake karo warga Jumo ing buri Masjid Adipati Sindurejo, makam ing jejer-jejere dikanggokake dening kerabat-kerabate. Mula kuwi ana panggonan khusus ing makam sing jenenge Sareyan. Makam Adipati Sindurejo yaiku makam sing dikeramatake, masjid lan makam Adipati Sindurejo saiki wis didandani. Printah saka Kraton mangkunegaran yaiku nggoleki ing ngendi wae silsilahe kaluwarga Karaton Mangkunegaran. Pungkasane kepethuk Patih Adipati Sindurejo. Nanging nalika Adipati Sindurejo kepethuk wis awujud makam, banjur makam mau digawekake cukup utawa omah-omahan.
Makam Patih Adipati Sindurejo nganti saiki dikeramatake lan dinggo ziarah para warga lan kaluwarga saka Kraton Mangkunegaran. Saben wektu mesthi saka kaluwarga Kraton Mangkunegaran ziarah lan ziarah kuwi Mistis banget. Crita kuwi mau sing dadi asal mulane jeneng Masjid Adipati Sindurejo Jumo.
Crita liyane sing ana ing Masjid Adipati Sindurejo, crita ing ngarep Masjid, yaiku ing kolah utawa panggon kanggo wudhu. Ana sing jenenge Kyai Poleng. Kyai Poleng wujude ora ketara sing ketara yaiku mung rupa awak gedhe dhuwur. Senenge lungguh neng dhuwur kolah, nalika wayah wengi teka, Kyai Poleng ngetok neng dhuwur kolah, arep nggodhani wong-wong sing lewat neng ngarep kolah utawa neng ngarep Masjid. Ana salah sijine warga yaiku Pak Nur Khamdi, pengurus Masjid Adipati Sindurejo, nalika dheweke turu neng jero Masjid dheweke ngalami kedadean aneh.
Kedadean aneh kuwi teka ing tengah wengi, nalika Pak Nur turu dheweke dipindhah panggon turune, yaiku neng dhuwur kolah. Sing ngalihake turune yaiku Kyai Poleng.
Nalika Pak Nurkhamdi tangi dheweke kaget, “Lho kok turuku pindhah neng kene?“
Nanging dheweke banjur sadhar menawa sing mindhah dheweke ora liya kejaba Kyai Poleng. Pak Nurkhamdi kerep turune dipindhah neng jero Masjid kono, apa maneh menawa dheweke lagi turu dhewekan luwih-luwih turu neng baris nomer telu.
Adipati Sindurejo arum jenenge, gedhe baktine, marang Kraton Mangkunegara. Mula kuwi ing Desa Jumo Adipati Sindurejo akeh banget kanggone. Putra Sindurejo, jeneng pakumpulan bocah Bal-balan. Putra Sindurejo wis ulang taun ping telung puluhan, Putra Sindurejo kerep diundang ana ing turnamen Bal-balan antar klub. Ana acara-acara ritual ninggalake sragam ing buri Masjid Adipati Sindurejo.
Jeneng liyane sing asale saka jeneng Adipati Sindurejo, Madrasah Ibtidaiyah Adipati Sindurejo Jumo. Sekolah swasta satingkat SD, sing dijenengi nganggo jenenge patih mau, ora mung kuwi wae isih ana jeneng liyane sing nganggo jenenge Adipati Sindurejo. Jeneng salah sijine pakumpulan truk ing Desa Jumo, Sindurejo yaiku jeneng pakumpulan angkutan umum khususe angkutan truk. Paguyuban truk sing ana ing Desa Jumo Kecamatan Jumo. Iki kabeh crita sing asal mulane saka jenenge Patih Adipati Sindurejo Jumo.
Rabu, 31 Maret 2010
DUMADINE KUTHA SIMO
Kerajaan Demak sing rajane Sultan Fatah nduweni mungsuh sing jenenge Ki Ageng Pengging. Demak kerajaan islam sing didhukung Walisongo lan Ki Ageng Pengging murid saka Syek Siti Jenar. Kanthi kuwi Sultan Fatah ngutus marang Walisanga supaya ngutus menyang Pengging ngajak Ki Ageng Pengging gabung karo Demak lan sapa wae sing bisa ngajak Pengging Gabung karo Demak bakal diwenehi hadhiah saka Raden Fatah. Kanthi kuwi Walisongo ngutus Sunan Kudus supaya ngajak gabung marang Ki Ageng Pengging. Tekan salah siwijining papan sing durung ditekani wong sing manggon ana pinggiring kali Cemara, dina kuwi Sunan kudus sing diutus karo para Walisongo lewat papan kuwi karo anak buahe, nganti awan lan panas banget Sunan Kudus karo anak buahe lungguh ana ngisor wit ringin sing gedhe banget. Sunan Kudus ngakon marang salah siwijine anak buahe supaya nggolek papan sing kepenak kanggo turu awan lan sholat (nggolek papan sing bisa kanggo sholat lan turu).
Banjur diwangsuli, “sendika Sunan!”
Banjur Sunan Kudus golek banyu kanggo wudu. Sabubare sholat, Sunan Kudus karo anak buahe lungguh kanthi mangan panganan sing digawa. Sakbubare mangan Sunan Kudus turu ana ngisor wit ringin kuwi kanthi suwe nganti tekan magrib, arep nglajutke mlakune wis kewengen lan diputusake kudu turu bengi kuwi ana ngisor wit ringin sing gedhe banget mau.
Dina wis padhang Sunan Kudus arep sholat subuh karo anak buahe kanthi jamaah, nanging sadurunge sholat Sunan Kudus ngomong karo anak buahe supaya yen ngerti apa wae aja diluruhi banjur sholat bubar sholat subuh. Sunan Kudus mangkat maneh nerusake lakune kanggo ngajak Ki Ageng Pengging gabung. Sadurunge lunga saka wit ringin kuwi mau Sunan Kudus nuthuk gong sing jenenge SIMA, sing unine padha kaya unine macan. Banjur penduduk padha krungu swara kuwi lan ngiro yen swara macan, banjur padha kumpul lan mangkat menyang tengah alas lan nggoleki swara macan mau. Para warga padha nggoleki tekan tengah alas nganti setengah dina nggoleki singa mau nanging ora ketemu, para warga padha bingung. Banjur para warga mlaku menyang ngomahe dhewe-dhewe.
Sunan Kudus karo anak buahe mlaku menyang Pengging ketemu karo warga sing arep nggoleki swara macan mau, banjur padha ngomong, “nyuwun sewu napa panjenengan wau ngertos utawa mirewng swara macan wau?” Sunan sumaur, “aku ora ngerti, apa mau ana macan?”
Sunan Kudus njaluk marang anak buahe karo warga supaya lungguh lan Sunan Kudus crita, sabenere mau dudu swara macan nanging swara pusaka sektiku sing jenenge SIMA lan swarane kaya swara macan, mula kuwi papan kene tak jenengke SIMO. Sabubare kuwi Sunan Kudus njaluk marang wargamau mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
Sunan Kudus ngomong marang anak buahe, “muga-muga jeneng simo bisa gawe reja papan kene.”
Banjur Sunan Kudus karo anak buahe mau langsung nerusake lakune menyang Pengging. Ing lakune, Sunan Kudus tepung karo wong sing arep ngrampok rombongan Sunan Kudus. Banjur Sunan Kudus perang karo perampok mau, amarga ora gelem nyerahke barang sing digawa Sunan Kudus. Sunan Kudus menang lan perampok mau dikandhani Sunan Kudus supaya tobat. Sunan Kudus mlaku maneh menyang Pengging. Lakune menyang Pengging akeh cobaan sing ngadhang Sunan Kudus. Syek Siti Jenar krungu yen Walisanga dhawuhi Sunan Kudus supaya ngrayu Raja Pengging supaya gelem gabung karo Demak, banjur ngutus muride supaya ngadhang Sunan Kudus karo anaka buahe.
Syek Siti Jenar ora setuju yen muride gabung karo Kerajaan Demak sing didhukung karo Walisanga, amarga Syek Siti Jenar nganggep dheweke titisan sing kuwasa sing bisa mateni, menehi rejeki, utawa sak liyane. Muride banjur ngadhang ana tengahe pangumbaran, lan ngakon supaya Sunan Kudus bali menyang Demak lanmurungakee karepe mbujuk Raja Pengging gabung karo Demak, nanging Sunan Kudus ora gelem lan dadi perang sing gedhe nganti akeh rombongan Sunan Kudus sing mati. Sunan Kudus ora geter ngadhepi muride Syek Siti Jenar sing akeh lan sekti. Sunan Kudus akhire menang lan lanjutke lakune. Sunan Kudus karo rombongane teka salah siwijining papan. Ing kana salah sijwiine muride seneng karo warga kono lan dadi manten.
Sunan Kudus nerusake lakune lan tekan Pengging, ana kana Sunan Kudus tepung karo Syek Siti Jenar, banjur Raja Pengging ngakon rombongan Sunan Kudus mlebu menyang papan sing wis disiapke karo Raja Pengging. Ana papan mau Sunan Kudus ngajak Raja Pengging supaya gabung karo Demak nanging Raja Pengging ora gelem. Banjur Sunan Kudus bali menyang Demak, tekan gunung dicegat karo Syek Siti Jenar ngakon bali menyang Demak yen ora gelem bakal dipateni lan diguwak menyang laut, pungkasane perang ana gunung mau lan nganti takane pati Syek Siti Jenar ana tangane Sunan Kudus.

DUMADINE KERAJAAN MEDANG KAMOLAN
Kacarita tlatah Jawa iku wis dikuasai dening Kerajaan Galuh kang dipimpin Prabu Sindulaya Sang Hyang Prabu Watu Gunung. Pusat pemerintahane ana ing Jawa Barat amarga dianggep nduweni peran penting marang raja-raja ing tlatah liya Jawa. Prabu Watu Gunung pancen berhasil ndadekake Galuh dadi misuwur lan wargane bisa urip makmur.
Prabu Watu Gunung duwe anak papat. Anak kaping pisan yaiku wadon jenenge Dyah Ayu Dewi dadi ratu ing Nusatembini. Anak kaping pindho jenenge Pangeran Adipati Dewata Cengkar. Anak kaping telu yaiku Dewata Pemunah Sakti kang dadi Adipati ing Madura. Anak kang ragil jenenge Pangeran Adipati Dewata Agung dadi Adipati ing Pulo Bali.
Para warga ora seneng marang tumindake Pangeran Adipati Dewata Cengkar kang ala amarga Prabu Adipati Dewata Cengkar seneng nyiksa rakyat cilik lan seneng mangan dhaging manungsa. Amarga keweden, para warga padha lunga saka tlatah kono. Weruh kahanan Galuh sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka, banjur ngutus Patih supaya ngundang Pangeran Adipati Dewata Cengkar. Satekane ing Kerajaan Pangeran Adipati Dewata Cengkar mung meneng. Amarga jengkel marang tumindake anake sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung banjur misuh-misuh.
