Kamis, 07 Januari 2010

Paribasan; Bebasan, Saloka

Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.


Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane
  1. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
  2. Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
  3. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
  4. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
  5. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
  6. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
  7. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
  8. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
  9. Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
  10. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
  11. Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
  12. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
  13. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
  14. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
  15. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
  16. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
  17. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
  18. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
  19. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
  20. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
  21. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
  22. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
  23. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
  24. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
  25. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
  26. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
  27. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
  28. Asu marani gebug = njarag bebaya
  29. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
  30. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
  31. Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
  32. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
  33. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
  34. mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
  35. mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
  36. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
  37. mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
  38. mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
  39. mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
  40. Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
  41. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
  42. mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
  43. Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
  44. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
  45. Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
  46. Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
  47. Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
  48. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
  49. Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut
  50. Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
  51. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
  52. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
  53. Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
  54. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene
  55. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
  56. Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas
  57. Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
  58. Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri
  59. Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
  60. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
  61. Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe
  62. Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
  63. Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
  64. Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
  65. Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
  66. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
  67. Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
  68. Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
  69. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
  70. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
  71. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
  72. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor
  73. Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane
  74. Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone
  75. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
  76. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh
  77. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
  78. Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akeh
  79. Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.
  80. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
  81. Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya
  82. Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot
  83. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelani
  84. Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
  85. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala
  86. Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
  87. Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
  88. Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
  89. Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
  90. Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
  91. Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan
  92. Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine
  93. Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane
  94. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet
  95. Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala
  96. Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani
  97. Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
  98. Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembug
  99. Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem
  100. Dhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng
  101. Dudutan lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora ngerti
  102. Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
  103. Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
  104. Duk sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojone
  105. Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima
  106. Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakon
  107. Dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi wewadi
  108. Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman
  109. Embuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke ugamelu nglakoni
  110. Embat-embat celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget
  111. Emprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele
  112. Enggon welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraa
  113. Endhas gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamukten
  114. Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih
  115. Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
  116. Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh
  117. Entek jarake = wis entek kasugihane
  118. Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik
  119. Gajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya
  120. ngGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane
  121. Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe
  122. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha pasulayanwong cilik sing dadi korban
  123. Galuga sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudene
  124. Gambret singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana wong lanang sing nakokake
  125. Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
  126. Garang garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan
  127. Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora bis keturutan
  128. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak nanging bisa kelakon
  129. Golek banyu bening = meguru golek kawruh sing becik
  130. Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener
  131. Nggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
  132. Gawe luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kene
  133. nGGayuh tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwas
  134. Gecul ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak ala
  135. Gedhang apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumrahe
  136. Geguyon dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susah
  137. Gemblung jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu kabegjan
  138. Gendhon rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenake
  139. Geni guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonan
  140. nGgenteni watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis mati
  141. nGgepuk kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil
  142. nGgered ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dhewe
  143. Giri lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh
  144. Golek-golek ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga tumindak ala
  145. Gondhelan poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo
  146. Gotong mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani
  147. Greget-greget suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng
  148. ngGugat kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati
  149. Gumembrang ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh
  150. Gumendheng ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh
  151. ngGutuk api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing dipitenah
  152. Gupak pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake
  153. Glugu ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene
  154. Glundhung semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang
  155. Gong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni
  156. Idu geni = sakuni-unine kelakon
  157. Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
  158. Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
  159. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya
  160. Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan)
  161. nJabung alus = ngapusi kanthi tembung manis
  162. nJaring langit = tumindak gawe kang tanpa asil
  163. nJaring angin = tumindak gawe kang tanpa asil
  164. Jinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe kapitunan
  165. Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake
  166. Jati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala
  167. Njagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi
  168. Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi
  169. Jalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane
  170. Jamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas
  171. nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
  172. Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing wis tau gawe wedi
  173. Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
  174. nJujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
  175. nJunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake
  176. Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
  177. Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane
  178. Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
  179. Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala
  180. Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani
  181. Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget
  182. Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran
  183. Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
  184. Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu
  185. Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane dhewe
  186. Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak
  187. Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi)
  188. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
  189. Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
  190. Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi
  191. Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
  192. Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis rekasa
  193. Kepaten obor = kelangan aluran pasedulurane
  194. Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah
  195. Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan
  196. Kumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe
  197. Kuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti prekarane
  198. Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
  199. Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun
  200. Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)
  201. Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane
  202. Kacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong tuwane
  203. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)
  204. Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur
  205. Katon cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane
  206. Kajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget
  207. Kawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe
  208. Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe
  209. Kegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora sembada
  210. Kekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni
  211. Kelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti
  212. Kemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki
  213. Kendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka
  214. Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe
  215. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada
  216. Kena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati
  217. Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan
  218. Kethek saranggon = grombolane wong ala
  219. Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik
  220. Kendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho
  221. Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi
  222. Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe
  223. Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat)
  224. Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan
  225. Kere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan
  226. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad
  227. Kerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget
  228. Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana
  229. Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara
  230. Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
  231. Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane
  232. Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa omah tetep
  233. Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala
  234. Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
  235. Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget
  236. Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe
  237. Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget
  238. Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin
  239. Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjan
  240. Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa wong kuwasa
  241. Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)
  242. Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
  243. Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah
  244. Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayani
  245. Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya
  246. Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni
  247. Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
  248. Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
  249. Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
  250. Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa oleh pangkat
  251. Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
  252. Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
  253. Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa)
  254. Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
  255. Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
  256. Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak
  257. Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
  258. Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna
  259. Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gawe
  260. Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan
  261. Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil
  262. Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran konangan wong akeh
  263. Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya kepiye wae nanging ora kasil
  264. Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane
  265. Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni
  266. Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine
  267. Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
  268. Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng
  269. Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe
  270. Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani
  271. Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe
  272. Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara
  273. Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh
  274. Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
  275. Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
  276. Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan
  277. Meneng kitiran = ora bisa anteng
  278. Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya
  279. Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
  280. Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
  281. Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan
  282. Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe
  283. Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara
  284. Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih)
  285. Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana
  286. Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dhewe
  287. Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya
  288. Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat
  289. Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
  290. Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane
  291. Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten
  292. Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
  293. Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon
  294. Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan
  295. Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
  296. Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
  297. Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
  298. Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu
  299. Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe
  300. Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe
  301. Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene
  302. Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata
  303. Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete wong akeh
  304. Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
  305. Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
  306. Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak
  307. Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
  308. Nyolong pethek = luput saka pangira
  309. Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
  310. Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan
  311. Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan
  312. Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
  313. Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik
  314. Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis
  315. Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani
  316. Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan
  317. Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune
  318. Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin
  319. Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya
  320. Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan
  321. Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane
  322. Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya
  323. Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran
  324. Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot
  325. Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe
  326. Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka
  327. Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
  328. Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas
  329. Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa
  330. Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan
  331. Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha olehe
  332. Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan
  333. Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala
  334. Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena
  335. Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan
  336. Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere niling-nilingake
  337. Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane
  338. Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omah-omahe wong akeh
  339. Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan
  340. Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkah
  341. Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel
  342. Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe pangawasa
  343. Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur
  344. Obor blarak = mung sawetara wae
  345. Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad
  346. Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki
  347. Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak
  348. Opor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe
  349. Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak
  350. Ora ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab
  351. Ora gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala
  352. Ora jaman ora makam = ora genah asal kamulane
  353. Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran
  354. Ora ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug
  355. Ora polo ora uteg = bodho banget
  356. Ora tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab
  357. Ora weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara
  358. Othak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyatane
  359. Ora kingan ora udut = ora mangan apa-apa
  360. Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
  361. Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusak
  362. Pandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane
  363. Pandhitane antake = laire katon suci batine ala
  364. Pecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi kesenengane)
  365. Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati
  366. Pupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya
  367. Pinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka
  368. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing papan kang mubra-mubru pangan
  369. Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman
  370. Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen
  371. Rupak jagade = ora duwe papan pasrawungan
  372. Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah
  373. Ramban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu
  374. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirake
  375. Rampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung oleh piala saka wong iku
  376. Rebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele
  377. Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka)
  378. Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan
  379. Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepane
  380. Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang
  381. Rukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusak
  382. Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)
  383. Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibate
  384. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh
  385. Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
  386. Satru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulur
  387. Satu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge
  388. Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa nengen)
  389. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu
  390. Sabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati
  391. Sadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati
  392. Sandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alane
  393. Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala
  394. Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh
  395. Sepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
  396. Sluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet
  397. Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinter
  398. Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane
  399. Sapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane
  400. Sendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati
  401. Singidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedhene
  402. Si gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarengan
  403. Simbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan sing gumathok
  404. Tebu tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala aten-atenane
  405. Tekek mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe
  406. Tembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan benere
  407. Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah
  408. Tega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani
  409. Tigan kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang atine
  410. Timun jinara = prakara gampang banget
  411. Timun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen kekurangan)
  412. Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat
  413. Tuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur
  414. Tunggal banyu – tunggal guru
  415. Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan)
  416. Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan
  417. Tumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane
  418. Tumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati (wong kang diseriki kanca-kancane)
  419. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong gedhe, turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara ala ngambra-ambra dene prakara becik kari sethithik
  420. Tunggak kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur pangkate
  421. Tunggak kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuh
  422. Tunjung tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuh
  423. Thenguk-thenguk nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu kabegjan
  424. Ucul saka kudangan = luput karo gegayuhane
  425. Ula marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya
  426. Ulat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane
  427. Ungak-ungak pager arang = duwe melik marang bojoning liyan
  428. Ulangan cumbon = angger lunga, ora suwe bali maneh
  429. Uyah kecemplung segara = menehi barang sethithik marang wong sugih banget
  430. Undhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane
  431. Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
  432. Uwod gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug
  433. Wastra bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge (wong ketula-tula uripe)
  434. Watra lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa
  435. Wedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan
  436. Wedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremane
  437. Weruh ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora ngerti kang dikarepake
  438. Wiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti tuwa)
  439. Welsa tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaine
  440. Waras-wiris = sehat
  441. Wong wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangaji
  442. Wis kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane
  443. Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
  444. Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
  445. Yuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu gawe wong liya kang ala pakartine
  446. Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim
  447. Yoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru

