Jumat, 14 Agustus 2009

AMPYAK AWUR-AWUR

Ana sakwenwen ing panggonan winadi ing Semarang. Tan Wan Sui nglumpukake para gefgedug laskare ngrembug owah-owahan kang lagi dumadi ing Kartasura. Katon melu sapatemon ing kalodhanan mau sawetara setana Krataon Kartasura kalebu Raden Mas Garedi sereta Narapraja utusan Adipati Mangunoneng lan Adipati Grobogan Martopuro.
“Sedulurku kabeh, Sinuhun Pakoe Boewono II dinane iki awit kalono palilahe Kumpeni wis kelakon Tumenggung Misuda, Tumenggung Plinggalaya minangka patih anyal nggenteni Kalenggahe Adipai Jaya Kusuma sing diukum buwang menyang Saila. Ateges bantuane Kartasura mokal bisa dialep-alep maneh. Kamangka perjuangan nginggalake Kumpeni saka Semarang kang wis lumaku rong taunan iki isih mbutuhake plabeya ala sethithik,” ujare Tan Wan Sui mbukani rembug.


Sapatemon dadi jinem. Kabeh padha nglanggana perang ora cukup mung didoli kuwanen. Nanging uga butuh sawernaning bedhama lan pasedhiyan lumbung pangan. Peribasan arepa nyawane rangkep yen maju menyang palagan kanthi weteng luwe tanpa tenaga padha wae kara serah nyawa tanpa paedah.
Nyipati Laskar Cina sajak nglokro kentekan daya, Raden Mas Garendi gage numpangi rembug. Dhasar cucut ing wicara, wisayahe Sinuhun Amangkurat III iku nyoba ngobarake rasa tethinge pribadhi marang Pakoe Boewono II dadi sentiment massa.
Gawang-gawang kelingan panalangsane eyange, Sinuhun Amangkurat III, kapeksa lengser saka dhampar Kartasura awit pokale Jepara, Demak, Tegal, Priangan, Cirebon lan Madura iring wetan.
Dene Amangkurat lll keplayu tekan Bangil nyawiji karo Untung Surapati. Nalika kekuwatane Untung Surapati kasil ditumpas Kumpeni (1706) Amangkurat sing katut kapikut nuli dibuwang menyang Sailan nganti sasedane.
Manut panemune Mas Garendi, menawa ora ana perang suksesi mau, lajer dhampar keprabon Kartasura kena dipesthekake bakal tumiba marang dheweke. Bisa dimangerteni menawa banjur thukul panggigit-igite marang thedak turune Pangeran Puger kang wis ngrampas hake nguwasani tanah Jawa.
Karana kuwi mumpung ana kalodhangan mirunggan, Mas Garendi nedyanggunakake gerakane Laskar Cina kanggo ngrebut bali dhampar Kartasura. Aku dhung merangi Kumpeni pengarep-arepe mau rinasa bakal gumlindhing tanpa pepalang, apa maneh bareng nyumurupi akeh sentaning Kartasura kang sejatine uga mendhem sengit marang Walanda.
Ngadeg saka palenggahane dimenuwih antuk kawigatane gegedhuke Laskar Cina Raden Mas Garendi miwiti sesorah.
“Para kadang-kadangku, among jalaran pari saghedeng sinuhun Pakoe Boewono II Tegal kiyanat ngedol nyawane paman Patih Adipati Natakusuma marang Kumpeni. Genah nata ing Kartasura kuwi miyur pribadhine tanpa adeg-adeg lan ora bisa dadi songsong agung minangka pengeyubaning kawula. Mula ana mung siji-sijining cara kanggo nerusake perluwangan ngelawan Walanda……”ucape sengaja dipedhot tengah dalan.
Swasana malih ayem. Mas Garendi ora enggal mbacutake rembug awit sajak pancen kepengin ngublak atine warganing Sapatemon.
Ora tahan meneng-menengan, tanpa sranti Tan Wan Sui muwus, “kalepmu cala sing kepliye, Den Mas.”
Wayahe Amangkurat III iku mesem. Nuli celathune kanthi swara nandhes lan antep, “Ampyak awur-awur. Bedahanden Kartasura. Singkirna Pakoe Boewono II!”
Sing krungu padha pandeng-pandengan.
“Haiyaaa, kuwi padha kalo sulung mlebu geni,” aloke salah saweneh gegedhuge Laskar Cina.
“Kartasura saiki lagi ringkih. Akeh sentana serta narapraja kanthi ora terangan-terangan mungsuhi sinuhun. Percayaa Pangeran Prangwedana, Pangeran Harya Buminata, Pangeran Harya Singasari, Adhipati Mangunoneng lan Adhipati Martopura nakal aweh penyang kuyung,” wangsulane Raden Mas Garendi.
Tan rinasa wektu terus lumaku. Taun 1742 kahanan ing Kartasura tambah drawasi. Kaya udan manteng sing wis titi wancine pecah. Kabar ngenani mbalelane Laskar Cina keprungu saya santer. Prajurit kraton tan kendhat siyaga. Ewa mengkono Sinuhun Pakoe Boewono II tansah melang- melang rumangsa kijenan awit ora ngerteni maneh endi kanca lan endi mungsuh ing antarane sentana dalah naraprajane.
Mbok menawa pancen wis tekan ing kalamangsane Kraton Kartasura musna saka bumi Jawa kaya kang nate diwacakake dening swargi Sinuhun Amangkurat Jawi. Dina dahuru kuwi akhire tumeka tanpa bisa diendhani maneh.
Phidha robing jaladri, Laskar Cina kang pandegani Raden Mas Garendi ngransek ngamuk panggung. Kumlebating tumbak, klewang lan pedang klewang lan pedang ander pepati. Jumedhoring mimis ing satengahing swara brondongan mercon nambahi kekesehing prajurit Kartasura kang ngira Laskar Cina duwe gegaman bedhil tanpa wilangan cacahe.
Kekeser ing yuda, prajurit Kartasura terus mundur sajrone tembok Baluwerti. Gapura Gapit ing papat keblat ditutup rapet. Aja maneh wong, ibarate laler wae kangelan golek bolongan kanggo nrabas mlebu. Awet yen ta benteng pertahanan kang pungkasan iki ngerti pecah, ateges Kraton Kartasura melu dhadhal.
Meruhi kahanan kang banget mutawatiri mau Pangeran Mangkubumi agahan manggihi Sinuhun Pakoe Boewono II kang isih kapernah rayine. “Dimas sunan, kagem kaslametanipun panjenengan sakulawarga, dalu menika kula aturi linggar saking kraton.”
Midanget atur mau sinuhun tumukul angluh. Kanthi tanpa greged panjenengane ngendika, “kangmas pangeran menawi Kartasura kedah runtuh kersanipun sesarean ajuring kuwada kula, ing ari-ari punangka kula ngersakaken mandheg dados senopati agung mbalekake mungsuh ing Rana Pabratan.”
“Dimas sunan, boten kok kula badhe ngucireng yuda. Nanging ningali imbalan kekiatan lalatinipun benjing siang Kartasura bakal dhawahipun kedah Laskar Cina ingkang kambiyantu sauntawis pangeran saha adipati dene boten kersa paduka badhe ngrebut wangsul Kartasura gampil nanging sadumuginipun papan panglereman dipun rancah malih,” sambunge Pangeran Mangkubumi kang disayogani dening Patih Singgalaya.
Pungkasane wengi iku Sinuhun Pakoe Boewono II sagarwa putra kendang sesideman ninggalake kraton nindakake wayang ono Magetan bener kairing Pangeran Mangkubumi dalasan Patih Pringgoloyo serta abdine liyane kang dituju Kadipeten Ponorogo manca negara ing brang wetan sing minangka isih setya marang Kartasura.
