Jumat, 03 Juli 2009

Benggol Jungladipa

Tiba ing titi wancine pasulayan sengit Garong Benggol Jungladipa karo Pangeran Jangkung lan rombongane. Sakwise wanci sore Garong Benggol Jungladipa krasa kalah lan lunga menyang sisih wetan tekan ing pinggire kali Panggawa sisih wetan Desa Kertasaba. Ananging ono ing papan kuwi Jungladipa wis kakepung dening prajurit Kadipaten Wilahan. Semana uga nalika deweke mlayu ing panggonan-panggonan liyo prajurit Kadipaten wilahan wis ngepung deweke. Amargo terus kadesel milo Benggol Jungladipa lan grombolanwe nyemplung kali panggawa.


Ewuan panah ngenani awak Benggol Jungladipa lan grombolane sehingga Benggol Jungladipa anci ing X dadi abang. Ananging Benggol Jungladipa taksih iso ngelangi tertuju ing lempengan lan umpetan nganti rong dina durung ngetok.
Sakwise dia ke 3 ono babagan kang aneh, banyu kali kang maune warnane abing dumandaan ganti warna dadi putih lan kekuning-kuningan kaya warna nanah lan ing dina-dina sakwise Benggol Jungladipa wis ratau ketok adipati wilah tunangsos. Seneng adipati wilang kroso seneng tanpa kabar saking Pangeran Jangkung. Dene sumber kerusuhan sing ana ing kanthi wilahan wis mati.
Panggonan kang didadike panggonan kanggo sulayan diwenehi jeneng Maduraga lan Panggran. Nalika Benggol Jungladipa diwenehi jeneng ngomah lan panggonan kanggo saiki hadiah sepeda wae kang melu numpas diwenei jeneng damaraja.
Saiki panggonan-panggonan kasebut dadi pemukiman penduduk amarga obah masiking swara mula wilahan saiki dadi air langga yaiku dusun ing desa Kenagsair.

JEMARI NDADEKAKE DESA KALI MANAH

Ing jaman pamerintahan kerajaan pasir luhur, ana kadipaten tempate ana ing sebelah tenggar Gunung Slamet. Kadipaten pancen cilik nanging nduweni jeneng kang gedhe lan wangi yoiku Kadipaten Wilahan.
Rakyar urip ing Kadipaten Wilahan dipimpin dening Adipati Wilah, kang dikenal rukun, tentram lan damai. Anggone mimpin rakyate kanthi wicaksana.


Ananging ing pungkasan katertraman ana ing Kadipaten Wilahan owah, bab iku amargo tumindake Benggol Jungladipa kang saben wengine asring nglakoke garong. Dening warga Kadipaten Wilaha. Ora sitik nyawa kang ilang amargo deweku Benggol Jungladipa.
Amargo ulah Benggol Jungladipa, Adipati lan pengikute koyoto Pangeran Jangkung, Asmaradin, Kyai Mutasim lan Bekel Kartosaba. Usaha kanthi temen kanggo mbrantas aksi garang Benggol Jungladipa. Ora let suwe Pangeran Jangkung lan rombongane lunga ninggalaken kadipaten menyang ngidul. Deweke napak tilas Kaliponggawa lan tekan ing salah sijine panggonan kang adem. Ana ing ngisor kelapa sawit. Ono ing kono deweke rembugan babagan cara kanggo ngrampas garong Jenggol Jungladipa.
Seliane bengis lan kejam, piyambake ugi dikenal sakti. Mila kita kedhah pinter-pinter ngatur siasat. Bekel Kertasaba paring gambaran bilih Benggol Jungladipa diwenei peringatan supaya nyerahake awak. Ananging yen ora gelem kapekso digunake dalan perang. Setekane Bekel Kartasaba ono ing panggonane Benggol Jungladipa muntab atine amargo werung Bekel Kartasaba. Bekel Kartasaba kongkon Benggol Jungladipa lan grombolane supaya ngadep soho nerahke awak.
Keprungu penjaluke Bekel Kartasaba, Benggol Jungladipa lan grombolane malah ngguyu kepingkel-pingkel. Sawise ngombe Benggol Jungladipa sumaur, dheweke siap nyerahake awak ananging ana sarate yaiku, sapa wae wong kang ana ing Kadipaten Wilahan kang paling sekti arep ditantang adu kekuatan ana ing sisih lor Desa Kepering.

