Sabtu, 19 Desember 2009

Mantra Tarakbrata

1. Mantra yen arep tarakbrata
Yen arep tarabrata (tirakat), kudu adus wuwung disik, mantrane:
Niyatingsun adus, angedusi badan kayun, manggih toya rabani, dus lali, dus mani, badan adus den dusi padha badan, roh adus den dusi pada roh, suksma adus den dusi padha suksma, dat teles suksma ngalam, dat urip tan kena kawoworan, urip sajroning karsa, ingsun adus banyu saking kodratolah, byur njaba, suci njeroning badan rabani, alahu sakarsa, alahu alaihi wasalam.
Sawuse maca mantra, banjur adus wuwung kang resik.


2. Mantra supaya betah tarakbrata
Ingsun nutup rahsa, sang sir rahsa payungana ingsun, rahsa mangan cahya, cahya mangan rahsa, langgeng ing ciptaku, tetep mantep tan kena owah.
Mantra diwaca saben bakda magrib kaping 40, yen lagi tarakbrata.

3. Mantra supaya betah pasa
Bismillahirrohmanirrohim. Allahuma sakati’I maut, badanku gumulung cahyoku jumeneng,  ya ingsun ratuning cahyo,  ngadeg ing damar murub, urube murub ing sajroning ati, terus ing paningal, laa  illaa illallaahu,  muhammadurrasullulah.
Mantra diapalke yen duwe niat arep nglakoni sesirih/ pasa.


4. Mantra niat melek
Bismillahirrohmanirrohim. Niatingsun melek tutuga tekan sedina sesuk, manjing teguh rahayu kang santoso kagunganne Allah.

5. Mantra supaya betah melek
Manik coyo, bahyo coyo, coyo bahyo, sarine Allah ya Allah kulo nyuwun betah melek. Laa ilaa illallaahu, muhammadurrasuulullah.

6. Mantra keslametan
Shallallaahu alaihi wa sallam. Shifatullah, qulhu sungsang, tekenku poro malaekat, Nabiku Nabi Muhammad, luputo kang diarah, kenoho kang ngarang. Allahu akbar.
Lakune mutih 2 dina 2 bengi. Mantra yen diwaca kanggo nemu slamet lan ora dijahili wong liya.

7. Mantra ngambah papan angker
Kun kanikun ingsun kun, kowe kama salah, aja angganggu gawe, aku ratuning kun.
Lakune mutih 3 dina 3 bengi, wiwite dina Slasa Kliwon. Mantra diwaca sapisan aja ambegan.

8. Mantra ngedohake ula
Seh merling, Seh dumeling, dohna ingon-ingonira, sapembalangan dohe karo aku, aja wuruk sudi gawe marang awakku, golek sandhang pangan dhewe-dhewe, aku anak putune Nabi Solaiman.
Lakune mutih 3 dina 3 bengi, wiwite dina Kamis Wage. Mantra diwaca yen  lumaku ana ngalas, utawa ing papan kang sakira ana ulane.

9. Mantra Pangirupan
Allahu cahya mulya, sira sun kongkon, sira irupen cahyaning wong agung kang disuwitani, amora lan cahyaku. Laa ilaa illallah, muhammadurrosullullah, sir-sir-sir-sir-sir.
Lakune mutih 3 dina 3 bengi wiwite dina Rabu Pon. Kasiyate mantra iki kanggo nundukake kekuatan suksma negatip wong liya. Utawa mantra diwaca yen weruh wong nyalawadi arep ngalani. Yen ditujuke mungsuhe, “wong agung kang disuwitani” diganti “mungsuh lagi sengit”.

10. Mantra Kesakten Gaib
Bismillahirrohmanirrohim. Ono jopo sewu, jopo siji datan tumomo. Sing mandi japaku dhewe. Laa ilaa illallah, muhammadurrosullulah.
Lakune pasa Ngasrep 2 dina 2 bengi lan patigeni sedina sewengi. Wiwite pasa dina Slasa. Mantra diwaca ping 7 saben ba’da salat fardlu. Yen arep dicoba diwaca ping 7 utawa yen arep mangkat perang diwaca ping pisan.

