Rabu, 18 Februari 2009

SIMBOK SIJABANG NYAWA

Dening Yoni Ahmad

Getih kemucur tanpa kaukur

Jerite rosa pating jlerit

Nanging awakmu kuwat tanpa sambat

Paring nyawa saka jerone garba

Kanthi welas lan asih

Kok rumat si jabang nyawa

Sanajan kok sekarat kaya ngapa

Awakmu tetep kuwat

Sanajan kok sengsara kaya ngapa

Kok sangga kanthi lela legawa

Welasmu kaajab ora sia-sia

Pandongamu si jabang nyawa bisa miguna

Welasmu ora ketung iwak segara

Ora bisa winales kanthi apa

Welasmu lela legawa

Tresnamu simbok si jabang nyawa

LINTANG PESISIR

Dening Yoni Ahmad

Suminar ing sisih lor

Kelap-kelip ngendhahi suwasana

Sesarengan kelap-kelipe banyu segara

Lerap-lerap cemorong suminar lintang ing segara

Ombak-ombak cilik tumapak ing pasir

Sansaya wengi sansaya banter

Angina kang tumeka saka lor

Mendhung putih katon lumaku

Nyisiri lelintangan wengi

Nanging lintang tetep pancer

Ana ing titik papan panggonane

Ora owah mensthi naming sekedhik

Si lintang tetep pancer lan nyuminar

Lintang pesisir ora bisa minggir

Endhahe ora bakal sumingkir

BALADA SITI

Dening Yoni Ahmad

Langit-langit,

Dak sawang rupamu wis ora biru

Ora dak temoni maneg rembulane

Ora dak temoni maneh mendhung putih

Mung ana gambar

Gambar Siti bocah wingi

Bocah manis saka kulon

Sing ketemu nalika semana

Ing langit sliramu katon elok

Tak coba ngranggeh tanganmu

Nanging tangan iki ora saguh

Sliramu ucul lan adoh nyumingkir

Sliramu ilang digondhol langit

Kanyata langit-langit kuwi,

Langit-langit kamar

Jebul kabeh mung ana ing lamun

Siti, bocah sing wingi

Ngarep mburi jenengmu tak dadi siji

Siti…

TUNGGAL ATI

Dening Yoni Ahmad

Sedalu iki nganti jam telu wengi

Aku tansah bingung sejatine diri

Tak coba takon marang wengi

Rasa iki orabisa uwal saka jeroning ati

Bilih wengi iki teka kepati

Rasa iki kalangkung santer olehe mili

Ati iki dak rasa ilang siji

Dak cekel, dak iling-ilingi

Ati iki ora bakal ayem

Ati iki ora bakal jenjem

Nek during entuk jampi

Saka ati kang sijine kuwi

Pengen dak goleki,

Tekan ngendi bakal dak parani

Sigaring ati sing bakal nyawiji

Kanyata wengi ora bisa nyumauri

Nanging bakal dak luru

Ora nate leren sakdurunge ketemu

Sisihane ati ing kene iki

Amarga ati iki

Tunggal ati

GEGER

Dening Yoni Ahmad

Geger, geger…

Ana sing gawe geger

Ndonya wis kebak manungsa

Ndonya wis kebak dosa

Ndonya wis kebak mala

Ning desa ana manungsa, geger

Ning kutha ana manungsa, geger

Ning ngendi ana manungsa, geger

Geger, geger…

Ayo padha sumingkir

Ana sing gawe geger

Ana sing seneng gawe geger

Ana manungsa gawe geger

Sapa manungsa sing gawe geger?

Sapa sing gawe geger manungsa?

Sing manungsa gawe geger sapa?

Geger, geger…

TANPA RUPA ORA PERCAYA

Dening Yoni Ahmad

Ana sawijining uwong takon:

Kenangapa kowe percaya anane gusti pangeran

Wong kowe during nate kepanggih

Kenangapankowe percaya akherat

Wong ora tau ana sing piknik saka akherat

Kenangapa kowe percaya malekat

Wong ora tau ana sing rapat karo malekat

Satunggale uwong maneh mangsuli:

Kenangapa kowe percaya anane angina

Wong kowe ora ngerti wujude

Kenangapa kowe percaya bisa urip nganti ngesuk

Wong kowe ora ngerti sing nggawe kowe urip

Kenangapa kowe bisa percaya kowe nduwe ati

Wong kowe during ngerti asli wujude

Aku ora bisa ndeleng ana uteg ning bathukmu

Apa aku kudu percaya nek kowe nduwe uteg?

