Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
Lamaran
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Lamaran pengantenan
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
Siraman
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
Midodaren
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.
Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.
Ijab kabul
Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.
Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.
Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.
Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.
Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.
Senin, 01 Februari 2010
CRITA PASUJUDAN SUNAN BONANG
Pasujudan Sunan Bonang kuwi manggon ing desa Bonang, Kecamatan Sluke, kabupaten Rembang. Persise manggon ing sangarepe pesisir Binangun. Yen arep rono kudu munggah dhisik amarga panggonane dhuwur. Pasujudan Sunan Bonang kuwi wujude watu sing ana tipak sujudane Sunan Bonang. Miturut critane masyarakat kono, pasujudan Sunan Bonang kuwi ndhek biyene watu sing dikanggo sujud Sunan Bonang kanggo nyedhakke panjenengane karo Gusti Allah. Sujude Sunan Bonang kuwi suwe banget saengga watu kuwi nipak palarapane Sunan Bonang. Saiki pasujudan Sunan Bonang kuwi dikeramatake dening masyarakat sekitar kono.
Panggonan kuwi dipercaya dadi panggonan sing mustajab kanggo njaluk pitulungan marang Gusti Allah. Sekitar 300 meter saka pasujudan Sunan Bonang uga ana makame Sunan Bonang.Ing komplek pasujudan Sunan Bonang kuwi uga ana makame Putri Cempa, watu layar, lan pandhe sing uga duwe sejarah dhewe-dhewe. Ing ngarepe pasujudan Sunan Bonang ana wit sing miturut critane msyarakat kono, wit kuwi ndhek biyen yaiku pancingan utawa piranti sing dikanggo mancing Sunan Bonang sing ditancepake ning lemah, banjur suwe-suwe dadi wit. Nanging saiki wit kuwi wis ora ana.Makame Putri Cempa kuwi uga duwe sejarah. Putri Cempa kuwi putri Cina sing gandrung marang Sunan Bonang. Ananging tresnane marang Sunan Bonang ora keturutan. Sunan Bonang ora tresna marang Putri Cempa. Kanggo bukti tresnane, Putri Cempa lila ngenteni Sunan Bonang sujud. Putri Cempa ngenteni sujude Sunan Bonang tekan sedane. Banjur dimakamake ing sisihe pasujudane Sunan Bonang. Saiki makame Putri Cempa dikanggo wong-wong donga jaluk petunjuk marang Gusti Allah kanggo milih pasangan urip. Wong-wong percaya yen donga neng kono bakal entuk petunjuk dening Gusti Allah.Watu layar uga duwe sejarah. Watu layar kuwi wujude watu tipis lan amba kaya layar. Miturut crita, Watu layar kuwi mbiyen kedadeyan saka layar kapale Sunan Bonang sing kerep dikanggo dagang. Layar kapal mau pisah saka kapale. Kapale mau tugel, banjur dadi Gunung Bugel, yen layare mau banjur dadi watu. Banjur watu mau dijenengake watu layar amarga bentuke pancen kaya layar.Ing sekitar pasujudan Sunan Bonang uga ana pandhe. Pandhe kuwi wujude kaya gong. Nanging pandhe kuwi jaraang ditokake, menawa wae disinggahake dening juru kuncine. Miturut kepercayaane masyarakat Bonang, pandhe mau bakal muni dhewe upama arep ana bebaya ing wilayah kabupaten Rembang. Yen upama arep ana tsunami ing kabupaten Rembang, Pandhe kuwi bakal muni dhewe tanpa ana sing nuthuk. Pandhe mau anduweni paedah menehi peringatan dening masyarakat Rembang upama arep ana bebaya supaya masyarakat Rembang ati-ati.

CERITA RAKYAT DARI DEMAK
LEGENDA DESA BONANG
Kedadeyan prastawa iki nalika masa kerajaan Demak. Kurang luwihe critane yaiku miturut wong tuwa nalika masa kerajaan Demak, Sunan Bonang entuk undangan saka Raden Patah, pendiri kerajaan Demak sing sakdurunge njabat dadi Bupati Demak. Sunan Bonang nindakake perjalanan kanthi liwat dalan laut lan darat. Perjalanan lewat laut diadani kanthi numpak prau. Sunan Bonang uga salah sijine wali sanga sing nyiarake ajaran islam ing tanah jawa.Sunan Bonang uga kalebu wong sing duweni ada-ada arep ngedegage kraton lan Masjid Demak. Ana ing perjalanan darat, Sunan Bonang ketemu karo pemuda sing jenenge Raden Said ing alas Jatiwangi.