Mantra Pagering Awak
Allahumma kulhuwallah, lungguhku imbar, payungku imbar, wong sajagad kabeh kang sumedya ala marang aku, nyawane kari sadhepa, sa’asta, sakilan. Wong kang sengit marang aku, cupeten angen-angene, sandhang pangane lan sabarang niate kabeh, pet cupet karsaning Allah. Lakune mutih 7 dina 7 bengi, wiwite dina Kemis Wage. Mantra diwaca yen ana rerusuh utawa yen perang.

Mantra Siluman¥
Salallahu ngalaihi wasalam, alahuma kulhu Allah, lungguhku imbar, payungku imbar, mimang mimong si Wisakarma tengahing angin, apipit maya-maya ora katon apa apa, kang hima kakalangan petheng dhedhet alimengan si imbar ngemuli aku, wong sabuwana bloloken ora weruh aku. Lakune pasa 21 dina, kanane mangan (buka) mung sapisan sabenjam 12 bengi, yen pasane wis rampung banjur ngebleng 7 dina 7 bengi, wiwite dina Rebo Pon. Mantra diwaca yen ana bebaya utawa yen perang. Yen ketrima bisa ngilang ora diweruhi wong.

Ajian Petake Jeyengrama
Ingsun amatak ajiku, Jayabarut ingsun jumeneng datullah, umadeg tengahing jagad, sakabehing mungsuh sakubeng ing cakrawala kang padha durhaka, krungu petak gelap sakethi, padha bedhah kupinge, pecah endhase. Lakune pasa 40 dina mangan mung sapisan sabenjam 12 bengi, sawise pasa tutug 40 dina, banjur ngebleng 7 dina 7 bengi, wiwite dina Rebo Pon. Aji diwaca yen campuh perang sarta ngarepake campuh.

Mantra Sugih Banda
Ing wayah bedhug awan, ana ing latar ngadeg madhep mangidul, madep mangetan, mantra, Sentanaku juru gedong Retna Dumilah arane, kang rumeksa gedhongku ing jagad wetan, bukaken gedhongku kang isi inten berlean lan sarupaning manik-manik, ingsun arep nganggo. Ing wayah bedug awan, ana ing latar ngadeg madhep mangidul, mantra, Sentanaku juru gedhong bambang Bunarbuwana arane kang rumeksa gedhong ing jagad kidul, bukaken gedhongku kang isi busana wastra sapanunggalane ingsun arep nganggo. Ing wayah sore mbarengi Suruping srengenge ana ing latar ngadeg madhep mangulon, mantra, Sentanaku juru gedhong Nurkencana remeng arane, kang rumeksa gedhongku ing jagad kulon, bukaken gedhongku kang isi kencana mulya lan kang sarwa picis sapepake ingsun arep nganggo.
Ing wayah bedhug bengi ana ing latar ngadeg madhep mangalor, mantra, Sentanaku juru gedhong Srikolem arane, kang rumeksa gedongku ing jagad br, bukaken gedhongku kang isi sawarnaning pangan kang bangsa pan, palagumantung, palaka pendhem, palakasimpar, bangsaning iber-iberan, kewan belehan lan sarupane iwak loh ingsun arep bujana, ayo, ayo, ayo enggal enggal padha tumandhanga, saben Kliwon pada teka babarengan nggawa sakabehing kabutuhaningsun. Banjur temenga mandhuwur karo muni: bapa akasa, nuli tumungkul mangisor, muni: ibu pertiwi, nyuwun bantu. Lakune pasa 40 dina, kenane mangan mung sapisan saben jam 12 bengi, wiwite dina Kemis Wage. Sabanjure saben bengi tumindak mangkono iku, dadi turune sawise jam 12 bengi, puwasane mung cukup 40 dina bae.

Mantra Pameling
Allahu zat, allahu sifat, allahu asma, Allahu afgal, Allahu sidik, roh kudus, roh ilapi, roh sira rohingsun rohingsun dhewe Si…… (sebutna jenenge) tekaa enggal katemu aku. Lakune oran mangan uyah 40 dnai, wiwite dina rebo Pon. Mantra diwaca mbarengi pleteking srengenge, ngadhepake prenahe omahe wong kang diundang supaya teka.

Mantra panolak tenung Tujuh Layar
Allahumma kulhu buntet, kulhu balik, durgateluh, jim setan peri prayangan pada mara padha mati, jalma marang jalma mati, mati karsaning Allah.
Lakune mutih 7dina 7 bengi lan pati geni sadina sawengi, wiwite dina Setu Kliwon. Mantra diwaca mbarengi surup srengenge, diwaca ing banyu diwadhahi pinggan, banyu kadamu ping 3, banjur kaombekake marang wong kang kena tenung utawa tujulayar.