Sumber

Tembang dolanan

Tembang utawa lagu dolanan kuwi awujud gendhing kang prasaja lang biasa ditembangake dening bocah cilik nalika dolanan. Nanging kadhangkala uga ditembangake dening waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.


Cublak-cublak suweng

Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gulendher
Mambu ketundung gudhel
Pak jempol leda lede
Sapa nggawa ndelikake
Sir..sirpong dhele gosong sir
Sirpong dhele gosong



Gundhul Pacul

Gundhul gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan



Jamuran

Jamuran ya gege thok
Jamur apa ya gege thok
Jamur gajih mbejijih sak ara-ara
Sira mbadhe jamur apa



Kate dipanah

Te kate dipanah
ndlusup-ndlusup ngisor glagah
Ana manuk onde-onde
Mbok sri bombok mbok sri kate
Mbok sri bombok mbok sri kate
Mbok sri bombok mbok sri kate



Kidang Talun

Kidang Talun
Mangan kacang talun
Mil kethemil mil kethemil
Si kidang mangan lembayung


Gajah belang
Saka tanah sabrang
Nuk regunuk nuk regunuk
Si gajah lembehan tlale



Kupu kuwi

kupu kuwi tak cekele (incupe)
mung abure ngewuhake
ngalor ngidul
ngetan bali ngulon
mrana mrene ing saparan paran
mencok cegrok mlabur bleber (Sapa bisa ngicupake)
mentas mencok cegrok
banjur (nuli) mabur bleber



Menthog menthog

menthog menthog tak kandhani
mung rupamu angisin isini
mbok ya aja ngetok
ana kandhang bae
enak-enak ngorok
ora nyambut gawe
menthog
menthog mung lakumu
megal megol gawe guyu



Sluku sluku bathok

Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si rama menyang Solo
Leh-olehe payung mutha
Pak jentit lolo lobah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah



Suwe ora jamu

suwe ora jamu
jamu godhong tela
suwe ra ketemu
ketemu pisan gawe gela:

suwe ora jamu
jamu godhong pace
suwe ra ketemu
ketemu pisan saya ngece

Rabu, 06 Januari 2010

Langgam Jawa Sing Ngangeni

1. Caping Gunung

Panembang: Waljinah Pangripta: gesang

Dhek jaman berjuang

njur kelingan anak lanang

mbiyen tak openi

ning saiki ana ngendi

Jarene wis menang

keturutan sing digadhang

mbiyen ninggal janji

ning saiki apa lali

Reff:

Ning gunung tak cadhongi sega jagung

yen mendhung tak silihi caping gunung

sokur bisa nyawang

gunung ndesa dadi reja

dene ora ilang nggone padha lara lapa

2. Gambang Suling

Penyanyi: Waljinah

Pangripta: Ki Narto Sabdo

Irama:Kroncong/8 beat Tempo: 70

Swara suling, kumandang swarane,

Tulat tulit kepenak unine

U.. nine mung nrenyuhake, bareng lan kentrung,

ketipung suling, sigrak kembangane

Swara suling kumandang swarane,

tulat tulit kepenak unine

U.. nine mung nrenyuhake bareng lan kentrung,

ketipung suling, sigrak kembangane

Swara suling kumandang swarane,

tulat tulit kepenak unine

U.. nine mung nrenyuhake bareng lan kentrung,

ketipung suling, sigrak kembangane

3. Gethuk

Penyanyi: Nur Afni Octavia

Pangripta: Manthou's

Irama:Kroncong/8 beat/Campursari Tempo: 70

Sore-sore padhang bulan, ayo kanca padha dolanan

Rene-rene bebarengan, rame-rame e dha gegojegan

Kae-kae rembulane, yen tak sawang kok ngawe-awe

Kaya-kaya ngelikake, kanca kabeh aja padha turu sore

Gethuk, asale saka tela

Mata ngantuk, iku tambane apa

Ah ala gethuk, asale saka tela

yen ra pethuk, atine rada gela

Aja ngono mas, aja aja ngono

Kadhung janji mas, aku mengko gela.

4. Jangkrik Genggong

Penyanyi: Waljinah

Pangripta: Anjat Any

Irama:Kroncong/8 beat Tempo: 86

Kendhal kaline wungu, ajar kenal karo aku

Lelene mati digepuk, gepuk nganggo walesane

Suwe ora pethuk, ati sida remuk, kepethuk mung suwarane

e ya e ya e..e yae yae yae yae

Jangkrik genggong, jangkrik genggong, luwih becik omong kosong

Semarang kaline banjir, ja sumelang ra dipikir

Jangkrik upa saba ning tonggok, malumpat ning tengah jogan

Wis watake priya, jare ngaku setya, tekan dalan selewengan

e ya e ya e..e yae yae yae yae

Jangkrik genggong, jangkrik genggong, wani nglirik sepi nguwong

Yen ngetan bali ngulon, tiwas edan ora kelakon

Yen ngrujak ngrujaka nanas, aja ditambahi kweni

Kene tiwas nggagas, awak adhem panas, jebul ana sing nduweni

e ya e ya e..e yae yae yae yae

Jangkrik genggong, jangkrik genggong, sampun cekap mangsa borong.