Sauntara ing dina kepindho dumadi perang campur ngrebut Buluwerti. Sawise ngerigakake kabeh kekuwatane, Gapura Gapit ing patang panggonan wekasane kelakon rinebut. Bebarengan iku Laskar Cina uga njebol tembok Cepusari sisih lor persis samburine kamar sarene sinuhun. Nanging jebul kedhaton wis tinemu suwung. Raden Mas Garendi dening Laskar Cina banjur sinengkakake madeg noto ajejuluk Sunan Amengkurat V sing uga ketelah Sunan Kuning.
Tuan chandake, 1743, ing Kadipaten Ponorogo. Tanpa kenyana-nyana Sinuhun Pakoe Boewono II nampa sowane Mayor Hegendorp saka Betawi, utusane Gubenur jendral anyar Baron van Imhoff kang ngenteni kelungguhane Adrian Valckenier. Cekak cukupe Kumpeni saguh njumenengake bali Sinuhun Pakoe Boewono II ing Kartasura.
“Mung, ana sarate, kanjeng sunan,” ujare Hogendorp.
“Blakakna Gendolop,” penganten sinuhun marang Hogendorp.
“Njeng sunan,” sambunge mayor mata siwer iku. “Ngrebut Kartasura saka tangane Garendi biyen gampang kaya nyebul keluk. Perang ing ngendi wae, emboh gedhe emboh cilik, mesthi nggawa pepati. Kabeh mau mbutuhake dhuwit ora sethithik. Kejaba kanggo nyukupi gegaman, uga ngragadi serdhadhu kang nandhang tatu utawa malah kurang bejane nemahi tiwas. Mula, Njeng sunan, Kumpeni njaluk pituwas lemah jembare 138.442 karya.”
Wilayah semono ambane kuwi, manut Mayor Hogendorp mreca ana 23 pangonan kan dumunung ing pesisiran. Krapinci Banten, Cianjur, Pucang, Pranak, Sumedang, Nglengkungan, Cikandang-Ciamis, Pamanulan, Ciasem, Gebang, Cirebon-Karangpasundan, Tegal, Brebes-Pemalang-Wiradesa, Pekalongan-Batang-Kaliwungu, Semarang-Demak-Jepara, Pati-Kudus-Cengkalsewu-Patiyam, Juwono-Rembang-Ngasem-Tuban, Sedayu-Lamongan -Gresik, Surabaya-Bangil-Lumajang, Madura-Sampag-Bleg, Pasuruhan-Sumenep-Pamekasan, Malang-Probolingga, Blambangan-Besuki-Banyuwangi.
Sinuhun Pakoe Boewowno II ujal ambegan. Kepara ketrecut panggresahe. Tlatah semono akehe cetha mujudake pitakon kang abot. Kejaba uga nuwuhake akibat kang ora bisa sinangga entheng. Amarga Kartasura bakal luwih kapencil ing pedhalaman awit sesambungan karo dhaerah manca ing pesisiran dadi tambah angel.
Nanging kepriye maneh. Meh setahun cumondhok ana Ponorogo pancen ora kepenak.
“Apa iya bakal selawase urip ing pengasingan?”
Mula kaya-kaya ora ana dalan liya kejaba manut krenahe Kumpeni. Perjanjen sing disodhorake Mayor Hogendorp kepeksa ditapakastani. Ing kalodhangan kuwi Adhipati Ponorogo saguh melu Njampangi.
Supaya ora ngawistarani, prajurit Ponorogo sadurunge disusupake luwih dhisik ing satengahe Kutha Kartasura kanthi cara mbebarang jantur tontonan Reog (iki sebabe kesenian Reog Ponorogo bisa tuwuh ngembaka ing Surakarta nganti seprene). Sawanci-wanci Kartasura digebug perang Kumpeni, prajurit Ponorogo kang namung mlaku dadi Reog mau melu cantut ngrabasa palangan saka tengah.
Kekuatan gabungan antarane serdhadhu Kumpeni kang asikep gegaman bedhil serta mriyem lan prajurit saka Kadipaten brang wetan Ponorogo iku pranyata ngluwihi amuking prahara. Ora ngerti sesilir bawang Kartasura dhadhal bisa karebut bali. Sunan Amangkurat V utawa Mas Garendi sing kober jumeneng nata udhakara wolong sasi lawase kepikut dadi bandan.
Tuan iku uga Sinuhun Pakoe Boewono II kondur agendator. Angles pengalihe nyumurupi Kartasura sing bosah-baseh. Akeh kawigunaan ing kutha raja kang remuk. Kawula nandang sansaya. Ing ngendi-endi pating blasah tilas papan pomahan kang mentas kober dadi awu ngebaki sesawangan.
Kadidene Negara Kartasura rinasa nyedaki puput. Ana ila-ila, keraton yen nate dibroki mungsuh ateges wis koncatan wahyu. Apa iki werdine waca sing nate dingendikakake dening Sunan Amangkurat Jawi swargi?
Arepa dikaya ngapa ngadhepi krisis kanegaran kang semono abote, tumrap Sinuhun Pakoe Boewowno II wis dadi kuwajibane minangka pewaris kekuwasaan Keraton Mataram nylametake sejarahe kerajaan ing tanah Jawa. Dalane ora liya sing luwih prayoga.
Ora ndadak ngenteni kesuwen sinuhun angahan nimbali patih njaba Priyagalaya lan patih njero kang ketamben diwisuda Adhipati Sindureja. Kabiyantu ahli nujum Tumenggung Wrendha Hanggawangsa serta Mayor Hogendorp, para priyayi agung mau kadawuhan madik-madik panggonan kanggo bakal adeging kraton anyar.
Ing sajrone laku, utusan nemokake panggonan telu sing diwawas prayoga, yaiku Desa Kadipala, Dusun Sala serta Desa Senansewu. Sawise dithinthingi, manut petugane Tumenggung Hanggawangsa, Desa Kadipala ora kuwat suwe nyangga adeging kraton senadyan mengkone bisa ngrembuka loh jinawi. Dene Sansewu kang mapan ing watesing Bengawan Sala angsare kurang becik. Saliyane bisa marahi kawula ing tanah Jawa bali Nggilut agama Budha, tlatah mau uga nyimpen sawab dumadine perang keluarga.
Kanthi mangkono mung kari Dhusun Sala kang kaanggep paling becik. Mayor Hongendorp dhewe sejatine ora pati mathuk awit Dusun Sala, klebu bumi perdhikan Sala sing ditetuwani Ki Gede Sala iki mujudake dhataran rendhah akeh rawane. Suwalike Tumenggung Hanggarawangsa rumangsa cocok. Sawise karembug para utusan golong-giling nyetujuni Dhusun Sala minangka gantine Kartasura.
Kanggo kaperluwan adeging kraton anyar Sinuhun Pakoe Boewono II matah penambahan Mijil dikatheni abdi dalem Suranata Kyai Ageng Kalifah Buyut, Mas Pengulu Fakih Ibrahim sarta Pujangga Raden Tumenggung Tietawiguna. Rong tuan candhake, mbeneri 17 Sura tahun Je 1670 (1745 Masehi), Sinuhun boyongan saka Kartasura angedhaton ing Sala kang sabanjure sinebut Surakarta Hadiningrat.
Babagan anyar iki pancen bisa nglestarekake sejarah kraton ing Jawa. Nanging pranyata durung kuwawa mbengkas krisis kanegaraan. Amarga isih akeh sentana, antarane Pangeran Harya Buminata, Pangeran Harya Singasari, Pangeran Prangwadana sarta penambahan puger ora nyarujuki sinuhun kang gampang ngeculake tlatah manca negara pesisiran marang Kumpeni.
Salah sawijine kraman sing paling ngancam Surakarta katindakake dening Pangeran Mangkubumi. Mbusuke Pangeran Mangkubumi nyawiji karo Raden Mas Said, putera Pangeran Mangkunegara Kartasura (Priyayi Pakoe Boewono II seje Ibu). Kang dibuwang Kumpeni ing Sailan. Perlwanane priyayi agung gamben cacah loro kasebut wekasan nyebabake tlatah Kraton Surakarta kaprail-prail dadi telu. Liwat perjanjen palihan negari Giyanti (1755) Pangeran Mangkubumi mandheg dadi nata ing Kasultanan Ngayogjakarta. Dene ana perjanjen Salatiga (1757), Raden Mas Said kajumenengake minangka Kanjeng Gusti Adipati Arya Mangkunegoro I.