“Dewata Cengkar! Karepmu ki kepriye? Apa awakmu saiki wis edan? Tumindakmu kaya kewan, ngisin-ngisinake wong tuwa. Awakmu ora pantes dadi anakku. Yen ora bisa ngubah tumindakmu, luwih becik awakmu lunga saka kene!”
Krungu kaya mangkono, atine Pangeran Adipati Dewata Cengkar dadi lara. Amarga ora bisa nahan emosine, Pangeran Adipati Dewata Cengkar lunga saka Kerajaan tanpa pamit marang ramane. Sawise kadadean kuwi, Pangeran Adipati Dewata Cengkar kasil ngumpulake prajurit sing isih setia marang dheweke banjur diajak lunga menyang tlatah wetan tekan ing pegunungan Kendeng sing strategis cedhak karo Teluk Lusi.
Ing tlatah kono, Pangeran Adipati Dewata Cengkar mbangun kerajaan lan ngangkat awake dhewe dadi raja kang nduweni gelar Prabu Dewata Cengkar. Aryo Tengger diangkat dadi Patih lan Rudo Pekso diangkat dadi Tumenggung. Karajaan iku diwenehi jeneng Medang Kamolan. Nalika kuwi Prabu Dewata Cengkar uga kasil ndadekake Medang Kamolan dadi misuwur lan rakyate bisa urip makmur. Amarga kadadean iku, Prabu Dewata Cengkar bisa nglalekake dhendham marang ramane. Nanging, amarga oleh rayuan saka Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso, dhendham iku muncul maneh. Sahingga Sang Prabu ngutus prajurite kanggo nyerang lan ngrusak Kerajaan Galuh kang dipimpin dening dheweke. Amarga ora ana persiapan, prajurit Kerajaan Galuh akeh sing padha mati. Weruh kahanan sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka banjur Sang Prabu mudhun ing medhan perang ngadhepi anake mau.
“Dewata Cengkar! Apa kaya ngene caramu mbales budi marang wong tuwamu? Besok sing nduweni Galuh ya awakmu, nanging ora ngene carane.”
“Aku wis ora butuh pidhatomu maneh. Ayo saiki lawan aku!”
“Sabar dhisik, tumindakmu kuwi ora direstui dening Sing Maha Agung. Besok awakmu bakal kuwalat.”
Durung nganti bubar anggone ngendikan, Prabu Dewata Cengkar ngguyu kecakakan.
“Hua…..ha…..ha…..! Ora usah kakehan ngomong, cepet wenehake Galuh marang aku!”
“Iya, nanging ora saiki.”
Krungu ngendikane Prabu Watu Gunung, Dewata Cengkar banjur ngangkat gada lan ngunusake ing awake Prabu Watu Gunung. Sanalika krungu swara banter sing ngetokake kebul lan cahya kang sumunar. Sawetara swara lan cahya mau banjur ilang semono uga rakyat lan kerajaane. Tlatah iku maleh dadi alas lan saka njero alas iku keprungu swara sepatan Sang Prabu marang Dewata Cengkar.
“Dewata Cengkar! Kabeh mau wis kebanjur. Tumindakmu sing kaya kewan, ing tembe buri bakal dadi kasunyatan.”
Nalika krungu swara mau, Prabu Dewata Cengkar gela mateni ramane, wedi yen dadi kasunyatan. Nanging Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso bisa nguwasani atine Sang Prabu. Sang Prabu banjur seneng amarga oleh bombongan saka para warga. Pawarta iku langsung sumebar marang rakyat Medang Kamolan, banjur dianakake syukuran kanggo nyambut tekane Prabu Dewata Cengkar. Nanging ing dina iku, dadi dina sing naas kanggo wong wadon sing masak ing kerajaan. Amarga njenthike sing keiris nganti tugel iku katut kemasak nalika ditinggal nggolek obat. Syukuran iku kalaksanan kanthi lancar. Sabubare kuwi, Prabu Dewata Cengkar ngendika marang Patih Aryo Tengger.
“Tih…! Patih…! Coba awakmu mrene sedhela!”
“Wonten punapa, Prabu?”
Aku arep takon marang awakmu, dhaging apa sing paling kosenengi?”
“Dhaging sapi, Prabu.”
“Goblog, dhaging sing paling enak kuwi sabenere dhaging manungsa. Biyen nalika isih ing Kerajaan Galuh aku kerep mangan dhaging manungsa. Wiwit manggon ing kene, aku ora tau mangan maneh. Aku meh wae nglalekake rasane kepriye, saupama mau ora mangan.”
“Punapa wau wonten masakan dhaging manungsa?”
“Ana, nanging ora sengaja ing masakan mau katutan dhaging manungsa.”
Weruh kaya mangkono Patih keweden yen juru masak kerajaan oleh ukuman saka Sang Prabu. Nanging anehe Sang Prabu malah seneng banjur ngutus Patih supaya nggolek dhaging manungsa.
“Wiwit sesuk awakmu kudu nggolek korban manungsa sing dhaginge dimasak kanggo aku!”
Patih Aryo Tengger banjur nggawe dhaftar sapa wae sing bakal dadi korbane Sang Prabu. Selot suwe akeh warga sing dadi korban. Tumindak sing ala iku akhire konangan dening para warga Medang Kamolan. Wiwit iku para warga padha lunga saka tlatah kono. Senadyan Ki Granteng weruh yen anake bakal dadi inceran Sang Prabu, nanging keluargane tetep manggon ana kono.
Wiwit jeneng Kerajaan Medang Kamolan misuwur nganti tlatah liya, akeh wong padha ngumbara menyang kerajaan iku, antarane: Ajisaka, Dora lan Sembada. Niate Ajisaka ngumbara yaiku kepengin nyebarake agama lan nggolek pengalaman. Kapal sing ditumpangi iku labuh ing Nusa Majedi, sing saiki dadi Bawean. Ing tlatah kono Ajisaka oleh kateragan babagan Kerajaan Medang Kamolan. Nalika arep budhal, Ajisaka meling marang Sembada supaya dheweke tetep ing Nusa Majedi njaga barang-barang bekal lan kerise Ajisaka. Amarga Ajisaka lan Dora bakal lunga menyang Medang Kamolan. Sapa wae sing njaluk keris kuwi aja diwenehi saliyane Ajisaka.
Let sedhela kapal sing ditumpangi mau oling nganti tengah samodra banjur keseret nganti pinggir pantai Nusa Jawa. Ajisaka lan Dora banjur mlaku menyang Medang Kamolan. Ing dalan Ajisaka kepethuk karo rakyat Medang Kamolan sing padha ngungsi, banjur dheweke takon marang salah sijine ana apa kok padha ngungsi. Nanging ora ana wangsulan sakecapa. Amarga iku Ajisaka sansaya dadi penasaran pengin ngerti kahanan Kerajaan Medang Kamolan kok bisa ndadekake warga padha ngungsi.
Ora dinyono, Ajisaka lan Dora kasil tekan wates Medang Kamolan kanthi selamet. Pangumbaraan iku tetep diterusake nganti tekan sawijining desa. Ing desa iku namung ana saomah kang isine Ki Granteng sakeluarga. Banjur Ajisaka ngutus Dora nathak lawang omahe Ki Granteng. Nanging Ki Granteng curiga dikirane Ajisaka lan Dora utusane Prabu Dewata Cengkar.
“Panjenengan sinten?”
“Kula Dora, Pak. Menika Tuan Ajisaka.”
“Panjenengan utusan saking Medang Kamolan?”
“Boten, Pak kula tiyang asing ingkang nembe sepindhah dhateng wonten mriki.”
“Menawi mekaten, mangga mlebet.”
Ajisaka lan Dora banjur mlebu omah.
“Pak, saderengipun kula nyuwun pangapunten menawi kula ngganggu bapak sakeluarga.”
“Boten, Nak. Kula sampun biasa, saben wonten tamu kita tetep ngormati senadyan namung sawontene. Nak Ajisaka kaliyan Nak Dora saking pundi?”
“Kula saking tlatah sebrang, Pak tebih saking mriki. Menawi nitih prau ngantos wulanan.”
“Tindak mriki ajeng lahnapa?”
“Pados pengalaman, Pak.”
“Ingkang dipadosi pengalaman menapa?”
“Niku, Pak… Negeri Medang Kamolan menawi wonten desa kula misuwur sanget, amargi sitinipun subur lan para warganipun makmur.”
“Ah… ngapusi!!! Wonten mriki leres menawi sitinipun subur, ananging warganipun urip sengsara. Saniki para warga sami ajrih marang tumindakipun Prabu Dewata Cengkar.”
“Tumindak ingkang kados pundi, Pak?”
“Boten pantes kula cariyosaken dhateng Panjenengan. Prabu Dewata Cengkar menika remen dhahar dhaging manungsa. Kula piyambak ugi bingung amargi lare kula “Roro Cangkek sampun didhaftar dados korban. Wah…ngantos kesupen, mangga dipununjuk.”
“Matur suwun”.
Sawise ngunjuk, Ajisaka banjur matur yen arep nunut ing kiwan.
“Pak, kula ajeng nunut wonten ing kiwan saged napa boten?”
“O… nggih, mangga.”
Ajisaka banjur menyang ing mburi, nanging dheweke kaget ngrasa kaya ngimpi nalika tepung perawan ayu ing desa cilik kaya ngene. Ora liya perawan mau jenenge Roro Cangkek. Ajisaka lan Roro Cangkek padha sawang-sinawang, nanging Roro Cangkek isin amarga dheweke mung kembenan. Ajisaka banjur mlebu kiwan, banyu sing mili saka got kiwan mau banjur diombe jago duweke Roro Cangkek. Sanalika jago iku petok-petok kaya pitik babon sing arep ngendog. Iku nggawe kagete Roro Cangkek, banjur jago mau dilebokake kandhang.
Dumadakan ing pekarangan Ki Granteng ana Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso sing kepengin nyekel Roro Cangkek kanggo didadekake santapan Sang Prabu. Roro Cangkek banjur njaluk tulung marang wong tuwane, nanging ora ana wangsulan amarga wong tuwane semaput sabubare dipenthung sirahe, semono uga Dora sing dibanda ing pojok omah mung bisa meneng. Nalika Roro Cangkek wis digawa metu, Ajisaka nyegah punggawa Medang Kamolan.
“Tuan-tuan…!!! Endhegake dhisik tumindakmu. Mesakake dheweke kuwi dudu kewan, nanging manungsa, apa maneh iku wong wadon.”
“Menenga!!! Iki dudu urusanmu, dudu urusane wong asing kaya awakmu. Yen awakmu nekad bakal dakpateni. Cepet lunga!!!”
“Aku ngerti iki dudu urusanku, nanging…!”
“Nanging apa, ayo cepet ngomong!!!”
“Ngene, aku sabenere ora kepengin ngganggu, nanging aku mung kepengin ngrewangi, kuwi wae yen Panjenengan gelem dakrewangi.”