5. Jenang Gula

Penyanyi: Waljinah

Pangripta: Effendi Slameto

Irama:Kroncong/8 beat Tempo: 60

Jenang gula, kowe aja lali, marang aku iki, ya kangmas

Nalikane, nandang susah, sapa sing ngancani

Dhek semana, aku tetep tresna, lan tetep setya ta kangmas

Dereng nate, gawe gela lan gawe kuciwa

Ning saiki, bareng mukti, kowe kok njur malah lali, marang aku

Sithik-sithik, mesti nesu, terus ngajak padu, ja ngono lho ja ngono

Apa kowe, pancen ra kelingan, jamane dhek biyen, ta kangmas

Kowe janji, bungah susah, padha dilakoni.

6. Lara Branta

Panembang: Waljinah Pangripta: S Darmanto

Yen kelingan mring sliramu, adhuh

kadya rinujit atiku

yen siyang tansah katon malela

dalu dhatan bisa nendra

apa sliramu wis lali tenan

dhek semana nate janji

sedya arep urip bebarengan

Reff:

Nanging aku ora ngira yen sliramu bakal cidra

bareng saiki wis mulya, banjur krama

ora nganggo kandha-kandha

wis pesthine lelakonku, adhuh

aku mung kudu narima

sapa kang bisa paring usada

nggonku nandang lara branta

7. Rujak Uleg

Penyanyi: Waljinah

Pangripta: N.N./Budi

Irama:Kroncong/8 beat Tempo: 80

Rujak uleg, rasa sepet kakehan cengkir

Atine judheg, dhadhane seseg kakehan pikir

Alam donya warna-warna kahanane, jarene

Biyen kandha, nalikane perang gedhe

Bandha nyawa, dilebokke negarane, jarene

Muga-muga, gak enggala bubar wae

Rujak timun, dheleg-dheleg terus ngalamun

Jarene gumun, blanjane cupet nggo tuku sabun

Alam donya warna-warna kahanane, jarene

Biyen apa, saikine katon piye

Ati murka, nggolek ana, nyebut kene, jarene

Tiwas diangsa, jebul ra ana marine

Kopi susu, ilang kopine, keri gelase

Awake kuru, pacare mlayu entek duwite

Alam donya warna-warna kahanane, jarene

Ra digagas, papan omah kari pagere

Bandha bablas, anak bojo ra dipikir butuhe

Yen ra mawas, malah bubrah rumah tanggane.

8. Suwe Ora Jamu

Suwe ora jamu

Jamu godhong tela

Suwe ora ketemu

Ketemu pisan gawe gela

Suwe ora jamu

Jamu godhong tela

Suwe ora ketemu

Ketemu pisan gawe gela

9. Walang Kekek

Walang Kekek

Panembang: Waljinah Pangripta: Waljinah

Walang kekek menclok ning tenggok

mabur maneh menclok ning pari

aja ngenyek, ya mas, karo wong wedok

yen ditinggal lunga, setengah mati

e... ya... ye... ya... e... ya...

e... ya... ye.. yae... ya... yo... ya... yo...

Omah gendheng, ya mas, tak saponane

abot entheng tak lakonane

Walang abang menclok ning kara

walang biru walange putih

bujang maneh, ya mas, ora ngluyura

sing wis nduwe putu ora tau mulih

e... ya... ye... ya... e... ya...

e... ya... ye.. yae... ya... yo... ya... yo...

Andheng-andheng ana pilingan

aja dipandeng, mundhak kelingan

Walang ireng mabur mbrengengeng, walang ireng dawa suthange

yen dha seneng, ya mas, aja mung mandeng, golekana endi omahe

e... ya... ye... ya... e... ya...

e... ya... ye.. yae... ya... yo... ya... yo...

Bisa nggambang, ya mas, ora bisa nyuling

bisa nyawang, ora bisa nyandhing

Walang kekek, walange kayu

walang kayu tiba ning lemah

yen kepengin, ya mas, arep melu aku

yen mung nrima tak kon jaga omah

e... ya... ye... ya... e... ya...

e... ya... ye.. yae... ya... yo... ya... yo...

Walang kekek, ya mas, walange kadung

walang kekek, dereng rampung

Walang kekek menclok ning sawah

mabur maneh menclok wit jati

duwe bojo enom, ya mas, nyang ati susah

bojo tuwa watuke kekel, kesel mijeti

e... ya... ye... ya... e... ya...

e... ya... ye.. yae... ya... yo... ya... yo...

Mikul suket, ya mas, dientul-entul

senenge banget, ora bisa kumpul

Walang kekek menclok ning tampah

mabur mrene menclok wit pete

sumungkema mring Gusti Allah

tindaake dhawuh-dhawuhe

10. Yen ing tawang Ana Lintang

Panembang: Waljinah Pangripta: Andjar Any

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu

aku ngenteni tekamu

marang mega ing angkasa, ingsun takokke pawartamu

Janji-janji aku eling, cah ayu

sumedhot rasane ati

lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas

tresnaku sundhul wiyati

Dhek semana janjiku disekseni mega kartika

kairing rasa tresna asih

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu

rungokna tangising ati

binarung swarane ratri, nimas

ngenteni mbulan ndadari

Dhek semana janjiku disekseni mega kartika

kairing rasa tresna asih

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu

rungokna tangising ati

binarung swaraning ratri

ngenteni mbulan ndadari

Gathotkaca

Lair

Gathotkaca kuwi kondhang kanthi sesebutan "Satriya Pringgodani" lan "Alap-alap Pringgodani". Nalika isih jabang bayi jenenge Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca kuwi putrane Raden Werkudara (satriya Panenggak Pandhawa) patutan klawan Dewi Arimbi putrane Prabu Tremboko, ratu buta ing negara Pringgodani. Sekawit Arimbi iku uga wujude buta wadon (raseksi), nanging bareng diruwat dening Dewi Kunthi malih dadi kenya sing sulistya. Mula Werkudara (Bratasena) uga banjur gelem bebojoan karo Arimbi.

Bareng wis suwe anggone jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sabanjure mbabar putra kakung wujud bayi manungsa setengah buta. Dening eyang Abiyasa, jabang bayi Tetuka banjur diparingi "topeng" aran topeng waja kang mapan ana sajrone kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi satriya kang bagus citrane. Nuli dening ramane, Bratasena, jabang Tetuka banjur kaparingan nama Raden Gathotkaca, kersane Raden Werkudara kinarya pepenget duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba (kangmase Dewi Arimbi) kang kekarone padha ngetog kekuwatan lan kadigdayan.
Tembung gathotkaca tegese kumpuling kasantosan. Nalika lair nganti umur nembelas dina pusere jabang Tetuka ora bisa ditugel nganggo lelandhep pusaka wujud apa wae. Nanging wusanane puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkane Pusaka Kuntha Wijayadanu (Kunta Druwasa) duweke Raden Suryatmaja iya Adipati Karna nalika isih enom. Lan kaelokane, wrangka Pusaka kuntha mau manjing ing pusere Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosane Gathotkaca. Senadyan mengkono, bab iku uga dadi pengapesane Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadhepi manungsa kang darbe pusaka Kuntha Wijayadanu, Gathotkaca kudu ngati-ati. Sebab yen nganti pusaka Kunta diuwalake, Gathotkaca mesthi mati. Nuhoni unen-unen "Pusaka manjing Wrangka".
Laire Gathotkaca ngepasi karo dumadine ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka. Para dewa padha kocar-kacir amarga diamuk dening Prabu Kala Pracona, ratu buta ing negara Ngembat putihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora samesthine iku diduwa (ditolak) dening para Dewa saengga ndadeake peperangan. Para dewa padha keplayu banjur golek "pintasrayan" menyang negara Ngamarta (Amarta). Tekan negara Ngamarta bayi Gathotkaca ( Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara Narada, digawa menyang kahyangan, didadekake jagone para dewa, dimungsuhake Prabu Kala Pracona lan Patihe Apraceka Ditya Kala Sekiputantra sawadyabalane. Sadurunge diajokake ana paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para dewa didhawuhi dening Bathara Guru (tetungguling para dewa) supaya nlorongake gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajrone kawah Candradimuka wus ora wujud bayi maneh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabe Gathotkaca banjur sinebut “satriya babaran kahyangan". Dening Bathara Guru, Gathotkaca banjur pinaringan pusaka kanggo sipat kandel anggone ngadhepi mungsuh yakuwi kotang antrakesuma, caping basunanda, lan tlumpah padhakacerma.
Nalika maju ana paprangan, tandange Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawadyabalane padha mati kabeh. Sasirnane Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengake nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumure jagung kanthi jejuluk Prabu Guruputra.

