Senin, 26 Oktober 2009

ASAL USUL NUSAKAMBANGAN

Jaman biyen ing dhaerah Jawa Timur (Kediri), ana maharaja sing gelare Prabu Aji Pramosa. Raja iku duwe watak sing atos, dheweke wegah tundhuk marang sapa wae lan ora seneng menawa ana wong sing luwih sekti tinimbang dheweke lan duwe pengaruh gedhe ing negarane. Prabu Aji Pramosa ngongkon punggawa menyang ing kabeh penjuru kerajaan kanggo nggoleki wong-wong sing dianggep luwih sekti, amarga dheweke ora bakal trima yen ana sing luwih sekti lan pinter. Punggawa sing diprentah Prabu Aji Pramosa mau dibagi-bagi lan nyebar menyang pelosok kerajaan supaya luwih gampang anggone nggolek. Ora suwe anggone nggolek para punggawa-pungawa kerajaan mau nemokake salah siji panggonan sing neng papan kana ana Resi sing wis kesohor amarga kepinteran lan kasektiane.


Resi iku jenenge Resi Kano sing gelare Kyai Jamur. Kasektiane Kyai Jamur akhire tekan menyang kupinge Raja Aji Pramosa, dheweke krungu saka para punggawane sing weruh dhewe. Banjur Prabu Aji Pramosa mangkel, nesu lan arep nyekel sarta mateni warga sing ora duwe salah mau.
Akhire Raja ngundang Patih Hulubalang, Senopati uga pejabat utama kerajaan arep nggolek kepriye carane nyekel Kyai Jamur. Bubar oleh saran saka petinggi kerajaan Prabu Aji Pramosa banjur mutusake supaya Kyai Jamur diusir saka kerajaan utawa dipateni wae. Warta iku wis kasebar ing kerajaan nganti tekan dhaerah panggonane Kyai Jamur. Kyai Jamur dhewe krungu saka bature yen dheweke arep diusir. Bature Kyai Jamur ngakon supaya cepet-cepet lunga saka papan panggonane. Wengine Kyai Jamur lunga saka papan panggonane sadurunge dheweke diusir karo Prabu Aji Pramosa.
Prabu Aji Pramosa lunga karo para punggawane teka ing panggonane Kyai Jamur, nanging wong sing diparani malah wis ora ana ing papan panggonane. Krungu yen Kyai Jamur wis ora ana ing papan panggonane, Prabu Aji Pramosa tambah murka lan ngobrak-abrik papan panggonane. Bubar ngrusak panggonane Kyai Jamur Raja banjur ngutus punggawa kerajaan mburu lan nyekel sang resi. Alesane Prabu ngangkon punggawa kerajaan nggoleki Kyai Jamur mung kanggo kedhok supaya resi dianggep salah amarga lunga saka kerajaan tanpa ijin marang Prabu Aji Pramosa. Awit lunga saka kerajaan Kyai Jamur ngumbara terus mlaku menyang ngulon ngliwati alas, pantai kidul nganti tekan dhaerah sing saiki jenenge Cilacap. Ing papan kana dheweke nemu guwa kanggo leren lan dadi papan kanggo tapa.
Prabu Aji Pramosa lan para punggawane anggone nggolek uga mlaku tumuju menyang ngulon lan wektu arep leren, rombongan Raja nemu guwa sing jebul ana guwa kana Resi Kano lagi tapa. Aji Pramosa lan punggawane teka banjur Resi Kano dicekel lan dipateni. Amarga kasektiane, mayite Resi kuwi ilang utawa muksa. Iki nggawe Prabu wedi lan gumun, durung ilang rasa wedine, Prabu dikagetake maneh karo swara gemuruh karo angin saka tengah segara.
Aji Pramosa ngupayakake supaya tetep teteg ngadhepi kedadean sing medeni. Suwara gemuruh lan angin ilang, nanging dumadakan teka naga saka tengah segara sing wujude gedhe banget kaya arep mangan Aji Pramosa. Ombake dadi tambah gedhe, sahingga akeh penyu minggir banjur pantai iku saiki dijenengi Teluk Penyu. Naga iku marani Aji Pramosa lan nyerang dheweke lan para punggawane, kanthi gugup lan bingung ngadhepi kahanan iku Aji Pramosa banjur ngeculake panahe lan ngenani wetenge naga sarta naga mau banjur ilang mbarengi ombak sing ilanging tengah segara. Bareng nagane ilang banjur ana wong wadon mlayu ing dhuwuring ombak. Jebul naga mau jelmaan saka wong wadon sing ayu saka sisih wetan pulau Nusakambangan. Wong wadon ayu mau ngampiri Aji Pramosa karo ngomong matur nuwun amarga panahe bisa nggawe dheweke dadi manungsa maneh. Kanggo rasa matur nuwun wong wadon mau menehi kembang wijayakusuma kanggo Aji Pamosa.
Wong wodon iku ngomong marang Aji Pramosa, “Kembang wijayakusuma iku ora bisa ditemokakeing alam biasa, sapa sing bisa nduweni kembang iki bakal nurunake raja-raja sing bakal duwe kuwasa ing tanah Jawa.”
Putri iku jenenge Dewi Wasowati. Dheweke banjur menehi weling menawa pulau iki arep dijenengi Nusa kembangan. Nusa artine pulau lan kembangan artine kembang. Bareng gantine jaman jeneng Nusa Kembangan akhire owah dadi Nusakambangan sing saiki dikenal dadi pulau kanggo kunjara para tahanan.
Prabu Aji Pramosa seneng banget atine amarga nampa hadhiah kembang iku, banjur kanthi gugup anggone numpak prau kanggo mulih menyang Cilacap, nanging kembang iku tiba ing segara banjur ilang kegawa ombak. Aji Pramosa gela banget amarga mulih ora nggawa kembang mau.
Sawise tekan kerajaane, Prabu krungu warta menawa ing pulau karang cedhak Nusakambangan ana wit aneh lan ajaib, Raja kepingin weruh wit aneh sing ora ana wohe. Wit sing diomongake dening wong-wong, ora liya wit mau yaiku cangkok Wijayakusuma sing diwenahi Dewi Wasowati marang Aji Pramosa. Weruh wit iku, Aji Pramosa kelingan omongane Dewi Wasowati yen sapa wae sing duwe kembang Wijayakusuma bakal nurunake raja-raja sing duwe kuwasa ing tlatah Jawa.