“Ngrewangi kepriye? Cepet ngomong!!!”
“Prawan sing Panjenengan asta kuwi duwe lara sing bisa nular. Sapa wae sing cedhak dheweke bakal ketularan.”
Amarga weruh rai polose Ajisaka, punggawa kerajaan mau banjur percaya. Sanalika Roro Cangkek banjur dicolake.
“Tuan-tuan ora usah curiga marang aku! Amarga kesetiaanku marang Panjenengan mula katerangan mau dakomongake. Nanging ora usah kuatir, aku bakal nggantekake prawan mau dadi korbane Sang Prabu.”
Patih Aryo Tengger wis ora sabar ngrungokake omongane Ajisaka, banjur ngutus anak buahe.
“Tumenggung, cepet prawan kuwi colake banjur Ajisaka gawa ngadhep Sang Prabu kanggo gantine!”
Ngerti kadadean kuwi, sanalika Roro Cangkek nguculi tali saka tangane langsung mlayu ngoyak Ajisaka. Roro Cangkek nyekeli tangane Ajisaka banjur ngaturake matur suwun. Ajisaka banjur digawa ngadhep marang Sang Prabu. Sang Prabu nesu amarga utusane ora kasil nggawa Roro Cangkek. Nanging banjur dadi seneng nalika weruh ana sawijine nonoman sing digawa ngadhep.
“He bocah! Dadi Kowe sing diundang Ajisaka dening para warga?”
“Nggih, Prabu. Kula ingkang naminipun Ajisaka saking tlatah sebrang.”
“Apa tujuanmu ing negara iki? Arep dadi-mata-mata?”
“Boten, Prabu. Kula kaliyan rencang kula namung kepengin ngumbara kaliyan pados pengalaman.”
“Kowe ngerti digawa mrene kanggo apa?”
“Boten, Prabu. Kula namung ndherek Patih Aryo Tengger kaliyan Tumenggung Ruda Pekso. Kula siap diajak wonten pundi kemawon dening ingkang mbetahaken. Langkung-langkung kula remen sanget amargi saged kepung kaliyan Panjenengan wonten mriki.”
“Apa sing kokorbanake kanggo negeri iki?”
“Kula boten gadhah emas inten utawi bandha awis sanesipun. Kula namung gadhah jiwa raga, Paduka.”
“Apa kowe lila yen jiwamu dakpateni lan ragamu dakiris-iris kanggo santapanku?”
“Kula lila menawi takdiripun mekaten.”
“Apa kowe wis edan?”
“Boten, Prabu. Kula boten edan. Niki bukti kesetiaanku marang negara Medang Kamolan.”
“Hua…ha…ha…!!! Matur nuwun, Ajisaka, banjur apa sing kojaluk?”
“Kula namung nyuwun sapetak siti ingkang wonten ing alun-alun Medang Kamolan saamba surban ingkang kula agem.”
“Apik…apik! Apa sing kojaluk bakal dakwenehi.”
“Sanesipun, ingkang ngukur menika kula kaliyan Panjenengan kanthi diseksekake dening para warga.”
“Ya… bisa… bisa. Banjur kapan arep dilaksanakake? Saiki bisa apa ora? Masalahe aku wis ngelih banget.”
“Saged. Saniki saged ngumumaken marang para warga supados nyeksekake anggenipun ngukur.”
“Patih, utus anak buahmu supaya ngumumake marang para warga lan awakmu ngiring aku lan Ajisaka menyang tengah alun-alun.”
Sawise tekan tengah alun-alun, Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso menehi ngerti lemah ing alun-alun marang Sang Prabu, banjur Sang Prabu miwiti.
“Ajisaka! Lemah endi sing kojaluk? Cepet jereng surbanmu!
Kain surban Ajisaka diuculi banjur dilempit dawa kaya gulungan. Prabu Dewata Cengkar nyekel kain bagian kidul lan Ajisaka nyekel kain bagian lor. Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso dadi seksi lan sing menehi aba-aba, uga ngumumake marang para warga yen anggone ngukur lemah diwiwiti.
Anehe surban sing dijereng mau ora entek-entek nganti nutupi atusan hektar lemah. Patih Aryo Tengger nyoba murungake upaya Sang Prabu, nanging ora ana gunane. Nganti Sang Prabu ana ing pucuk jurang, Ajisaka ora gelem murungake panjaluke.
“Ajisaka! Aku ngaku kalah lan bakal menehake kekuasaan lan kerajaanku marang kowe asalkan aku tetep bisa urip.”
Sing mangsuli ora Ajisaka, nanging para warga.
“Tuan Ajisaka! Ampun mirengaken ngendikane Sang Prabu, wis akeh warga sing dadi korban amarga tumindake.”
Krungu swara para warga, Ajisaka sansaya kepengin mateni Sang Prabu. Kanthi ndonga marang Sing Maha Kuwasa, pucuk surban sing dicekel banjur dikibatake. Surban bagian kidul nyabet awake Sang Prabu nganti mencelat adoh tekan tengah samodra banjur ilang keseret ombak. Saka tengah samodra iku banjur muncul baya putih sing cangkeme mangap lan bisa omongan kaya manungsa.
“He Ajisaka! Rungokake aku! Saiki aku ngaku kalah, nanging aku bakal balas dhendham marang anak putumu sing ora ngati-ati ing tengah samodra iki bakal dadi mangsaku.”
Sawise kadadean kuwi, Ajisaka diangkat dening rakyat kono dadi raja Medang Kamolan kang nduweni gelar Prabu Ajisaka. Prabu Ajisaka banjur diarak dening rakyate menyang kerajaan. Dene sing keri ing pinggir samodra nyekel Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso guna dibuak ing tengah samodra, dikumpulake dadi siji karo Prabu Dewata Cengkar.
Saiki Kerajaan Medang Kamolan iku dadi jeneng Desa Medang Kamolan ing Kecamatan Gabus, Kabupaten Grobogan.

Jumat, 19 Maret 2010
Kamis, 11 Maret 2010
DUMADINE KEDHUNG PENGILON
Kacarita yen mulane Kedhung Pengilon kuwi critane diwiwiti saka critane Abu Nawa yaiku ratu jin ing alas Roban. Ing sawijining dina ana nonoman lanang liwat ing tengah alas Roban. Bocah kuwi jenenge Den Bagus Jaka sing asale saka Mataram. Dheweke ninggalake Mataram pancen arep ngawula marang sing jenenge Abu Nawa. Ing tengah alas Roban, dheweke diadhang dening ratu jin alas Roban yaiku Abu Nawa.
“He…… bocah arep menyang ngendi awakmu kok wani-wanine ngliwati panggonanku iki dhewekan?”, pitakone Abu Nawa marang nonoman sing lagi liwat mau.
“Aku niat liwat alas kene, aku arep ngawula marang sing nduwe alas kene. Apa sampeyan sing jenenge Abu Nawa sing nduweni alas iki?”, Den Bagus Jaka mangsuli.
Suwe entuke Den Bagus Jaka ngawula marang Abu Nawa, dheweke kerep weruh nonoman wadon ayu banget sing jenenge Sri Pandan Weleri sing manggone ing Tamansari. Mandeng ayune Sri Pandan, Den Bagus Jaka saya kesengsem, saya suwe rasane dadi tresna.
Abu Nawa ngerteni yen Den Bagus Jaka nduweni rasa tresna marang Sri Pandan. Abu Nawa nyepaki Den Bagus Jaka.
“Yen kowe tresna marang Sri Pandan cepet ndang kok lamar, kuwi yen kowe bisa ……He……He…..!” Abu Nawa sajak ngece amarga Sri Pandan kuwi angel banget darahi.
Dheweke wae wis nyoba ora kaping-kaping nanging tetep katolak.Abu Nawa ngongkon ngono karepe supaya Den Bagus Jaka mengkone ngerti dhewe yen ora gampang bisa nduweni Sri Pandan. Den Bagus Jaka nyanggupi kekarepane Abu Nawa.
“Iyo, aku bakal maju nganti Sri Pandan bisa dadi duwekku.”
Esuk-esuk Den Bagus Jaka menyang Tamansari arep melu sayembara kanggo nduweni Sri Pandan. Jejaka-jejaka wes padha kumpul ing taman kang akeh tanduran kembang. Sri Pandan betah banget yen lagi jejagongan ing taman nyawang kembang-kembange.
Sayembara arep diwiwiti, Sri Pandan teka ing ngarepe jejaka-jejaka sing padha karep nduweni dheweke.
“Sapa-sapa sing bisa methik kembang ing tamanku iki, lha kuwi wonge sing bakal dadi duwekku aku,” Welinge Sri Pandan sadurunge sayembara diwiwiti.
Sayembara wis diwiwiti, wis ana jejaka pirang-pirang sing maju nanging padha ora bisa methik kembange. Kabeh padha mundur amarga tangane padha getihen ketuncep ri ing gagange kembang.
Kabeh wis padha nyoba, Den Bagus Jaka dadi sing paling pungkasan.. Dheweke maju lan ora dinyana tangane bisa methik kembang ing taman k uwi kanthi gampang banget. Tangane isih wutuh ora getihen kamangka ri ing gagange kembang akeh lan landhep banget.
Den Bagus Jaka bungah banget akhire bisa nduweni Sri Pandan sing ditresnani. Wong loro banjur rayuan. Kabeh sing melu sayembara padha bubar amarga kuciwa ora bisa nduweni Sri Pandan.
Abu Nawa ngenteni ing alas Roban. Dheweke penasaran kepriye kasile Den Bagus Jaka melu sayembara.
“Bocah kae kok ora teka-teka. Kasile kepriye ya? Ana alangan apa ya?”
Amarga saking penasarane, dheweke banjur njupuk kaca pengilon.. Disawang saka kacane, Den Bagus Jaka lagi rayuan karo Sri Pandan. Dheweke ora nrima amarga Den Bagus Jaka bisa kasil nduweni Sri Pandan. Karepe supaya bali kasil kuciwa kaya dheweke biyen sing ora bisa nduweni Sri Pandan.
Abu Nawa marani ing Tamansari. Tekan kana dheweke sansaya panas weruh Den Bagus Jaka sing lagi rayuan karo Sri Pandan. Abu Nawa banjur ngajar Den Bagus Jaka nanging tujune ana wong sing mbelani yaiku Pangeran Sambong sing tunggal guru karo Abu Nawa. Den Bagus Jaka digawa mlayu karo Pangeran Sambong banjur diwenehi gaman keris jenenge keris Jalak Plengkang Kurungan.
Den Bagus Jaka ketemu maneh karo Abu Nawa. Wong loro tarung nanging Den Bagus Jaka ora ana kalahe banjur dijenengake Deng Bagus Banteng. Amarga Abu Nawa wedi karo kerise Den Bagus Jaka, dheweke banjur njaluk pitulungan marang wong China sing jenenge Mbah Brontok. Mbah Brontok adhep-adhepan karo Den Bagus Jaka. Wong loro tarung, amarga padha sektine wong loro mati samoyo.