Gugure

Ing Perang Baratayuda Gathotkaca gugur merga kena panah Kuntha Wijayadanu kagungane Adipati Karna. Panah kang diuwalake kuwi jan-jane ora tekan merga Gathotkaca abure wis ana sadhuwure mega sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung dening yitmane Ditya Kala Bendana, bapa-pamane Gathotkaca kang wis tiwas merga ditempiling dening ponakane iku, saengga Gathotkaca gugur ana madyaning paprangan. Kuwandane Gathotkaca kumleyang saka gegana nibani kretane Adipati Karna nganthi ajur sewalang-walang. Peranganing Baratayuda, Gathotkaca Gugur sumbaga wiratama, karan lakon "Suluhan" amarga dumadine perang ing wayah bengi.

Dasanama

Dasanamane Gathotkaca iku miturut padhalangan : Kacanegara, Jabang Tetuka, Purubaya,Bimasiwi, Arimbiatmaja, Kancingjaya, Krincingwesi, Guritna, Guruputra, lan Suryanaradha.

Bojo lan Anake

Gathotkaca banjur dadi raja ing Pringgondani. Garwane raja enom iku ana telu, yakuwi:
1. Dewi Sumpani utawa Dewi Sumpaniwati, peputra Raden Arya Jayasumpena
2. Dewi Pregiwa putrine Raden Arjuna kang banjur peputra Raden Sasikirana
3. Dewi Suryawati peputra Raden Suryakaca
Ing sendratari, Gathotkaca asring katon ing Gathotkaca Gandrung. Tari iki nggambarke nalika Gathotkaca wuyung marang Pregiwa.

Paman lan Aji-Ajine

Gathotkaca kondhang sektine. Aji-ajine:

  • Narantaka = Daya khasiyate yen ditamakake gunung bisa jugrug lan segara bisa asat. Jalma manungsa kang ketaman aji Narantaka sanalika bisa ajur-mumur kuwandane tan-kena kinukup.Iya aji Narantaka iku kang kinarya nyirnakake Raden Dursala kang dadi senapatine para Kurawa.
  • Aji-aji Esmu Gunting kang daya kasektene yen mateni mungsuh, Gathotkaca kanthi cara mancat pundhak lan nguntir gulune mungsuh nganti tugel.
  • Kotang utawa Klambi Antrakusuma daya kasektene: Gathotkaca bisa mabur utawa ngambah gegana kanthi rikat banget (kebat pindha kilat, kesit pindha tathit).Mula Gathotkaca uga banjur kajibah njaga katentraman negara Ngamarta saka dirgantara (yen jaman saiki Gathotkaca kuwi kadidene Angkatan Udhara). Iki uga dadi pralambang ing kaprajuritan, amarga sedulur liyane, Antareja lan Antasena kejibahan njaga dharatan lan laut.
  • Aji Brajadenta. Brajadenta asline pamane dhewe, nanging banjur manuksma mlebu ing epek-epeke Gathotkaca sing sisih tengen.
  • Aji Brajalamatan. Brajalamatan uga jenenge pamane. Nalika palastra, rajalamatan manuksma ing tangan kiwa Gathotkaca.
  • Aji Brajamusti. Brajamusti iku uga pamane. Nalika palastra manjing ing tangan tengene.
  • Aji Brajawikalpa. Kaya aji-aji liyane, Brajawikalpa kuwi seka pamane dhewe kang manjing dadi rajah ing geger.
Para pamane kang dadi aji-ajine, maune mbrontak ing Pringgondani nanging bisa ditumpes dening Gathotkaca. Ana salah sijining pamane kang mbela Gathotkaca, yaiku Kalabendana. Nanging Kalabendana iku jujur, lan sawijining dina dipateni dening Gathotkaca amarga ngomong sanyatane ngenani Abimanyu. Crita iki ana ing lakon Gathotkaca Sraya.

Sumber

PANGERAN SAMUDRA

Pangeran Samudra putra saka ratu Majapahit kang pungkasan aran Raden Brawijaya V saka garwa selir kang aran Dewi Ontrowulan. Dewi Ontrowulan rupane ayu banget, lan awet enom. Sawise Pangeran Samudra dewasa lan ngancik umur 18 taun, dheweke tuwuh rasa tresna marang ibune dhewe.
Pangeran Samudra ngupaya supaya rasa tresna mau ora ngrenggani atine, ananging dipeksa kaya ngapa panggah ora bisa. Semono uga Dewi Ontrowulan uga duwe rasa kang padha. Kanthi umpet-umpetan, kekarone pepasihan. Sawijining dina pokale wong loro mau konangan dening Prabu Brawijaya. Pangeran Samudra diusir saka Majapahit.


Sawise diusir saka kraton, uripe Pangeran Samudra keranta-ranta. Urip ngumbara saparan paran. Pangumbarane nganti tekan ing gumuk kang akeh kukuse, banjur gumuk mau diarani Gunung Kemukus
Salungane Pangeran Samudra, Dewi Ontrowulan banget anggone kelangan. Kanthi ati kang manteb, Dewi Ontrowulan lunga saka kraton saperlu nggoleki anake mau. Anggone nggoleki kasil lan ketemu ing Gunung Kemukus.
Kekarone sedya nuntasake kabeh rasa kangen kang ana ing ati.kang durung kelakon lan anggone pepasihan luwih adoh saka lumrahe wong pepasihan. Tumindake kaya dene wong bebojowan,

Dewi Ontrowulan lan Pangeran Samudra konangan karo masarakat kono banjur kekarone dirajam nganti dadi patine. Nanging sadurunge Pangeran Samudra tiwas, dheweke ngucap sumpah ” sapa wae uwonge kang bisa nerusake kang durung kelakon antarane Pangeran Samudra lan Dewi Antrawulan yaiku nindakake kaya dene uwong kang bebojowan, kabeh panyuwun uwong mau bakal keturutan, lan dadi penebus dosane Pangeran Samudra.” sawise Pangeran Samudra lan Dewi Ontrowulan tiwas, kekarone dikubur dadi siji ana ing Gunung Kemukus.

PANGERAN SUKOWATI

Pangeran Mangkubumi (adhi saka Sunan Pakubuwono II) gething marang bangsa Walanda Apamaneh, Waland wis melu campur tangan ing sajerone pamarentah Mataram. Kanthi anteping tekad, Mangkubumi metu saka kraton, lan nganakake pambrontakan tumrap Walanda. Perang antarne Pangeran Mangkubumi nglawan Walanda diarani Perang Mangkubumen ( 1746 - 1757 ). Ing lakune perang, Pangeran Muda sapasukane saka Keraton ngliwati Desa-desa Cemara, Tingkir, Wonosari, Karangsari, Ngerang, Butuh, Guyang. Banjur nerusake laku nganti tekan Desa Pandak, Karangnongko mlebu tlatah Sukowati.


Ing desa mau, Pangeran Mangkubumi ngedegake pamarentahan kang mbrontak Walanda (Pamarentah Pambrontakan). Desa Pandak, Karangnongko didadekake pusat Pamarintahan Projo Sukowati, Pangeran Mangkubumi ganti jeneng dadi Pangeran Sukowati
Deas Pandak dianggep kurang aman saka tentara Kumpeni Surakarta-Madiun. Banjur pusat pamarentahane dipindhah ing Desa Gebang. Wiwit iku Pangeran Sukowati saya nggedhekake wilayah panguwasane nganti tekan Desa Krikilan, Pakis, Jati, Prampalan, Mojoroto, Celep, Jurangjero, Grompol, Kaliwuluh, Jumbleng, lan Lajersari.