Adipati Pragola I

Nalika Pati dipimpin Ki Ageng Penjawi, wilayah Mataram sing dipimpin Ki Ageng Pemanahan drajate padha sangisore Sultan Hadiwijaya. Ki Ageng Penjawi duwe putra loro. Sing wadon jenenge Rara Sari bojone Panembahan Senapati Raja Mataram lan entuk gelar Kanjeng Ratu Mas. Dene sing anak lanange jenenge Raden Sidik utawa Raden Wasis sing bakale dadi Adipati Pati gantikake bapake.
Wiwit cilik, Raden Sidik duweni kaluwihan beda karo cah-cah liyane sing saumurane. Raden Sidik kuwi mripate bening, pinter, lan duwe ilmu kanuragan, uga pinter nunggang jaran. Kaluwihan sing diduweni kuwi amarga gemblengane bapak lan ibune. Tuladhane, saben Ki Ageng Penjawi lunga, oleh-oleh kanggo Raden Sidik dudu klambi utawa dolanan. Nanging, buku-buku sing duweni manfaat. Raden Sidik seneng maca buku ilmu pengetahuan, seni budaya, lan agama.


Nalika enom, Raden Sidik kerep latihan nunggang jaran supaya bisa kaya bapake. Saben wulangane gurune mesthi digatekake. Carane gunakake tombak karo nunggang jaran bisa dikuasai cepet. Gurune uga marai ilmu kanuragan, Miturut sejarah, Adipati paling misuwur yaiku Adipati Wasis Jayakusuma. Dheweke wani, ksatria, lan sekti mandraguna.
Panembahan Senapati Raja Mataram krungu yen Adipati Wasis Jayakusuma sakti mandraguna. Dheweke diutus bantu Mataram perang nglawan Madiun. Ing perang, Wasis Jayakusuma nglawan musuhe tanpa rasa wedi. Senjata kaya tombak, pedang, lan keris ora tedas ing awake. Kulite ora ana tatune babar blas. Akhire Madiun nyerah. Sawise rampung nglasenakake tugas, Adipati Wasis Jayakusuma nunggang jaran menyang Mataram nglapor ing Panembahan Senapati lan nyerahna bandha sing wis direbut termasuk Putri boyongan Rara Ayu Retno Dumilah.
Kadipaten Pati nalika dipimpin karo Adipati WAsis Jayakusuma aman, tentrem, lan makmur. Rakyat Pati saben dinane kerja banting tulang kanggo urip. Daerah Pati kuwi subur. Lemahe cocok kanggo tetaneman. Adipati kerep mubeng ana ing desa-desa supaya bisa cedhak karo rakyate.
Nalika ing Dusun Kemiri, Adipati Wasis Jayakusuma kaget entuk laporan ana wong wadon, Rara Suli jenenge meteng ora duwe bojo. Ana kabar yen sing metengi kuwi bangsa alus jin utawa gendruwa. Wetenge Rara Suli saya gedhe. Adipati Wasis Jayakusuma akhire ngundang Lurah Dusun Kemiri, bapak ibuke Rara Suli, lan Rara Suli mara ing pendapa omahe. Miturut Adipati, Lurah Dusun Kemiri melu tanggung jawab. Merga dadi pemimpin kudu bisa ngerti saben masalah sing muncul banjur cepet-cepet dislesekake. Wong tuwane Rara Suli uga salah. Merga duwe anak wadon ora bisa jaga anake. Rara Suli keweden ngadep Adipati Wasis Jayakusuma. Awake gemeter. Akhire Adipati mutusake Rara Suli pindah ing kaputren kadipaten Pati.
Wetenge Rara Suli wis arep brojol. Nanging, durung ana sing ngerti sapa bapake. Adipati Wasis Jayakusuma kelingan karo gurune ing Pulo Mandalika sing jenenge Ki Ajar Pulo Upih. Adipati lunga nemoni Ki Ajar kuwi kanggo njaluk piweling masalah sing lagi diadepi Rara Suli.
Ki Ajar Pulo Upih yaiku guru spirituale Adipati Wasis Jayakusuma. Ilmune ora ana sing bisa nandingi. Ilmu kuwi dudu kanggo dipamerke nanging, digunakake kanggo sing becik. Ki Ajar wonge sabar, arif, lan wijaksana. Adipati lan Ki Ajar katon akrab banget kaya bapak lan anak. Sadurunge Adipati ngomong, Ki Ajar dhisiki ngomong yen Pati lagi gawat. Miturut trawangane, guwa Gunung Patiayam dipanggoni karo manungsa sing bebayani.
Ing jero ati, Adipati batin apa hubungane karo metenge Rara Suli? Ki Ajar nambah maneh yen ngadepi kahanan gawat, Adipati ora perlu wedi kudu kuat, lan cedhak karo Gusti Allah njaluk petunjuk supaya ora kena bebaya. Sawise paham karo wejangane Ki Ajar, Adipati bali mulih ing Pati.
Adipati banjur lunga menyang Gunung Patiayam kanggo nylesekake masalah. Dalan kanggo mara ing Gunung Patiayam bebayani. Kiwa dalan akeh jurang. Akeh wong sing kondho yen Gunung Patiayam kuwi daerah sing paling angker ing Pati. Yen nekat mlebu guwa Patiayam, ora bisa metu maneh. Neng jero guwa ana dalan loro. Kira-kira 100 meter saka njabo. Yen salah dalan, berarti ana pilihan yaiku slamet lan bisa bali mulih utawa mati ing jero guwa.