Krungu Den Bagus Jaka mati amarga tarung karo wong kongkonane Abu Nawa, Pangeran Sambong ngudak-udak Abu Nawa sacandhake. Abu Nawa mlayu tekan desa Pakuncen. Dheweke kesel banjur ngaso ing pinggir kedhung. Awake ngringet lan pliket banget, banjur dheweke nyemplung arep adus ing kedhung. Klambine diselehake neng pinggir kedhung.
Pangeran Sambong anggone ngoyak wis tekan Pakuncen. Tekan pinggir kedhung, dheweke weruh klambine Abu Nawa nanging Abu Nawa wis ora katon maneh awake ambles banjur ilang. Klambine disabda dadi mesjid Pakuncen karo Pangeran Sambong.
Pangeran Sambong penasaran kenapa Abu Nawa kok bisa ambles ing kedhung. Dheweke njajal mbuwang kerise neng kedhung nanging ya padha ilange karo Abu Nawa. Saka kedadean kuwi kedhunge banjur dijenengake kedhung pengilon karo Pangeran Sambong amarga ngilangake sapa bae sing nyemplung ing kedhung kuwi.

DUMADINE DESA SUMBEREJO
Desa Sumberejo yaiku sawijining desa kang ana ing kecamatan Mranggen kabupaten Demak. Miturut panuturane sesepuh desa utawa wong tuwa ing desa iku, desa Sumberejo dumadi saka lelakuning wali Allah sing arane Mbah Sendhang utawa Eyang Singa. Diarani Eyang Singa amarga dheweke duwe ingon-ingon kewan singa kang sipate ghoib utawa ora ketok mata.
Wektu samana wayahe lagi wae panas banter, banyu angel digoleki, tanduran padha mati. Para warga pada bingung golek banyu. Kali padha asat, sumur-sumur ora ana banyune. Wong-wong padha angel golek pangan. Sawah ora bisa ditanduri pari, banjur para among tani padha nandur tela utawa pohong. Nanging gusti Allah durung paring rejeki. Bebarengan karo panas banter dilalah ya usum tikus sisan. Mangka sakanane tela kang ditandur dening warga dipangan tikus.
Wong-wong padha kaluwen, sandangan sakanane, saktemune. Pungkasane akeh wong kang padha tumindak durjana. Maling, ngrampok, ngroda peksa sumebar ing ngendi-endi. Akeh panganan kang ora samesthine ora kanggo manungsa dikhalalake. Kayata tikus, yuyu, ula lan bangsa kewan liyane.
Ing kahanan kang gegirisi kaya mau, dumadakan ana waliAllah sing lagi mlaku-mlaku nyebarake agama islam. Dening para warga saiki, wali mau dijenengi Eyang Singa utawa Mbah Sendhang. Mbah sendhang mlaku saka desa wetan. Anggone mlaku, Mbah Sendhang kapethuk desa cilik kang wargane urip nelangsa. Sandhangane padha kucel, awake gering-gering paribasan kari balung karo kulit. Eyang Singa weruh sesawangan kaya mangkana banjur mampir sautara wektu. Dilalah anggone mampir ngepasi wektu asyar, mangka dheweke banjur cepet-cepet golek banyu kanggo wudhu. Sakambane desa wis diubengi, nanging ora ana banyu sakcawuk wae kanggo wudhu.
Kanthi terus mlaku dheweke golek banyu. Pungkasane Mbah Sendang weruh sumur sing isih ana banyune sithik-sithik. Nanging sumur mau kebak wong, wong sing padha andri golek banyu. Eyang Singa medhak, dheweke nembung njaluk banyu marang wong-wong sing padha andri golek banyu mau, nanging ora diwenehi malah banjur diusir saka kana. Eyang singa banjur lunga lan nyepatani sumur mau. Dumadakan ora pati suwe sumur mau dadi asat tenan.
Eyang Singa terus ngendika, “wong kok kaya balung kabeh.”
Suwe-suwe tembung balung mau dilira-liru dadi Balong. Desa Balong yaiku sawijining desa kang manggone neng sisih wetan desa Sumberejo.
Sawise lunga saka desa Balong, Eyang Singa nerusake mlakune saperlu golek banyu dienggo wudhu. Lagi sedhela wae mlaku dheweke kapethuk sawijining desa kang kahanane ora pati beda adoh saka desa Balong. Sakanane wong neng desa kuwi wis ditakoni kabeh, nanging tetep ora ana sing duwe banyu. Umpamane ana ya mung cukup dienggo masak utawa ngombe.
Eyang Singa terus mlaku nganti meh tekan wates desa sisih kidul. Dheweke kapethuk wong tuwa kang lagi ngindhit klenthing, sajake rekasa banget anggone gawa. Mbah Sendhang banjur takon, “nuwun sewu mbah, anggenipun mundhut toya menika saking pundi?”
Mbah mau mangsuli, "jupuke adoh ngger, aku ngangsu neng alas kidul, nek yahmene iki biyasane wis entek. Apa kowe selak butuh banyu, iki lho, jupuka sithik!”
“Inggih kula badhe nyuwun sakedhik damel wudhu.”
Kanthi sabar wong tuwa mau nunggoni Mbah Sendhang wudhu, banjur diterusake sholat.
Sawise sholat dheweke banjur takon, ”napa desa niki toyanipun ewet, mbah? Kula ngucap matur suwun sanget kagem panjenengan, mbah?", anggone muni mangkana tangane Mbah Sendhang karo njabut suket ing cedhake.
Dumadakan lemah tipak jabutan suket mau ambrol, bolong, malih dadi sendang. Saka jerone mili banyu saderes-derese.
Mbah tuwa mau banjur kamitenggengen lan ngomong, “sumbere rejo banget” mula nganti saiki desa mau dijenengi desa Sumberejo.
Ana ing jero sendhang isih mili banyu nganti saiki bena tiga dawa, banyune isih mili deres. Ing sacedhake sendhang ana kayu gedhe malang sing dikeramatake dening para warga. Kayu iku umure wis atusan taun, nanging ora gapuk. Jarene wong-wong sepuh, kayu kang wis lumuten iku makame Mbah Sendhang.

Selasa, 09 Maret 2010
DUMADINE DESA SIWARAK
Manut cerita rakyat ing Purbalingga, Gua Lawa kuwi nduweni asal-asul sing ana hubungane karo jeneng Siwarak. Wektu agama islam lagi wiwit berkembang ing tlatah Jawa, ana mubaligh sing teka ing Banyumas. Mubaligh sing teka ing Banyumas ana loro yaiku Akhmad lan Muhamad. Wong loro mau nduweni abdi loro yaiku Bangas lan Bangis, lorone kakang adi. Sajerone nyebarake agama islam wong papat mau nduweni alangan sing gedhe banget jalaran ditentang karo kerajaan Majapahit.
Majapahit nduweni panglima sing ditugasake kanggo mbendung perkembangan agama islam yaiku Ki Sutaraga. Akhmad lan Muhamad kepeksa ngindhari kekuatane Ki Sutaraga yaiku mlayu ngindhari wong mau. Naging ing tengah dalan ora nyangka nemu guwa. Guwa iki jenenge Gua Lawa, neng jero guwa wong loro ngaso lan nyuwun karo Gusti muga-muga diparingi keslametan banjur bisa nyebarake agama Islam. Ana ing sepining wengi wong kuwi mau oleh ilham utawa wangsit. Akhmad lan Muhamad kudu ganti jeneng yen kepengin slamet, banjur Akhmad lan Muhamad ganti jeneng dadi Taruna Lan Taruni. Sawise ganti jeneng wong loro mau metu saka guwa. Durung suwe anggone mlaku wong loro mau kepethuk wong gedhe dhuwur sing ora liya yaiku Ki Sutaraga, senopati Majapahit. Nalika ditakoni karo Ki Sutaraga apa wong loro kuwi weruh Akhmad lan Muhamad, langsung mangsuli, ”Wis ora tau weruh jalararan wong loro kuwi wis rong dina kepungkur dicakar macan banjur dipangan.” Ki Sutaraga lansung percaya karo omonge Taruna lan Taruni jalaran Ki Sutaraga urung tau weruh Akhmad lan Muhamad. Ki Sutaraga banjur aweh kabar marang anak buahe yen Akhmad lan Muhamad wis mati di pangan macan, pasukan Majapahit surak-surak bungah banget. “Akhmad lan Muhamad mati, Akhmad lan Muhamad mati,” bengoke prajurit Majapahit. Nanging wong sing dikira mati yaiku Akhmad lan Muhamad sebenere urung mati saiki bisa lunga kanthi ayem lan tentrem jalaran ora ana sing kenal. Akhmad lan Muhamad langsung ninggalake panggonan kuwi banjur mlaku ngalor, kanggo nglanjutake anggone nyebarake agama islam. Gegere pasukan Majapahit jalaran seneng Akhmad lan Muhamad mati banjur tekan kupinge Bangas lan Bangis, abdi setiane Akhmad lan Muhamad. Bangas lan Bangis ora trima yen kyaine mati. Banjur Bangas lan Bangis kepengin nuntut wales banjur nemoni Ki Sutaraga, Senopati Majapahit sing sakti mandra Guna. Karo nesu wong loro nantang Ki Sutaraga perang nanging Ki Sutaraga ora nggubris omonge Bangas lan Bangis. Tumindake Ki Sutaraga nggawe Bangas lan Bangis tambah nesu lan penasaran. Karo nesu Bangas lan Bangis langsung nyerang Ki Sutaraga. Ki Sutaraga banjur malang kadek karo ngomong, “He Bangas lan Bangis! kowe wong loro iku menungsa sing ora ngerti mbalas budi, tumindakmu kaya kewan.” Karo kesaktiane Ki Sutaraga, dumandakan wong loro mau malih dadi kewan warak. Prajurite sumbar,“Raksakake kowe Bangas lan Bangis.” Sawise wong loro kuwi malih rupa, Ki Sutaraga ngomongi prajurite, ”Prajuritku rungokake lan sekseni, wong loro mau kuwalat karo kelakuane dhewe,mula kanggo pengeling-eling kowe kabeh, yen alas iki dadi desa. Desa iki tak jeneni desa SIWARAK.”

DUMADINE DESA BAKARAN
Ceritane desa Bakaran kuwi ngene. Desa Bakaran kuwi asale alas sing diobong. Papan pangonane ning wilayah Pati. Tembung obong padha karo bakar dadi langsung dijenengi desa Bakaran amarga asale saka obong-obongan utawa bakar-bakaran. Alas diobong amarga ana sing tau seneng Nyi Ageng, nanging dheweke durung bisa nampa. ing ngisor salah sijining syarat kang dijaluk Nyi Ageng. Syarat kang dijaluk marang jaka kuwi unine kaya ngene:
“Aku gelem nampa lamaranmu yen awakmu bisa gaweke pitung sumur kanggo aku.””Ya, Ageng yen mung kuwi panjalukanmu bakal tak turuti.” “Nanging kang tak jaluk sesuk kudu wis rampung.” “Sesuk, apa Ageng sesuk kudu wis dadi ora salah kuwi?”“Ya sesuk, piye awakmu sanggup ora?”“Ya, Ageng. Aku sanggup.” Jaka kuwi mau akhire gelem nyagohi gaweke pitung sumur kanggo Nyi Ageng. Nanging Nyi Ageng bingung amarga dheweke bisa gawe pitung sumur.