Asal Usul Dusun Limbangan Lan Sendang Madukusuma

Rikala semana ana dusun kang manggon ing tegalan Kasih, akeh bencana utawa bebaya kang tansah teka. Kabeh mau ndadekake akeh warga kang kelangan nyawa ing saben dinane. Mula seka iku wargane padha pindah ing tegalan Pejarakan (Pejarakan : amarga akeh wit jarak).
Ing sawijining dina, katekan pawongan kang sekti. Jenenge Kyai Lintang Trenggana. Pawongan mau arep malu sesuci ananging, wektu iku ora ana banyu. Dheweke banjur nancepake tongkate ing lemah sangisore wit jarak. Tilas tangkate mau banjur metu banyune.


Tuk mau banjur digawe pancuran kang diwenehi jeneng sendang Madukusuma utawa kali Njarak (njarak : amarga ing ngisore wit jarak). Banyu kang mili seko pancuran mau ilang yen wis mancur ing lemah.
Warga dhuwe pamikiran yen banyu kang ilang mau bali maneh ing njero blumbangane. Seko tembung blumbangan Suwe-suwe dusun iku diwenehi jeneng Limbangan (limbangan: seka tembung blumbangan).
Ing sandinge blumbang sendang iku, ana watu kang ana tepak tangane kyai lintang Trenggana. Tepak tangan iku isih nganti saiki.
Masyarakat limbangan ing saben taune nganakake sadranan kanthi nanggap jaran kepang Ian wayang kutit ing pelataran sendang. Sadranan mau dianakake kanggo ngeling-ngeling jasane Kyai Lintang Trenggana kang wis ninggali sendang kang banyune kanggo banget kanggo uripe masyarakat Limbangan Ian banyune mili lancar tekan saiki.