Mantra Senggara Macan
Ana kedawang miber ing tawang alat-alat, macan sewu ing mripatku, macan putih ing dhadhaku, gelap ngampar suwaraku, durga mendhak kala mendhak, teka kedhep teka wedi, teka asih mungsuhku, kodheng madhep manut sakarepku karsaning Allah. Lakune mutih 3 dina 3 bengi lan patigeni sadina sawengi, wiwite dina Jumuah Pahing. Mantra diwaca yen wis adhep-adhepan lan mungsuh.

Mantra Panglereman
Yen ana ing dalan begal durjana. Suksma nuksma, nyawa sirna, roh njendhel, rep sirep si jabang bayi katrem ing dlamakanku. Mantra kawaca sapisan karo mandeng mripate wong kang arep mbegal. Lakune pasa 21 dina mangane saben jam 12 bengi lan patigeni sadina sawengi, wiwite dina Rebo Pon.

Mantra Kateguhan
Kaki kala ingsun njaluk kiambi watu, watu sakilan sageblog kandele, rasukan ing badanku, sakehing braja dawa tuna, cendhak, cupet tiba ing ngarepku, saka karsaning Allah. Lakune nglowong 3 dina 3 bengi, wiwite dina Rebo Pon. Mantra diwaca yen ana babaya pakewuh utawa yen maju perang.

Mantra Padhang Atine
Ati-ati katengi aku njaluk padhanging ati, ora ana padhanga ati, damar kurung cumanthel pulunging ati, byar padhang wus oleh padhang ati saking karsaning Allah.

Nukat Gaib
“Bismillahir rahmanir rahim. Ingsun wis tanpa paningkahe rasa jati, kaanane Pangeran.”


http://anggaz.wordpress.com/2010/09/04/kumpulan-mantra-mantra-jawa-2/

Selasa, 08 Desember 2009

Gebyar Jawa

Himpunan Mahasiswa Bahasa dan Sastra Jawa kaliyan Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa Universitas Negeri Semarang ing 3 Desember 2009 kala wingi ngawontenake adicara Pambukane Gebyar Jawa. inggih punika satunggale adicara taunan ingkang dipunwontenake kangge mengeti dinten Jayanipun basa daerah mliginipun basa Jawi. Adicara punika wiwitan sesambut saking Pandhega/ketua Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa Drs. Agus Yuwono M.Si lan dipunbikak dening dekan Fakultas Bahasa dan Seni Prof. Dr. Rustono M.hum kanthi mardikoake manuk mara ing angkasa dipunlajengake kirap arak-arakan muteri kampus Konservasi Universitas Negeri Semarang. Adicara punika minangka rantaman adicara Gebyar Jawa 2009 dening Hima Basa Jawa. rampung adicara pambuka punika taksih katha rantaman adicara sanesipun, umpaminipun "Pentas Wayang" saking dosen lan mahasiswa, ugi wonten lomba geguritan lan macapat tngkat SMP se-jawa tengah. mugi adicara punika saged dados gregeting tiyang Jawa supados tinuwuh rasa tresna malih kangge nguri-uri kabudayan Jawi.

Kamis, 03 Desember 2009

ASAL-USUL TEGAL

Tegal kuwe asale saka tembung Tetegal sing artine sawah sing bisa ditanduri palawija. Asal-usul Tegal ora bisa dipisahna karo tokoh Ki Gede Sebayu sing urip sekitar taun 1980. ki Gede Sebayu asale saka Kerajaan Pajang. Kerajaan Pajang dikalahna dening Kerajaan Mataram, akeh priyayi muda lan bangsawan lunga ngumbara nggolet panguripan sing anyar. Ki Gede Sebayu ngumbara parane ngulon.
Ki Gede Sebayu mangkat karo Raden Sidawini. Ki Gede Sebayu karo Raden Sidawini nglewati alas-alas. Ana ing alas akeh begal, dadi Ki Gede Sebayu lan Raden Sidawini ora mung bekal dhuwit nanging bekal ilmu agama lan ilmu bela diri.