Ora katon ora ateges ora ana…

AJA KALAH

Dening Yoni Ahmad

Saben esuk sikil lumaku tanpa sayah

Tak mantepke sanajan rada wegah

Kepengen ketemu dalan sing nggenah

Supayane pikantuk rahmat lan hidayah

Golek ilmu rina wengi tanpa wayah

Sawijining dina ning bangku kuliah

Bali-bali pikantuk tugas mberah

Sirah mumet kaya arep pecah

Pancen ati iki during kegugah

Ora digarap tugas bakal ditambah

Sirahku pengen tak bedhah

Aku uwis kalah,

Nanging aku eling ngendikane simbah

Ura usah digawe susah

Sanajan gaweyane salah

Sing penting ora dadi kaprah

Saiki aku wis bisa bungah

Saiki atiku wis sumringah

SUWARA TANPA RUPA

Dening Yoni Ahmad

Suwara-suwara padha nyuwaa

Suwara-suwara padha golek suwara

Ukara-ukara wiwit katata

Ukara-ukara kangge golek suwara

Suwara sumebar ing sadhengah kutha

Rupa kang digoleki dening suwara

Suwara mbutuhake rupa

Suwara tanpa rupa

Ora ana suwara

Rupa tanpa suwara

Ugi ora ana suwara

Suwara-suwara sing butuh suwara

Saikine suwara

Ana suwara tanpa rupa

BANYU GENI

Dening Yoni Ahmad

Suwaramu kaya dene laras sinenkuyung dening gamelan

Netramu ngalahi beninge banyu murni

Tumindakmu ora ngalahi tirta kahuripan

Ibarate banyu udan,

Awakmu nguripi saperangan tetanduran

Luwese awakmu nalika gambyong

Kaya gegodhongan ing ngarep taman

Kang nari kapiyak sumribite bayu

Kaya wangine melathi nalika mekar

Awakmu paring sengsem kaliyan liyan

Sanajan aku kaku kaya dene watu

Lindes saperangan sing diliwati

Naming bisa gawe cilaka

Pamanggihku atos ngungkuli waja

Ora tedhas digada, ora tedas dipilara

Atiku panas kaya geni trengginas

Mangan apa wae tanpa tilas,

Banyu lan geni ora bisa nyawiji

NALIKA PETENG

Dening Yoni Ahmad

Langit wengi iki sansaya peteng

Pandeleng ing netra ugi sansaya peteng

Sikil tumapak tanpa ngerti apa kang kapecak

Lumampahan tanpa ngerti apa kan kecandhak

Remeng-remeng ora ngerti apa sing dideleng

Theleng-theleng ora ngerti apa sing cinepeng

Suwara emprit, suwara prenjak, suwara jangkrik

Tansah keprungu nanging ora nate katon

Tanpa anane cahya kang nyuminari

Ora kaya nalika padhang rembulane

Langit wengi iki sansaya peteng

Pandeleng ing netra ugi sansaya peteng

Ora bisa lumaku kanthi kepenak

Ora bisa ndeleng sanajan ana ing cedhak

Remeng-remeng nanging angel dideleng

Theleng-theleng nanging angel cinepeng

Suwaramu kang ginawa angina

Tansah keprungu nanging uga pengen katon

Aku butuh cahya kang nyuminari

Aku pengen kaya nalika padhang rembulane

Langit wengi iki sansaya peteng

Pandeleng ing netra ugi sansaya peteng


Nalika Rodhane Muter

Atis hawa angin sing sumilir ing ngarep omah nggawe awakku dadi rada mriyang. Wis jam lima sore aku isih thenguk-thenguk ngalamun ngelingi nasibku sing apes kaya ngene. Kawit winginane aku kena cilaka ditabrak mobil pick-up nalika bali saka pasar. Kaya-kaya apes iki ora ana enteke. Aku wis ora bisa makarya maneh kala wingi, wis ora bisa maneh kerja ning pabrik rokok. Ora bisa mbantu-mbantu uwong tuwa maneh, mung dhasare lulusan SMA ora nduwe ketrampilan apa-apa. Aja maneh mlaku ning pabrik sing adohe telung kilo, mlaku ning ngarep omah wae ora bisa. Saikine aku mung bisa linggih anteng ning kursi rodha iki. Kanca-kanca padha ilang amarga sikil iki, pegaweyan ilang, rejeki ilang, mung kari kersi iki sing ngancani aku sawayah-wayah.

Wiwitane ndhisik aku rasane pengen nangis wae, tinimbang saikine uripmung dadi sampahe ndonya. Aku dadi wong wis ora ana gunane. Tangis iki kerep ora bisa tak empet rasane ati iki ora saguh nampa ujian kaya ngene. Mung siji sing isih nggawe aku semangat pengen urip, Heri tukang ojek ning pojokan pasar kae lungit olehe tresna karo aku. Kawit biyen aku sehat nganti saikine aku ora bisa mlaku. Sanajan ngono wong kuwi tetep bisa nampa aku apa anane.

“Eka, magrib-magrib kok isih thenguk-thenguk ning ngarep omah?” suwarane Heri ngagetke aku sing lagi ngalamun.

“Oh,wis magrib to?” jawabku kaget.

“Ngalamun apa to ka? Wong aku ning kene ya mbok ngalamunke!”

“Ih pede, ngalamun kowe medhing turu!”

“Piye mas, wis bar olehe narik?”

“Iya Ka, lha wong sepi ora ana langganan! Wah,nek ngene terus bakal cotho ki!”

“Lha piye mas, nasib!”

“Aku arep usaha wae dik, aku arep ngedegke konter wae. Ning kene kan durung ana kamangka sing butuh akeh!”

“Iya, usaha apa wae tetep tak dhukung mas!”