ASAL USUL DHUKUH ADISARA

Panggonan sing dumunung ing sisih kidul Kabupaten Banjarnegara, luwih tepate ing Kecamatan Mandiraja desa Glempang. Ana salah siwijining dhukuh kang diarani dhukuh Adisara, ing dhukuh Adisara ana pesarean sing disebut pesarean Adisara. Neng jerone pekarangan pesarean ana panggonan sing diarani petilasane Sunan Kalijaga. Petilasan kuwi kerep dinggo nyenyuwun dening wong sing percaya yen nyenyuwun neng panggonan mau bisa nampa berkah. Biyasane yen sasi Sura masyarakat sing duwe sedulur sing disarekake neng pesarean Adisara, nganakake slametan sing diarani Nyadran. Ibu-ibu padha nggawa tumpeng isi pitik lan lawuhan, nanging yen ora mampu kena diganti endhog. Bapak-bapak padha nggawa kembang menyan. Kembang menyan mau diserahake juru kunci lan yen wis diberkahi banjur dibagekake Ibu-ibu kanggo keslametan keluarga, kembang mau kudu dikum banyu banjur dinggo raup kabeh anggota keluarga.


Manut ceritane warga kana, dhukuh Adisara kuwi sejatine petilasane Sunan Kalijaga. Putrane salah sijining Raja sing kondhang sugih, nanging raja mau ora mersudi marang rakyate, akeh rakyate sing urip sengsara. Raja mau ora bijaksana lan nduweni watek pelit, senengane nindhes rakyat cilik. Nanging wateke putra raja mau adoh saka wateke wong tuane, putra raja nduweni watek sing asor, welas asih karo rakyate.
Sunan Kalijaga sing duwe jeneng asli R.M Said, ora seneng ndeleng watekee wong tuwane sing serakah karo kesugihan, ora nggatekake rakyate sing uripe sengsara, wong tuwane mung mikir ketentremane uripe dhewe. Amarga watek welas asihe, mula dheweke banjur mutusake metu saka kraton lan dadi rampok. Sing dirampok dudu wong liya nanging wong tuwane dhewe, nanging kasile ngrampok ora kanggo kesenengane dhewe nanging dibagekake marang rakyat sing ora duwe. Suwe-suwe bandhane wong tuane ludhes dirampok dheweke. R.M Said banjur lunga ngumbara ing tlatah liya. Sajroning pangumbaran, ing salah sijining panggonan R.M Said kepethuk karo wong tuwa sing panganggone kabeh saka emas, nganti tekene uga saka emas. Jiwa ngrampoke R.M Said tumeka lan dheweke nduweni niat sing ora becik. Wong tuwa sing panganggone kabeh sarwa emas mau diuber nganti kecekel banjur dheweke ngrebut teken emas iku. Nganti sawijining dina wong tuwa mau mandheg ing panggonan banjur teken emase ditancepake ing lemah. “Yen kowe bisa nyabut, teken iki dadi duwekmu,” kandhane wong tuwa mau.
R.M Said nembe sadhar yen wong tuwa mau wong sekti. Kanyata R.M Said bisa njabut teken mau, dheweke kaget amarga panggonan kanggo nancepake teken mau malih wujud dadi kali. R.M Said banjur tobat, nanging tobate kudu nganggo syarat yaiku kudu njaga kali mau.
Salawase njaga kali R.M Said nampa pitudhuh saka Gusti Kang Maha Agung, dheweke banjur mlebu Islam. Sawise mlebu islam R.M Said banjur ngumbara karo nyebarake agama islam. Sawijining dina R.M Said tekan salah sijining dhaerah pegunungan ing Jawa sing panggonane isih alas lan wargane isih durung nduweni agama. R.M Said nduweni niat nyebarake agama ing kono, banjur ngumpulake para warga kanthi sarana gong sing ditabuh kaping telu. Saben thuthukan nduweni tujuan. Yen gong ditabuh kaping pisan warga supaya kumpul banjur diwenehi wejangan-wejangan babagan agama islam, gong kepindho yen para warga wis kumpul banjur dikongkon nyucikake awak (wudlu), gong kaping telu wong-wong diajari sholat. Para warga banjur akeh sing mlebu islam, carane nyebarake islam ora mung nganggo dakwah nanging uga nganggo kesenian, tuladha: wayang lan gamelan. Amarga ajaran lan piwulangane R.M Said, tekan saiki kabeh wargane nganut agama islam. Panggonan mau banjur diarani ARDISARA, Ardi kuwi gunung, Sara kuwi panggonan mulang. Kang tegese panggonan pegunungan kanggo pamulangan (nyebarake agama). Nanging wong-wong saiki ngarani panggonan mau ADISARA.