Jaka mau njaluk rewang lelembut lan bangsa alus (setan, jin ,dhemit, gendruwo lan saliyane). Akhire Nyi Ageng duwe cara kang bisa nggagalke kuwi mau. Dheweke ning sawah nglumpuke dami kang arep diobong ning tengah sawah. Dheweke uga ngongkon wong neng desa numbuk lesung. Para lelembut lan bangsa alus kuwi mau akhire ora bisa ngrewangi nganti rampung amarga dikira wis wayah esuk. Bangsa alus kuwi mau wedi yen ana srengenge.
Dami sing diobong neng tengah sawah mau dikira srengenge arep mlethek. Suarane lesung sing saut-sautan lan wayah jago kluruk. Kabeh kuwi mau nandhake yen wis wayah esuk.Nyi Ageng kuwi salah sijining tokoh wira ning desa Bakaran. Dheweke uga kang jenake desa Bakaran. Nyi Ageng ora ninggal, nanging dheweke muksa sapa kang bakal pengin ketemu kuwi bisa. Nanging kabeh ana syarate mbuh kuwi pasa muteh utawa pasa senin kemis lan sapiturute. Dheweke uga ninggal unen-unen kanggo anak putune sing urip ning desa Bakaran.
Unen – unen kuwi kaya ngene unine: “He anak putuku kang ana ing Bakaran. Supaya awakmu urip ing Desa Bakaran, bisa slamet uripe, uga wareg sandhang lan pangan, mula awakmu aja wani-wani nglanggar larangan sing daksebutake kaya ing ngisor iki:
1. Aja dodol sego
2. Aja medel (wenter kain batik)
3. Aja mande (obong-obongan)
4. Aja gawe omah saka bata abang
“Kuwi pawelingku kanggo anak putuku kabeh kang ana ning desa Bakaran. Dadi ing ngendi wae papan panggonanmu yen awakmu asli wong Bakaran aja nganti lali karo apa sing wis dakwelingake.“Aja dodol sego!” miturut wong jawa wong dodol sego kuwi ora apik. Sego kuwi panganan pokok, kang dipangan saben dina. Dodol sego kuwi padha karo adol rejekine dhewe. sego kuwi luwih becik diwenehke katimbang didol. Oleh adol sego nanging kudu mbok olah ora mung rupa sego. Sego kuwi bisa diolah dadi lontong, bubur, sego mener lan sego loyang, lan saliyane. Dadi yen awakmu kepengin dodol sego kuwi ana usahane masak lan liya-liyane. Ora mung rupa sego nanging bisa digawe macem –macem, uga maneka warna bentuk lan rasane.
“Aja medel (wenter kain batik)!” pancen bener Bakaran kuwi wis kawentar batik tulise lan trasi Bakarane. Nyi Ageng biyene seneng nganggo batik tulis lan jarikan. Dheweke saben dina uga nganggo tapeh tulis. Wong Bakaran uga duweni ketrampilan pinter mbatik. Nyi Ageng kuwi wanti-wanti aja nganti medel amarga kerjane gedhe bebaya. Saben dina kudu ing cedhake geni terus lan banyu umup, mula wedine yen ana kobongan lan kutahan banyu umup. Nyelup batikan kuwi kudu ati-ati amarga panas banget. Yen ora bisa ora usah, amarga malah bisa kutahan banyu umum kang dienggo medel batik.
“Aja mande obong-obongan!”urip ing Bakaran iki pancen akeh aturan nanging kepenak. Wong Bakaran aja nganti mande yakuwi kaya wong gawe wesi kaya ngelas wesi. Kuwi bebayane gedhe amarga bisa ngrusak mpripat. Pusate jagad kuwi ya mung mpripat.
Yen mpripate wis ora loro lan ora bisa ndeleng mula jagad iki rasane petheng dhedhet. Kanggo njagani kabeh kudu ati – ati. Kejaba ngrusak mpripat uga bisa ngrusak saliyane. “Aja gawe omah saka bata abang!” pundhen bakaran kuwi digawe saka bata abang. Punden kuwi biyene omahe Nyi Ageng dhewe.
Saiki didandani kanggo ngurmati Nyi Ageng. Dheweke ora kepengin,ana wong liya kang bisa ngembari. Mula wong Bakaran kabeh omahe saka bata putih. Kejaba wong kang isih mamang lan durung mantep. Omahe digawe saka bata separo abang, kang separo bata putih. Bata abang kuwi asale uga saka obong-obongan. Ing sacedhake pundhen kuwi uga ana sumur gawenane priya sing tau seneng dheweke. Sabenere wong Bakaran kuwi ora oleh nggawe sumur ing jero omah. Ing njero sumur kuwi ora ana banyune. Lha banyu kuwi sumbere kanggo kabeh manungsa supaya bisa urip. Kang mbutuhke banyu kuwi wong akeh ora mung awake dheweke. Wong liya uga butuh banyu kanggo saben dinane. Mula sumure aja didokok ing jero omah nanging didokok ing sajabaning omah. Kuwi banyu sumbere wong urip. Sumur kang sacedhake pundhen kuwi jenenge sumur tiban amarga kanggo sumpah-sumpahan. Kuwi kanggo nduduhake kang salah bakale seleh lan sing bener bakal mujur. Nganti saiki sumur banyune isih tetep bening.
Nyi Ageng kuwi wong wadon sing ayu rupane. Mula kabeh priya seneng lan kedanan karo dheweke. Wong tuane kuwi biasa uripe uga sedherhana. Kawit cilik dituturi uripe kuwi mung sepisan mula kudu apik marang apa wae. Nanging watake kuwi ana sing nurun ibune uga ana kang nuruni bapake. Wong tuwane kuwi duwe sawah nanging ora digarap dhewe. Senenge sawahe digarapake wong liya. Ageng biasane ngrewangi ibune mbatik neng omah. Kuwi salah sijining watak kang nuruni ibune. Bapake semana uga kejaba seneng sawahan dheweke uga seneng adu jago. Jarene adu jago bisa ngilangake pikiran sing lagi judheg. Nyi Ageng uga seneng dolanan pitik jago. Saben dina, Ageng mesthi dijak bapake ndeleng adu jago. Nyi Ageng putri kinasih bapake. Dadi dheweke uga pinter ngrumat pitik kuwi mau, amarga saben dina dheweke weruh bapake piye carane ngrumat jagone. Nyi Ageng duwe sedulur lanang nanging wis ninggal. Kangmase ninggal sadurunge dheweke lair, mula Ageng kuwi dieman-eman. Kepengine bapake Nyi Ageng kuwi dadi bocah wadon sing kuwat lan wani. Jeneng asline kuwi Niken Banowati nanging jeneng cilikane Sabirah. Tegese kuwi supaya besuk dadi wong sing sabar lan tabah ngadhepi cobaan urip ing donya.
Nyi Ageng urip ing Bakaran wektu jamane transisi Kerjaan Majapahit ning Kerajaan Demak kuwi abad 16. Ibune Ageng batikane wis kawentar ing mancanegara. Ibune Ageng kuwi jenenge Niken yen bapake jenenge Bono. Banjur duwe anak dijenengke Niken Banowati. Sawise kuwi Ibune Ageng ninggal amarga kutahan banyu umum olehe medel. Mula ibune sadurunge ninggal pesen karo Nyi Ageng.
Kaya ngene pesene: “Ndhuk Ageng, besuk turuna karo anak putumu aja konggon medel, salah siji wae sing nglakoni kaya aku iki.”
“Injih, Bu!”
“Uga aja adol sego, ya ndhuk yen ana wong sing njaluk mangan wenehana. Adol sego kuwi padha karo adol rejekine awake dhewe.”
“Injih bu, Ageng manut sedaya pesen ibu.”
“Pokoke aja sing obong-obongan, ya ndhuk!”
“Injih bu, percayaa karo Ageng.”
“Ibu, uga nitip bapak dirumat sing apik.”
“Ibu, Ageng aja ditinggal.” Ibune Ageng banjur ninggal.
Saiki dheweke urip mung gari bapake. Begang sedala bapake uga nyusul bojone. Nyi Ageng wis ora duwe sapa-sapa meneh. Ora duwe sanak lan kadhang. Dheweke urip ing desa dhewe. Bapake uga pesen yen dheweke kudu ngrumati jagone. Amarga jagone kuwi kang bakal bisa jaga awake yen ana wong kang bakal tumindhak ora becik. Kejaba batike ibune kawentar bapake semana uga wis kawentar anggone adu jago.Ora let suwe bapake uga ninggal amarga kaget wong kang wis dipercaya malah mbejani janji. Wong kuwi ora liya ya mung rewange Nyi Ageng dhewe. Amarga dheweke wis kancanan karo Dampo A Wang kang licik. Rewang kuwi di iming-imingi dhuwit akeh. Asale dheweke bisa ngalahke lan ngancurke Nyi Ageng. Krungu warta berita kaya ngana bapake banjur kaget.Sawahe bapake bangkrut lan uripe Nyi Ageng wis ora kaya biyen. Saben dina biyen rasane ayem lan tentrem. Ora kaya saiki saben dina mung tnsah ngalamun jalaran lelakon urip kang lagi ditampa. Kejaba ngana bapake uga wis sepeh lan duweni penyakit kagetan. Dheweke ora ngira lan ora nyangka yen rewange bakal tumindak ora becik. Dheweke padha karo ditulung nanging malah menthung. Nyi Ageng mung bisa sabar lan tabah ngalami urip kang lagi entuk cobaan.
Sawise kedadean kuwi lan sadurunge bapake ninggal, Nyi Ageng diwanti-wanti bapake supaya aja gampang percaya karo wong liya. Jalaran wong liya saiki ora bisa dicekel omongane. Kejaba kuwi uga sering mblenjani janji. Luru wong jujur ora dhek biyen lan ora saiki kuwi pancen angel. Lambe kuwi larang regane. Ajining dhiri gumanthung ing lathi. Nyi Ageng saiki uga seneng dolanan pitik. Ing salah siwijining dina ana saudhagar saka China jenenge Dampo A Wang dhewe kepengin mertamu ing omahe Nyi Ageng, jenenge wis kawentar ing tlatah Pati. Dampo A Wang seneng karo Nyi Ageng amarga ayune kinyis-kinyis wong lanang ngendi kang ora kedanan. Nanging Nyi Ageng ora weruh yen dheweke disenengi. Nyi Ageng dijak adu jago karo Dampo A Wang. Sebenere dheweke kepengin duwe pitik kaya Nyi Ageng kang menangan dhewe. Saben tarung jagone ora tau kalah.Saiki Dampo A Wang wis ngerti Nyi Ageng kuwi senengane adu jago mula dheweke banjur ngajak tarung. Dheweke uga ngerti jago kaya ngapa kang bakal dienggo tarung. Dheweke ngerti saka wong liya kang wis mudheng Nyi Ageng.