Raden Said diusir karo wong tuwane saka kadipaten tuban amarga konangan seneng ngrampok bandhane tuan tanah lan hartawan sing sugih . bandha rampokan mau banjur dibagiake karo fakir miskin. Masyarakat nyebut dheweke Brandal Lokajaya. Ing kana Sunan Bonang dicegat karo Raden Said arep dirampas bandhane, nanging Sunan Bonang namung nggawa teken sing gagange digawe saka emas.Sakwise cedhak, Raden Said ngadhang jangkahe Sunan Bonang sing ngganggo klambi jubah putih. “Wong tuwa, ketoke kowe ora wuta. Kowe uga isih kuwat mlaku, kenapa kowe ndadak nggawa teken?” pitakone Raden Said.“Nganggo teken iki aku ora bakal kesasar meskhi aku mlaku nang dalan sing peteng.” Jawabe wong tuwa iku. Nanging saiki isih padang, yen tanpa tongkat iku kowe isih isa mlaku apik.” Bantahe Raden Said. Wong tuwa iku mandeng Raden Said. Praupane ngetokake sifat welas asihe nanging pribadine agung lan wibawa. “Tongkat iku pegangan, wong urip utawa mlaku kudu duweni cekelan supaya ora mlaku neng dalan sing nyesatake.” Kandane wong sing berjubah putih.“Aku pengen weruh tekenmu,” Kandhane Raden Said.“Saka weruh isa nuwuhake rasa pengen duweni. Ora apik duweni nggene wong liya.” Kandhane wong sing berjubah putih.Tanpa ngomong Raden Said ngrebut teken iku nganti wong ngganggo jubah putih iku tiba ndeprok ana ing lemah. Raden Said ndeleng teken kuwi, aneh, teken sing asale gagange emas maleh dadi kayu biasa. Sawetara Sunan Bonang susah payah ngadheg karo ngetokake eluh wong sing ngganggo jubah putih iku nangis. Raden Said tambah gumun.“Aja nangis wong tuwa, iki tekenmu tak balekake.” Kandane Raden Said karo ngulungake teken sing dicekeli.“Aku ora nangis amarga tekene kok rebut, nanging aku ngrasa nyesel lan dosa. Karana aku tiba lan ora sengaja aku njabut suket sing ora salah.” Kandhane wong sing berjubah putih.“Mung suket sagagang kowe ngrasa dosa?” Pitakone Raden Said.“Suket uga makhluke Gusti Allah. Aku njabut suket iki tanpa ana gunane, yen aku njabut kanggo pakan ternak ora apa nanging yen kanggo tak sia-sia iku dosa.”Raden Said kaget krungu ucapan filosofis iku. “Napa kowe tega tindhak kasar karo wong tuwa.”“Aku pengen bandha.” Jawabe Raden Said.“Kanggo apa?” Pitakone wong berjubah putih.“Arep takwenehake karo fakir miskin.” Jawabe Raden Said.“Apik niatmu, nanging cara sing kok anggo iku salah, omonge wong sing Berjubah putih.“Apa maksudmu?”“Allah seneng karo barang apik lan mung nerima amal saka barang sing apik lan halal.” Jawabe wong sing berjubah putih. Raden Said tambah kaget krungu ucapan iku. “Jelase, Allah ora nrima sedekah sing haram. Dadi sia-sia sedekah sing kok wenehake saka hasil ngrampok saksuwene iki. Yen kowe pengen bandha. Iki njupuken! Iki bandha halal!” ngomong kaya kana wong berjubah putih kuwi karo nuduhake wit aren. Saknalika wit mau dadi emas. Pange, godhonge, wohe, lan sakabehane dadi emas. Raden Said ngerahake ilmune. Dheweke ngira yen wong tuwa mau ngerahake ilmu sihire. Yen wong tuwa iku ngerahake ilmu sihir mula nganti gampang dheweke isa nangkal. Nanging dheweke kecele. Wong tuwo mau ora ngetokake ilmu sihire. Wit kuwi bener-bener wis maleh dadi emas.Raden Said gumun, dheweke nyoba menek wit iku, arep njupuk wohe sing cemlorot. Durung nganti tekan dhuwur wohe wis padha rontok nibani sirahe nganti Raden Said semaput. Nalika