NYAI DHAPU

Jaman mbiyen kutha utawa kabupaten Semarang, diasta dening Ki Ageng Pandanaran II yaiku kulawarga saka Sultan Demak. Wektu semana penyebaran agama Islam lagi maju-majune, lan gedhe banget pengaruhe tumrap para pengembating negara, kalebu uga Ki Ageng Pandanaran II ing Semarang.
Sawise tuwuk ngasta bupati ing Semarang lan dirasa wis akeh nesep ajaran agama Islam, mula Ki Ageng Pandanaran II terus kepengin leren kawibawan. Ki Ageng Pandanaran II terus lunga ninggal kutha Semarang, lunga menyang Tembayat (Bayat) wilayah Klaten, ora pamitan karo kulawargane lan garwane.


Nyai Ageng Pandanaran sawise ngerti menawa ditinggal karo rakane, terus karaya-raya nusul lunga saperlu nggoleki lungane Ki Ageng Pandanaran II nganti saketemune. Nyai Ageng Pandanaran bisa ketemu garwane, mula terus melu dumunung neng Bayat.
Neng Tembayat, Ki Ageng Pandanaran II lajeng katelah nama Sunan Bayat, nganti tekan sedane, uga disarekake neng Bayat. Makame tekan saiki tansah diziarahi karo para warga masyarakat, jalaran kaanggep keramat lan isih ana sejarahe.
Lungane Ki Ageng Pandanaran neng Bayat, isih ninggal adhi wedhok yaiku Ni Pandhansari, sing uga melu nusul tindake Ki Ageng Pandanaran, kanthi ditutake abdi loro yaiku Ki Wonobodro lan Ki Wonosari. Lungane ngliwati alas, nrabas lungiting samudra amarga ora ngerti menyang ngendi tindake kakange. Neng ndalan, Ni Pandhansari saabdine krungu pawarti yen ing sakidul kulone kutha Semarang ana sawijining pondhok pesantren sing misuwur, disesepuhi dening Ki Jiwaraga, dene papan panggonane neng dhusun Blimbing, sakidule dhusun Boja.
Ni Pandhansari terus lunga menyang dhusun kasebut, ing pangajab muga-muga bisa ketemu kakange neng papan kono. Nanging nyatane Ki Ageng Pandanaran ora bisa ditemukake mula Ni Pandhansari saabdine terus kepengin dadi muride Kyai Jiwaraga. Sawise dirembug, Ni Pandhansari saabdine terus ditampa dadi muride. Ni Pandhansari kuwi sawijining kenya sing arep ngancik dewasa tur ayu banget. Mula ora mokal yen sedhela wae dadi kembange para mudha lan para siswa neng dhusun kono. Khususe para mudha padha gandrung, lan malah ngaturke panglamar neng Kyai Jiwaraga, amarga padha kasmaran arep ngepek bojo Ni Pandhansari.
Temtu wae panglamar kuwi ora ditampa, amarga Ni Pandhansari durung gelem nikah, isih kepengin nambah ilmune. Senajan sejatine, Ni Pandhansari kuwi kenya sing sregep nyambut gawe lan olah-olah.
Sawijining dina, Ni Pandhansari kepengin dolan ndhelok tegal sing papan panggonane neng sawetane dhusun. Neng pategalan kuwi akeh kembang sing maneka warna. Mula yen kembange mekar bebarengan bisa marahi resepe pandulu, kahanan kuwi sing narik kawigatane Ni Pandhansari.
Gandheng pategalan kuwi akeh kembange, mula diarani tegal sekaran. Neng tegal sekaran kuwi Ni Pandhansari seneng lan kerep nganakake sayembara karo siswane Kyai Jiwaraga. Sayembara kuwi antarane mangkene : “Sing sapa bisa nyipta sumbering toya, bakal entuk nugraha.”