Nanging wong kang takoni ora ngerti yen dheweke bakal tumindhak ala karo Nyi Ageng. Nanging ing ngendi wae becik bakal kethithik lan ala bakal ketara. Wong jujur bakal mujur, lan wong gawene ngapusi bakal konangan dhewe.Dampo A Wang sadurunge mertamu ing omahe Nyi Ageng dhewe takon-takon Nyi Ageng. Dhewe kepengin weruh apa kang bisa ngalahke Nyi Ageng. Dhewe yen bisa uga kepengin mboyong Nyi Ageng dadi garwane. Dheweke kuwi licik, biasa wong China ya ngana kae. Dheweke senengane yen tarung ora tau jujur, dheweke mesthi licik lan ana-ana wae alasane. Nanging Nyi Ageng durung ngerti yen musuhe duweni tumindhak kang ala.Wiwit ketemu Nyi Ageng kuwi wis ora seneng. Tindak-tanduke kang ora sopan lan andhap-asor. Kawit pisanan kuwi ora bakal seneng amarga tumindhake kang ngerti unggah-ungguh, lan tata krama. Sing dibanggakake mung negarane dhewe, yen negara China kuwi negara kang paling apik. Ya entuk-entuk wae ngapik-ngapik negarane lan ya pancen ora salah. Nanging mbok ya ndeleng papan panggonane. Wis diunekake salin jaman salin tatanan, salin enggon salin kedhaton. Kuwi rak wis jelas yen ngono kudu ngerti. Ing ngendi wae ana tata krama. Mung wae kudu eling papan siji karo sijine. Desa siji karo desa liyane. Kutha kae karo kutha anu.
Nagara kana karo nagara kene. Ora kabeh padha. Ana tata krama kang mung kanggo ing papan wates. Ana tata krama kang kanggo ing bebrayan umum. Ana tata krama kang wong sejagad. Ngecakake tata krama kuwi kudu empan papan. Ngelingi papane, ngelingi siuasi lan kondhisine. Ora kena digebyah uyah. Ing ngisor iki ana pacelathon antarane Dampo A Wang lan Nyi Ageng “Piye Ageng yen adu jago, jarene jago ngonanmu menang terus.” “Ya, ora papa.”
“Wani tenan apa ora, sajake kok menangan jagone kaya apa ta?”
“Jagone, jago Lurik.”
“Paling-paling musuh jagoku pisan terus kalah.” “Dadi wong kuwi aja kokean sumbar kuwi ora becik.”
“Kuwi rak miturut wong Jawa, nanging yen China rak ya ora ngana kuwi.”
“Ya, mula dakkandhani bener awakmu wong China, nanging saiki awakmu rak neng Jawa.”
“Oalah ngana, ta?” (nanging omongane sajak karo ngece). “Injih.” (dheweke jawabe isih tetep alus).Dampo A Wang bisa nyulap palu dadi pitik keter.
Dheweke ngerti musuh kang bakal diadhepi kuwi ora musuh kang gemen-gemen ntawa baen-baen. Jenenge wis kawentar ing ngendi wae. Mula dheweke kepengin ngalahke supaya Nyi Ageng isin. Jago sing daden-daden kuwi mau pancen kuwat lan bisa diandelke. Wong China kuwi pancen pinter-pinter nanging uga licik. Sapa wae bakal kalah wong pitik musuh palu. Palu kuwi digawe saka wesi. Olehe adu jago kuwi ning tengah sawah. Sepisanan jagone Nyi Ageng kalah amarga jalune wis kena. Dheweke bingung pitik kang gawene menang terus kok bisa kalah. Saben tarung karo sapa wae jagone mesthi menang. Bareng tarung karo Dampo A Wang kok mak klepek. Nanging Nyi Ageng isih durung ngerti apa jalarane.
Jagone saben dina wis dirumat kaya pewelinge bapake. Nanging kok isih bisa kalah. Dheweke gumune ora jamak. Dheweke terus curiga kro Dampo A Wang. Wong China kawi licik-licik lan ora kena dipercaya.Dheweke wedi yen pitik kang didu tarung kuwi ora pitik tenanan. Tegese pitik daden-daden. Ya palu kuwi mau barang kang bisa disulap dadi pitik. Dheweke saiki banjur ngerti saka apa pitike Dampo A Wang kuwi mau. Saking larane Nyi Ageng banjur ngamuk-ngamuk, “Titen nana Dampo A Wang, jebul kaya ngono kuwi tumindak alamu. Wis aku ora mung bisa nyulap palu nanging ganden (palu sing paling gedhe). Tumindakmu kuwi wis pancen ora bisa dingapuro maneh. Wis cukup semene wae lara atiku.” Nyi Ageng banjur nyulap gandhen dadi pitik jago. Jenenge Jago Lurik.Ngerti tumindake Dampo A Wang kaya ngono dheweke banjur mbales apa kang wis dilakoni Dampo A Wang karo dheweke. Adu jago kuwi mau ana wektu sela kanggo leren sedhela. Wektu sedela kuwi digunake Nyi Ageng kanggo nyulap ganden dadi jago sing kuwat. Cengger lan jalune gedhe banget, yen ngantem kena mesthi klenger. Wis pokoke ora tandhingane lan ora ana kang bisa ngalahake. Yen mung trima palu sing disulap ora ana bedane padha wae bedhu.Wektu dheweke kalah, dheweke kaya-kaya ana sing mbisiki kupinge. Lan ana swara, kuwi kaya swarane kang wis tau kenal, kaya suara bapake.
Pancen bener dheweke diwenehi ali-ali sing bisa dinggo nyulap gandhen dadi pitik. Bapake kuwi dadi wong tua sing ngango surban lan nanggo klambi putih. Ali-ali sing diwenehke kuwi bisa dienggo apa wae. Salah sijine yaiku mau bisa dinggo nyulap gandhen (palu sing paling gedhe). Ali-ali kuwi sekti mandra guna. Jagone Dampo A Wang mlayu sadurunge tarung bubar. Cengger lan jalu jagone Dampo A Wang wis kena. Cenggere metu getihe akeh, jalune coklek. Wis pokoke jagone dheweke kalah. Dheweke isin amarga wis sumbar bakal ngalahke musuhe nanging kasunyatane dheweke ora bisa ngalahke Nyi Ageng. Kejaba kuwi dheweke uga isin wong lanang kalah karo wong wadon. Nanging kawit cilik kuwi Nyi Ageng diajari dadi bocah wadon sing wani amarga bener lan wedi amarga salah. Dadi Nyi Ageng wiwit cilik wis kendel.Sajake Dampo A Wang isih dendam karo Nyi Ageng. Dheweke sebenere isih kepengin nduweni Nyi Ageng. Dheweke ora bisa nglaliake Nyi Ageng. Nanging Nyi Ageng tetep nolak amarga wis ngerti tumindhake Dampo A Wang kang ala. Dampo A Wang isih tetep nggudak-nggudak Nyi Ageng. Jarene nganti besuk isih bakalan dienteni. Nyi Ageng bingung, dheweke kapengin lunga saka omah lan lunga ngumbara. Dheweke akhire lunga lan mlaku ngliwati alas-alas.Nyi Ageng lunga saka omah amarga dheweke wii ora duwe sapa – sapa. Wong tuane wis ninggal semana uga sedulur siji-sijine uga wis ora ana.
Dheweke uga kepengin ngadoh saka Dampo A Wang. Saben ketemu dheweke mesthi digudakgudhak Dampo A Wang. Dheweke kepengin lunga supaya ora ketemu Dampo A Wang. Dheweke nanging kancanan karo priya jenengne Demang. Kuwi kancane kawit cilik. Wong tuane biyen uga tau kancanan.Nalika digudak-gudak Dampo A Wang, dheweke ditulungi Demang. Banjur dheweke diajak neng omahe Demang. Supaya Dampo A Wang ora ngeri lan ora ngudak-gudak maneh. Kejaba dheweke mesakake karo Nyi Ageng. Sabenere Demang uga nduweni rasa tresna marang Nyi Ageng. Dheweke ora wani jalaran wedi yen ditolak. Amarga kawit biyen dheweke wis kancanan.Wektu mlaku ing tengah alas, dheweke krungu swara bayi nangis. Bayi nangis kuwi mau arep dipangan macan. Dheweke ora tega banjur bayi kuwi mau ditulungi. Bayi kuwi ngelihen banjur dilurokake panganan. Bayi kang nemu ning alas kuwi lanang diwenehi jeneng “Sopo Nyono”. Tegese kuwi, sopo nyono bayi kuwi isih urip ditinggal ing alas dhewekan nganti arep dipangan macan. Sopo Nyono bayi kuwi saiki wis gedhe lan bagus rupane. Nyi Ageng saiki uripe wis ora dhewekan. Bayi kuwi saiki wis diangkat dadi anake. Mula dheweke saiki uga bingung yen bali ing omahe biyen.
Wong durung duwe bojo kok wis duwe anak. Mengko piye omongane wong ning desa. Dheweke mikir-mikir yen kepengin balik neng omah. Amarga dheweke saiki wis ora dhewekan nanging nduweni batur yaiku bayi sing nemu ing tengah alas. Bareng Dampo A Wang ngerti yen Nyi Ageng lunga saka omah dheweke banjur ngongkon kancane nyamar dadi Nyi Ageng kang palsu lan jahat. Kancane kuwi mau jenenge San Pho Wang. Dheweke banjur teka ing desa lan ngaku-ngaku yen dheweke kuwi Nyi Ageng. Dheweke dikongkon mbuktekake yen dheweke bener Nyi Ageng kang asli mula, dheweke kudu bisa mbatik tulis. Kuwi gawean sing paling abot amarga dheweke ora tau mbatik. Dheweke uga kudu bisa nyritakake kabeh uripe wiwit cilik nganti gedhe. Dheweke bingung lan ora mudeng apa-apa.Pagawean kang abot kuwi wis bisa digarap dheweke nyulap kain dadi batik tulis. Dheweke mbuktekake yen bisa nggawe batik tulis. Dheweke uga bisa mangsuli apa wae sing ditakonke wong desa marang dheweke. Bisa nyritakake uripe awit cilik nganti gedhe. Dheweke bisa weruh kabeh amarga diduduhke Dampo A Wang. Nanging saiki dheweke ora sanggup nyamar dadi wong apik. Jalaran Nyi Ageng kuwi tindak-tanduke apik. Ora kaya dheweke sing jahat ora duwe ati. Tega lan mentala karo sapa wae. Dheweke uga ora tau mikirke wong liya.Saiki dheweke njaluk bayaran, jalaran dheweke wis nglakoni kaya apa sing diperintahke. Bareng dheweke ngerti Nyi Ageng sing asli rupane kaya apa.