Raden Said sadar. Wit aren mau mbalik asal. Wohe sing mau rontok warna emas maleh dadi ijo kaya woh aren biasane. Raden Said celingukan, nggoleki wong tuwa berjubah putih sing mau ngrubah wit aren dadi emas. Nanging tuwa mau wis ora katon maneh. Sadar Raden Said yen wong tuwa mau iku sakti sing duweni ilmu tinggi. Bokmenawa golongan para ulama’ utawa para wali. Saknalika Raden Said nggudhag wong tuwa mau. Dheweke kepingin dadi muride.Sakwise ngerahake tenagane dheweke lagi isa weruh bayangane wong tuwa iku saka adohan. Wong tuwa iku alon olehe mlaku, nanging Raden Said durung isa nyusul. Sakwise nafase arep entek, raden said lagi isa nyusul wong tuwa iku ing pinggir kali. “Ana apa kowe nyusul aku?” Pitakone wong tuwa iku.“Gelema kirane kowe nrima aku dadi muridmu.” Omonge Raden Said.Wong tuwa iku ora liya yaiku Sunan Bonang sing gelem nrima Raden Said dadi muride. Nanging raden Said kudu ngliwati ujian kasetyan. Sunan Bonang nancepake tekene ing pinggir kali. Raden Said diperintah nunggu teken iku. “Sanggup kowe nrima syarat iki?” Pitakone Sunan Bonang.“Sanggup Kanjeng Sunan.” Jawabe Raden Said. Sunan Bonang nerusake lakune menyang Masjid Demak. Bali Raden Said kaget weruh Sunan Bonang mlaku ing dhuwur banyu kaya mlaku biasa ing daratan. Tambah mantep niate Raden Said berguru karo Sunan Bonang. Bareng nyabrang kali Sunan Bonang nerusake lakune.Saksuwene mlaku Sunan Bonang nduweni niat arep ngaso, ana ing papan ngasone Sunan Bonangkrungu ana wong sing lagi dolanan bonang. Sebab ing pemukiman iku akeh pengrajin sing padha nggawe bonang saka kuningan, salah sijine perangkat gamelan sing digunakake nggiringi musik ana ing pagelaran ringgit. Wiwit wektu kuwi desa kasebut dikenal kanti jeneng bonang nganti saiki.Ing bonang uga ngadeg masjid, masjid kuwi miturut crita adhike Masjid Demak. Ngadege Masjid Al-Karomah kuwi aga ana campur tangane Sunan Bonang, nalika ngaso ing pemukiman kana, wancine shalat dzuhur, Sunan Bonang arep shalat, nanging ora ana Masjid. Ing kana Sunan Bonang ngajak para warga bareng-bareng ngedegake Masjid lan dadi Masjid Al-Karomah iku.Al-kisah, Sunan Bonang lali karo Raden Said sing dikon nunggoni tekene ing pinggir kali. Iku wis lumaku nganti wulan-wulanan suwene malah ana sing nyebutake taunan. Sakwise iling Sunan Bonang bali nemoni Raden Said. Sunan Bonang pengen weruh apa raden said setya nunggu tekene. Sunan Bonang kaget sakwise weruh Raden Said sing tetep setya nunggu tekene ing pingir kali nyambi semedi. Miturut sumber liya Raden Said donga marang Gusti supaya diturokake kaya gusti nurokake pitu pemuda ing Goa Kahfi taunan suwene.Dongane raden Said dikabulake. Dheweke isa turu taunan saengga awake dirambati oyot lan godhong wit-witan. Suna Bonang lagi isa nangekake sakwise ngetokake suara adzan. Cara liya ora isa kanggo nangekake Raden Said. Sakwise raden said tangi dheweke diajak nang panggonane Sunan Bonang. Nang kana dheweke diwenehi pelajaran agama tingkat tinggi. Amarga saka keuletane Raden Said dheweke isa marisi kabeh ilmu Sunan Bonang. Karana Raden Said tau tapa utawa turub ana ing pinggir kali taunan sakwise dadi wali, dheweke disebut Sunan Kalijaga. BAju takwa, Perayaan sekaten, Grebeg MAulud, Layang Kalimasada, lakon wayang Petruk dadi Raja, kuwi kabeh ciptaane Sunan Kalijaga.