KiGede Sebayu lan Raden Sidawini anjog neng dhaerah Pemalang sing wis akeh penduduke. Sak wetara Ki gede Sebayu karo Raden Sidawini manggon neng Pemalang. Sawise pirang-pirang taun neng Pemalang Ki Gede Sebayu lan Raden Sidawini ditampa dadi tokoh masyarakat. Ora let suwe, Raden Sidawini diangkat dad bupati Pemalang.
Ki Gede Sebayu nerusna ngumbarane mring kulon nggoleti Ki Wana Kusuma. Ki Wana Kusuma yaiku salah sijining priyayi keturunan Patih Kerajaan Demak. Ki Gede Sebayu karo Ki Wana Kusuma ketemu neng tetegal, awit kuwe KI Gede Sebayu nduweni niyat yen dheweke pan netep neng dhaerah kuwe. Sawise Ki Gede Sebayu oleh piwulang saka Ki Wana Kusuma, dheweke wis bisa nata masyarakat, mangkane Ki Gede Sebayu diakoni dadi sesepuh. Desa tetegal dadi rame penduduke ana sing dadi tani, dagang lan nelayan. Tetegal sing rame penduduke dipercayakna mring Ki gede Sebayu. Dheweke diangkat dadi demang. Saiki kira-kira setingkar karo kepala desa. Wektu kuwe tetegal esih wilayah kadipaten Pemalang. Ki Gede Sebayu mimpin tetegal mikirna kepentingan penduduke. Buktine dheweke bisa mbangun Bendungan Danawarih, kanggo mbanyoni tegalan utawa sawah sing ana sakiwa tengene.
Ki Gede Sebayu seda sakwise mbangun bendungen Danawarih. Sawise dheweke seda desa tetegal dipimpin dening anake yaiku Ki Gede Honggowono. Dheweke diangkat dadi Demang. Ki Gede Honggowono seda diterusna dening putrane sing jenenge Ki Honggowono. Aran kembar kuwe diarani Nunggak Semi. Putune Ki Gede Sebayu kuwe diangkat dening Sultan Agung dadi adipati Tegal. Arane diganti dadi Ki Gede Honggowono Secomenggolo utawa Tumenggung Reksonegara I.

Asal-usul Pantai Widuri ing Kutha Pemalang

Ana ing abad XV, pesisir lor Jawa Tengah isih akeh alas lan rawa-rawa. warga kang manggon ana pesisir iku isih langka lan sethithik. Ing pesisir kang saiki dadi wilayah Kabupaten Pemalang urip wong lanang wadon kang jenenge Kaki lan Nyai Pedaringan. Pasangan iki beda banget. Kaki Pedaringan yuswane luwih saka setengah abad, nanging Nyai Pedaringan isih enom banget. Nanging ora dadi alangan wong loro kae ngrajut benang-benang tresna lan tali kasih urip rukun bebrayan kaya critane Rama Shinta ing epos Ramayana. Pegaweyane kaki lan nyai Pedaringan yaiku tani, ngolah sawah kang maune arupa raw-rawa sak dawane pesisir segara. Nandur palawija lan semangka.