Janjane aku seneng banget bisa sesambungan karo Mas Heri, wonge apik atine lan sabar. Nek saka pasuryane ya lumayan manis, sanajan rada ireng. Namung wong siji kuwi sing bisa nggawe aku seneng lan mung wong siji kuwi sing tak tresnani.

Nanging sing nggawe aku ora kuwat lan sing nggawe aku pengen ngeculake Mas Heri amarga uwong tuwane ora setuju Mas Heri sesambungan karo aku, sebabe aku iki mung wong wadon sing cacat. Aku ora sampurna kaya dene wong liyane, aku ora bisa mlaku, aku jempor. Najan ngono Mas Heri tetep kenceng wae niate olehe sesambungan karo pitik likaten kaya aku iki. Aku gumun karo uwong siji iki, aku ora ngerti apa sing ditresnani wong siji iki saka aku. Aku ora tega, aku ngumbarke mas Heri dadi anak sing durhaka marang wong tuwane. Aku ajrih, nanging kuwi kekarepane mas Heri lan akuuga ora bisa ngapusi atiku nek aku iki uga tresna karo dhewekke.

“Dhik Eka, aku pengen srius ngomong karo kowe!” pitakonane mas Heri.

“Srius masalah apa to mas?”

“Aku pengen srius olehku sesambungan karo awakmu, aku pengen nyandhing awakmu, aku pengen nglamar kowe!”

“Apa mas?”

“Iya dhik, aku pengen nikah karo kowe!”

“Janjane aku ya pengen banget bisa nikah karo kowe, nanging bapak ibumu ora bisa nampa aku. Aku ciri mas, aku cacat, aku ora pantes kanggo awakmu!”

“Aku ora nggagas omongane wong tuwaku, wong tuwaku mung mikirke awake dhewe ora bisa nyenengake anake!”

“Nanging kuwi wong tuwamu mas!”

“Ah prek, suk bakale padha ngerti nek anake bisa seneng!”

“Aku wis njelaske model apa wae, nanging tetep ora digatek!”

“Nanging Mas…,”

“Dhik, kowe tresna aku ra?”

“Kenapa mas takon kuwi? Mas ngerti jawabane dhewe to?”

“Dhik, nek pancen kowe tresna karo aku tulung aku didhukung. Kanthi kowe ngomong kaya ngono mau nggawe aku dadi lemes, ora bregas anggonku nindakake niyatku. Ngendhoke niyatku sing wis manteb!”

“Iya mas, aku ora pengen kelangan kowe. Aku tresna kowe!”

Ora krasa eluh tumetes ing pipiku, ku bingung. Nek aku sarujuk karo mas Heru artine aku mungsuhi pak Salim karo bojone sing dadi wong tuwane mas Heru ananging aku uga ora pengen kelangan wong sing tak tresnani. Bapak ibukku uga setengah ati anggone nyarujuki niyatku karo mas Heru. Aku mung bisa nangis semendhe biyungku sing padha nangise. Dheweke kereb crita ora tega ndelenge kahananku sing kaya ngene. Rumangsa gela ora bisa nulungi anakke sing paling cilik dhewe, sing kakang mbakyune wis padha nduwe kluwarga dhewe-dhewe mung kari anakke siji iki sing isih melu wong tuwane.

Wis kereb banget mas Heri ngrayu-ngrayu njelaske marang wong tuwane nek dhewekke kepengen banget sesandhingan karo Eka Wahyuni Setyoningrum putrine bapak Rukin. Nanging piye maneh pancen aku sing salah, aku ora ati-ati ngantu aku ditabrak mobil. Aku ora bisa ngarep akeh aku bisa dadi sisihane bocah lanang sing tak tresnani kae. Nanging aku uga pengen ngrasakake apa sing dirsake uwong umume, aku pengen ngrasake apa sing diarani tresna, sing jarene wong-wong bisa nggawe suwarga.

“Ndhuk, sing sabar ya. Perkawis kaya ngapa wae mesthi ana dalane!” celathune ibu ngeneng aku.

“Iya bu, nanging aku isih mamang aku bisa ngliwati iki!” wangsulku.

“Wis ora susah dipikir, dilakoni wae. Mesthi ana dalan!”

Amarga perkawis kuwi aku disengiti kluwargane mas Heru, apa maneh ibune mas Heru sing tansah sinis nek pepanggihan karo aku sing biasane liwat ngarep omaku. Pancen dhasare watake kaya ngono gawan lair, kaya sesakit nurun. Nek pak Salim dhewe asline mung manut karo kekarepane anake, mung merga digetak karo bojone sing kaya mak lampir kuwi dadi ora bisa ngapa-ngapa.

Sewengi aku tansah kepikiran iki terus, aku ora bisa turu. Aku mesake mas heru nek nganti didukani ibune malah-malah nek ditundhung minggat. Ning njaba omah mung katon kelap-kelipe claret lan keprungu suwara gludhug jeglar-jegler pratandha arep udan. Kaya-kaya langit ngerti wae kahanan atiku saiki. Titik-titik suwara udan keprungu saka ndhuwur gendheng. Wis jangkep olehku krasa sedih ora bisa tak empet, aku nangis sewengi nangi aku keturu kira-kira jam telu pajar. Rumangsaku kuwi mas Heru ning omahe lagi padu karo ibune amarga ora diparingi pangestu anggone niat sesandhingan karo aku.