Adipati Wasis Jayakusuma wis tekan ing ngarep guwa. Adipati mambu manungsa ing jero guwa. Bajur Adipati ngundang wong kuwi nganti ping pindho nanging ora gelem metu..Karo kekuatane, Adipati bajiri guwa. Akhire, wong kuwi metu saka guwa. Wong asing kuwi jenenge Baron Sakeber. Jelas kuwi dudu wong Pati. Baron Sakeber nantang gelud Adipati Wasis Jayakusuma. Akhire wong lorone gelud. Baron Sakeber gawa senjata pedang. Nanging, Adipati ora gawa apa-apa. Akhire dianakake adu kasekten merga ora ana sing kalah lan menang.
Baron nuncepake pedang ing Adipati, ananging ora apa-apa. Uga mangkono sewalike. Adipati nantang Baron adu kasekten nyemplung laut. Rombongan bareng-bareng mangkat neng Laut Blenderan Gunung Clering. Wong loro karone nyemplung bareng. Sing padha ndelok melu deg-degan ngenteni sapa sing bakal menang. Prajurit Pati bengok-bengok seneng ndelok Baron Sakeber ora kuwat maneh. Ora let suwe, Adipati uga wis katon. Prajurit Pati padha was-was yen Adipati seda. Nanging, kahanan dadi rame nalika Adipati ora apa-apa. Baron nyerah lan ngakoni kekuatane Adipati. Kanggo bukti, Baron nyerahake pedang, tameng, lan kere. Prajurit Pati padha ngusulke supaya Baron diukum . Nanging, Adipati kuwi arif lan wijaksana dadine Baron Sakeber diampuni. Nanging, yen nglakoni kaluputan maneh, dheweke bakal diukum. Akhire, rombongan bali mulih.
Saiki Baron dadi abdi Kadipaten Pati. Dheweke dadi juru taman. Tugase ngrawat taman kaputren lan ngurusi jarane Adipati.wiwit ana Baron, taman dadi endah lan jaran-jaran dadi sehat. Jaran Adipati diwenehi jeneng Juru Taman. Jaran juru taman rupane ireng, dhuwur, lan mlayune banter kaya kilat.
Sawijining dina Adipati diutus ing Mataram ngadep Panembahan Senapati. Adipati nyerahna taman lan jarane karo Ki juru taman rong dina rong bengi nganti dheweke mulih. Adipati mangkat nunggang jaran dhewekan. Ing Mataram, Adipati ditrima Panembahan Senapati. Senapati bingung, merga Adipati tekane cepet banget. Utusan sing dikongkon ngandhani Adipati wae durung bali, nanging Adipati wis tekan mataram.
Ana ing pertemuan, senapati crita yen duwe sapi. Awake gedhe lan kulite ireng. Sapi kuwi kesangane senapati jenenge lembu pragola. .Senapati takon karo adipati, mara neng Mataran nganggo apa? Adipati jawab yen nunggang jaran lan mung butuhake wektu rong jam. Senapati kepengin ngijolke lembu pragola karo jarane Adipati. Adipati sakjane ora gelem ngijolke. Nanging, sing njaluk kuwi mas ipare, dadi dheweke gelem. Mulai kuwi, Adipati Wasis Jayakusuma entuk jengen Adipati Pragola I.
Ana prasaan aneh ing atine Adipati Pragola sawise nyerahna jarane. Adipati krasa yen senapati pengen ngomong. Akhire senapati ngomong yen putri boyongan saka Madiun Retno Dumilah dadi garwa prameswari. Krungu kabar kuwi Adipati Pragola kaget lan emosi. Nanging, dheweke kudu bisa nahan emosine lan narima kahanan sing dialami karo mbak yune. Pragola mung bisa dongo supaya mbak yune sabar lan kuwat narima kahanan anyar kuwi. Adipati Pragola bali mulih wengi kuwi numpak lembu Pragola.
Subuh Adiapti wis neng kadipaten Pati. Dheweke langsung ing taman kaputren nemon Ki juru taman. Nanging, ora ana sapa-sapa. Adipati curiga lan mara ing Rara Suli. Kamare Rara Suli kancingan. Adipati nesu banget ngerti yen Rara Suli kuwi bojo simpenane Baron Sakeber. Kuciwa ngerti yen anak kembare Rara Suli, Danurwindo lan Sirwindo kuwi anake Baron. Adipati nganakake patemon punggawa kadipaten lan menehi ukuman mati karo Baron Sakeber.

ADIPATI ONJE

Kacarita, ing salah sawijining desa aran Desa Onje madheg padhepokan. Padhepokan mau kapimpin dening Ki Tepus kang nduweni sifat arif, bijaksana lan gagah pideksa. Panjenengane kagungan garwa kang banget ditresnani. Nanging garwane kuwi ora bisa ngancani maneh amarga seda. Lara kang banget abot nyebabake panjenengane seda. Ki Tepus banget sedhih ditinggal garwane. Mula panjenengane tapa ing Bukut Tukung. Saking suwene anggone tapa, salirane Ki Tepus kagubet dening suket. Mula panjenengane diarani Ki Tepus Rumput. Ing tapane, Ki Tepus olih wangsit kang isine supaya menyang Krajaan pajang.
Sawise kuwi, Ki Tepus kondur menyang padhepokane saperlu awerh kabar marang murid-muride menawa Ki Tepus bakal menyang Krajaan pajang. Apamaneh Eyang Khantaraga uga dhawuh supaya Ki Tepus menyang kerajaan Pajang.