ASAL MULANE KABUPATEN BATANG

Batang, salah sijine kabupaten kang ana ing Jawa Tengah duweni sejarah. Manut cerita, ing jaman biyen ana kerajaan sing jenenge Kerajaan Mataram Islam. Rajane yaiku Sultan Agung Hanyokrokusumo. Wektu kuwi Sultan Agung lagi nyiapake prajurit-prajurite kanggo nyerang prajurit Belanda ing Jakarta sing biyene arane Batavia.
Sultan Agung ngutus Bupati Kleyangan sing jenenge Dipokusumo supaya babat alas Roban, banjur didadekake sawah sakperlu kanggo nyukupi kabutuhan pangane para prajurit sing arep nyerang Batavia. Kamangka ing sakjerone Alas Roban mau akeh para dhedhemit lan sakjinise sing saba ing alas kono. Manut cerita, sing dadi rajane dhedhemit yaiku Dadungawuk.


Dipokusumo lan para prajurite banjur babat alas roban mau, nanging pagaweyane mau kandheg dening para dhedhemit mau. Para prajurite Dipokusumo akeh sing mati dadi korbane dhedhemit mau. Dipokusumo kang ngerteni kahanan sing kaya kuwi dadi bingung arep laporan dening Sultan Agung amarga pagaweyane ora kasil.
Dipokusumo banjur njaluk pitulungan karo Ki Gede Cempaluk, salah sijining punggawa Mataram sing diukum dening Sultan Agung amarga dheweke nglakoni salah marang Sultan Agung. Ki Gede cempaluk saguh ngrewangi pagaweyane Dipokusumo kanggo babat alas amarga disemayani dening Dipokusumoarep dijalukake pangapura marang Sultan Agung. Ki Gede Cempaluk banjur ngutus putrane kang duweni jeneng Jaka Bahu kanggo nglakokaken tugas babat alas mau saperlu arep digawe sawah-sawah, Jaka Bahu banjur mangkat menyang alas Roban.
Ora beda karo Dipokusumo, Jaka Bahu kang lagi babat alas dadi kandheg pagaweyane dening dhedhemit sing saba ing alas kono. Jaka Bahu banjur nglakoni tapa sakperlu pengen ngerteni sebabe para prajurite akeh sing mati. Ora suwe Jaka Bahu nglakoni tapa, dheweke banjur ngerti yen sing nyebabake pagaweyane kandheg yaiku Dadungawuk, raja dhedhemit ing Alas Roban, karo para prajurite. Jaka Bahu banjur perang nglawan Dadungawuk lan para prajurite. Dadungawuk lan para prajurite kasil dikalahake dening Jaka Bahu, banjur pagaweyane Jaka Bahu bisa diterusake.
ujuane Jaka Bahu babat alas Roban kuwi sakperlu arep digawe sawah-sawah, mula Jaka Bahu kudu duweni sumber banyu kanggo ngalirake banyu marang sawah-sawah sing arep digawe mau. Jaka Bahu banjur nggaawe kedhung kanggo ngalirake banyu. Nanging pagaweyane mau yo duweni alangan. Banyune ngalire ora tetep, kadhang ngalire cilik kadhang gedhe. Jaka Bahu banjur nggoleki sebabe banyune mau ngalire ora ajeg. Bareng ngerti sebabe, jebul sumber mau kaline kadhangan watang sing ambruk ing tengah kedhung. Mula banyune ngalire ora ajeg. Jaka Bahu banjur nglakoni tapa maneh ing sakpinggire kali mau supaya bisa entuk kakuwatan kanggo nyingkirake watang mau. Sakwise kuwi Jaka Bahu banjur entuk kakuwatan kanggo nyingkirake watang mau. Banjur pagaweyane nggawe kedhung bisa diterusake. Tlatah ing kono banjur dikenal kanthi jeneng yaiku Batang, saka kasile Jaka Bahu ngemBat waTang mau.
Nanging alangan ora kandheg. Jaka Bahu nemoni alangan maneh olehe nggawe kedhung. Jedhung sing wis digawe dening Jaka Bahu bobol. Jaka Bahu rumangsa bingung amarga dheweke wis kasil olehe nyingkirake watang mau. Banjur apa kang nyebabake pagaweyane kandheg maneh? Jaka Bahu kepeksa nglakokake tapa maneh kanggo mangerteni sebabe. Nalika Jaka Bahu rampung tapa, dheweke ngerti yen ing jero kedhung kuwi mau ana gapura istanane para uling. Sejatine kedhung kuwi jebul istanane para uling sing rajane jenenge Kala Drubiksa. Kala Drubiksa seneng gawe geger tumrap uripe manungsa. Jaka Bahu banjur nyebur ing jero kedhung mateni para uling sing ngrusak kedhung mau.