Ing sakwijining dina, esuk-esuk nyai Pedaringan dhewekan ing gubuge, isih nyiapake sarapan, panganan kang paling disenengi kaki Pedaringan kang saiki ana ing sawah adoh saka omahe. Merga kaki Pedaringan isih gawe lahan anyar kang mengkone ditanduri palawija. Ora let suwe teka wong lanang kang bagus rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai Pedaringan kaget, dheweke isih mlongo sajake bingung banjur si nyai Pedaringan ngamati wong bagus mau saka dhuwur tekan ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih ireng kenthel, getih kae katon nyata nanging ing gegere ana barang kang nyelip malah kaya gaman pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki kang ana ing jero atine Nyai Pedaringan.
Ora let suwe pawongan mau ngenalake awake kanthi santun nyeritake asale muasale dheweke teka ing gubug nyai Pedaringan. Nyata bocah bagus mau yaiku pangeran Papak Purbaya. Punggawa saka kerajaan Mataram kang lagi ngemban tugas ngadhemake pamberontakan kang dipimpin dening Salingsingan saka Cirebon. Salingsingan pingin ngrebut lan nguasani Jawa Tengah saka Mataram.
Pungkasane Salingsingan bisa dikalahake lan pangeran Papak Purbaya bisa selamet. Ana ing dalan tumuju Mataram, pangeran Papak Purbaya weruh gubug, dheweke kepengin mampir lan njaluk tulung diobati larane. Banjur Nyai Pedaringan ngrewangi ngobati. Ora suwe wong loro mau dadi cedhak. Tekan awan, pangeran Purbaya pamit bali arep nerusake lakune. Pangeran Papak Purbaya nitipake kerise kanggo bebungah marang nyai Pedaringan. Si pangeran aweh pesen, yen keris mau diarani Simonglang iku dijaga lan diopeni. Uga dikarepake yen mengkone keris iku dadi pusaka dhaerah iku lan kang duwe hak nduweni sarta ngrawat keris iki yaiku kluwarga Pedaringan lan keturunane.
Sapa-sapa ora nduweni hak njupuk keris mau kajaba pangeran Papak Purbaya utawa wong sing kabeh driji tangane papak kaya duwene pangeran Papak Purbaya. Pangeran Papak Purbaya nerusake perjalananen marang kidul. Ing tengah-tengah lakune dheweke kudu ngliwati kali cilik saka arah wetan lan ngalir tumuju kulon kang lokasine cedhak karo segara (ing basa jawa: Malang) dheweke kaya entuk ilham utawa wangsit saka sing gawe urip kanggo menehi jeneng dhaerah iki “Pemalang”.
Kisahe, wis rada sore kaki Pedaringan nembe bali ngomah, Kaki Pedaringan rada getun lan gumun, biasane nyai Pedaringan nggawake panganan nanging nganti sore kaya iki si Nyai ora marani. Getun dadi cemburu merga kaki ngonangi nyai Pedaringan isih nyekeli keris kang dudu duweke Kaki Pedaringan. Banjur Nyai Pedaringan aweh penjelasan nerangake kepriye critane dheweke nyekel keris mau. Nanging kaki Pedaringan ora gelem nrima penjelasan saka nyai, malah dadi ribut.
Ing akhir tukarane, Nyai Pedaringan nyabut kerise kanggo mbuktike tresnane, keris mau dienggo ngiris drijine. Getih kang seger mau netes saka drijine kang lentik. Nyai Pedaringan sumpah menawa tetesan getih kang diolesake ing kembang widuri bisa ngowahi warnane (warna kembang widuri putih) nanging yen kembang widuri mau bisa dadi warna ungu, iku tandane tresnane isih suci. Ndeleng kedadeyan mau, kaki Pedaringan dadi gela lan njaluk pangapura marang nyai Pedaringan.
Kanggo nebus dosane kaki Pedaringan karo nyai Pedaringan arep nyusul lan nggoleti pangeran Papak Purbaya. Nanging nganti saiki kaki Pedaringan ora tau bali. Saiki nyai Pedaringan kang diarani “Nyai Widuri” urip dhewekan karo bayi kang isih ana ing wetenge. Nganti akhir umure, nyai widuri dadi randa. Saiki jeneng widuri diabadikake kanggo jeneng desa, merga nyai widuri tau urip ning kono.

ASAL-USUL BANJARNEGARA

Carita iki kawiwitan nalika perang Diponegoro, yaiku perange Indonesia mungsuh Walanda. Nalika semana Indonesia isih awujud kerajaan-kerajaan kayata kerajaan Tarumanegara, Samudera Pasai, Mataram lan sak panunggalane.
Nalika perang Diponegoro kababar akeh para prajurit, tumenggung, kawula lan liya-liyane kang budhal perang. Semono uga R.Tumenggung Dipoyudi IV, salah siwijining Tumenggung ing Mataram uga budhal ing paprangan. Senadyan abot, nanging dheweke kudu bisa ninggalake kaluargane kang dtresnani banget, iki sadermo kanggo kapentingan Negara.