Akeh para siswa sing melu sayembara kuwi, nanging siji wae ora ana sing bisa ngleksanani. Akhire Ni Pandhansari terus njabut cise sing ditancepake neng lemah. Sanalika lemah kuwi metu banyune dadi sumber. Sumber kuwi diarani Sendhang Sebrayat, sing ngemu arti sawijining sendhang sing banyune bisa kanggo nyukupi kabutuhane wong sakulawarga utawa sabrayat.
Nanging suwe-suwe jeneng sendhang mau owah pangucapane dadi sendhang Sebrayut tekan saiki. Dene papan pangonane neng sawijining grumbul mbulungan tengah sawah, sakidule dhusun Boja.
Banyu sendhang kuwi pranyata gedhe banget paedahe tumrap masyarakat dhusun Boja lan sakiwa tengene kayata kanggo ngombe, sesuci lan kanggo ngileni sawah. Neng jaman mbiyen ana kapercayan yen para pawestri sing wis omah-omah suwe, nanging durung oleh momongan utawa anak, kanthi sarana ngombe banyu sendhang kuwi saka keparengane Gusti Allah saged gadhah putra.
Sabanjure lemah tegal sekaran kuwi, kanthi anane banyu Sendang Sebrayut terus diolah dadi sawah sing subur banget, kamangka maune dadi papan panggonan raja kaya lan akeh kembang sing ora krumat. Ewa semana ora kethang sithik, saperangan lemah Tegal Sekaran ditanduri kembang sing maneka warna.
Kejaba Sendhang Sebrayut, Tegal Sekaran uga akeh manfaate tumrap para umat sing lagi nglesanakake khajad dhateng Gusti Allah, kayata neng mangsa ketiga sing dawa, akeh kali sing asat kurang banyu, wit-witan padha garing, lan sapanunggale. Nalika kuwi, para umat Islam neng Boja, padha nindakake shalat istisqo’ neng tegal sekaran.
Ora suwe, Kyai Jiwaraga nampa siswa anyar saka Cirebon, asmane Ki Dhapuraja sing isih ana hubungane karo Sultan Cirebon. Mula suwene-suwe Ki Dhapuraja tuwuh rasa tresna marang Ni Pandhansari. Akhire Ki Dhapuraja matur marang Kyai Jiwaraga yen arep nggarwa Ni Pandhansari. Panglamar kuwi ditampa, kanthi entuk restu saka Kyai Jiwaraga minangka gantine wong tuwane, Kyai Dhapuraja banjur nikah kaliyan Ni Pandhansari. Sawise nikah, Ki Dhapuraja kepengin omah-omah dhewe. Kyai Jiwaraga uga sarujuk lan maringi ijin marang Ki Dhapuraja sekalian.
Ki Dhapuraja sagarwa banjur nggolek papan palereman sing cocok. Kalorone banjur lunga ngetan saka dhusun Blimbing nganti tekan pinggir dhusun Boja. Neng wetan dhusun Boja kuwi griyane Ki Dhapuraja sekaliyan saiki dadi langgar wakaf yaiku Masjid Baitul Makmur.
Awit dedalem neng dhusun Boja, Ni Pandhansari banjur disebat Nyai Dhapuraja utawa Nyai Dhapu, dene Ki Dhapuraja uga disebat Kyai Dhapuraja utawa Kyai Dhapu.
Kanggo nyukupi kabutuhan urip, Nyai Dhapu banjur matur marang Kyai Dhapu, supaya digawekake ilen-ilen banyu. Dening Kyai Dhapu panjaluk mau banjur diikhtiyarake nanging wis bola-bali usaha tetep ora bisa. Akhire Nyai Dhapu nyalirani dhewe, carane Nyai Dhapu nggawe ilen-ilen banyu kuwi kanthi ngetog kasektene yaiku kanthi nggered setagene saka Sendhang Sebrayut nganti tekan daleme.
Banyu kuwi bisa mili kanthi lancar, cukup kanggo kabutuhane para warga masyarakat khususe para tani. Saluran banyu kuwi diarani saluran Sidhapu. Asmane Nyai Dhapu saya ngambar arum tekan dhusun liya. Kabeh pada kurmat marang Nyai Dhapu, nanging kosok baline pekurmatan marang Nyai Dhapu kuwi, ndadekake isine Kyai Dhapu, mula piyambakipun kepengin lunga saka dhusun Boja ninggal Nyai Dhapu.