Kanthi pasukan kang ora sithik, Pangeran Sukowati terus nglawan Walanda lan oleh pambiyantu saka sedulure kang aran Raden Mas Said. Pungkasane ana perjanjen kang aran perjanjian Giyanti ing taun 1755, uga dikenal kanthi aran Perjanjian Palihan Negari, yaiku kasunanan Surakarta lan Kasultanan Yogyakarta, ing perjanjen mau disebutake, Pangeran Sukowati dadi Sultan Hamengku Buwono kapisan, lan ing perjanjen Salatiga Raden Mas Said dadi Adipati Mangkunegara I lan antuk separone wilayah Kasunanan Surakarta.

Sabanjure ing taun 1849, ana surat keputusan saka Sunan Paku Buwono VII yaiku serat Angger – angger Gunung, dhaerah kang lokasine strategis didadekake Pos Tundan, yaiku papan kanggo njaga ketertiban lan keamanan Lalu Lintas Barang lan surat sarta kanggo mbangun dalan lan jembatan.

Anglingdarma

Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pramesthi karo Astradarma Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi putri Prabu Jayabaya, raja saka kraton Mamenang Kediri. Sawise dadi garwa raja Yawastina, Pramesti banjur di boyong menyang Yawastina.
Sawijining dina, Pramesthi diangslupi Bathara Wisnu, lan ndadekake dheweke ngandheg. Prabu Astradarma duka ngerti kahanan mau, lan ora nampa katrangane Pramesthi. Dheweke ditundung lunga saka kraton. Banjur mulih neng kratone bapake.
Prabu Jayabaya duka marang Astradarma, banjur sepata yen bakale negara Yawastina lebur dadi lendhut. Ora let suwe Prabu Jayabaya mukswa, Anglingdarma lahir lan dadi raja ing kraton Malawapati. Dewi Pramesthi kaboyong neng Malawapati.

Sawijining esuk nalika Anglingdarma mbebedhak ing alas, dumadakan keprungu swara wong wadon njaluk tulung. Anglingdarma nulungi wanita kang dicedhaki macan, kang mau njaluk tulung kuwi. Wanita mau diterake bali menyang omahe, pertapan Nguntarasegara. Anglingdarma duwe karep ngepek bojo Endang Setyowati, jeneg wanita mau, anakke Resi Maniksutra. Sejatine Setyowati ora gelem dipek bojo, amarga dheweke nresnani kangmas kuwalone kan aran Bathikmadrim. Madrim ngerti yen Setyowati tresna marang dheweke banjur nantang adu kasekten karo Anglingdarma. Ing adu kasekten mau, Angling menang banjur mboyong Setyowati dadi garwa Prameswari lan Madrim dadi patihe ing Malawapati.
Ana ing kraton Malawapati, Setyowati atine ora jenjem. Dheweke kepingin bali menyang Nguntara Segara. Polatanae Setyowati gawe atine Angling sedhih. Kanggo nglipur ati, dheweke lunga mbebedhak menyang alas. Anggone mbebedhak nganti tekan cedhake taman pertapan Sumur Jalatundha. Ing kono, dheweke meruhi ula sepasang kang lagi pepasihan. Dhewekke ngerti, yen salah sijine ula mau Nagagini, bojone Nagaraja gurune Angling. Angling manah ula lanang kang aran Ula Tampar nganti mati. Nagagini mlayu mlebu pertapan nemoni bojone, lan lapur yen Anglingdarma arep mrawasa dheweke.
Angling crita marang Setyowati lan pamit mati. Dheweke ngerti yen bakal diukum pati gurune. Merga mesthi wae Nagagini lapur kang suwalikke saka prastawa mau. Nagaraja anjalma dadi ula kisi kang cilik banget, lunga menyang taman Malawapati lan ngrungokake crita mau.
Anglingdarma ngadep Nagaraja, sedya mring paukuman. Ananging Nagaraja malah gumuyu banjur ngendika, “Angling anakku, aku ora bakal mateni kowe Ngger. Aku wis ngerti sapa kang luput. Mau aku njalma dadi ula kisi lan krungu kabeh prastawa kang sabenere. Saiki…kanggo tumindakmu kang ksatriya, aku arep aweh kanugrahan. Apa wae kang mbok jaluk bakal dak wenehi.”. angling njaluk Aji Gineng, kanthi syarat Angling ora kena crita marang sapa wae kalebu bojone dhewe.


Ing bengi, nalika Angling lan Setyowati ana ing paturon, Angling dumadakan ngguyu dhewe. Setyowati serik, ngira yen Angling ngece Setyowati sing asale saka desa. Nadyan wis diterangake kayangapa, Setyawati panggah ora trima. Banjur..”Diajeng, aku mau ngguyu cecak kang lagi guneman. Iki mau amerga aku duwe Aji Gineng kang bisa ngerti basane kewan-kewan mau.” Diterangake ngono, Setyowati dadi kepingin duweni ajian mau, “Menawi boten kepareng kula suwun, luwih becik kula pejah. Kula badhe pati obong.” Tangise Styowati.
Setyowati nglakoni pati obong tenan. Angling arep nyusul bojone, ananging ora sido merga krungu guneme wedhus kang isine nyindhir dheweke. Angling banjur mudhun saka panggungan. Luwih becik ngayomi rakyate sing isih butuh dheweke. Setyowati nekad nyemplung geni kang mulat-mulat.

Merga saka planggaran sumpahe dhewe, para dewa murka banjur ngukum Angling, supaya nglakoni panguripan ing alas wolung taun lawase. Arwahe Setyowati sajak gela banget, dheweke ngumbara saparan-paran. Banjur nyuwun mring Bathara Guru supaya dheweke bisa bali ing donya. Bathara guru mrintahake Setyowati supaya manitis ing awake Ambarawati, putri saka Adipati Darmawasesa ing Kadipaten Bojonegoro. Setyowati mudhun ing donya, lan manitis ing awake Ambarwati.
Pangumbaran kang suwe, nggawa angling ing sawijining kraton kang wis suwe ditinggal mati rajane. Kraton kuwi dinggoni dening anakke raja kang aran Widata, Widati lan Widaningsih. Katelune tresna marang Angling. Angling ora oleh lunga menyang endi-endi.
Sawijining wengi, nalika Angling arep turu, putri telu mau metu saka kraton kanti cara ngindhik-indhik supaya ora konangan Angling. Angling cubriya, ora sawetara suwe dheweke lolos sukma anjalma dadi gagak banjur nututi lungane putri telu mau. Kayangapa kagete Angling, jebul-jebul putri iku lagi mangan bangke manungsa ing tengah alas. Gagak malihane Angling nyolong ati saka bangke mau. Widati nyoba ngoyak nganti kesel, nanging kalah cepet karo abure gagak.
Ati mau diselehake ing dhuwure wedhak duweke widati banjur Angling nerusake turune. Esukke Widati kaget weruh ati ing sadhuwure wedhak, ndadekake dheweke ngerti yen gagak kang bengi iku malihane Angling. Widati nangekake Angling, lan dadi padu. Pungkasane Angling ditancepi kembang saengga dheweke malih dadi mliwis putih. Mliwis mau mabur, lunga ngumbara nganti tekan desa Gebang Sawit, Kadipaten Bajanegara. Ing Gebang Sawit, mliwis ditemu dening Jaka Gedhuk, anake Demang Klungsur.