Sadurunge paprangan kawiwitan Raja, Tumenggung, lan para panasehat Raja nganakake Pasewakan Agung saperlu kanggo ngrembug babagan perang. Ana Pasewakan Agung Raja ngutus R.Tumenggung Dipoyudo IV supaya mimpin paprangan, banjur menehi keris kang sekti mandraguna.
Ana kana Raja uga dhawuh marang R.Tumenggung Dipoyudo IV, “Aja pisan-pisan sliramu lan wadyabalamu (prajuritmu) ngadohi benteng pertahane dhewe amarga bisa cilaka dadine.” Mangkana dhawuhe Raja. Pasewakan Agung ditutup. Kabeh padha ngerti tugase dhewe-dhewe. Ora ganti suwe R. Tumenggung lan wadyabalane wis kumpul dadi siji ing alun-alun saperlu nyiapake paprangan. Ana pasukan kang nggawa parang, pedhang, panah lan gaman liyane kabeh dadi siji nyawiji ing paprangan, aba-aba muni, paprangan kawiwitan sorak-sorak para prajurit , suwara pedang, panah, lan bedhil dadi siji thar…..thor……thar….thor. Akeh prajurit Mataram kang mati muspra amarga nglanggar dhawuhe Sang Raja yaiku ngliwati benteng pertahanan. Paprangan sansaya rame, para prajurit akeh kang tumiba amarga kena gamane Walanda. Samparane R. Tumenggung Dipoyudo IV uga kena gamane Walanda. Ora nganti suwe ana mburine R.Tumenggung Dipoyudo IV ana salah siwijining prajurit saka Walanda kang ngamang-ngamang pedang nanging tujune R. Tumenggung Dipoyudo IV bisa nylametake awake yaiku mlumpat saka jaran kang ditunggangi. Ngengingi kahanan kaya mangkono R.Tumenggung langsung mburu prajurit kuwi banjur dipateni. Wusana paprangan rampung walanda bisa dikalahake, Mataram oleh kamenangan. Sawise paprangan rampung R. Tumenggung sakwadyabala uga para petinggi-petinggi Walanda sing dicekel banjur digawa bali menyang kerajaan mataram.
R. Tumenggung banjur sowan dhateng kanjeng Gusti Mataram, matur menawa Walanda bisa dikalahake. Ora liya kejaba bungah ngengengi kahanan mangkono. Kanggo balas jasa marang R. Tumenggung Dipoyudo IV, dheweke diangkat dadi Bupati Banjarnegara adhedhasar Resolutie Governoer General Buitenzorg tanggal 22 agustus 1831 nomor I supaya ngisi jabatan Bupati Banjar kang wis dibusak utawa diapus setatuse kanthi panggonan ing Banjarmangu, banjur dikenal kanthi sebutan Banjarwatulembu. Sawise diangkat dadi Bupati R.Tumenggung kondur ing daleme, ibune kaget banget ngengingi kahanan mangkono. Banjur para Walanda kang dicekel dikunjara dadi tahanane Mataram.
Dadi Bupati ora gampang tumrape R. Tumenggung Dipoyudo IV, dheweke bingung, dheweke kudu bisa nata, ngatur dhaerahe dadi dhaerah kang subur lan makmur. Akeh banget alangane salah sijining yaiku mbludage Kali Serayu kang dadi kendhala angele rerembugan iki dirasakake dadi beban kanggo bupati nalika kudu ngrawuhi Pasewakan Agung ing kasunan Surakarta. Kanggo ngatasi perkara kuwi R. Tumenggung Dipoyudo IV nggawe kaputusan yaiku mindhahake ibukota kabupaten ing sisih kidule Kali Serayu. R.Tumenggung banjur nggoleki dhaerah kang apik kanthi mangembara. Ing tengahing pangumbarane dheweke dicegat bagal nanging dhasare wong pinter geluta karo sapa wae mesthi menange. Ora mung semono ing tengah alas R. Tumenggung uga ketemu wong wadon ayu banget ngrayu supaya ora usah nggoleki dhaerah maneh, luwih becik urip ing tengahing alas kene karo dheweke, sing sejatine iku iblis. R. Tumenggung mung mesem ngguyu. Banjur teka mbah-mbah kang nuduhake yen sisih alas kana ana dhaerah kang apik nanging kanyata dhaerah mau among jurang.
Ing kana R. Tumenggung banjur nyekel ula gedhe, ula iku ngomong, “Aku aja dipateni, Den.” Dheweke banjur ngeculake ula mau.
Pungkasan R. Tumenggung nemokake dhaerah anyar, kaanane dhaerah sing anyar iku wujude sawah-sawah kang amba kanthi pereng-pereng kang medeni. Panggonan sing isih sawahe (Banjar) iku digawe ibukota kabupaten (Negara) sing anyar sahengga dhaerah iki kasebut dadi Banjarnegara (Banjar: Sawah, Negara: Kota).