Kala Drubiksa kaget entuk warta saka prajurite yen para prajurite akeh sing mati dipateni Jaka Bahu. Kala Drubiksa ora trima. Kala Drubiksa sing panggonane dirusak karo manungsa tansaya kobongan jenggot. Dheweke banjur menyat lan tandhang dhewe ngadhepi Jaka Bahu. Perange Jaka Bahu lan Kala Drubiksa dadi perang sing gedhe amarga loro karone padha sektine. Ananging Jaka Bahu wis kesel amarga tenagane wis kari sithik kanggo nglawan para prajurite Kala Drubiksa mau. Jaka Bahu bisa kecekel dening Kala Drubiksa kanthi digubet nganggo buntute. Jaka Bahu ora kalah pokal, kanthi tenaga kang wis kari sithik Jaka Bahu bisa ucul saka gubetane Kala Drubiksa. Jaka Bahu banjur mlayu ninggalake Kala Drubiksa sakperlu golek papan kanggo ndhelik kanggo mulihake tenagane.
Ana ing papan pandhelikane, Jaka Bahu ketemu karo Drubiksawati sing jebule adhine Kala Drubiksa. Pancen papan sing dienggo ndhelik Jaka Bahu mau jebul Taman Kaputrene Drubiksawati. Saka panyawange Drubiksawati, dheweke banjur thukul rasa katresnan tumrap Jaka Bahu, Drubiksawati banjur nyedhaki Jaka Bahu banjur loro karone padha kenalan. Mawi kuwi Jaka Bahu ngerti yen Drubiksawati kuwi adhine Kala Drubiksa sing wis kebacut tresna marang Jaka Bahu. Ngerti kahanane sing nguntungake Jaka Bahu, mula Jaka Bahu banjur njaluk tulung marang Drubiksawati golek wadine Kala Drubiksa kanthi syarat gelem nampa katresnane Drubiksawati. Drubiksawti kang ora seneng marang tumindhake Kala Drubiksa nyanggupi, nanging Jaka Bahhu ora kena mateni Kala Drubiksa.
Jaka Bahu banjur dicolongake pedhang Swedhang kang dadi sumbere tenagane kasektene Kala Drubiksa. Sakwise Jaka Bahu entuk pedhang swedhang mau, Jaka Bahu banjur mangkat maneh ngrampungake perange nglawan Kala Drubiksa lan para prajurite sing uga lagi nggoleki Jaka Bahu. Pancen bener, kanthi pedhang swedhang mau Kala Drubiksa tenan kasil dikalahake dening Jaka Bahu. Kala Drubiksa banjur mlayu menyang lor alas roban. Jaka Bahu ngoyak nganti kecekel, sakwise kecekel ing Kali Kramat, Kala Drubiksa banjur nyerah maranmg Jaka Bahu lan perange loro karone mau kandheg, nanging dadi rundhingan utawa prajanjen loro karone mau ing Kali Kramat. Kasile rundhingan mau menawa Kala Drubiksa ora bakal ngganggu maneh tumrape uripe manungsa, nangingdheweke diwenehi panggonan ing Alas roban sisih lor kango papan uripe. Kala Drubiksa uga entuk jupuk jatah kanggo uripe saka hasil bumine manungsa, ananging sithik wae lan ora entuk ana kang mangerteni. Pedhang Swedhang mau banjur ditancepake ing sakpinggire Kalli Kramat. Wong-wong sing padha ngerti yen Kala Drubiksa kasil dikalahake dening Jaka Bahu rumangsa seneng, banjur nganakake syukuran ing dhuwur Kali Kramat.