“Ora Her, ora bisa!” ngendikane bu Salim.

“Aku tresna bu karo Eka!” jawabe mas Heri.

“Kuwi bocah cacat, jempor ora pates kanggo kowe!”

“Aku ora peduli, mung bocah kuwi sing bisa nggawe aku seneng!”

“Aku tetep ora setuju, aku ora lela Her!”

Wayah kuwi cara kaya ngapa uwis dilakoni mas Heri kanggo nyakinke ibune nek mas Heri wis bener-bener mateb karo pilihane. Aku wis bisa ngrasake kepriye rasa gethinge bu Salim karo kluwargaku saiki. Esuk umun-umunu Salim wis teka emperan omahu, ora ngerti apa sing dikarepke wong kuwi.

“Bu Rukin…, bu Rukin Metu!” sentake bu Salim.

“Bu Rukin tulung omongke anakmu aja maneh-maneh sesambungan karo anakku. Wong jempor kuwi ora pantes kanggo anakku!” tambahe.

Nalika kuwi aku sing metu saka jero.

“Wonten apa bu Salim?” takonku.

“Ooo…kowe, kleresan. Tulung ya wiwit saiki kowe aja cerak-cerak maneh karo anakku. Kowe ora pantes kanggo anakku, kowe bakal ngrusak masa depane anakku!”

“Aku ora bisa bu!”

“Kudu bisa!”

“Aku tresna mas Heri bu!”

“Alah, pretttt. Janjane kowe butuh apa saka anakku? Dhuwit, bandha, ngomongo!”

“Aku mung pengen bisa urip karo mas Heri!”

“Kowe kudu ngadohi anakku apa kowe bakal nampa akibate dhewe!”

Bu salim ngancam aku banjur ninggalke aku ning ngarrep emper karo eluh sing isih teles ning pipiku. Aku ora nyangka bu Salim bia dadi kaya ngono, kamangka biyene nggenah nek karo aku. Naming gara-gara sikilku sing lumpuh iki wong wadon kuwi bisa dadi kaya cakil kelangan udele.

Sakrampunge kuwi langsung wae nemoni anakke sing nembe mangan ning pawon. Mas Heri diseneni entek-entekan, wis ora entuk ngojek maneh wong anakke priyayi sugih kok seneng dadi tukang ojek. Wis ora entuk ketemu maneh karo aku. Nanging mas Heri ora bisa trima, mas Heri malesi omongane ibune. Nanging ibune tetep ngeyel, wong loro padha eyel-eyelan.

“Her, saikine kowe milih aku ibumu apa bocah jempor kuwi!”

“Bu…”

“Milih sapa?”

Bu salim nggetak karo tangan tengene nyangking peso saka ndhuwur meja.

“Bu, aja bu!”

“Milih sapa?”

“Bu, aja!”

Wong loro padha oyok-oyokan peso. Wong loro padha keker olehe nyekel peso. Ora dinyana klendran, peso lena nyanthol ning dhadhane mas Heru.

“Mas Heru…………….!” Bengokku banter.

Mripatku melek sing katon mung ndhuwuran kamarku. Aku isih krungu suwara kemritik udan ning ndhuwur gendheng, jebulnkabeh mau mung ngimpi. Kabeh mau ora nyata, mung ning njerone impenku. Menawa wae amarga rassa kuwatirku karo mas Heru, kuwatir nek kedaden apa-apa sing elek karo wonge. Aku wedi, aku ajrih, aku ora lela nek nganti kelangan mas heri. Siji-sijine wong lanang sing nduweni lungiting tresna karo awakku lan siji-sijine wong sing tak tresnani.

Esuk aku keprungu kabar nek bu Salim sewengi lagi wae tiba saka saka andha lante loro omahe. Sikil kiwane poklek, lan saikine nembe digawa ning Rumah Sakit. Aku ora bisa nglakoni apa-apa, aku ora bisa sowan niliki bu Salim amarga kahananku sing kaya ngene. Aku mung bisa ning omah karo jaga warunge ibu ngenteni ibune mas Heri bali saka rumah sakit. Ning warung makan ibu ki aku tansah kepikiran kluwargane mas Heri. Aku mikirke kahanane bu Salim sing jarene tiba nggludhung saka andha lan sikile kegencet lemari. Kabare sikile mati siji ora bisa nggo mlaku, nanging aku durung ngerti kahanane dhewe. Jajane aku pengen nanging aku ora bisa. Kala wingi wae aku wis diancam kaya ngono, aku ora wani. Aku krungu saka lik Parmin jarene wonge ning kana nangis wae karo nyeluk-nyeluk jenengku. Aku ora ngerti apa sebabe, apa wong kuwi ngutuk aku apa mbuh aku ora ngerti. Apa wong kuwi sadhar bisa ngrasakke apa sing dak rasakke saiki. Wengine mas Herimara ning omahku kepengen ngajak aku manggihi ibune sing lagi lara ning Rumah Sakit.