Nalika jaman semana madeg salah sawijining krajan kang aran krajan Pajang. Rajane nama Sultan Hadiwijaya lan jejuluk Sultan Pajang. Daerah kekuasaane amba banget.
Sawijining dina, Sang Raja kelangan jimate kanga rupa ali-ali (jenenge socaludira). Kanggo nemokake jimate kuwi, panjenengane nganakake sayembara. Isi sayembarane yaiku “sapa wonge kang bisa nemokake socaludira bakal oleh putri triman, kuwi menawa kang nemokake wong lanang. Dene menawa kang nemokake socaludira wong wadon bakal didadekake garwane raja”.
Dina candhake, Ki Tepus mangkat ijen menyang Krajan Pajang. Satekane ing Krajan Pajang Ki Tepus langsung marani papan kang rame banget. Nyatane ing papan kana lagi dianakake sayembara. Ki Tepus Rumput melu sayembara. Ora nunggu suwe panjenengane oleh giliran. Nalika melu sayembara, Ki Tepus tapa, golek wangsit. Nyatane wangsit teka ing dina katelu panjenengane tapa.Socaludiara kang lagi digoleki kuwi jebul mlebu sumur jemblung. Sanadyan katone aeng, nanging nyatane Ki Tepus Rumput bisa njupuk ali-ali mau saka sumur jemblung kanthi slamet. Banjur socaludira kaaturaken marang Sultan Pajang.
Manut isine sayembara, Ki Tepus Rumput oleh putri triman. Putri kang ayu rupane kuwi aran Dewi Kencana Wungu, putri Adipati Menoreh.
Sawise Dewi Kencana Wungu kaparingaken marang Ki Tepus Rumput, Sang Raja banjur dhawuh supaya Ki Tepus Rumput njaga putri trimane kuwi lan aja dicampuri dhisik nganti tekan anak kang lagi dikandhut lair. Amarga wetu samana dewi Kencana wungu lagi ngandhut patang sasi.
Ngendikane"Ingsun ora wani-wani sapa kang anemokaken manira paringi bojo ingsun bocah desa putrane Dipati menoreh iya rawatana ananging iya wus meteng olih kapat tengah iya iku poma aja kowe tumpangi."
Lan mengko sawise bayine lair, Ki Tepus Rumput kudu lapor marang Sultan Pajang.
Saliyane oleh putri triman, Ki Tepus uga diangkat dadi Adipati ing Onje lan jejuluk Kyai Ageng Ore-ore. Piyambake uga oleh tanah perdikan kang ambane 200 grumbul. Ki Tepus Rumput lan Dewi Kencana Wungu bali menyang dukuh Teruka ing Desa Onje.
Limang sasi candhake, kyai Ageng Ore-ore balik maneh menyang krajan saperlu laporan marang Sultan Pajang nek menawa putrane wis lair, lanang. Dening Raja banjur dijenengi Raden Ore-ore.
Sultan Pajang dhawuh marang Ki Tepus Rumput supaya ngrumat Raden Ore-ore. Mbesuk menawa Raden Ore-ore wis bisa nglayamake tombak supaya digawa menyang Krajan Pajang.
Ngendikane "besuk menawi wus kelar angebat watang, iki gawanen melebu."
Nalika Raden Ore-ore wis dianggep diwasa, banjur digawa menyang Krajan Pajang. Ing kana banjur didhawuhi supaya ngganteni Kyai Ageng Ore-ore dadi Adipati ing Onje. Amarga Kyai Ageng Ore-ore wis sepuh. Sawise dadi Adipati, Raden Ore-ore jejuluk Adipati Anyakrapati. Sang Adipati kagungan garwa loro yaiku Rara Pakuwati(putri Adipati Cipaku) lan Dewi Medang(putri Adipati Kanda Daha saka Pasirluhur).
Ing sawijining dina, garwa-garwane Adipati Anyakrapati padha tukaran. Mirsani prastawa kuwi, sang Adipati ora misahake malah mundhut pedang. Kekarone banjur dipateni.
Rara Pakuwati lan Dewi Medang dikubur ing Gandhok Kiwa. Para abdine kang ngerti prastawa ing Kadipaten Onje diprentah supaya aja ngabarake prastawa kasebut marang wong liya apa maneh marang Adipati Cipaku. Adipati Anyakrapati banjur paring pepali marang anak putune supaya aja nganti duwe bojo luwih saka siji.
Ngendikane "Suk mben aja na kang duwe bojo luwih saka siji."
Sanadyan prastawa kasebut ditutup-tutupi, nanging ora suwe Adipati Cipaku midhanget kabar menawa putrine dipateni dening Adipati Onje sing ora liya garwane dhewe. Sang Adipati Cipaku paring pepali marang anak putune supaya aja nganti besanan karo keturunane wong Onje.
Ngendikane "Anak putu aja na kang mantu wong Onje."
Nganti tekan saiki, pepali-pepali kasebut isih dijaga dening wong-wong Onje apa dene Cipaku. Amarga padha percaya menawa “sapa wonge kang nerak pepli bakal kene sukerta”.

“Nyai Ageng Bagelen”

Maha Prabu sri Kandihawan utawa Prabu Sowelocolo kang kuwasa ana ing krajan Medangkawit utawa Medangkamulan duwe anak 5 yaiku: Raden Jaka Panuhun, Raden Jaka Sanggarba, Raden Jaka Karungkala, Raden Tunggulametung, lan Raden Petungtantara. Raden Jaka Panuhun kang pinter ing babagab tetanen, ngganti Prabu Sri Kandihawan dadi raja lan mindhah ibu kota krajaan ing Pagelen.
Raden Jaka Panuhun duwe anak loro cacahe nanging cacat kabeh, kalorone cebol lan kerdhil, dhuwure mung sadhuwure tongkat bedhil. Weruh anake kang kaya mangkono kuwi, Raden Jaka Panuhun sedhih lan pungkasane dheweke tapa brata nyuwun marang Kang Kuwasa. Raden Jaka Panuhun oleh pituduh saka swara gaib sing akon supaya dheweke nikah karo putrine ki Buyut Somolangu. Saka kuwi, Raden Jaka Panuhun duwe putra sing jenenge Raden Bagus Jaka Pramana.