Dheweke banjur seneng dhewe karo Nyi Ageng. Loro karone malah seneng karo Nyi Ageng kabeh. Antarane Dampo A Wang lan San Pho Wang banjur seneng karo Nyi Ageng kabeh. Dheweke njaluk supaya Nyi Ageng bisa dadi duweke. Nanging Dampo A Wang ora trima yen dheweke njaluk kuwi. Dampo A Wang kawit biyen uga wis seneng karo Nyi Ageng. Nanging nganti saiki durung bisa duweni. Tresnane nganti kepati-pati karo Nyi Ageng. Nyi Ageng kuwi wira amarga dheweke sing bisa jaga Bakaran saka wong-wong sing pengin nguasani desa Bakaran. Nyi Ageng kuwi bener-bener bocah wadon sing pinter, sabar lan apik ati. Mula pancen bener yen wong lanang padha seneng marang dheweke. Kejaba ayu rupane uga ayu atine. Nanging dheweke durung seneng urip bebrayan karo wong lanang amarga wong akeh lanang kang padha ugal-ugalan. Wong lanang kang apik bisa dietung nganggo driji. Sing ngenteni lan kang nglamar nganti teka lunga. Pokoke jodho, pathi, lan rejeki kabeh kuwi ana sing ngatur. Kabeh mau diatur Gusti kang Maha Kuasa. Akhire Nyi Ageng kang asli wis bali ning desane, karo nggawa bayi. Dheweke banjur ceritake yen nemu bayi saka alas. Wong-wong wis padha percaya. Banjur San Pho Wang kuwi mau ketruduk yen dheweke Nyi Ageng palsu. Dheweke banjur njaluk ngapura lan ngaku yen kang kongkon kuwi mau Dampo A Wang.
Dheweke banjur dihukum nanging hukumane luwih ringan jalaran dheweke gelem jujur. Kabeh mau dhalange Dampo A Wang. Nyi Ageng lan wong kampung kabeh ngukum Dampo A Wang. Jalaran dheweke kang marai gawe ontran-ontran lan geger gember. Dampo A Wang kuwi pancen musuh sing licik.Nyi Ageng duwe kanca jenenge Demang sing tau seneng dheweke nanging ora wani kandha. Wong loro kawit cilik wis kancanan. Wong tuane uga kancanan. Mula dheweke wis akrap karo kluargane Demang. Akhire Demang wani nglamar Ageng lan lamaran mau uga ditampa Ageng. Amarga wong loro kuwi padha tresnane. Demang banjur critake kabeh kang ana ning jero isi atine marang Nyi Ageng. “Ageng sebenere awit biyen aku wis seneng awakmu.” “Semana uga aku kangmas.” “Aku ora wani kandha jalaran biyen kene tau kancanen.” “Banjur…!” “Aku wedhi nek mbok tolak, lan mung mbok anggep kanca biasa lan hubungane kene ora bisa luwih saka kanca.” “Saiki terus banjur piye?” “Ngene lho wong ayu, apa awakmu gelem tak lamar lan urip bebrayan bareng karo aku.” “Injih kangmas, Ageng purun.”Kabeh usahane kuwi jebule ana kang ngewangi. Kancane Nyi Ageng kang wiwit cilikane wis seneng karo tindak-taduke Nyi Ageng. Jaka kuwi jenenge Demang. Bocahe kuwi gedhe dhuwur lan bagus rupane. Dheweke uga ngerti yen Ageng nemu lan didadekake anan angkat. Dheweke gelem nampa Ageng apa anane. Saka kuwi Ageng uga tresna marang Demang lan nampa lamarane. Dheweke banjur kawinan lan didadekake demang ing desa, jalaran pantes karo jenenge.
Demang kuwi priya kang bakal bisa njaga Ageng lan tanggung jawabe gedhe.Dampo A Wang saking lara atine amarga ora ditampa lamarane. Mula dheweke banjur ngobong alas nganti entek resik. Banjur Nyi Ageng jenengake desa kuwi dadi desa Bakaran. Jalaran asale saka obong-obongan lan bakar-bakaran. Amarga alas kuwi mau amba banget mula dibagi dadi loro. Bakaran Wetan lan Bakaran Kulon. Bakaran Wetan kuwi bisa digawe dadi sawah. Semana uga Bakaran Kulon bisa digawe dadi tambak. Loro karone bisa ngasilake pangan lan iwak. Dheweke uga kepengin nguasai desa bakaran kang panggonane cedhak karo segara lan pelabuhan. Dheweke kepengin nguasai usaha perdagangan. Pelabuhan kuwi kang bisa nggabungke bandhar-bandhar gedhe kaya ing kutha Semarang. Bakaran biyen akeh kang kepengin nguwasai kejaba cedhak segara uga ana sawahe. Nanging saiki sawah ing Bakaran wis dadi tambak kabeh. Nyi Ageng pundene ning Bakaran Wetan. Bakaran Kulon kuwi pundene sing lanang yaiku Mbah Demang. Jenenge yen digandheng dadi Mbah Demang, Nyi Ageng. Kaya ngana kuwi critane desa Bakaran kang nganti saiki isih wutuh kaya ngana. Mlebu pundhen kuwi sandale kudu dicopot. Saben ana mantenan lan bayi lahir kudu diubengke pundhen.
Kuwi kanggo duduhake marang Mbah Demang, Nyi Ageng yen ana anak putune kang anyar. Kuwi kudu diubengke yen ora mula bisa cilaka kabeh. Pundhen kuwi mau bisa kanggo nyekar. Desa Bakaran kuwi akeh tradhisine lan larangane. Kuwi diturunake Nyi Ageng lan saanak putune sing urip ing Desa Bakaran. Ing desa Bakaran uga tau ana wong kuwi uripe pas-pasan. Jenenge Parmin dheweke nyambut gawe lunga menyang lampung. Dheweke ning kaya digudak-gudak macan. Dheweke mulih ning Bakaran maneh omonge jalaran ora krasan. Nanging dheweke tau diweruhi wong tua nganggo klambi lan surban putih supaya jupuk lemah saka pundhen Bakaran. Lemah kuwi dikonkon buntel nganggo mori putih lan dikongkon nggawa ing Lampung. Kabeh kuwi kanggo bukti marang Danyang Bakaran. Saiki uripe kepenak, uga wareg sandhang lan pangan.

CURUG SONGGOLANGIT
Ana jaka saka desa Tunahan kang kesengsem karo cah wadon ayu saka dukuh Sumandhing, desa Bucu kecamatan Bangsri. Desa Tunahan lan desa Bucu dipasah dening kali ing tengah-tengahe.Jaka lan cah wadon mau akhire daup. Ing jman biyen wong lanang kang nglamar wong wadon kudu gawa piranti pawon kaya ta: wajan, piring, gelas lan liya-liyane, sarta gawa kewan kaya ta: sapi, kebo, wedhus, lan liya-liyane.Nalika esuk-esukcah wadon mau arep nyiapke sarapan kanggo bojone. Nalika nyipke sarapan cah wadon mau ora ngati-atisaengga piranti pawon mau kemlonthang.
Ibune cah wadon mau ngandhanianake: “aja glondhangan mengko mundhak bojomu tangi”. Nanging bojone mau salh krungu “kerja kok glondhangan, rumangsamu barange bojomu”. Bojone mau atine kesinggung karo omongane maratuwane mau. Ing tengah wengi pasangan mau lunga saka omah. Wong loro mau arep lunga ning omahe sing lanang. Wong loro mau numpak pedati sapi.Dalan kang peteng dadeake pedati mau salh dalan, saengga pedati nyemplung jurang kang jero (saiki curug songgolangit) lang akhire dadeake penganten mau ilang.Crita iku turun-temurun ing masyarakat kang akhire dadi pantangan kanggo wong-wong saka desa Tunahan lan desa Bucu ora oleh daup amarga sumelang yen mengko rumah tanggane ana masalah.

Kalendher Jawa
Kalendher Jawa kuwi dietung miturut saka peredharane mbulan, kaya kalendher Islam. Kalendher liya ana sing dhasare saka lakune srengenge. Miturut sajarah, sadurunge bangsa Hindhu teka ing Tanah Jawa, wong Jawa wis duwe kalendher dhewe kang diarani Pranata mangsa, kang dadi paugerane para among tani. Pranata mangsa iki adhedhasar peredharane rembulan (Komariah). Wiwitane pranata mangsa mung dumadi saka 10 mangsa, lan sawise tanggal 10 April yakuwi pungkasane mangsa kasapuluh banjur nunggu mangsa pisanan (Kasa utawa Kartka) yakuwi ing tanggal 22 Juni. Mangsa nunggu mau kesuwen saengga ditetepake mangsa ka sewelas (Destha utawa Padrawana)) lan karolas (Sadha utawa Asaji) saengga genep dadi rolas sasi.
.Kalendher Saka diwiwiti tanggal 15 Maret taun 78 Masehi. Taun Saka padha karo Taun Masehi yakuwi didhasarake saka peredharan srengenge (Syamsiah). Kalendher Saka uga merang sataun dadi 12 sasi padha karo kalendher Pranata mangsa lan kalendher Masehi. Wiwit dina Jemuwah Legi tanggal 1 Sura taun Alip 1555, trep karo tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriah utawa tanggal 8 Juli 1633, kalendher Pranata Mangsa diowahi dening Sultan Agung lan dijumbuhake karo kalendher Hijriah (Kalendher Islam).

Dina ing kalendher Jawa
Jeneng Dina
Cacahing dina ing kalendher Jawa (Saptawara) uga ana pitu kayadene ing kalendher Masehi lan Hijriah, mung pocapan lan cara panulisane wae kang rada beda, yakuwi Ngaat, Senen, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah lan Setu. Jroning petungan Jawa, saben dina nduweni sipat utawa watek dhewe-dhewe. Dina Ngaat, wateke samudana, tegese seneng imba-imba, dina Senen wateke samuwa, tegese kudu apik kabeh pakaryan, dina Selasa wateke sujana, tegese sarwa ora percaya, dina Rebo wateke sembada, tegese sarwa kuwat lan manteb, dina Kemis wateke surasa, tegese seneng mikir jero, dina Jemuwah wateke suci, tegese resik tingkahlakune, dene dina Setu wateke kasumbung, tegese seneng pamer.