Kanthi Jaka Bahu bisa ngalahake Kala Drubiksa, mula kedhung sing lagi dibangun mau kasil dadi. Jaka Bahu uga kasil olehe babat Alas Roban, mula Alas Roban mau didadekake sawah. Sawah-sawahmau dadi tlatah kang subur amarga banyu sing ngalir saka kedhung lancar. Jaka Bahu banjur bali menyang Mataram nglaporake hasile mau dhumateng Sultan Agung. Sultan Agung rumangsa bungah banget senenge ngerteni pagaweyane Jaka Bahu mau. Kanggo imbalan, Jaka Bahu didadekake bupati ing Kendal. Nanging sakdurunge kuwi Jaka Bahu diwenehi tugas maneh karo Sultan Agung. Tugase yaiku njupuk putri sing jenenge Retno Rantan Sari sing dititipake ing dhusun Kalisalak. Sultan Agung pengen ndadekake Retno Rantan Sari dadi bojone.jaka Bahu banjur mangkat menyang dhusun Kalisalak
Tekan panggonane, Jaka Bahu rumangsa kesengsem karo kaendahan ing sakiwo tengene pangonane Retno Rantan Sari. Jaka Bahu banjur nemoni Pak Wongso, wong sing dititipi Retno Rantan Sari lan ngomong yen dheweke diutus dening Sultan Agung sakperlu mboyong Retno Rantan Sari arep diboyong menyang Mataram. Retno Rantan Sari jebul wong wedok sing pancen ayu banget ora ana tandhingane. Kanthi ayune kuwi mau Jaka Bahu banjur kesengsem lan tresno marang Retno Rantan Sari. Semono uga Retno Rantan Sari, dheweke uga tresna marang Jaka Bahu. Jaka Bahu rumangsa bingung. Menawa Jaka Bahu mboyong Retno ning Mataram, dheweke ora lila yen Retno Rantan sari jejeran karo Sultan Agung, nanging saumpama dheweke ora kasil mboyong Retno, Jaka Bahu wedi menawa Sultan Agung duka. Jaka Bahu banjur bali mennyang omahe sakperlu njaluk wejange Ki Gede Cempaluk.
Ing ngomah, Ki Gede Cempaluk uga rumangsa bingung. Dheeke uga ngerteni manahe Jaka Bahu, putrane. Ki Gedhe Cempaluk banjur nggoleki akal supaya bisa nggolek wong wedok sing ayune padha karo Retno Rantan Sari, banjur digawa menyang Mataram. Ing dhusun Kalibeluk ana kenya ayu sing ayune padha Retno Rantan Sari, rupane uga mirip. Ngerteni bab iku, Ki Gede Cempaluk banjur ngongkon Jaka Bahu lunga menyang Kalibeluk sakperlu njaluk kenya ayu mau sing jenenge Endang Wuranti. Rupane pancen mirip tenan. Wong tuwane Endang Wuranti ngijinke, mula Endang Wuranti kasil digawa dening Jaka Bahu. Endang Wuranti dikongkon nyamar dadi Retno Rantan Sari banjur digawa menyang Mataram sakperlu diwenehake marang Sultan Agung. Banjur Retno Rantan Sari bisa kasandhing karo Jaka Bahu dadi bojone. Sultan Agung banjur ngajak Endang Wuranti lungguh jejer bebarengan ing singgasanane, nanging Endang Wuranti sing mung wong biyasa banjur semaput. Sultan Agung banjur sulika marang Jaka Bahu. Sakwise Endang Wuranti sadar, dheweke ditakoni marang Sultan Agung. Endang Wuranti kang wong biyasa ngandha yen dheweke kuwi dudu Retno Rantan Sari, nanging Endang Wuranti saka dhusun Kalibeluk, anake wong tukang dodol serabi. Endang Wuranti ora diiukum dening Sultan Agung banjur dikongkon bali dening Sultan Agung menyang dhusune.
Sultan Agung duka ngerteni kahanan kuwi mau. Dheweke rumangsa diapusi, banjur ngongkon Jaka Bahu ngadhep dheweke. Sakwise kuwi Jaka Bahu disengeni marang Sultan Agung. Jaka Bahu banjur diwenehi ukuman supaya Jaka Bahu entuk tugas-tugas liyane sing luwih abot tinimbang tugas babat alas roban lan gawe kedhung ing Kali Kramat. Tugas pisanan yaiku dheweke diutus babat alas Gambiran, banjur diwenehi tugas-tugas liyane nganti dianggep cukup kanggo nebus salahe marang Sultan Agung.
Kuwi mau critane Jaka Bahu ing babagan ngrampungake tugas-tugase sing dikongkon dening Sultan Agung lan kedadeyan-kedadeyan sing dialami karo Retno Rantan Sari. Jaka Bahu dikenal dening wong-wong kanthi jeneng aran Bahurekso.