Sri Getayu adhine Raden Jaka Panuhun sing pinter ing babagan agama, marentah ing Pamegatan. Kasalehanne ing babagan agama agawe asring ninggalake negara kanggo tapa brata. Sri Getayu duwe putra sing jenenge Raden Kayumutu. Raden Bagus Jaka Pramana sawise dhiwasa ngganteni bapakne marentah ing Pagelen kanthi gelar Sri Panuhun II. Sri Panuhun II duwe putri sing jenenge Dyah Ayu Roro Wetan. Raden Kayumutu sawise dhiwasa uga ngganteni bapakne marentah ing Pamegatan. Raden Kayumutu duwe putra sing jenenge Raden Jaka Awu-Awu Langit.
Dyah Ayu Roro Wetan salah sijine putri sing ayu kaya dene Dewi Kamaratih. Kabar kondhange putri sing ayu kuwi nganti tekan plosok-plosok negri, ora kejaba kabupaten Wingka kang diparentah dening Raden Tumenggung Wingka, salah sijine wong kang duwe watak atos, ati getas, kasar, lan brangas. Raden Tumenggung Wingka duwe ati marang Dyah Ayu Roro Wetan lan pengin nglamar dheweke supaya dadi bojone. Raden Tumenggung Wingka akon ki Wedana Braja supaya nglamarake anake Sri Panuhun II yaiku Dyah Ayu Roro Wetan. Sri Panuhun II nesu krungu pangakune ki Wedana Braja kang dadi kongkonane Raden Tumenggung Wingka amarga ora gelem ngadhep panduwure lan nglangkahi andhap asor.
Raden Tumenggung Wingka ora trima marang panolake Sri Panuhun II. Dheweke duwe rencana arep nggempur krajan Pagelen. Rencanane enggal-enggal digawe. Sri Panuhun II ngrasa jengkel lan anyel marang polahe Raden Tumenggung Wingka. Kango ngilangake rasa jengkele, Sri Panuhun II lunga neng alas karo pangawale kanggo mbeburu satwa liar.
Raden Tumenggung Wingka enggal-enggal nglakoni rencanane. Dheweke lan rombongane enggal-enggal nyerbu krajaan Pagelen. Ndilalah krajan sepi amarga para pengawal lagi ngeterake Sri Panuhun II mbeburu ana ing alas, Raden Tumenggung Wingka enggal bisa mlebu ana ing jero krajaan. Raden Tumenggung Wingka kasil nrobos mlebu lan nggoleki Dyah Ayu Roro Wetan. Permaisuri Sri Panuhun II kaget krungu reribut lan enggal-enggal nggoleki Dyah Ayu Roro Wetan sing lagi turu. Pawarta saka ibune durung rampung, lawang keputren wis didhobrak. Pamungsuhan karo Raden Tumenggung Wingka kadaean ana kono kanggo mbela awake dhewe. Kakuwatane Dyah Ayu Roro Wetan ora sabandhing karo Raden Tumengung Wingka, Dyah Ayu Roro Wetan semaput saengga niyate Raden Tumenggung Wingka katurutan kanggo nyulik Dyah Ayu Roro Wetan.
Sri Panuhun II kang lagi mbeburu ngrasakake pirasat kang ora apik, mula enggal-enggal dheweke lan rombongane mulih ana ing krajan. Kasep kanggone Sri Panuhun II, krajaan Pagelen wis morat-marit. Sri Panuhun II enggal-enggal nggoleki permaisuri lan anake, nanging sing ditemokake mung permaisuri kang semaput. Sawise sadhar, permaisuri enggal-enggal nyritakake kadadean kang lagi wae dumadi. Sri Panuhun II nyerbu demi kaurmatane Pagelen arepa tangane wis kakuras amarga lagi wae mbeburu ana ing alas.
Raden Tumenggung Wingka ngerti yen mungsuh mesthi bakal teka kanggo mbales kalakuwane, mula dheweke siyap jaga sakabehe kanthi masang telik sandi ing kabeh panggonan krajaan. Sri Panuhun II tekan ana ing kabupaten Wingka lan enggal-enggal entuk serangan amarga dheweke wis siyap. Paperangan antarane Raden Tumenggung Wingka lan Sri Panuhun II kadadean ana kono, nanging kasektene Raden Tumengung Wingka pranyata ora bisa disepelekake. Raden Tumenggung Wingka menang. Sri Panuhun II kena ing gegamane Raden Tumenggung Wingka, awake gumletak tanpa daya. Raden Tumenggung Wingka ngira yen mungsuhe wis mati banjur mbuwang Sri Panuhun II lan prajurite ana ing kali Lerang. Pagelen enggal-enggal dikuwasani dening Raden Tumenggung Wingka.
Raden Kayumutu lan Raden Jaka Awu-Awu Langit ngliwati kali Lerang kanggo lunga nyekar ing leluhur. Katon saka kadohan ana wong keli. Rombongan Raden Kayumutu enggal-enggal nylametake wong-wong kasebut kang salah sijine yaiku Sri Panuhun II. Sri Panuhun II digawa ana ing Pamegatan. Sawise sadhar, dheweke nyritakake kadadean paperangane karo Raden Tumenggung Wingka. Rumangsa dadi sedulure, Raden Kayumutu arep ngewangi Sri Panuhun II. Raden Kayumutu ngundang putrane Raden Jaka Awu-Awu Langit lan arep mbales kalakuwane Raden Tumenggung Wingka kanthi cara adu pitik jago. Raden Jaka Awu-Awu Langit nggawa “Awu Bendo”, sing sing cakar lan kukune landhep banget lan bisa mbekas ana ing watu.
Raden Tumenggung Wingka ngrasa sedhih lan nggresula amarga Dyah Ayu Roro Wetan ora gelem dadi bojone. Raden Jaka Awu-Awu Langit teka ana ing krajan Wingka kanggo perlu adu pitik jago lan disambet kanthi apik dening Raden Tumenggung Wingka amarga dheweke seneng dolanan kaya kuwi sisan kanggo nglipur kasedhihane amarga saka panolake Dyah Ayu Roro Wetan. Raden Tumengung Wingka mungsuh Awu Bendo duweke Raden Jaka Awu-Awu Langit nganggo Galih Ireng. Kalodhangan kuwi digunakake kanthi tenanan. Nalika kabeh lena, tanpa mikir dawa maneh Raden Jaka Awu-Awu Langit nyundukake keris pusakane ana ing awake Raden Tumenggung Wingka lan sanalika kuwi Raden Tumenggung Wingka tiwas. Pangawale nyerah tanpa nglawan maneh weruh majikane wis mati.
Raden Jaka Awu-Awu Langit kasil nggawa Dyah Ayu Roro Wetan kanthi slamet. Sri Panuhun II nyambut kamenangane Raden Jaka Awu-Awu Langit kanthi seneng. Pagen wis ana ing tangane lan Dyah Ayu Roro Wetan dinikahke karo Raden Jaka Awu-Awu Langit, Raden Jaka Awu-Awu Langit dadi gantine Sri Panuhun II kanthi gelar Adipati Cokropermono.
Dyah Ayu Roro Wetan lan adipati Cokropermono duwe anak telu jenenge Roro Pitrang, Roro traker, lan sing ragil Bagus Gentho. Adipati Cokropermono seneng nenandur kaya nandur pari lan dhele sarta ngingu sapi, wedhus, lan iwak sepat, dene Dyah Ayu Roro Wetan seneng nenun nggawe bathik. Dyah Ayu Roro Wetan duwe payudara sing dawa banget saengga yen anake arep netek gari nyampirake ana ing buri. Ing sawijining wektu, Dyah Ayu Roro Wetan lagi sibuk ujug-ujug dheweke ngrasakake ana sing netek saka buri. Ngira yen iku anake Dyah Ayu Roro Wetan meneng wae. Ora let suwe Adipati Cokropermono ana ing kono lan enggal-enggal ngelikake Dyah Ayu Roro Wetan supaya ngendhegage gaweyane lan nengok ana buri. Dyah Ayu Roro Wetan nuthuk pedhet nganggo palang kanthi nesu.
Adipati Cokropermono nakokake ana ing ngedi anak-anake. Nanging sing ana ing kono mung Bagus Gentho. Dyah Ayu Roro wetan kandha yen wiwit mau Roro Pitrang lan Roro Traker melu Adipati Cokropermono lunga., mung Bagus Gentho sing ana ing kono. Kalorone banjur nggoleki anake sing ilang, nganti ana abdi sing teka lan ngabari yen abdi mau weruh anake lagi dolanan lan mlebu ana ing lumbung.
Dyah Ayu Roro Wetan lan Adipati Cokropermono enggal-engal akon para abdi kanggo ngosongake kabeh lumbung sing kebak pari. Ngrasa yen ora sabar weruh tumandange para abdi kang rada alon, Dyah Ayu Roro Wetan njupuk galah lan ngudhek isi lumbung kasebut kanthi ceceran, kuntal menyang endi-endi. Sawise entek, katon anak lorone mau teturon lemes ana ing pojok. Kalorone wis ora ana nyawane.
Dyah Ayu Roro Wetan krasa jengkel lan anyel marang Adipati Cokropermono. Adipati Cokropermono dhwe ora trima yen disalahake, mbalekake kaluputane marang Dyah Ayu Roro Wetan, mula kalorone banjur padu. Adipati Cokropermono ngrasakake yen padu kaya kuwi ora ana enteke, mula dheweke pengin pisah lan arep mulih ana ing Pamegatan Awu-Awu Langit. Dyah Ayu Roro Wetan nyarujuki panjaluke bojone. Pungkasane kalorone pisah. Dyah Ayu Roro Wetan netep ana ing Pagelen, nerusake pamarentahan dadi putri panguwasa kanthi sebutan Nyai Adipati utawa Nyai Ageng Bagelen.
Nyai Ageng Bagelen ngetokake supata kanggo anak putuneb, yaiku ora entuk lelungan nggolek rejeki ing dina Anggara Kresna (Selasa wage), ora entuk nandur pari pulut ketan ireng, ngingu sapi ireng, kabeh wanita Bagelen uga ora entuk ngango klambi Sendhang Gadhung Mlathi, tapih lurik warna ijo, lan kemben bango tulak.
Nyai Ageng Bagelen marentah Pagelen nganti tuwa lan pungkasane seda. Sasedane Nyai Ageng Bagelen, Bagus gentho ngganteni ibune marentah Pagelen.