“Aku wedi mas!” jawabku.

“Ora apa-apa dhik!” aleme mas Heri.

“Aku ora wani!”

“Ibu pengen ketemu kowe dhik…,”

“lhoh…,” aku bingung.

“iya, sesuk jam wolu tak pethuk ya?”

Esuk kuwi aku karo mas heri mangkat ning rumah sakit numpak mobile pak Salim, bapake mas Heri. Ning sajrone mobil aku mung tansah tratapan atiku ndredheg, rasanwedi ora karuan ngebaki pikiranku. Aku mung bisa merem ora bisa mbayangke apa sing bakal dilakoni bu Salim karo awakku. Tekan rumah sakit aku dijurung mas Heri nganggo kursi rodhaku tumuju kamar oprasi nomer sewelas.

Ning njero kamar wis ana Pak Salim, Fajar adhine mas Heri nomer loro, karo lik Herman adhine pak Salim.

“Reneya ndhuk!”

“Nggih Bu!” jawabku.

Aku disurung mas Heri menyang dipan wesi nggone bu Salim turon.

“Aku njaluk ngapura ya ndhuk, aku mung mikirke awakku dhewe ora bisa nyenengke anakku!”

“Iya bu, sampun tak ngapura. Lha ibu pripun kahanane saiki?”

“Iki mung keteliyer patah sithik, jare dhokter sewulan wis mari. Ndhuk saiki aku kaya ngene, aku ora bisa ngrasakke nek saumpama aku dudu kowe. Aku nduwe niyat kanggo nambakke kowe ndhuk!”

“Tapi bu…,”

“Wis, ora apa-apa!”

***

KONDOM BOCOR

Peteng ndhedhet ora ana rembulan sing nyuminari wengi kuwi, nanging isih ana bocah loro sing gluthak-gluthuk. Jam sewelas bengi Anton karo Yuni isih saba kontrakan. Listrik kawit jam wolu bengi padham urung nganti mempan. Hawane atis karana bubar udan, ditambah sumilire angin tansah ngelus rasa. Cah loro kang nandhang rasa asih kuwi isih tongkrong neng ngarep teras kontrakan sinambi ngenteni mempane listrik. Neng njaba ya padha wae, sing wedhok ora bakal katon ayune lan sing lanang ya ora bakal katon ngganthenge. Sing katon mung butheg, ireng, mripate sing melek merem kuwi karo untune nek sawayah-wayah mringis.

Mung dhasare kontrakane neng nggon pojokan, neng kiwa tengene mung ana wit-witan. Tetes-tumetese banyu nganti dadi kembengan neng nggon lemah-lemah sing ledhok. Pancen ganti musim cuwacane ora tentu, angine ya akeh tur banter.

“Mas, atis !” Yuni miwiti celathu

“Iya, nanging piye maneh neng njero ya peteng !” Anton mangsuli.

“Nanging hawane atis banget Mas !”

“Ya wis ki jaketku enggonen !”

Saya bengi hawane saya atis. Nganti ngancik jam rolas listrike durung mempan. Kanca-kanca kontrakane anton uga padha durung balik saka malem mingguwan. Sajake cah nom-noman saiki nek kluyuran ora eling karo wektu. Nek wis ngrasakke enake lali karo sing ana neng kiwa tengene.

“Mas, hawane kok tambah atis ! Aku ora kuwat mas !” omonge Yuni.

“Piye ya dik ? Neng njero wae apa piye?”

“Iya mas, iya !”

“Mrene tak tuntun…, ati-ati lho mlakune ! peteng !”

Wong loro tangane padha gratilan nyekel-nyekel apa sing ana neng ngarepe kareben ora nabrak-nabrak. Thimak-thimik mlakune kaya simbah-simbah. Kebiasaan kontrakane bocah lanang, barang-barang pating slengkrah neng sembarang panggonan. Klambi-klambi isih ana neng kursi, CD-CD nganti nyasar tekan ngarep tipi.

“Aduh mas…”

“Ana apa dik? Kowe neng endi, aja adoh adoh !”

“Sirahku kejedhuk lawang, lara mas ! Mrene to ya…!”

“Iya, iya, tak susul mrono !

Ora dinyana, arep nyusul malah sikile kesandhung kusen lawang. Pancen peteng ndhedhet hawane gawe ati nggondhuk. Neng mripat remeng-remeng, pandhelenge ora jelas lumakune dadi kaya uwong illang mripate. Ora sengaja Anton tibane nabrak Yuni.

“Gedabruk…!”

“Aduduh..aduh mas !”

“Apa dik, apamu sing lara ?”

“Janggutku kena sikutmu mas..”

“Endi coba tak eluse ! Lho dik kok rasane beda”

“Mas, kuwi dudu janggutku !”

Sak nalika kuwi ngepasi listrike urip, lampu mempan mak byar. Anton kaget jebule sing didemek lan dielus kuwi dudu janggute. Wong lorone padha-padha isin. Nanging ora digagas, ethok-ethok kaya ora ana apa-apa wong loro padha mlaku maneh menyang kamar. Siji kanthi siji wong lanang wadon lumampah mecaki dalan mlebu kamar. Kahanan wis krasa dalu banget Anton langsung nyandhak slimut neng lemari.