ASAL MULANE KALI GORDA

Ana sawijining desa yaiku Badakarya. Ing desa Badakarya ana sendang kang banyune mili bening bangetkang diarani kali Gorda. Jaman biyen ana ing Desa Badakarya ana prawan ayu, rambute dawa, kulite sawo mateng. Prawan kuwi dadi kembang desa.
Bupati pertama Banjarnegara kang asmane Arya Kolopakingn, mlaku-mlaku menyang desa kuwi. Ora nyangka yen arep kepethuk karo kembang desa. Arya Kolopaking duweni seneng marang prawan kuwi. Sapa wonge ora kepencut karo prawan kuwi. Bupati mau ngomong karo pengawale. Pengawal dikongkon bupati supaya nembung karo bocah wadon maul an keluargane, arep didadekake garwa. Utusane bupati menyang desa. Badakarya kanggo nemoni keluwargane nggenahake tujuane Bupati sing arep ndadekake kembang desa kuwi garwane Bupati.


Niyate pemimpin kabupaten Banjarnegara ora sia-sia. Bocah ayu kuwi nrima dadi garwane. Kaya apa tugase Bupati kudu mrana-mrene mriksani wilayahe. Dina kuwi bupati pamitan karo garwane arep menyang kabupeten liyane yaiku tugas kunjungan. Wektu Bupati mulih menyang desane, garwane saka kali, nggawa kranjang, senenge ora karuan menangi Bupati kondhur kanthi selamet. Bocah ayu mau banjur nyepaki Arya Kolopaking. Ana ing rambute bocah ayu katon iwak kang katut, iwake gedhe. Arya Kolopaking curiga garwane iku diwenehi iwak saka wong lanang liya kang dadi selingkuhane.
Arya Kolopaking ora trima yen garwanemalah dolanan karo wong liya, pas ditinggal marang jaba kutha. Garwane dipateni karo keris marang Bupati. Getih sing metu saka cah wadon kuwi akeh, warnane ora pada karo getih sing abang nanging warnane putih memplak. Getih ora bisa mandeg. Metu kumucur nganti malih dadi sendang sing banyune bening. Nganti saiki sendang kuwi diarani kali Gorda, yaiku sendang kang asale saka getih prawan kang suci.
Kali Gorda ana ing desa Badakarya, dusun Kali Lutung. Diarani kali Lutung amarga biyen akeh lutung kang padha njaga sendang kuwi panggonane ana ing lereng gunung Lawu.
Nganti saiki wong-wong duweni kepercayaan yen sapa sing adus ing Kali Gorda bakalan enteng jodhone, awet nom lan akeh wong kang padha tresna. Biasane aduse malem Jumat Kliwon. Crita Kali Gorda iki turun tumurun nganti saiki esih akeh wong percaya.