Ing Kadipaten Bojonegara ana sayembara. Sayembara mau isine yaiku mbuktekake ki Bremana sing asli, amarga samulihe seka alas malih dadi loro. Bojone bingung milih sing endi, banjur lunga menyang kadipaten lan njaluk keadilane Adipati Darmawasesa. Adipati kang bingung banjur nganakake sayembara iku mau. Mliwis putih njaluk supaya Pak Klungsur gelem melu sayembara mau, kanthi digenahi carane.

Ora suwe…”Kanggo mbuktekake endi Ki Bremana asli, kekarone kudu bisa mlebu ing kendi iki. Yen bisa mlebu, ya kuwi Bremana asli.” Kandane klungsur mancing Bremana palsu. Salah sijine bisa mlebu tenan neng jero kendi. Kendi mau ditutup, banjur dipecah. Dumadakan saka pecahane kendi, metu Jin Wiratsangka kang memba-memba dadi Bremana. Jin mau diusir, banjur mlayu mlebu alas. Klungsur antuk kanugrahan dadi hakim ing kadipaten. Anak lan bojone diboyong, uga mliwis putih kang wis mbiyantu.

Ambarawati ngerti yen ana mliwis putih. Banjur mliwis dijaluk supaya manggon ana ing kaputren. Saben dina mliwis mau ngancani Ambarawati. Yen wengi, mliwis putih malih dadi Anglindarma. Kekarone pepasihan lan ndadekake Ambarawati ngandhut.
Adipati Darmawangsa judheg ngrasakake putrine ngandhut tanpa ngerti sapa kang tumindak. Sawijining dina ana resi kang aran Yogiswara teka ing kadipaten Bojonegara.

Resi Yogiswara dijaluki tulung nggoleki wong kang njalari Ambarawati ngandhut. Yogiswara ngajak mliwis guneman. Suwe-suwe nliwis putih lan Yogiswara padu. Bareng ora ana sing menang lan kalah, mliwis putih malih dadi Anglingdarma. Lan Yogiswara malih dadi Bathikmadrim kang sasuwene iki nggoleki rajane. Sawise terang perkarane, Anglingdarma lan Ambarawati dinikahake. Ambarawati diboyong ing kraton Malawapati. Ora suwe, Ambarawati nglairake anak lanang kang dijenengi Anglingkusuma. Anglingdarma mimpin kratone maneh

Sabtu, 02 Januari 2010

BULUS SUMBER

Ing kabupaten Kudus ana desa kang nduweni jeneng Sumber, sing neng desa kuwi ana salah sijine sumber seng akeh dinggoni para bulus. Angger pas wulan Syawal, akeh wong-wong kang padha mara ing panggonan kang dikramatke iku. Karo nggawa kupat lan lepet kanggo dipangan lan kanggo dinggo sesajen.
Kacarita biyen ing sawijining dina, Sunan Muria arep nekani patemon wali sanga ing tlatah Pati kanggo ngrebug syiar Islam. Ing pangumbaran sing ditutake para santrine kang dipilih mungguh setiyane marang Sunan Muria. Pas wektu iku, pangumbaran ora kaya saiki sing wis kepenak dalane, biyen isih ngliwati alas-alas, sawah, rawa lan gunung. Pangumbaran dilaksanakake ora mung awan, nanging uga nganti bengi.


Ing sawah kang akeh wit-witane, Sunan Muria mandheg amarga krungu suwara krubyak-krubyuk, yaiku suara banyu sing disebabake amarga kena obah untege barang. Sing sabenere suara iku saka jangkahane wong ing sawah kang ana banyune.
“Swara apa iku sing krubyak-krubyuk bengi-bengi kaya ngene?” pitakone Sunan Muria marang Santrine.
Krungu pitakone Sunan, banjur salah sijine Santri ngluru kedadean apa kang ana ing bengi iku. Banjur, Santri ngerti yen suara iku saka swara wong sing mlaku njabuti wineh pari kanggo ditandur esuke.
“Kanjeng Sunan, suwanten menika sangking tiyang ingkang njabuti bibit pantun, enjang-enjang mungkin badhe dipun tanem wonten sabin.”
“O, tak kira swara mau kuwi bulus,” jawabane sang Sunan.
Miturut crita, ngendhikane Sunan dadi nyata, wong-wong sing padha njabuti wineh pari iku pada maleh dadi bulus. Mangka wong-wong mau pada getun lan sedih nasibe kok daadi kaya ngono. Nanging , karo sapa deweke kandha ? wong-wong mau mung bisa angen-angen yen kedadean mau amarga sabdane dewata utawa wong kang sakti.
“Mungkin awake dhewe dosa amarga isih kerja ing wektu bengi”, ngomonge salah sijine bulus karo nangis.
“Nanging sapa sing nglarang kanggo kerja ing wektu bengi?” omonge sing liya.
“Sapa ngerti Dewi Sri ora lila yen parine dijabuti bengi-bengi?” bantahe bulus liyane.
“Ora mungkin, wong Dewi Sri mesthi entuk sesajen angger dhewe panen kok, Dewi Sri mesthi uga melu susah ngerti nasibe awake dhewesing kaya mangkene.”
“Wis-wis, dhewe pasrah wae marang Sing Kuwasa, mungkin pancen wis takdire,” omonge bulus sijine maneh sing krasa tanggung jawab merga kedadean iki. Pancen dheweke sing ngajak sedulure njabuti pari bengi iku.
Ora wektu suwe kedadean mau wis dadi omongane wong akeh amarga kelangan wargane. Banjur, warga padha nggoleki mrana-mrene sahingga ngerti yen kedadean mau amarga sabdane Sunan Muria. Pawarta iku akhire krungu nganti tekan kaum bulus kang ngluru panggonan kang aman. Ing dina sawise bulus mau weruh pawarta yen Sunan Muria bakal bali saka Pati. Kamangka bulus mau nduwe niat bakal tobat lan njaluk ngapura marang Sunan Muria supaya bisa mbalik maneh dadi manungsa.
Kanthi sabar bulus-bulus mau ngenteni liwate Sunan Muria ing jero banyu. Saben ana wong sing liwat bulus-bulus mau padha kroyokan ndelok sapa sing liwat. Nanging nganti suwe sing dienteni durung ngetok.
Nalika Sunan Muria liwat ing panggonan sing dienggo ndhelik, bulus-bulus mau padha ngetok lan ngomong, “Kanjeng Sunan, kula nyuwun pangapunten, ugi suwunaken marang Gusti Allah supados kula dipun dadosaken manungsa malih?”
Kanjeng Sunan sedhih amarga ngerti kedadean kuwi. Nanging, Sunan Muria ngendika, ”Kerabatku, aku ya melu prihatin amarga kadadean iki, naging iki kabeh wis dadi takdire Gusti Allah. Mula, tampanana kanthi ikhlas lan tawakkal marang sing Kuwasa”.
“Kanjeng Sunan, menawi menika dados takdiripun allah lajeng pripun kita bade angsal panguripan?”.
Sunan uga tambah sedhih nalika krungu critane bulus mau. Banjur Sunan tafakkur sedhela, lan nuncepake tongkate ing jero lemah. Pas wektu Sunan njabut tongkate mau, mancur banyu kang bening banget. Ing wektu sedelok panggonan mau dadi kolam utawa sendhang.
“Rungakna ya bulus, panggonan iki wis dadi sumber sing abadi lan besok bakal dadi desa sing rame lan dadi desa sumber. Sabara neng kene merga pakanan apa wae sing mbok karepke bakal teka dewe.”
Banjur Sunan sak rombongane lunga saka panggonan mau sahingga bulus-bulus mau ngucapke matur nuwun marang Kanjeng Sunan. Nganti saiki desa sumber mau dadi rame lan sendhang mau dikramatke marang wong-wong ing tlatah kono.