“Dik, aku turu sik ya?”

“Iya, o ya mas takon. Ki ana barang apa to, kok bentuke apik, kaya karet?”

“Ora usah digagas kuwi dhuweke Coro !”

“Ooo…, ya wis ! Tak kira wadhah eskrim, bentuke kaya lolipop !”

Ora antara suwe Bocah lanang ora pati dhuwur nanging awake keker kuwi langsung tepar. Cangkeme mangap limangsenti, nek danganan pacul mesthi klebune apa maneh nek ana kungkong liwat, sido diuyuhi.

Mung keprungu suwara banyu kalen sing kemucur nggondhol rerusuhan sing wis suwe manggok. Ceblang-ceblong kodhok kaya bakul siomay. Ambu lemah sing kena banyu udan ngatonke aroma alami hawa sepi. Yuni isih nonton film neng komputer karo ngemil. Ora sengaja kebukak file film tiiiiittt. Yuni nonton nganti tamat limang judul.

“Mas..,mas, ayo tangi !”

“Ana apa to dik ?”

“Aku dibaturi nonton film, nek dhewekan ora enak !”

“Ya wis,film apa to?”

“Ki lagi tak setel !”

Ora nyana wong loro padha asyik olehe nonton film mau. Pancen lenane manungsa, wong loro kuwi ora bisa ngempet pangrasane. Kanthi ilmu saka film mau bocah loro mau tanpa teori langsung praktek. Kira-kira ana telung SKS wong loro mau sibuk olehe praktek. Bareng oleh limang rondhe wong loro padha tepar nganti esuk.

Padhang langite suryane wis katon neng wetan mencorong abang, kaya mripate wong kang lagi tangi turu. Kembengan-kembengan banyu katon beneng, kabihe dienggo gopak bebek dadi butheg. Kanthi mripat kang isih anteb Yuni nyoba ngedegake awake, nyandhak klambi sing diselehake neng pinggir kasur. Yuni linggih neng pinggiran dipan kasur mikirke apa sing dilakoni ndek bengi. Neng Sisihe isih ana Anton isih tepar ketutupan slimut sing gambare kembang-kembang lan cangkeme isih tetep mengo.

Yuni neng njero atine tokan-takon apa sing dilakoni ndek bengi kuwi salah. Dheweke ora ngira nek bakalan bisa kadadeyan kanga mangkono. Nanging bocah wadon kanthi rambut dawa lurus ireng tur kandel kuwi uwis ngrasakake seneng. Ngrasakake apa kang ora tau dirasakake sakurunge. Rasa gela campur seneng kemebul muleng neng njero dadane.

“Aku…,”

“Aku…,”

“Aku wis ora prawan !”

“Aku wis ora suci maneh !”

Ora let sedhela eluh mili saka mripate sing beneng kuwi, dleweran neng pipi nganti tumetes neng klambine. Bocah wadon kuwi nangis njeguguk dhewekan. Dheweke ora bisa ngira apa sing bakal kadadeyan nek nganti uwong tuwane ngerti. Dheweke eling nalika embokne mbeteti pitik, diodhet-odhet ususe, disuwek dhadane, dirogoh butrune. Dheweke kuwatir nek nasibe bakal kaya pitik kuwi.

Cah wadon kuwi nangis kawit jam nem nganti jam sanga, nanging sing lanang tetep durung tangi. Ngancik jam sepuluh Anton lagi njenggelek. Ngerti neng sisihe ana Yuni sing lagi nangis mingseg-mingseg.

“Dhik, kenapa nangis ?” takone Anton

“Mas, aku…aku wis ora suci maneh !” Yuni mangsuli.

“Ora perlu nangis dhik, aku bakal tanggung jawab nek kowe nganti meteng! Tak golekke dukun pengguguran !”

“Haa…apa mas !”

“Guyon…, aku bakal nikahi kowe kok dhik ! Masa gelem enake ora gelem anake !”

“Matur nuwun Mas !”

“Nanging enak to dhik ?”

“Iya mas !”

Dina ganti dina dilakoni, ora ngira wis telung sasi wis diliwati. Bocah loro mau wis rong sasi ora ketemu amarga padha-padha lagi Kuliah Kerja Nyata (KKN). Rasa kangene wis ora kebendhung maneh, kaya wong kakehan mangan sambel sing pedhes banget kebelet pengin neng WC. Wong loro kuwi ketemu neng kontrakane Anton. Nanging sajake ana kabar elek sing digawa. Raine Yuni mrengut, njengkerut, kecut.

“Mas, Ngerti ra?” Yuni nyentak.

“Apa to, mbok sing sabar to !”

“Sabar piye, ki lho ana kadadeyan !”

“Kadadeyan apa, ngomong sing jelas to ya !”

“Aku telat telung sasi…!”

“Apa ?”

“Iya mas, aku meteng !”

“Aku wingi lali nganggo barange Coro, dadi ya bocor dhik !”