’BLAMBANGAN’

Patih Jathasura katon legeg penggalihe, midhanget ature Tumenggung Yudapati kang kaya mangkono mau. Yen pancen bener kabeh kedadeyan iku ana sambung rapete klawan wong-wong Mataram, ategas Kadipaten Blambangan ana sajroning bebaya. Wong-wong Mataram sing nalika semana wis kala perang saiki migunakake cara liya kanggo nelukake Kadipaten Blambangan. Perkara iku ora kena sinangga entheng. Nanging Raden Chinde Amoh kang uga midhangetake ature Tumanggung Yudapati sajak ora percaya yen kabeh kedadean mau didhalangi dening wong-wong Mataram. Nitik carane tumindak wis cetha yen kabeh mau dudu pokal gawene prajurit. Nanging luwih pas yen ditindakake dening wong-wong saka jagading pesilatan.


“Nyuwun sewu, paman Patih Jathasura. Miturut pemanggih kula sedaya kedadosan ing dalem kepatihan menika sanes tiyang Mataram ingkang tumindak, kados ingkang dipun aturake paman Tumenggung Yudapati kalawu. Awit nitik caranipun tumindak,s ampun cetha sedaya kala wau tumindakipun tiyang-tiyang saking jagading pesilatan, paman,”ature Raden Cindhe Amoh, kanthi walaka.
“Kula ngiyataken aturipun Kangmas Cindhe Amoh, paman Patih Jathasura. Kula pitados menawi tiyang Mataram boten purun tumindak culika, sinaasa nalika semanten sampun kawon kaliyan awakipun piyambak. Nanging sawanci-wanci piyambakipun badhe dugi malih kanthi mbeta kekiyatane ing perang ingkang sakalangkung ageng. Perkawis punika ingkang kedah dipun petang. Wondene tetiyang ingkang damel gendra ing dalem kepatihan nalika semanten, mesthinipun tetiyang ingkang boten sapemanggih kaliyan panjenengan,paman,” ature raden Cindhe Kembang kanthi trapsila.
“Menawi maketan, kinten-kinten sinten tetiyang ingkang badhe ngarah pejah kula menika semanten Raden?” Patih Jathasura nanggapi ature Raden Cindhe Amoh lan raden Cindhe Kembang.
“Miturut pemanggih kula, kadadosan ing dalem kepatihan rikala semanten wonten sambung rapetipun kaliyan padhepokan Rogojampi, paman,” Raden Cindhe Amoh ngadhakake panemune.
Ing batin patih Jathasura mbenerake kabeh ature raden Cindhe among kang kaya mangkono mau. Pancen wis akeh siswa saka padhepokan Rogojampi kang tiwas ing Blambangan. Kurang luwih wis ana siswa cacah telu. Mula ora aneh yen ajar Sapala banjur murina, nuli utusan marang wong kang dipercaya supaya nganakake petung klawan dheweke. Patih Jathasura saiki sadhar yen duwe mungsuh kang ora kena sinangga entheng. Supaya kedadean kang kaya mengkono mau ora ngambra-wara, pepatih ing Kadipaten Blambangan iku nuli utusan marang Tumenggung Yudapati supaya lumawat menyang padhepokan Rogojampi, ngrampungake perkara siji iku.
Sawetara iku Hariya Bandung kang ngulati saka kadohan sajak kaget bareng weruh patih Jathasura utusan Tumenggung Yudapati lumawat menyang padhepokan Rogojampi. Ajar sepala ora duwe luput. yen nganti ana kedadean kang ora dikepenginake bakal nggawe saya ruwete kahanan ing Kadipaten Blambangan. Mula kanthi cara sesidheman dheweke utusan sawijine prajurit kang pinercaya supaya tumuju menyang padhepokan Rogojampi, seperlu atur nawala menyang ngarsane Ajar sapala.
Lakune prajurit utusan Hariya Bandung mau sajak kesusu banget, supaya ora kedhisiken Tumenggung Yudapati sewadya balane kang dadi utusan Patih Jathasura. Jaran kang ditumpaki terus digelak. Nalika srengenge ngglewang mangulon dheweke wis mlebu laladan padhepokan Ragojampi.
Ajar Sapala sing wektu iku lagi ngladhi para siswane sajak kaget banget ana temu sing katone kaya prajurit saka Kadipaten Blambangan. Sawise padha lungguhan ing papan kang mirunggan. Ajar Sapala nuli ndangu tamune, mungguh wingatine rawuh ing papan kono.
“Nyuwun sewu ,kisanak. Sampun kininten tambuh, mapan taksih sepisan menika kula wanuh. Panjenengan punika sinten lan wonten wingatos punapa kersa rawuh wonten rompok kula?” pratelan Ajar Sapala kanthi andhap-asor.
“Kula prajurit saking Kadipaten Blambangan. Wondene wigatosing sowan kula, kautus dening satunggaling nayaka praja ing Kadipaten Blambangan, kinen ngaturaken nawala dhumateng panjenengan bapa Ajar Sapala.” wangsulane prajurit mau sinambi ngulungake nawala.
Sawise cukup perlune prajurit iku njaluk pamit, bali menyang Kadipaten Blambangan, dheweke milih dalan trabasan sing sepi, supaya ora pethuk klawan wong-wong kongkonane Patih Jathasura.
Sapungkure tamune, Ajar Sapala nuli maca nawala sing ditulis ing lembaran rontal, sing jarene pawewehan sawijining nayaka praja ing Kadipaten Blambangan tenane dheweke uga kaget, rumangsa ora duwe tepungan ing Blambangan kok saiki ana sing kirim nawala. Apa kabeh mau ana sambung rapete klawan pakarti lan tumindake siswa-siswane kepungkur? Ajar Sapala sajak katon kaget. Surasane menehi ngerti yen dheweke supaya luwih ngati-ati, jalaran patih Jathasura utusan prajurit pirang-pirang bergada supaya nyerang padhepokan Rogojampi awit dianggep dadi punjering kraman kang dumadi ing kadipaten Blambangan sasuwene iki.
Yen kabeh mau tenan, Ajar Sapala ora bakal kendel. Biyen nalika siswa-siswane kurban kawengisane wong-wong Blambangan panjenengane amung trima kendel, masrahake sekabehing kedadean mau marang panguwasane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Nanging yen saiki padhepokan Rogojampi arep digawe karang abang, wis cetha panjenengane ora trima. Mula kanggo ngawekani kabeh mau, Ajar Sapala nuli nglumpukake para siswane.
“Siswa-siswaku kabeh, niat becik mono, ora selawase bias ditanggapi kanthi becik uga dening wong liya. Bedane wawasan lan cetheking panemu. Apa maneh yen aspen wong among nenganake kapentingan pribadhine bae. Niat becik saka wong liya yen cengkak klawan kekarepane dianggep pepalang kang kudu disingkirke. Mula kowe kabeh wiwit dina iki sing padha luwih ngati-ati. Anggonmu njaga ketentramane padhepokan Rongojampi sing luwih waspada. Yen sawayah-wayah ana rame dudu ramene, kowe kabeh aja nganti lirwa ing sesanggehman,” pratelane Ajar Sapala kanthi cetha marang para siswane ing wengi iku