CERITA MBAH ADEG WIDURI
(DUMADINE DESA BALERAKSA)
Desa Baleraksa yaiku salah sijine desa sing ana ing wilayah Kecamatan Karangmoncol, Kabupaten Purbalingga. Jaman biyen ana cerita saka wong tuwa, sing teka lan urip neng desa kuwi. Jenenge Syeh Maulana Pandansari, sing asale saka negara lor. Syeh Maulana Pandansari nggawe gubug neng tengah alas dhewekan. Gubug kuwi gendheng lan pagere saka suket. Sawise Syeh Maulana Pandansari urip dhewekan neng alas, dumadakan kepethuk karo wong wadon ayu sing jare asale padha karo dheweke. Wong loro padha senenge. Awit wong wadon ayu kuwi teka neng alas, dadi ana wong loro sing manggon neng alas. Nanging isih urip ing gubuge dhewe-dhewe.
Bareng wis suwe wong loro mau akhire padha sepakat urip bebarengan neng alas. Puluhan taun wong loro kuwi urip neng alas karo anak-anake. Nembe sawise anak-anake padha duwe bojo, ana wong anyar teka, mula alase kuwi dadi tambah rame. Akhire dadi desa sing dijenengi desa Karanggedhe. Syeh Maulana Pandansari kuwi wong sing sekti, ora bisa mati senadyan kena kapak utawa geni. Wektu kuwi akhire Syeh Maulana Pandansari didadekake lurah. Bareng karo ramene Desa Karanggedhe, wektu kuwi uga ana Desa saka Adipati Kertanegara. Adipati Kertanegara mrentah marang Ki Guntur Karangringin. Sawise puluhan taun suwene, akhire Desa Karanggedhe dadi amba. Syeh Maulana Pandansari wong sing sekti, wektu kuwi ana woro-woro Geni supaya nyebarake woro-worone. Woro-woro kuwi kaya mangkene unine, “Sapa bae sing bisa nyekel Kebo Edan, sing senenge ngamuk lan ngrusak apa bae ing sekitare arep didadekake mantune. Dijodhokake karo anak wadone sing ayu banget lan arep diangkat dadi Adipati Kertanegara nggantekake pangkate adipati sing saiki.” Syeh Maulana Pandansari mrentah marang Ki Guntur Geni maksude kanggo mbiyantu wong-wong Kertanegara sing lagi kena mala petaka saka amukane Kebo Edan. Syeh Maulana Pandansari ora duwe pikiran ndadikake abdine dadi adipati ing Kertanegara. Kabeh wis dilakokake nanging wong-wong Kertanegara ora ana sing bisa ngalahake Kebo Edan, malah Kebo Edan kuwi saya ngamuk. Sawise diwenehi sangu lan wejangan, Ki Guntur Geni mangkat neng Kertanegara arep mbiyantu wong-wong Kertanegara sing lagi sengsara. Ki Guntur Geni mangkat neng Kertanegara karo abdine, supaya yen ana apa-apa ing dalan ana sing bisa menehi kabar menyang omah. Sawise Ki Guntur Geni tekan Kertanegara, dheweke langsung ngadhep adipati arep ngomongake titipan saka Syeh Maulana Pandansari sing dadi wong tuwa angkate. Kekarepane Ki Guntur Geni ditrima kanthi apik. Menawa Ki Guntur Geni oleh kasil, tetep arep dijodhokake karo anak wadone lan diangkat dadi Adipati Kertanegara. Sawise Ki Guntur Geni entuk restu saka adipati, dheweke langsung metu saka umah arep nututi Kebo Edan (jenenge Kebo Danu). Sawise Kebo Danu weruh Ki Guntur Geni, Kebo Danu banjur mlayu banter ngadohi Ki Guntur Geni. Ora kaya biasane, yen ana wong sing arep nyekel, Kebo Danu malah mbalik nututi wong sing arep nyekel banjur biasane nyrudug nganggo sungune sing lancip. Wis akeh wong sing dadi tumbale, nanging ora nganti mati. Ki Guntur Geni terus nututi Kebo