Badar

Ana ing dhaerah Undaan kabupaten Kudus, ana bocah sing jenenge Badar. Badar kuwi bocah yatim. Nalika isih umur nem taun dheweke wis ditinggal mati bapake, sahingga dheweke manggon ing dhaerah Undaan karo ibune.
Sakwise ditinggal bapake, Badar uripe rada susah. Yen arep mangan wae dheweke kudu luru kayu ing alas dhisik. Biyasane esuk-esuk wis mangkat nggolek kayu ing alas lan awane dheweke nggawa bongkokan kayu.
Nalika umure 15 taun, dheweke kepingin ngaji menyang Mbah Hasyim kang manggon ing dhaerah bareng kabupaten kudus. Dheweke banjur pamit karo ibune.


Kowe mengko yen ngaji kudu bekti marang gurumu. Aja nganti mbantah apa printahe.”
sawise ketemu karo Mbah Hasyim terus dheweke ngaji lan ngabekti. Apa kang dadi kekarepane gurune mesthi di lakoni kanthi taat. Biyasane dheweke dikon luru kayu ing alas. Sawiji dina Badar lara, sehingga dheweke ora metu saka kamare. Mbah Hasyim bingung, amarga kayune ing pawon wis kentekan. “Sidik! Mreneya.” Salah sijin santrine Mbah Hasyim di celok Mbah Hasyim.” Badar saiki kandhani kon luru kayu ing alas, merga kayune Mak Nyaimu ing pawon wis entek.” Banjur Sidik lunga nggoleki Badar.
Sawise ketemu Badar, Sidik ngomong yen kayune Mbah Hasyim wis entek. Badar kon luru kayu ing alas. Amarga Badar lagi lara, dheweke ora bisa luru kayu lan njaluk tulung sidik kon nglurakna kayu Mbah Hasyim ing alas.
Sawise dirasa ngelmune cukup ngaji karo Mbah Hasyim. Mbah Hasyim pesen karo Badar “Yen kepingin ngaji, merguruwa karo Mbah Asari!”
Sawise pamitan karo Mbah Hasyim. Badar banjur mangkat menyang panggonane Mbah Asari. Panggonane mbah Asari iku ana ing Jombang, lan Mbah Hasyim ana ing dhaerah Kudus.
Ana ing dalan, Badar di cegad karo rampok. Rampok mau ngrampas gawanane Badar. Badar ora meneng wae, dheweke ngrebut gembolane dhewe. Ora trima rampasane di rebut, rampok mau banjur nyerang Badar, nanging sak durunge kena awake Badar, jurus lembu sekilan wis dicakke dening Badar sahingga para rampok padha mlayu karpe dhewe. Perang mau ora nganti suwe. Satemene, dheweke uga nduweni ajian Naga Ngamuk, sing dipelajari saking Mbah Hasyim, nanging dheweke isih wedi nggunakake ajian mau, sebape bisa-bisa rampok mau malah padha mati kabeh, saking ampuhe ajian iku.
Pancen sawise Badar nrima ajian naga ngamuk, dheweke nduweni tandha naga ing dhadhane.
Sawise tekan jombang, dheweke langsung merguru karo Mbah Asari. Badar dikenal wong sing sregep ngaji lan cerdas pikirane. Mulane dheweke disenengi Mbah Asari.
Sakwise dianggep cukup karo mbahasari, dheweke banjur dikongkon ngecakkake ngelmune ing dhaerahe dhewe. Badar banjur pamit karo gurune saperlu mulih ing dhaerah lahire mbiyen.
Nalika wus tekan Undaan. Dheweke luru ibune kang wus ditingga suwe. Ibune seneng banget weruh anake mulih maneh saka luru ngelmu. Wektu kuwi ngepasi ing dhaerah Undaan wayah rampok.
“Badar kowe iku wis kewajiban ngecakna ngelmumu ana ing dhaerah kene, lan mbantu dhaerah kene, saka rampok kang nganiyaya wong-wong Undaan!” Ibune kandha karo anake. “wis semestine dadi kwajibanku njaga lan mbantu dhaerahku Bu.”.
Sakwuse iku, dheweke ngedegna kumpulan wong nom-nom dhaerah Undaan, saperlu mbrantas para rampok. Wektu kuwi akeh wong nom sing setuju ngedegna keamanan ing dhaerah kono supaya tentrem.
Para nom-noman keamanan sepakat, yen Badar dadi kepala keamanan dhaerah kono.
Saka sethithik rampok ma bisa di brantas. Dhaerah ndaan saiki wis dadi dhaerah kang ayem, tentrem amarga ora ana rampok.
Sawijining dina ana mantan kepala rampok kang gela amarga sawise dhaerah kuwi ana keamanane kang dipimpin dening Badar, dhaerah kuwi aman-aman wae. Meneh-meneh mantan ketua rampok mau gela, amarga wektu dheweke ngrampok, digagalna keamanan kang dipimpin dening Badar. Mulane dheweke nyusun sisat kanggo ngrampok maneh ing dhaerah kuwi.
Sawiji dina ketua rampok mau ngrampok ing dhaerah kuwi, dheweke nglawan sapa wae sing ngala-ngalangi niyate. Warga kang dsane lagi kerampokan terus kandha Badar.
“kang badar! Desaku saiki ana rampok.”.
“kowe saka desa ngendi?”
“saka desa sambung”.
“aku lan prajuritku sedhela maneh tekan sambunhg.”
Sak tekane badar lan prajurite ing desa sambung, para rampok ana kang mlayu karpe dhewe lan ana uga kang nglawan prajurit undaan. Ketua rampok langsung nyabetna pedhange ing sirahe badar, nanging badar indha lanmencolot karo nendhang sirahe ketua mau. Sak nalika, langsung am,bruk lan ora nduwe daya apa-apa sahingga bisa dicekel lan dihukum. Semono uga para rampok liyane bisa dilumpuhna prajurit undaan. Sarana saking kuwate prajurit kemanan. Rampok mau bisa dikalahake..
Sak wise dhaerah Undaan aman lan tentrem saking rampok, Badar banjur dinikahake karo salah sawijine kepala desa ing dhaerah Undaan. Amarga jasane ngamanake dhaerah Undaan saka rampok deweke dingkat dadi ketuane dhaerah kuwi. Badar lan ibune saiki urip mulya jalaran uripe dibiayai wong-wong Undaan kang sepakat aweh hadiah saben sewulan sepisan.

Asal-usule Telaga Warna lan Kawah Sikidang

Ana salah sawijining penduduk Wonosobo kang paham anane legenda kang bisa dipercaya penduduk ing kutha Dieng, nuturna yen “Dieng asale saka bahasa Jawa yaiku dhi kang artine gunung lan nyang sing artine para dewa-dewi. Dadi Dieng yaiku gunung papan panggonane para dewa-dewi. Saliyane iku uga ana akeh candi peninggalan agama Hindu antarane ana candi Arjuna, candi Srikandi, candi Puntadewa, candi Sembadra, lan candi Semar. Saka hasil penelitian ahli sejarah kelompok candi Arjuna dibangun kira-kira pas pertengahan abad ke-8.