Sadurunge Kyai Dhapu lunga, Nyai Dhapu duwe panjaluk supaya Kyai Dhapu gelem nuduhake isi atine kanthi nancepake cise ning lemah. Cis banjur ditancepake, dumadakan lemah mau ngetokake banyu sing panas. Dene Nyai Dhapu uga banjur nancepake cise neng lemah sacedhake lan sanalika lemah kuwi ngetokake banyu sing anyes. Papan panggonan mau neng sisih lore dhusun Boja lan diarani Pasinan utawa Masinan.
Kanthi metune banyu sing panas mau miturut pemanggihe Nyai Dhapu mbok bilih penggalihe Kyai Dhapu mau pinuju panas, kosokbaline dene banyu anyes saka cise Nyai Dhapu mratandhani penggalihe Nyai Dhapu asrep, lan ayem. Mula bisa dadi pangayome tumrap wong cilik lan bebrayan agung.
Kyai Dhapu banjur lunga ninggal Nyai Dhapu, tindak saka dhusun Boja terus ngulon, tekan neng sawijing dhusun yaiku Kaliputih. Kyai Dhapu manggen neng dhusun kasebut tekan sedane. Panggonan palereman lan pasareane Kyai Dhapu diarani dhusun Kali Dhapu, makame dirumat lan diziarahi dening masyarakat.
Sapungkure Kyai Dhapu, Nyai Dhapu nerusake mbangun dhusun Boja. Ora mokal yen sedhela wae asmane wis kondhang lan ngambar arum neng masyarakat, saengga akeh para sedulur saka njaba dhusun sing sowan saperlu njaluk pituduh, sakliyane kuwi uga njaluk piwulang agama Islam.
Kanthi rancas, dhusun Boja dadi maju, rame, jalaran tansaya tambah jiwane. Saiki Nyai Dhapu wis dadi randha, amarga wis ditinggal karo Nyai Dhapu. Salah siji abdine, yaiku Kyai Wonosari pengin nggarwa Nyai Dhapu. Temtu wae Nyai Dhapu ora gelem nampa, malah ndadekake nesune. Akhire Ki Wonosari ditundhung lunga, jalaran dening Nyai Dhapu dianggep ngalangi mbangun dhusun Boja. Ki Wonosari banjur lunga, manggon neng dhukuh Pilang, sawetan lore dhusun Boja.
Ki Wonobodro abdi sijine duwe anak lanang. Sabanjure anake Ki Wonobodro kuwi sing mbiyantu Nyai Dhapu mbangun dhusun Boja. Piyambake dipercaya banget dadi lurah dhusun Boja, mula katelah nama Kyai Boja. Kyai Boja kejaba dadi abdine Nyai Dhapu sing dipercaya, uga dadi garwane Nyai Dhapu, nanging kanggo njaga arum asmane Nyai Dhapu, mula Kyai Boja tetep disebut abdi kinasih.
Akhire, Nyai Dhapu, Kyai Boja lan Ki Wonobodro seda neng Boja lan disarekake neng Boja. Nanging makame dhewe-dhewe ora kumpul dadi siji. Nyai Dhapu neng sisih lor, dene Kyai Boja neng sisih kidul. Dene pasareane Ki Wonobodro mapan neng sandinge Nyai Dhapu, ana ing sawijining pager tembok. Miturut prasajane sifat pribadhine Kyai Boja, nganti saiki makame ora gelem dibangun luwih apik, cukup kaya makam-makam umum liyane, kuwi nuduhake yen pribadhine Kyai Boja kuwi pemimpin sing jiwane tetep merakyat.
Kanggo pangemut-emut jasa perjuangane Nyai Dhapu tumrap masyarakat ing dhusun Boja, lan kanggo ngurmati agunge asmane, ing saben taun yaiku tanggal 7 wulan Syawal dianakake Merthi Dhusun lan Syawalan. Jumbuh karo adat lan manut tatanan utawa ajaran agama para masyarakat padha ziarah neng makame Nyai Dhapu.