“Sakestunipun wonten menapata,bapak kok sajak wigatos sanget anggen panjenengan paringdhawuh ?” Taruna miterang marang gurune.
“Padhepokan Rongojampi keke dianggep luput dening wong-wong Blambangan jalaran dianggep minangka punjering para duratmaka. Mula kowe kabeh kudu siap-siaganing perang. Sawayah-wayah Patih Jathasura teka ing papan kene, kowe kabeh wis sumadiya sabela marang padhepokan Ronggojampi kene.
Wiwit kalungguhan iku siswa-siswa ing padepokan Romgojampi padha nylametake uba rampe peperangan kanggo ngadhepi para prjurit saka Blambangan. Wengi iku Ajar Sapala katon munggah ing sanggar pamujaan minta kakuwatan marang ngarsane Gusti Kang Maha Wikan, supaya padhepokan Rongojampi kono bisa kali sing sambikala.
Esuke bareng klawan mleteking srengenge ing bang wetan para prajurit Blambangan kang dipandhengani dening Tumenggung Yudapati wis tekan ing padhepokan Rongojampi. Dheweke banjur dipethukake dening Ajar Sapala. Para siswa ing padhepokan Rongojampi wis padha siap-saiganing perang, karingenteni dhawuh saka gurune.
“Apa bener kene iki padhepokan Rongojampi?” pratelane Tumenggung Yudapati kanthi sore.
“Mila leres mriki padhepokan Rongojampi. Wondene kula Ajar Sapala, tetuangganing padhepokan mriki. Panjenengan manika sinten, saha wonten wigatos menapa kersa rawuh ing papan kula?” Ajar Sapala genti takon.
“Oh, dados panjenengan ingkang asma Bapa Ajar Sapala. Kula nyuwun pangapunten menawi wonten keladuk ing atur kula. Ndherek nepangaken kula Tumenggung Yudapati saking Kadipaten Blambangan. Wondene wigatosing sowan kula, awrat mundhi dhawuh saking Ki patih Jathasura kapurih nyuwun pejah gesang panjenengan bapa Ajar Sapala.”
Tembunge Tumenggung Yudapati sing alus padha sutra iku yen rinasa dening Ajar Sapala Pindhaning swara bledheg ing mangsa sanga. Kanthi tatag, tetungguling padhepokan Rongojampi kuwi mratelakake nedya sabela marang ajining dhirine nganti tumetesing getih kang pungkasan .Sumurup Ajar Sapala ora kena pinetung srananingaris, Tumenggung Yudapati nuli aweh aba-aba marang para prajurit andhahane supaya ngrangket tetungguling padhepokan Rongojampi kuwi. Semono uga Ajar Sapala kang rumangsa kaancam kaselamatan nuli mrentah para siswane supaya ngadhepi para prajurit saka kadipaten Blambangan.
Perang gedhe wis ora kena diselaki. Prajurit-prajurit saka Kadipaten Blambangan kang wis banget nguwasani gelaring perang kuwi ngamuk punggung pinaha bantheng ketaton.kosok baline para siswa ing padhepokan Rongojampi kang iwis trampil babagan oleh kanuragan guna kasantikan lepas sangkan paraning dumadi iku ngadhepi tandange mungsuh kanti kebak pangati-ati.Tumenggung Yudapati minangka tetungguling para prajurit, ngadhepi Ajar Sapala.
Padhepokan Rongojampi sing adat saben tansah katon ayem kabeh katentraman iku saiki dadi rame, dikebaki swara bekere jaran,kumenclinge pedhang,lan swara sambate wong kelaran kena gegaman. Saya suwe peperangan dumbadirame.senajan wis cukup tuwa nanging tandange Ajar Sapala banget gawe mirise mungsuhe. Eling-eling tiwas pendhekar kawentar,mula isih nyimpen jurus-jurus ampuh sing mbebayani tumrap mungsuhe.
Panase srengenge kang sumelet saya nambahi gumrengsrenging swasana peperangan. Para siswa ing padhepokan Rongojampi bisa kasil nguwasani kahanan. Siji mbaka siji prajurit saka Kadipaten Blambangan bisa disirnahkake. Sumurup kahanan kang kaya mangkono mau Tumenggung Yudhapati saya miris atine, nganti kelangan kawaspadan. Kalodhangan iku digunakake kanthi becik dening Ajar Sapala. Pusakane bisa natoni Tumenggung Yudapati nganti tiba glangsaran. Dheweke terus ndekep tatune sinambi nyoba ngadeg maneh.
“Ajar Sapala, aja kok gawe wiring aku. Luwih becik patenana tinimbang kok paedo kaya ngene,” pratelane Tumenggung Yudapati sinambi ngempet rasa larakuwi.
“Tumenggung Yudapati, saupama gelem tumindak aku bias mateni kowe kanthi gampang. Nanging dudu wataking satriya mateni mungsuh kang wis tanpa daya. Mula luwih becik saiki balia, tinimbang saya akeh pangurbanan,” sambunge Ajar Sapala kanthi manteb,sinambi terus mandeng kebak teges marang tumenggung Yudapati.
Krungu pratelane Ajar Sapala kang kaya mankono mau, cucuking prajurit saka Kadipaten Blambangan kuwi tanpa mbuwang wektu banjur mencolot menyang ndhuwuring jaran, sinambi aweh aba-aba marang sisa-sisaning prajurit saka Kadipaten Blambangan supaya ngoncati palangan. Sumurup mungsuhe padha tinggal glanggang colong playu, para siswa ing padhepokan Rongojampi nedya mbujung. Nanging enggal kapenggak dening Ajar Sapala.
“Para prajurit saka Kadipaten Blambangan ora perlu dibujung.saiki kowe kabeh padha balia,kanca-kancamu sing nandhang tatu enggal padha usadanana,” pangendikane Ajar Sapala kanthi wicaksana
Swetara iku playune tumenggung Yudapati sawadya balane wis tekan Kadipaten Blambagan. Nanging sarehne tatu ing anggane cukup abot, tekan alun-alun kadipaten Blambangan Tumenggung Yudapati nglundhungsaka gegering turangga, dadi lan tiwase. Para prajurit padha bingung, nuli paring lapuran menyang Adipati Siung Laut.
Ing pendhapa agung Kadipaten Blambangan Adipati Siung Laut banjur murina sumurup prajurit akeh kang tumekaning tiwas. Kamangka patine ora tetandhingan klawan wong-wong Mataram, nanging among nindakake wajib saka patih Jathasura. Mula ora aneh yen ing wektu iku patih Jathasura nampa duka sing akeh saka ngrasane saka Adipati Siung Laut sing pancen kondhang duwe watak kang wengis kuwi.