Ora adoh saka kawasan candi Arjuna uga ana telaga warna lan kawah Sikidang. Miturut cerita telaga sing katon warnane ijo, biru, lan bening amarga kena sorot sumunare srengenge yaiku telaga sing digawe pangeran calon mantu kanggo sang ratu. Rikala kuwi ana loro calon pangeran sing arep diangkat dadi mantune. Mula dibuka sayembara kanggo syarat supaya salah sijine bisa oleh sang ratu, syarate yaiku adu cepet nggawe telaga. Salah siji pangeran bakal dadi pemenange. Nanging pas ratu isih mlaku-mlaku, banjur weruh ana telaga sing banyune katon tenang lan bening ana cahayane amarga kesorot srengenge. Ratu sing isih mlaku-mlaku krasa seneng banget lan penasaran sapa sing nggawe banyu telaga kang katon endah kuwi. Banjur ratu nggoleki pangeran sing nggawe telaga kuwi amarga arep didadekake bojone sang ratu. Akhire keputusan perkara sing menang sayembara kuwi dibatalke.
Ratu lan pangeran urip rukun lan tentrem kanthi dianugrahi putri. Wektu kuwi ratu lan anake sing ayu rupane adus ana ing telaga, nanging slendang-slendange pada mabur kena angin lan tiba ing sajroning telaga banjur nglunturi banyu telaga nganti banyune dadi warna-warni. Mula saka kuwi akhire telaga iku diarani “Telaga Warna”. Ana ing lereng bukit sing cepak karo telaga warna ana kawah kang diarani kawah Sikidang.
Manut critane kawah Sikidang dipercaya yen kawah kuwi mbiyene ana istana duwekke sang ratu kang ayu rupane. Arane Shinta Dewi. Ing sawijining dina dheweke dilamar marang pangeran sing kabare gagah lan sugih. Nanging nyatane Shinta Dewi kuciwa amarga pangeran kuwi nduweni awak manungsa lan sirahe rupa kijang. Arane Kidang Garungan. Mula ben ora gampang nglamar, Shinta Dewi nduweni siasat lan njaluk syarat. Syarate yaiku njaluk digawekna sumur sing gedhe lan jero banget ing kono. Wektu kuwi sumure wis arep rampung banjur Shinta Dewi karo para pengawale ngurung sumur kuwi. Kidang Garungan wektu kuwi melu kekurung ing sumur banjur akhire melu kekubur ing sajroning sumur kuwi. Kidang Garungan berusaha supaya bisa metu saka sumur kuwi kanthi ngetokake kabeh kesaktiane banjur iku meledhak kanthi panas lan lapisane goyang utawa gogrok. Amarga saking jengkele Kidang Garungan ngutuk yen kabeh keturunan shinta Dewi bakal nduweni rambut gembel. Mula saka iku ing kutha Dieng terkenal karo anane tradisi upacara adat “rambut gimbal”.

Asal-Usule Kali Blorong

Ing jaman biyen ana cerita ing salah sijining segara kidul,. ing kana ana panguwasa segara kidul kang sekti mandraguna. Dheweke dijenengi Nyi Roro Kidul ing kana Nyi Roro Kidul duweni anak wadon kang diwenehi jeneng Nyi Blorong. Sakwise ngancak dewasa Nyi Blorong lunga saka panggonane ibune, dheweke kepengin dadi panguwasa kaya dene Ibune. Pesene ibune “ lungaha saksenenge atimu lan tinggalen aku neng kene dhewekan “ Banjur Nyi Blorong ngulandara ana ing sak amabane jagad segara. Ananging dheweke ora kasil yen segara-segara kang arep mbok panggoni mau wes ana panunggune. Nyi Blorong wes kadung janji karo Nyi Roro Kidul “ibu aku bakalan golek segara kang bisa tak dadekake panggonanku wodene ibu kang nguwasani segara kidul kene”. Amerga janji kang kaucap mau, Nyi Blorong isin karo ibune menawa dheweke bali marang segara kidul.


Karo Kreta Kencana kang diwenehi Ibune Nyi Blorong ngulandara nganti segara lor. Nalikane tekan segara lor Nyi Blorong wis ditunggu panguwasa segara lor, amerga ilmu kang isih cekak Nyi Blorong kalah karo panguwasa segara lor banjur mlayu maring kali kang tepung karo segara lor. Niyate namung umpetan ing kali sinambi nunggu Nyi Roro Kidul, ibuke menehi pitulungan. Sakwise pirang-pirang dina, wulan, nganti taun ws kaliwat. Nanging ibune ora banjur teka, dheweke banjur betah ana ing salah sijining kali mau, ing kali kono dheweke bisa kerasan amerga ning kono akeh panganan lan kasenengan kang di karepake nyi Blorong.
Ing dina liya Nyi Roro Kidul nyiyapake prajurit-prajurite kanggo menehi pitulungan marang Nyi blorong. Ana ewonan prajurit kang mareng segara lor mau. Ora suwe prajurit mau wes tekan segara lor banjur nemoni Nyi Blorong. ” Sang Ratu kula lan prajurit-prajurit siyap biyantu ratu”. Sang ratu wes kedalung krasan ana ing kali mau, dheweke wes ora kepingin nyerang panguwasa segara lor malah dheweke dhuwe niyatan mbangun kerajaan roh alus ana ing kali mau. Akhire Nyi Blorong bangun kerajaan ana ing kali mau, ora gampang. Pirang-pirang taun Nyi Blorong gawe kerajaane kanthi dadi kerajaan kang megah kang kaidam-idamake Nyi Blorong. Cerita iki saka penduduk sakiwa tengene kali kuwi, kawit biyen tumekane saiki diarani kali blorong. Miturut ceritane kali sing dipanggoni Nyi Blorong kuwi ana ing Kendal, ing kecamatan Ngampel. Amerga kapercayaan kuwi mula dijenengi kali Blorong. Jaman biyen kaline terkenal angker, akeh bocah-bocah cilik seneng adus kali tanpa ngerteni menawa sedela meneh kali kuwi bakalan mludak lan sing adus kali padha kelarut banyu banjur mati kleleb. Miturute bocah kang slamet saka bencana banjir mau “ ana wong wadon ayu kang ngawe-ngawe dheweke lan kanca-kancane “ banjur kancane maring menengah ing kali kuwi. Ora let suwe kali mau banjir mulak-mulak. Banjur bocah sing menengah marani wong wadon ayu mau mati kleleb.Kawit ana musibah kuwi wong-wong tuwa sing duweni bocah cilik nglarang anake anggone adus kali “ aja sepisanan adus ing kali dhewekan, kali sing asale sat banjur bisa dadi banjir mulak-mulak “ Para penduduk percaya bocah sing mati ing kali blorong didadekake panganane utawa ingon-ingone Nyi Blorong.
Ana cerita saka penduduk sing omahe ora adoh saka Kali blorong, dheweke weroh ing sawijining dina, kali mau banjir gedhe banjur banyu kali ketara nganti omahe bapak mau. Saksuwene nyawang kali kanthi ditamatake bapak mau banjur weruh wong wadon ayu kang nganggo kebaya,pacakane kaya ratu kang ana ing kerajaan jaman biyen lan numpak kereta kencana ugi dikawal dening prajurit-prajurit kang akeh cacahe. Sakwise kuwi ana cahya padang jinglah ing tengahing kali Banjur arak-arakan ngilang, Nanging apa kuwi sing mbok arani Nyi Blorong utawa namung imajinasi / khayalane bapak mau.
Angel mbenerake cerita masyarakat kuwi, ananging namung kepercayaan mau sing ndadekake kepercayaan kuwi dadi ana. Penduduk mercayani menawa ing kali kuwi ana kang nunggu, Nyi Blorong. Ananging ora ana penduduk kang ngelar sesaji utawa ritual-ritual persembahan kaya dene papan-papan liyane sing ana penunggune..Sakiki Nyi Roro Kidul manggon ana ing segara kidul, minangka Nyi Blorong manggon ana ing salah sijining kali kang panggonane utawa tembuse ing segara lor. Kadang-kadang Nyi Blorong bali ana ing segara kidul sowan marang ibune sing wes menehi pitulungan marang dheweke.
Kali blorong uga asring diarani kali ula, mergane struktur kali kang ngrungkel-ngrungkel utawa menggak-menggok ora aturan kaya sifate ula yen wayah mlaku awake obah kiwa nengen. Uga ana sing ngomong menawa kali kuwi asale awujud kalen Banjur dilewati ula siluman kang nguwahi struktu kalen mau dadi mengak-menggok. Saksuwene wayah kalen mau dadi kali kang amba.