Sesongar Gawe Ajur, Nrima Gawe Makmur

(Wiwitane Desa Karanggede lan Desa Wirogaten, Kebumen)

Kawiwitan saka paprangan antarane Singojiwo lan Wirogati kang rebutan wilayah. Sakwise wong tuwane tilar dunya, Singojiwo ngumbara lan mbukak alas. Alas kang dibukak Singojiwo jebul wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Wirogati yaiku wong asli dhaerah kono kang sadurunge wis duweni kuwasa ana kono. Wirogati kang ngerti menawa alase ana sing mbukak, dheweke nemoni Singojiwo. Singojiwo ora trima menawa alas kang wis dibukak iku wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Singojiwo kang duweni watek sesongar nantang gelut Wirogati, nanging Wirogati ora nanggepi tantangane Singojiwo. Wirogati lunga saka omahe tapa ana guwa nglungani paprangan tantangane Singojiwo. Wirogati bali lan olih wangsit supaya dheweke menehi alas kang wis dibukak marang Singojiwo kanthi pathok kanggo wates pekarangane lan supaya Singojiwo ora gawe sesongar ana desa iku.


Dhasar Singojiwo, dheweke ngambani alas kang wis dadi pekarangane ngluwehi pathok nganti rong dusun. Perjanjen kang wis dadi sepakate wong loro iku dilanggar Singojiwo. Wirogati kang ngerti alase diambani marang Singojiwo, dheweke nimbali Singojiwo. Singojiwo ora netepi dhawuhe Wirogati. Singojiwo malah nantang gelut. Dheweke malah nduweni kekarepan, menawa dheweke kalah dheweke gelem mbalekake pekarangane. Nanging menawa sewalike dheweke menang, pekarangan kang wis dibukak lan ditambahi rong dusun iku dadi dhuweke. Wirogati nrima apa kang dikarepake Singojiwo. Paprangan antarane wong loro iku kaleksanan.
Nalika perang, Singojiwo malih wujud dadi macan loreng lan Wirogati ora malih wujud nanging dheweke nitih jaran. Nganggo jaran iku Wirogati bisa ngalahake Singojiwo. Singojiwo kalah, nanging dheweke tetep ora gelem netepi janjine menehake alas pekarangan kang wis direbut. Wirogati kang nduweni watek nrima dheweke menehake pekarangan lan alas kang wis dibukak nganti rong dusun iku. Wirogati menang nanging dheweke ikhlas menehake pekarangan kang dijaluk Singojiwo. Wirogati menehi pekarangan iku kanthi panjaluk supaya anak putune bisa urip bebrayan ora ana sing padha gelutan.
Saka kedaden iku, ora ana maneh paprangan antarane wong loro iku nganti anak putune. Menawa ana ya ora nganti geger. Dhaerah kang diduweni Singojiwo lan Wirogati dadi desa kang guyub. Desa Karanggede lan Desa Wirogaten arane. Karanggede nduweni teges karangan/pekarangan kang gedhe/amba. Desa Karanggede iku wiwitane saka pekarangane Singojiwo sing amba, mula diarani Karanggede. Menawa Desa Wirogaten, jeneng iku dijupuk saka jeneng Wirogati kang dadi patriote Desa iku.
Sanjange para sesepuh desa loro iku leluhure iku yaiku Mbah Singojiwo lan Mbah wirogati sawektu-wektu menthengul. Mbah Singojiwo biyasane mujud singo kang menthengul ing wayah-wayah sandikala utawa wengi-wengi tartemtu. Menawa Mbah Wirogati, ora mujud nanging mujud swara jaran ngringik kang biyen-biyene titihane Mbah Wirogati.
Singojiwo kang nduweni watek sesongar nyebabake anak turune mung dadi wong biyasa-biyasa wae. Ora ana sing sugih banget utawa mlarat banget, ngalim banget utawa sewalike. Anak turune percaya, saumpama kepengin dadi wong gedhe kudune lunga saka desa iku. Beda karo wateke Mbah Wirogati kang nrima, anak turune Mbah Wirogati beda karo anak turune Mbah Singojiwo. Anak Turune Mbah Wirogati akeh kang dadi wong gedhe. Dadi desa kang makmur.

RIWAYAT ASAL MULA NAMI KOTA BATANG LAN DESA KALI KRAMAT

Ing jaman ingkang sampun kepungkur,kinten-kinten ing jaman Majapahit daerah Batang menika sampun dipunkenal wonten ing sejarah,nanging nami Batang menika piyambak nembe lair kinten-kinten kalih tengah abad lajeng ing jaman kerajaan Mataram islam ingkang kapimpin dening Sultan Agung Hanyokrokusumo Th.1613-1645.Ing wekdal semanten daerah Batang sisih wetan, kinten-kinten sisih wetan kali sambong , saniki taksih dados wana belantara ingkang dipunkenal alas roban siluman. Dipunnamani kados mekaten krana ing alas roban wau konon dipunhuni dening para siluman utawi jin-jin setan lan sanesipun. Dipuncariyosaken bilih ingkang dados raja jin / siluman ing ngriku ingkang nami Dadungawuk.