Arane dina ana ing kalendher Jawa lan padhanane ing basa Jawa kuna, basa Indonesia lan basa Arab kaya kasebut ing tabel ngisor iki:
Tabel dina Jawa, Indonesia lan Arab/Islam | ||||
Jeneng dina Jawa anyar | Jeneng dina Jawa kuna | Jeneng dina Indonesia | Jeneng dina Arab/Islam | Solah bulan marang bumi |
Ngaat/Minggu | Adite | Minggu | Ahad | Meneng |
Senen | Soma | Senin | Itsnayn | Maju |
Selasa | Hanggara | Selasa | Tsalaatsa | Mundur |
Rebo | Buda | Rabu | Arba'a | Mangiwa |
Kemis | Respati | Kamis | Khamiis | Manengen |
Jemuwah | Sukra | Jum'at | Jum'aat | Munggah |
Setu | Tumpak | Sabtu | Sabt | Tumurun |
Dina Mulya
Kabudayan Jawa ngurmati dina-dina kang dianggep mulya utawa wigati. Ing dina-dina iki sawetara masarakat Jawa isih mengeti kanthi manembah marang Gusti kang gawe urip. Dina mulya cacahe ana lima, yakuwi:
- Siji Sura, minangka dina pisanan (taun anyar) ing kalendher Jawa. Sawetara masarakat ngayahi panyucen dhiri kanthi adus ing kali, sendhang, segara, utawa ing ngomah lan sawengi muput ora turu. Sawetara masarakat liyane nanggap lan nonton wayang kulit lan liyane ana uga kang ziarah menyang panggonan suci lan nglakoni tapabrata utawa medhitasi. Tanggal siji Sura uga wektu kang becik kanggo ngresiki pusaka, kaya keris, tumbak lsp.
- Aboge, cekakan saka Alip (taun pisanan) - Rebo (Buda) - Wage (dina pungkasan ing pasaran). Ing dina Aboge iki dipercaya tumuruning "Wahyu Manuswa", ing ngendi manungsa wiwit duwe isin, beda karo kewan.
- Daltugi, cekakan saka Dal (taun kalima: Dal) - Setu (tumpak) - Legi (dina pasaran kaloro). Ing dina Daltugi iki dipercaya tumuruning "Wahyu Suryaningrat" utawa "Wahyu Jalma", mengeti ananing wong lanang.
- Hanggara Asih, yakuwi dina Selasa Kliwon, dipercaya tumuruning "Wahyu Cakraningrat" utawa "Wahyu Jatmika", kanggo nata donya.
- Jemuwah Legi (Sukra Manis) utawa Dina Purnama, kang tegese pepak. Para wanita wiwit nglairake jabang bayi.
Pasaran
Saliyane dina, ing kalendher Jawa ana petungan pasaran (pancawara) kang cacahe ana lima yakuwi Pahing, Pon, Wage, Kliwon lan Legi. Miturut petungan Jawa, saben dina pasaran duwe watek dhewe-dhewe, yakuwi Pahing wateke melikan tegese seneng marang barang kang katon, Pon wateke pamer, tegese seneng mamerake kang didarbeni, Wage wateke kedher utawa kaku atine, Kliwon wateke micara yakuwi seneng nggubah basa, lan Legi wateke komat utawa sanggup nampa werna-werna kahanan. Kanggo cethane jeneng pasaran, makna lan parape kagambarake tabel ing ngisor iki:
Tabel pasaran | ||
Pasaran | Makna | Patrap |
Pahing | Pait | Madhep |
Pon | Petak | Sare |
Wage | Cemeng | Lenggah |
Kliwon | Asih | Jumeneng |
Legi | Manis | Mungkur |
Jeneng Wulan
Cacahing wulan ana ing kalendher Jawa kuwi ana 12, nanging jeneng lan puterane ora padha karo kalendher Masehi, amarga diitung miturut peredharanne bulan. Yen dipadhakake karo kalendher Masehi, saben tahun ana geseh watara 11 dina.
Tabel wulan Jawa lan wulan Islam | |||||||
Jeneng wulan Jawa | Jeneng wulan Islam | Jeneng Jawa kuna | Makna | ||||
Sura | Muharram | Warana | Rijal | ||||
Sapar | Safar | Wadana | Wiwit | ||||
Mulud | Rabiul awal | Wijanga | Kanda | ||||
Bakdamulud | Rabiul akhir | Wiyana | Ambuka | ||||
Jumadilawal | Jumadil awal | Widada | Wiwara | ||||
Jumadilakhir | Jumadil akhir | Widarpa | Rahsa | ||||
Rejeb | Rajab | Wilapa | Purwa | ||||
Ruwah | Sya'ban | Wahana | Dumadi | ||||
Pasa | Ramadhan | Wanana | Madya | ||||
Sawal | Syawal | Wurana | Wujud | ||||
Sela | Dzulkaidah | Wujana | Wusana | ||||
Besar | Dzulhijjah | Wujala | Suwung |
Umur saben sasi (wulan) ing kalendher Jawa beda-beda, yakuwi ana kang umur 29 dina lan ana kang umur 30 dina . Klompok kasiji dumadi saka taun kapisan (Alip), katelu (Jimawal), kaenenm (Be) lan kapitu (Wawu), klompok kaloro dumadi saka taun kaloro (Ehe), kapapat (Je) lan kawolu (Jimakir), dene klompok katelu dumadi saka taun kalima (Dal). Kanggo luwih cethane pirsani tabel ing ngisor iki:
Tabel umur utawa cacahing dina ing Taun Jawa Kurup Arbangiyah (Kalendher Sultan Agung) | |||||||||
Jeneng wulan Jawa | Jeneng wulan Islam | Taun Jawa 1,3,6,7 | Taun Jawa 2.4.8 | Taun Jawa 5 | |||||
Sura | Muharram | 30 | 30 | 30 | |||||
Sapar | Safar | 29 | 29 | 30 | |||||
Mulud | Rabiul awal | 30 | 30 | 29 | |||||
Bakdamulud | Rabiul akhir | 29 | 29 | 29 | |||||
Jumadilawal | Jumadil awal | 30 | 30 | 29 | |||||
Jumadilakhir | Jumadil akhir | 29 | 29 | 29 | |||||
Rejeb | Rajab | 30 | 30 | 30 | |||||
Ruwah | Sya'ban | 29 | 29 | 29 | |||||
Pasa | Ramadhan | 30 | 30 | 30 | |||||
Sawal | Syawal | 29 | 29 | 29 | |||||
Sela | Dzulkaidah | 30 | 30 | 30 | |||||
Besar | Dzulhijjah | 29 | 30 | 30 |
Cathetan: Tabel iki isi cacahing dina ing Kurup Arbangiyah (ABOGE) sing diwiwiti dina Rebo Wage tanggal 1 Sura Taun Alip 1747 windu Kuntara, wuku Kulawu nganti dina Senen Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi. Kanggo cacahing dina saben sasi ing kurup liyane, pirsani Kurup
Jeneng Taun
Taun Jawa cacahe ana wolu lan ditata jroning siklus wolung taunan kang disebut windu. Siklus wolung taunan kang diarani windu iki ana patang golongan, yakuwi: windu Adi, windu Kuntara, windu Sengara lan windu Sancaya.
Ana sawetara ciri wigati jroning pranatan taun Jawa, yakuwi: Nguri-uri kabudayan asli Jawa kayadene pawukon kanggo tandha pranatan wektu (klairan lan sapanunggalane), sarta Primbon lan petungan Jawa liyane. Bisa nglestarekake kabudayan Hindhu kang sugih bab kasusastran lan seni lan atusan taun ngrenggani kabudayan Jawa, uga nyelaraske karo petungan Arab kayadene penanggalan Hijriyah kanggo nggampangake mengeti dina-dina riyaya lan ibadah Islam. Jeneng taun kang luwih spesifik yakuwi yen tanggal 1 Sura tiba ing dina Jemuwah, dijenengake taun Sukraminangkara (taun urang), wateke: sithik udan. Yen tiba dina Setu, dijenengake taun Tumpak-maenda (taun wedhus), wateke: sithik udan. Yen tanggal 1 Sura tiba dina Ngaat, dijenengake taun Ditekalaba (taun klabang), wateke: sithik udan. Yen tiba dina Senen, dijenengake taun Somawertija (taun cacing), wateke: sithik udan. Yen tiba dina Selasa, dijenengake taun Anggarawrestija (taun kodok), wateke: akeh udan. Yen tiba dina Rebo, dijenengake taunBuda-wiseba (taun kebo), wateke: akeh udan. Yen tiba dina Kemis, dijenengake taun Respati-mituna(taun mimi), wateke: akeh udan.
Jeneng lan umure taun Jawa kaya kang kasebut ing ngisor iki:
- Alip (Purwana), umure 354 dina
- Ehe (Karyana), umure 355 dina (lawas), 354 dina (anyar)
- Jimawal (Anama), umure 354 dina
- Je (Lalana), umure 354 dina (lawas), 355 dina (anyar)
- Dal (Ngawanga), umure 355 dina
- Be (Pawaka), umure 354 dina
- Wawu (Wasana), umure 354 dina
- Jimakir (Swasana), umure 355 dina
Kurup
Kurup kuwi wektu sing lawase 120 taun. Saben satus rongpuluh taun genti kurup. Jeneng kurup antara liya:
- Kurup Jamingiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Jemuwah.
- Kurup Kamsiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Kemis.
- Kurup Arbangiyah utawa dikenali kanthi jeneng kurup ABOGE (Alip Rebo Wage). Kurup iki diwiwiti dina Rebo Wage tanggal 1 Sura Taun Aip 1747 windu Kuntara , wuku Kulawu lan rampung ing dina Senen Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya, utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi.
- Kurup Salasiyah Pon utawa dikenal kanthi jeneng kurup Asapon (Alip Selasa Pon) sing diwiwiti tanggal 1 Sura dina Selasa Pon taun Alip 1867 , Wuku Langkir, Windu Adi utawa tanggal 24 Maret 1936 nganti dina Ahad Legi tanggal 29 Besar taun 1986 Jimakir, Wuku Kulawu, Windu Sangara utawa tanggal 25 Agustus 2052 Masehi.
- Kurup Isneniyah sing diwiwiti dina Senen Pahing tanggal 1 Sura taun Alip 1987 wuku Kulawu utawa tanggal 26 Agustus 2052 Masehi, nganti dina Setu Kliwon tanggal 29 Besar taun Jimakir 2106 wuku Kuningan utawa tanggal 28 Januari 2169 Masehi.
- Kurup Akadiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Ngaat.
- Kurup Sabtiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Setu.
Referensi
- Upacara Pengantin Jawa, Dr. Purwadi, M.Hum. lan Dra. Enis Niken H., M.Hum, Penerbit Panji Pustaka Yogyakarta, 2007. ISBN 979-25-2725-9.
- Joglosemar:Javanese Calendar and its Significance to Mystical Life
- Ritual pengetan Siji Sura ing sawetara panggonan
- Blog Semaransanta
- Umur anyar sawise dijumbuhake karo penanggalan Hijriah
- Penanggalan Jawa 120 Tahun Kurup Asapon dening H. Danudji, Dahara Prize, Edisi Pertama 2006, ISBN 979-501-454-4
- Sirus Ki Demang: Penanggalan Jawa
http://jv.wikipedia.org/wiki/Kalendher_Jawa
Langganan:
Postingan (Atom)