“Ya wis dhik ora apa-apa, pancen wis salahe dhewe kudu siyap nanggung apa wae sing bakal kedaden. Aku bakal Nikahi kowe dhik !”

“Tenan lho mas…!”

“Iya, saiki kan wis kadung kelakon. Ayo dilakoni maneh. Mumpung durung entuk anake ayo padha golek enake.

***

PRIMBON JAWA

NEPTUNING DINA

NEPTUNING PASARAN

Ahad = 5

Legi = 5

Senen = 4

Pahing = 9

Selasa = 3

P o n = 7

Rabu = 7

Wage = 4

Kemis = 8

Kliwon = 8

Jum’at = 6

Sabtu = 9

DINA KALAHIRAN SARTA PANGURIPANE

Minangka pinuju kalairanipun kapendhet saking gunggungipun neptu dinten lan pasaran, lajeng dipun wuwuhi kalawan neptunipun sasi :

Muharram

neptunipun setunggal

Rajab

neptunipun tiga

Shafar

neptunipun tiga

Sya’ban

neptunipun gangsal

Rabi’ulawal

neptunipun sekawan

Ramadhan

neptunipun enem

Rabi’ulakhir

neptunipun enem

Syawal

neptunipun setunggal

Jumadi’lawal

neptunipun pitu

Zulkaidah

neptunipun kalih

Jumadi’lakhir

neptunipun kalih

Zulhijjah

neptunipun sekawan

Kapendhet saking neptunipun sasi kalairan, Sakmenika gunggungipun wau menawi langkung saking 10, lajeng ditilar 9, pinten sisanipun. Menawi sisa :

  • 2 utawi 6, menika wiji Lor, kang dados panguripanipun dagang, sanadyan kalih liya-liyanipun sampun benten kaliyan dagang.
  • 3 utawi 5, menika wiji kilen, panguripanipun laku Santri, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan saking laku Santri.
  • 1 utawi 4, menika wiji Wetan, panguripanipun lakui priyayi, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan saking laku Priyayi.
  • 7 utawi 8, menika wiji Kidul, panguripanipun among tani, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan among tani.
  • 9, menika dipun wastani : tanpa tenggak tanpa siran, inggih menika wiji Raja, watakipun boten kenging dipun perintah, malah mrentah.

PETUNG PANCA SUDA


WATAKING MANUNGSA SAKA DINA KALAIRANE

Dina Ahad

  • Legi : Sumur Sinaba
  • Paing : Wasesa Sagara
  • Pon : Bumi Kapethak
  • Wage : Satria Wibawa
  • Kliwon : Lebu Katiyub Angin

Dina Kemis

  • Legi : Satria Wibawa
  • Paing : Lebu Katiyup Angin
  • Pon : Satria Wibawa
  • Wage : Tunggak Semi
  • Kliwon : Bumi Kapethak

Dina Senen

  • Legi : Tunggak Semi
  • Paing : Wasesa Sagara
  • Pon : Sumur Sinaba
  • Wage : Wasesa Sagara
  • Kliwon : Satria Wirang

Dina Jum’at

  • Legi : Satria Wirang
  • Paing : Tunggak Semi
  • Pon : Lebu katiyup Anging
  • Wage : Sumur Sinaba
  • Kliwon : Wasesa Sagara

Dina Selasa

  • Legi : Wasesa Segara
  • Paing : Satria Wirang
  • Pon : Satria Wibawa
  • Wage : Lebu Katiyub Angin
  • Kliwon : Sumur Sinaba

Dina Sabtu

  • Legi : Bumi Kapethak
  • Paing : Satria Wibawa
  • Pon : Wasesa Sagara
  • Wage : Satria Wirang
  • Kliwon : Tunggak Semi

Dina Rebo

  • Legi : Sumur Sinaba
  • Paing : Wasesa Segara
  • Pon : Bumi Kapethak
  • Wage : Satria Wibawa
  • Kliwon : Lebu Katiyub Angin

*Nyuwun gunging pangaksami bilih wonten ngandhap punika mawi Basa Jawi ngoko.

PETUNG PANCASUDA

Kangge nikahake temanten.

Ing ngisor iki petungan ala beciking dina kang prayoga kapilih utawa sinirik lamun arep nikahake panganten, miliha dina kang becik kanggo nikahan. Anjupuka neptuning dina lan neptuning pasaran ginunggung, ananging neptu-neptu mau kudu awewaton neptu-neptu kang kang tumrap petungan Pancasuda-Ringkes, yakuwi:

NEPTUNING DINA

NEPTUNING PASARAN

Ahad

neptune 3

Legi

neptune 2

Senen

neptune 4

Pahing

neptune 3

Selasa

neptune 5

P o n

neptune 4

Rabu

neptune 6

Wage

neptune 5

Kemis

neptune 7

Kliwon

neptune 1

Jumat

neptune 1

Sabtu

neptune 2

Lamun gunggungan saka neptuning dina lan neptuning pasaran mau tinemu wilangan :

  • 7, iku tiba petungan : Nuju Padu, watake panganten utawa wong tuwane tansah tukar padu nganti salawase .
  • 2 utawa 8, iku petungan : Demang Kandhuruhan, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu lara.
  • 3 utawa 9, iku petungan : Sanggar Waringin, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu bungah lan seneng.
  • 4 utawa 10, iku petungan : Mantri Sinaroja, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu karaharjan lan kasenengan.
  • 5 utawa 11, iku petungan : Menjangan Ketawan, watake panganten utawa wong tuwane sok kelangan utawa wong akeh sok ana kang duwe niat ala marang dheweke.
  • 6 utawa 12, iku petungan : Nuju Pati, watake panganten ora suwe, bakal pegat mati utawa pegat urip, tur akeh kasusahan kang tinemu.