Sultan Agung sampun nyiapaken bekal kangge nyerang Walanda ( V.O.C ) menyang Jakarta ingkang wekdal semanten dipunnamani Batavia. Sultan Agung ngutus Bupati Kleyangan ( samenika daerah subah ) ingkang nami Dipokusomo kangge nebang alas roban siluman kangge dipundadosaken sawah-sawah guna nyukupi kebutuhan pangan para prajurit ingkang badhe nyerang menyang Batavia. Nanging krana gangguan-gangguan saking para siluman ingkang manggon ing wana wau,kamangka para pekerja Bupati Kleyangan kathah ingkang sedo,lan penebangan wau boten kasil. Bupati Dipokusuma bingung, wonten laporan saking Mataram bilih piyambakipun boten sanggup nebang.
Tiyang punggawa kerajaan Mataram ingkang nami ki gedhe Cempaluk krana wonten salah kalian S.Agung mangka dipunpedhot saking jabatanipun lan piyambakipun kondur menyang Kesesi (sisih kidul pekalongan ).Ki Ageng Cempaluk sampun kathah dipunkenal dados tiyang ingkang sekti lan kathah ilmunipun.
Kelingan babagan mekaten lajeng Bupati Dipokusumo tindak menyang Kesesi kangge nyuwun bantuan kalian ki Ageng Cempaluk, kalian janji menawi piyambakipun saged nebang alas roban siluman wau, badhe dipunsuwunaken ngapura kalian S.Agung. Bingah manahipun ki Ageng, mangka dipunutuslah putranipun nem-neman kang sekti ingkang nami Joko Bahu kangge nglaksanakaken tugas wau.
Ananging Joko Bahu ngalami nasib kang sami kalian Bupati Kleyangan. Para pekerjanipun ugi kathah ingkang dipuntimpa malapetaka krana gangguan saking siluman. Bersemedilah Joko Bahu kangge mangerteni sebab musabab malapetaka kang nimpa anak buahipun. Mangka mbikaklah selubung misteri / rahasia kang nylimuti alas roban wau, lan ketingal dening piyambakipun bilih ingkang ngganggu anak buahipun wau inggih menikan siluman ingkang dipunpimpin Dadungawuk. Mangka kedadosan perang antarane Joko Bahu nglawan Dadungawuk sarta anak buahe. Dadungawuk lan anak buahe saged dipuntundhukaken lan tobat boten malih wantun ngganggu anak buahe Joko Bahu,kalian kalahe para siluman mangka nebang alas wau saged dipunlaksanakaken kanti lancer.
Penebangan dipunlaksanakaken saking arah wetan (kleyangan subah ) menyang kulon ngantos kali gedhe ( kali sambong / kali kramat ). Krana alas wau badhe dipundamel dados daerah persawahan mangka perlu dipunwontenaken pengairan. Lajeng dipundamel bendungan ing kali wau. Banyu mili menyang daerah-daerah alas kang sampun dipuntebang wau supados lemah wau saged lekas dipungarap kangge persawahan. Mangka piyambakipun cepet-cepet ndamel bendungan. Nanging rupane aliran kali wau boten tetep, kadhang arusipun lendhek, kadhang banter. Nanging tiba-tiba arus dados gedhe sahingga bendungan kang nembe dipundamel jebol. Joko Bahu nylidiki sebab-sebabe. Dipunngertosi dening piyambakipun bilih wonten nginggil kedung kali wonten watag (watag prahu ageng ) kang malang ing tengah kedung wau. Anak buahipun boten sanggup mindhahaken watag wau krana saking agenge,ugi mbetahaken watu ageng kangge mbendung.Mangka Joko Bahu nglakokaken tapa ing pinggir kali supados angsal kekiyatan gaib, supados saged nyingkiraken watag kang malang ing tengah kali wau,sarta angsal watu kang ageng ,lan wekdal semanten keleresan malem jumuah kliwon. Saking tekune olehe tapa mangka badhe fajar,bener-bener angsal watu ageng. Sasampunipun yakin bilih piyambakipun angsal keramat utawi kekiyatan gaib mangka piyambaakipun langsung tumuju menyaang panggonan watag kang malang wau. Watag kang waune ageng sanget saniki ketingal dados alit. Lajeng watag wau dipunjunjung lan dipuntugel dados kalih tanpa rekaos. Saking prastawa ngembat watag menikalah daerah menika dipunnamani “ Batang “ inggih menika saking tembung “ ngembat watang “ dados “ mbatang “ . Lajeng kali kangge panggenan Joko Bahu angsal kekiyatan gaib dipunnamani “ kali kramat “ krana Joko Bahu angsal kekiyatan gaib ing maalem jumuah kliwon, mila ing saben dinten jumuah kliwon kali wau dados tradisi “ kliwonan “ kathah dipunrawuhi tiyang-tiyang kangge mengeti dinten lan panggenan kramat wau.