Edan, sepisanan Kebo Edan arep nglawan. Nanging yen sing nututi wis cedhak, Kebo Edan mlayu maneh karo ngrusak sekabehane sing ana ing ngarepe. Sasuwene padha playon, akhire Kebo Edan bisa dicekel dening Ki Guntur Geni. Kebo Edan wis kecekel, saiki wis ana ing dhuwur pudhake Ki Guntur Geni. Kebo Edan tetep arep ngeculake cekelane Ki Guntur Geni, nanging sawise Ki Guntur Geni bisa nyekel sungune kuat banget banjur diputer sekuwat-kuwate nganti gulu lan sungune pedhot. Bareng krasa lara, kebo kuwi mbukak cangkeme amba-amba banjur Ki Guntur Geni nglebokake lemah. Anehe sawise kuwi, Kebo Edan dadi manut banget. Sapa bae sing nyedhaki, kebo kuwi mung ndingkluk kaya krasa isin. Kebo Danu nembe bali ing omahe Adipati Kertanegara mung digiring karo mlaku. Bareng tekan omahe adipati, Ki Guntur Geni menehake kebo kuwi banjur njaluk pamit bali karo nggawa sungune kebo sing tugel kanggo bukti marang bapake yaiku Syeh Maulana Pandansari ing Desa Karanggedhe. Sungune Kebo Danu akhire dikubur neng lemah kuburan Karanggedhe, nganti saiki isih ana tipake. Kaya janjine adipati, banjur Ki Guntur Geni dijodhohake karo anak wadone. Adicara ningkahan Ki Guntur Geni karo anake Adipati Kertanegara rame banget. Ing pungkasane adicara kuwi dianakake upacara penobatan Ki Guntur Geni dadi Adipati Kertanegara nggantekake pangkate Adipati Kertanegara. Ki Guntur Geni dadi Adipati Kertanegara dudu karepe dhewe. Nanging Ki Guntur Geni krasa yen wong-wong Kertanegara ora ngarepake dheweke dadi adipati neng Kertanegara. Awan-awan Adipati Ki Guntur Geni dicegat grombolan wong sing duwe karep ora apik, arep nggawe cilakane Ki Guntur Geni. Sawise bali, Ki Guntur Geni ngundang abdine supaya njaga dheweke. Miturut abdine, ana sing ngomong yen ana wong sing ngrasa iri karo kasenengane Ki Guntur Geni sing duwe bojo anake adipati banjur dadi adipati. Ora ngira yen grombolan mau arep ngancem adipati. Wengi kuwi kahanane sepi banget, Ki Guntur Geni lagi lali-laline turu. Ki Guntur Geni diculik dening grombolan wong sing nganggo klambi ireng-ireng lan raine ditutup nganggo topeng. Ki Guntur Geni digawa neng tengah lapangan, banjur dikroyok rame-rame nganti mati. Mayite ditinggal lunga, ora ana sing ngurusi. Esuke saka grombolan wong sing mateni mau ana sing diprentah nonton mayite Ki Guntur Geni. Nanging wong mau gumun, amarga mayite Ki Guntur Geni wis ora ana ing kono. Salah sijine grombolan mau ana sing diprentah lunga neng omahe adipati, ora nganti mlebu neng omahe adipati, banjur bali lan ngomong karo balane. Grombolan mau ora ana sing percaya karo laporane, amarga dheweke ngomong yen weruh Adipati Ki Guntur Geni lagi lungguh sarapan karo bojone. Grombolan wong-wong kuwi tambah gela, amarga Ki Guntur Geni bisa urip meneh. Grombolan kuwi duwe rencana arep nyulik Ki Guntur Geni, nanging kepriye carane supaya Ki Guntur Geni mati tenan. Penculikan sing kaping loro ora kasil, amarga gelut neng jero omah. Ki Guntur Geni mung dhewekan, yen grombolane ana puluhan wong. Dadi sia-sia. Ki Guntur Geni digawa neng plataran Kali Tambra. Padha karo penculikan sing kapisan, Ki Guntur Geni dikroyok rame-rame nganti mati. Banjur