SEJARAH DINTEN PEKENAN WULAN TAUNPAWUKON SA’AT TUWIN WINDU

Kanjeng Nabi Idris saweg jumeneng Nata wonten ing nagari Malebari, punika karsa angleluri, anulad amastani dinten. Semanten etanging taun surya 1020 taun awit saking Kanjeng Nabi Adam. Ing ngandhap punika pratelanipun dinten Samsu, Kammar, Marih, ‘Atarit, Mustari, Johar lan Jokal Punika panganggitipun dinten ingkang kaping sepisan.

Nomer kekalih Kanjeng Nabi Idris, saweg jumeneng Nata wonten nagari ing Babel, lajeng Kanjeng Sultan Harmasulhakim, karsa anganggit amastani adamel dinten malih, anuju ing taun surya 1028. Ing ngandhap punika pratelanipun dinten Awal, Ahwal, Dibar, Jibari, Munisa, ‘Arobah lan Sayar. Punika panganggitipun dinten ingkang kaping kalih.

Ing ngandhap punika etangan warsa:

  • Kamal
  • Sur
  • Joja
  • Sirtan
  • ‘Asat
  • Sunbullah
  • Mijan
  • ‘Akrab
  • Kus
  • Jadi
  • Dalwi
  • Kut

Wonten ing P. Jawa ingkang jumeneng Nata Sri Maha Raja Buddhawaka, negari ing Gilingwesi, anenulad anganggit dinten, ingakng setunggal dinten 5, kekalih dinten 7, tetiga wanci 5 dipun wastani sa’at, sakawan masa, panganggitipun Resi Raddhi sakawan wau sinangkalan : Masa angler manglar (taun 296)

Dinten 5

  • Legi
  • Paing
  • Pon
  • Wage
  • Kliwon

Dinten 7

  • Radite
  • Soma
  • Anggara
  • Buddha
  • Respati
  • Sukra
  • Saniscara

Wanci 5 kawastanan sa’at

  • Maheswara
  • Bisnu
  • Brahma
  • Sri
  • Kala

Masa 12:

  • Kartika
  • Pusa
  • Manggasri
  • Sitra
  • Manggakala
  • Naya
  • Palguna
  • Wisaka
  • Jita
  • Srawana
  • Padrawana
  • Asuji

Jumeneng Ratu Rama ing Ayodya, Kraton binathara, ambawahaken tanah Hindhu sadaya, pujangga tetiga, sami anganggit lambang piyambak-piyambak, dipun wastani windu, panganggitipun windu, empu tetiga wau, sinangkalan : Rasa warna suci (446)

Windu anggitanipun Resi Walmiki:

  • Windu Adi
  • Windu Sancaya
  • Windu Kunthara
  • Windu Sangara
  • Windu Kawanda
  • Windu Wahana
  • Windu Sangkaya
  • Windu Pranila
  • Windu Tirta
  • Windu Antara
  • Windu Manggada
  • Windu Murka

Windu anggitanipun Resi Wisakarma :

  • Windu Kawanda
  • Windu Wahana
  • Windu Sangkara
  • Windu Pranila
  • Windu Tirta
  • Windu Tirta
  • Windu Manggada
  • Windu Murka

Windu anggitanipun Resi Wasusarma

  • Windu Kararti
  • Windu Kara
  • Windu Setra
  • Windu Karta
  • Windu Praniti
  • Windu Pranila

Kanjeng Nabi Muhammad S.a.w punika inggih karsa anenulad, amastani adamel dinten utawi wulan taun, panganggitipun nalika yuswa 33 taun, taksih jumeneng wonten ing Mekkah, sareng yuswa 40 taun pindhah dhumateng nagari ing Madinah ing warsa Je jumeneng wonten nagari ing Madinah 25 taun seda, lajeng kasarekaken kadhaton ing Madinah.Amangsuli cariyos panganggitipun ing dinten wulan taun, sinangkalan : Tata pandhita gati (575)

Dinten 7 :

  • Ahad
  • Isnain
  • Salasa
  • Arbaa
  • Khamis
  • Jum’at
  • Sabtu

Taun 8 :

  • Wawu
  • Jimakhir
  • Alip
  • Ehe
  • Jimawal
  • Je
  • Dal
  • Be

Wulan 12 :

  • Sura
  • Sapar
  • Mulud
  • Rabi’ulawal
  • Rabi’ulakhir
  • Jumadilawal
  • Jumadilakhir
  • Rajab
  • Sa’ban
  • Ramadhan
  • Syawal
  • Dzulka’idah
  • Besar

Sumber : mastoni

ki-demang.com.