mayite Ki Guntur Geni awake ditugel-tugel dadi loro lan mayite dikubur pisah-pisah. Sirah dikuburake neng sisih kulon Kali Tambra, lan awak nganti sikil dikuburake neng sisih wetan. Nganti saiki kuburane isih ana lan kerep ditekani wong kanggo tapa. Bali neng crita Syeh Maulana Pandansari neng padhepokane, dheweke dadi sregep ngadhep marang Gusti Kang Maha Agung. Wektu kuwi Syeh Maulana Pandansari lungguh karo tapa. Ing tengah-tengah tapane, Syeh Maulana Pandansari nugel godhong sing ana rine nganggo tangane, banjur godhong sing ana rine mau ditancepake neng lemah. Sawise ditancepake, Syeh Maulana Pandansari nglanjutake semedine banjur dheweke ngilang. Papan ngilange Syeh Maulana Pandansari nganthi saiki dikenal dadi kuburan Mbah Adeg Widuri. Amarga Syeh Maulana Pandansari ngilang sawise ngedekake wit sing ana rine. Sawise Mbah Adeg Widuri mati, desa dadi tabah rame. Wektu kekuwasaane wong Landa, ing Desa Karanggedhe utawa Desa Karangwringin dianakake ukur lemah dening wong Landa, ora dinyana wong Landa weruh ana kuburan sing apik. Banjur wong sing ngukur lemah kuwi takon, “Kuburan apa iki?” Wong-wong sing melu ngukur lemah padha mangsuli, “Kuburan baleraksa”.“Jenenge apik temen,” omongane wong sing ngukur lemah saka Landa. Kuburan baleraksa yaiku papan ngilange Syeh Maulana Pandansari utawa Mbah Adeg Widuri. Banjur, wong-wong saka Desa Karanggedhe lan Karangwringin njaluk supaya desane didadekake siji. Wong-wong saka desa padha sepakat yen Desa Karanggedhe lan Karangwringin didadekake siji yaiku Desa Baleraksa.

Ejaan Jawa Baku
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ejaan Basa Jawa beda karo ejaan basa Indonesia. Ejaan Jawa Baku iku cara nulis lan maca umume kanggo Jawa Tengahan. Katrangan pepak bisa dipriksani ana ing website Sesotya
Aksara ‘a’ diwaca a, upamane : mangan, larang, ora, lan liyane
Aksara ‘a’ diwaca e, upamane : pandita, pamiarsa, pandega lan liyane. Diwaca pendito, pemiarso, pendego.
Aksara ‘a’ diwaca o-jawa, upamane : ana, apa, aja, lan liyane diwaca ono, opo, ojo
Aksara ‘e’ diwaca é, upamane : kéré, keré mété
Aksara ‘e’ diwaca è, upamane : tekèk, mènèk, golèk, lan liyane
Aksara ‘o’ diwaca o, upamane : ora, bodo, koplo, lan liyane
Aksara ‘o’ diwaca o-jawa, upamane : kothong, bolong, kolor lan liyane
Aksara ‘i’ diwaca i, upamane : nini, sisi, pipis, lan liyane
Aksara ‘i’ diwaca é, upamane : alis, mulih, malik, lan liyane diwaca alés, muléh, malék.
Aksara ‘u’ diwaca u, upamane : yuyu, wagu, guru, lan liyane
Aksara ‘u’ diwaca ó, upamane : mabur, katut, lamur, lan liyane diwaca mabór, katót, lamór
Ana aksara-aksara sing diwaca gemantung tembunge. Upamane alis & alise diwaca alés & alise. Irung & irunge diwaca iróng & irunge
Jalaran seko sistim iki, akèh tembung2 sing tulisane pada, pocapane beda lan tegese uga beda. Conto :
Kere bisa diwaca keré utawa kéré
Gendeng bisa diwaca gendeng utawa gendèng
Cemeng bisa diwaca cemeng utawa cemèng
Emut bisa diwaca emut utawa émut
Kuthuk bisa dhiwoco kuthuk utawa kuthók.
Tulisan putih bisa diwaca putih bisa putéh
Tulisan garing bisa diwaca garing bisa garéng
Wiki
Langganan:
Postingan (Atom)